Anda di halaman 1dari 1

SÊRAT WÉDHÅTÅMÅ

Anggitan: KGPH Mangkunêgårå IV


PUPUH I
//1// Mingkar mingkuring ukara/ akarana karenan mardi siwi/ sinawung resmining kidung/
sinuba sinukarta/ mrih kretarta pakartining ngelmu luhung/ kang tumrap ning tanah Jawa/
agama ageing aji//
//2// Jinejer ing Wedhatama/ mrih tan kemba kembenganing pambudi/ mangka nadyan tuwa
pikun/ yen tan mikani rasa/ yekti sepi sepa lir sepah asamun/ samangsane pasamuan/ gonyak-
ganyuk nglelingsemi//
//3// Nggugu karsaning priyangga/ nora nganggo peparah lamun angling/ lumuh ingaran
balilu/ uger guru aleman/ nanging janma ingkang wus waspadeng semu/ sinamun samudana/
sesadoning adu manis//
//4// Si Pengung nora nglegewa/ sangsayarda denira cacariwis/ ngandhar-andhar
angendhukur/ kandhane nora kaprah/ saya elok alangka longkangipun/ Si Wasis waskitha
ngalah, ngalingi marang Si Pengging//
//5// Mangkono ngelmu kang nyata/ sanyatane mung weh reseping ati/ bungah ingaran
cubluk/ sukeng tyas yen den ina/ nora kaya Si Punggung anggung gumunggung/ ugungan
sadina-dina/ aja mangkono wong urip//
//6// Uripa sepisan rusak/ nora mulur nalare ting saluwir/ kadi ta guwa kang sirung/ sinerang
ing maruta/ gumarenggeng anggereng anggung gumrunggung/ pindha padhane si mudha/
prandene paksa kumaki//
//7// Kikisane mung sapala/ palayune ngendelake yayah wibi/ bangkit tur bangsaning luhur/
lah iya ingkang rama/ balik sira sarawungan wae durung/ mring atine tata krama/ panganggo
agama suci//
//8// Socaning jiwangga nira/ jer ketara lamun pocapan pasthi/ lumuh asor kudu unggul/
sumengah sesongaran/ yen mangkono kena ingaran katungkul/ karem ing reh kaprawiran/
nora enak iku kaki//
//9// Kekerane ngelmu karang/ kakarangan saking bangsaning ghaib/ iku boreh paminipun/
tan rumasuk ing jasad/ among aneng sajabaning daging kulup/ yen kepengkok pancabaya/
bebayane mbebayani//
//10// Marma ing sabis-bisa/ bebasane muriha tyas basuki/ puruhita kang patut/ lan traping
angga nira/ ana uga angger ugering kaprabun/ abon aboning panembah/ kang kambah ing
siyang ratri//
//11// Iku kaki takokana/ marang para sarjana kang martapi/ mring tapake tepa tulus/ kuwawa
nahan hawa/ wruhanira mungguh sanjataning ngelmu/ tan mesthi neng janma wredha/ tuwin
mudha sudra kaki//
//12// Sapantuk wahyuning Allah/ gya dumilah mangulah ngelmu bangkit/ bangkit mikat reh
mangkukut/ kukutaning jiwangga/ yen mangkono kena sinebut wong sepuh/ liring sepuh sepi
hawa/ awas roroning atunggil//
//13// Tan samar pamoring sukma/ sinukmaya winahya ing asepi/ sinimpen telenging kalbu/
pambukaning wahana/ tarlen saking liyep layaping ngaluyup/ pindha pesating supena/
sumusuping rasa jati//
//14// Sejatine kang mangkana/ wus kakenan nugrahaning Hyang Widhi/ bali alaming
ngasuwung/ tan kerem karameyan/ ingkang sipat wisesa winisesa wus/ mulih mula mulanira/
mulane wong anom sami//

Anda mungkin juga menyukai