PUPUH I //1// Mingkar mingkuring ukara/ akarana karenan mardi siwi/ sinawung resmining kidung/ sinuba sinukarta/ mrih kretarta pakartining ngelmu luhung/ kang tumrap ning tanah Jawa/ agama ageing aji// //2// Jinejer ing Wedhatama/ mrih tan kemba kembenganing pambudi/ mangka nadyan tuwa pikun/ yen tan mikani rasa/ yekti sepi sepa lir sepah asamun/ samangsane pasamuan/ gonyak- ganyuk nglelingsemi// //3// Nggugu karsaning priyangga/ nora nganggo peparah lamun angling/ lumuh ingaran balilu/ uger guru aleman/ nanging janma ingkang wus waspadeng semu/ sinamun samudana/ sesadoning adu manis// //4// Si Pengung nora nglegewa/ sangsayarda denira cacariwis/ ngandhar-andhar angendhukur/ kandhane nora kaprah/ saya elok alangka longkangipun/ Si Wasis waskitha ngalah, ngalingi marang Si Pengging// //5// Mangkono ngelmu kang nyata/ sanyatane mung weh reseping ati/ bungah ingaran cubluk/ sukeng tyas yen den ina/ nora kaya Si Punggung anggung gumunggung/ ugungan sadina-dina/ aja mangkono wong urip// //6// Uripa sepisan rusak/ nora mulur nalare ting saluwir/ kadi ta guwa kang sirung/ sinerang ing maruta/ gumarenggeng anggereng anggung gumrunggung/ pindha padhane si mudha/ prandene paksa kumaki// //7// Kikisane mung sapala/ palayune ngendelake yayah wibi/ bangkit tur bangsaning luhur/ lah iya ingkang rama/ balik sira sarawungan wae durung/ mring atine tata krama/ panganggo agama suci// //8// Socaning jiwangga nira/ jer ketara lamun pocapan pasthi/ lumuh asor kudu unggul/ sumengah sesongaran/ yen mangkono kena ingaran katungkul/ karem ing reh kaprawiran/ nora enak iku kaki// //9// Kekerane ngelmu karang/ kakarangan saking bangsaning ghaib/ iku boreh paminipun/ tan rumasuk ing jasad/ among aneng sajabaning daging kulup/ yen kepengkok pancabaya/ bebayane mbebayani// //10// Marma ing sabis-bisa/ bebasane muriha tyas basuki/ puruhita kang patut/ lan traping angga nira/ ana uga angger ugering kaprabun/ abon aboning panembah/ kang kambah ing siyang ratri// //11// Iku kaki takokana/ marang para sarjana kang martapi/ mring tapake tepa tulus/ kuwawa nahan hawa/ wruhanira mungguh sanjataning ngelmu/ tan mesthi neng janma wredha/ tuwin mudha sudra kaki// //12// Sapantuk wahyuning Allah/ gya dumilah mangulah ngelmu bangkit/ bangkit mikat reh mangkukut/ kukutaning jiwangga/ yen mangkono kena sinebut wong sepuh/ liring sepuh sepi hawa/ awas roroning atunggil// //13// Tan samar pamoring sukma/ sinukmaya winahya ing asepi/ sinimpen telenging kalbu/ pambukaning wahana/ tarlen saking liyep layaping ngaluyup/ pindha pesating supena/ sumusuping rasa jati// //14// Sejatine kang mangkana/ wus kakenan nugrahaning Hyang Widhi/ bali alaming ngasuwung/ tan kerem karameyan/ ingkang sipat wisesa winisesa wus/ mulih mula mulanira/ mulane wong anom sami//