Anda di halaman 1dari 2

Pacelathon Basa Jawa

(Aku telfon kancaku, Wawan arep nyilih buku kanggo sinau )


Aku : Assalamualaikum wr.wb.
Wawan : Wassalamualaikum wr.wb. Ana opo kok telpon?
Aku : Aku arep nyilih buku soal kanggo sinau.
Wawam : Iyo sek tak golekne lek enek engko tak omongi.
Aku : Iyo. Suwun.
Wawan : Iyo.

Simbah : Le, sing sregep, ya anggonmu sinau. Aku mung bisa ndedonga, muga-muga
olehmu sinau lancer. Ing tembe mburine bisa dadi wong pinter, utama, lan bisa makarya.
Aku : Inggih, mbah. Mugi-mugi mekanten. Boten sanes ingkang wayah tansah
nyuwun berkah saha nyuwun pangestu.
Simbah : Lha, cita-citamu kepriye? Koe pengen dadi apa?
Aku : Menawi saged kula kepingin dados teknik sipil.
Simbah : Wah, apik kuwi. Muga-muga cita-citamu bisa kesembadan. Kuwi lo nduk,
idham-idhamane anakmu lanang, mestine koe rak, ya bisa ngragadi, tha?
Ibu : Dipunpangestoni kemawon, mugi- mugi Gusti Alaah tansah paring berkah.
Simbah : Iya dak rewangi nyenyuwun muga- muga bisa kelaksanaan kang dadi cita-
citane.
(Budhe dugi)
Budhe : Assalamaualaikum
Ibu : Walaikumsalam. Oalah, ana apa? Kok ora kandha dhisik yen arep teko?
Budhe : Aku mung sedehela ing kene. Mung arep kandha yen ing daleme Bu Tatik
kui ana tasyakuran gawe ibu-ibu. Kowe melu opo ora?
Ibu : Melu.
(Ibu tindak menyang daleme Bu Tatik, ing dalan ibu ketemu bu RT)
Ibu RT : Sugeng enjang bu, badhe kesah pundi?
Ibu : Kula bade tindak menyang griyanipun Bu Tatik.
Ibu RT : Mangga ndereaken yen bade kesah dateng Bu Tatik.
Ibu : Matur Nuwun.
Katrangan
Aku – Wawan= Ngoko ( sapadha-padha wis kulina)
Aku- simbah= Krama alus (wong enom marang wong tuwa)
Ibu-budhe=Ngoko alus (Sedulur enom marang sedulur tuwa)
Ibu-bu RT= Krama (wong tua marang wong enom nangin kalah pangkat)

Anda mungkin juga menyukai