Anda di halaman 1dari 1

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Ingkang kawula kinurmati Bapak Kepala SMP 2 Cilacap, ingkang


kinurmatan dewan guru, komite sekolah, ingkang berbahagia wali murid lan
tamu undangan  saha rencang-rencang kelas 7,8,9 ingkang kawula tresnani.
Mangga langkung rumiyin kita sesarengan ngaturaken puja lan puji
syukur dhumateng Allah SWT ingkang sampun maringi kesehatan lan
keselamatan dhumateng kita sedaya, sahengga kita saged makempal pinanggih
ing acara perpisahan kelas 9 tahun ajaran 2012/2013, dinten Sabtu, 1 Juni 2013
ingkang enjang menika.
Nuwun sewu, kula kadhawuhan mewakili kelas 9 ingkang acara
perpisahan niki. Mbok bilih kula anggenipun pidato kathah tuna dungkanipun
kula nyuwun agunging samodra pangaksami, awit kula menika taksih adhapur
latihan.
Para rawuh ingkang kawula urmati, kula badhe ngaturaken maturnuwun
dhumateng Kepala Sekolah  ingkang sampun maringi sarana lan prasarana
ingkang cekap sehingga kita saged belajar kanti lancar. Mboten kesupen kula
ngaturaken matur nuwun kangge bapak,ibu guru lan warga sekolah ingkang
tumut membimbing, mengajar, lan memotivasi sehingga kita saged
ngrampungaken belajar  lan angsal ilmu-ilmu ingkang bermanfaat. Kangge
bapak ibu, matur nuwun kangge pengorbananipun ingkang sampun
nyekolahaken kita ngantos lulus teng SMP niki lan kawula sedaya nyuwun doa
restunipun kangge nglanjutaken teng sekolah  ingkang lewih inggil. Ingkang
kaping kalih, kula sedaya ngaturaken pangapunten kangge bapak,ibu guru
ingkang sering dados kecewa, nelangsa lan nesu amargi kekhilafan kita sedaya.
Kangge adik-adik kula kelas 7 lan 8, tetap semangat kangge belajar lan meraih
cita-citanipun.
Namun cekap semanten ingkang saged kula aturaken, mbok menawi
kathah atur tetembung ingkang mboten mranani penggalihipun. Kula nyuwun
pangapunten.
 
Wassalamu’alaikum Wr.Wb

Anda mungkin juga menyukai