Anda di halaman 1dari 2

‫السالم عليكم ورحمة هللا وبركاته‬

Alhamdulillah wasyukrulillah ‘ala ni’matillah amma ba’dah...

Hadrotal mukarrom/poro alim ulama’/sesepuh pinisepuh/wabil khusus/beliau

Ingkang kita derekaken fatwa-fatwaipun

Hadirin-hadirot rokhima kumullah

Monggo langkung rumiyin kito ngraos syukur ing ngerso dalem Allah SWT, ingkang sampun
maringi pinten-pinten kenikmatan, dummateng kito sedoyo, sahinggo kito saget muwajjahah
ing majelis ta’lim meniko, kanthi badan sehat, wal ‘afiat, mboten wonten alangan, setunggal
menopo.

Sholawat ma’assalam bi qouli ‫أللهم صلى على سيدنا محمد‬ semoga tetap tercurah ke pangkuan
nabi agung Muhammad SAW, ingkang kito ajeng-ajeng, syafaatipun, mbenjang ing dinten
qiamah. Aamiin..

Hadirin-hadirinrohimakumullah

Kaulo ing mriki, selaku pembawa acara, pramilo badhe kaulo aturaken, susunan acara, ing
meniko.

Sepindah pembukaan

Kaping kaleh waosan Al-Qur’an

Kaping tigo waosan al-berjanji

Kaping sekawan waosan Tahlil

Kaping gangsal sambutan

Kaping enem Mauidho hasanah

Kaping pitu Penutup do’a

Monggo acara ing meniko kito bika, kalehan waosan Ummul Kitab. Alaniyatissholihah Al
Fatihah

Matur nuwun. Acara saklajengipun, waosan Al-Qur’an, ingkang bade dipun waos teman
kami,...
Sumonggo

Matur nuwun. Acara saklajengipun, waosan Al-berjanji, dumateng teman kami, Laili
Saidatin, Najwa Nur Hidayati, Nafisa Arshela Putri, kaula sumanggakake.

Matur nuwun. Acara saklajengipun, waosan Tahlil, dumateng teman kami, Laili Saidatin dan
Najwa Nur Hidayati kaula sumanggakaken.

Matur nuwun. Acara saklajengipun, sambutan ingkang badhe, kaaturaken


panjenenganipun....

Matur nuwun. Acara saklajengipun, Mauidho Hasanah ingkang badhe pun aturaken,
panjenenganipun ustadz Abdul Hafidz. Sumonggo...

Matur nuwun. Mugi kanthi Mauidho hasanah kalawau, saget manfaat, barokah lan
mbarokahi, dumateng kito sedoyo. Aamiin...

Acara saklajengipun penutup. Kanggo kaulo pribadi mbok bilih wonten klenta klentune atur,
nyuwun agunging pangapunten.

Akhirul kalam

‫والسالم عليكم ورحمة هللا وبركاته‬

Anda mungkin juga menyukai