Anda di halaman 1dari 1

TEMA : LINGKUNGAN

Assalamualaikum warrohmatullohi wabarokatuh .


Dhumateng Bapak Kepala Sekolah ingkang kulo hormati
Dhumateng Bapak lan Ibu guru ingkang kulo hormati
Lan dhumateng rencang sedaya ingkang kulo tresnani

Hadirin ingkang kulo hormati

Monggo kita sesarengan njunjungake puja lan puji syukur marang Gusti ALLAH SWT amargi
sampun maringi berkah lan karunia. Saengga kita sedaya saget kumpul sesarengan dateng mriki
kanthi sehat wal afiat.

Kulo wonten mriki badhe ngaturaken pidhato menawi lingkumgan. Kaping pisan ingkang kita sedaya
perlu sadari lingkungan kuwi panggenan kangge kita sedaya nggantungaken urip, umat manungsa.
Amargi meniko kita sedaya kudu njaga lingkungan sae-sae supados bumi ngasilaken keuntungan
kangge kita sanes kerugian utawi bencana kangge kita. Nanging yen lingkungan mboten kita jaga sae-
sae bakal dados bencana.

Salah sawijining cara lingkungan mboten maringi bencana kangge kita yakuwi njaga kebersihan
lingkungan. Tegesipun kebersihan lingkungan ingkang salerese lingkungan kang layak kangge
dipanggoni manungsa lan kesehatan manungsa saget terjaga amarganipun menika kita sedaya kudu
njaga kebersihan lingkungan supados nyiptakaken urip ingkang layak lan sejahtera.

Hadirin ingkang kulo tresnani

Njaga kebersihan lingkungan yakuwi cara kang becik kangge nyegah penyakit-penyakit ingkang
ngintai ing musim udan. Njaga kebersihan lingkungan saget diwiwiti saking ngresiki griya kang kita
tresnani, ngresiki selokan , lan liyane. Kangge contoh kota Sidoarjo niku kota ingkang lingkungane
resik lan asri. Menawi kota kita resik tiang sanesipun mboten sungkan kangge nyontoh kebiasaan
becik masyarakat Sidoarjo ingkang sedaya. Kangge contoh male, sekolah SMPN 1 SIDOARJO niku
sekolah kang kesuwur kebersihane. Dampak positif sekolah kang resik yakuwi kagiyatan belajar
mengajar dados nyaman . Mulane kita minangka warga sekolah kudu njaga kebersihan lingkungan
sekolah supaya kagiyatan belajar mengajar ing sekolah kita dados nyaman.

Cekap sementen ingkang kula aturaken, mbok bilih wonten kenta-klentunipun kulo nyuwun
pangapunten.

Wassalamualaikum warahmatullohi wabarokatuh

NAMA : DIANA KHOLIDA

KELAS : IX – A

ABSEN : 9

Anda mungkin juga menyukai