Anda di halaman 1dari 1

GEREJA KRISTEN JAWA WATES

Jalan Bhayangkara No. 3 Terbah, Wates, Kulon Progo

PAWARTOS PASAMUWAN MINGGU, 10 Oktober 2021

Pradataning Pasamuwan Gereja Kristen Jawa Wates, kepareng ngaturaken sugeng enjang tumraping sedaya warganing
pasamuwan.
Sakderengipun pangibadah kawiwitan kepareng pradataning pasamuwan badhe ngaturaken pawartosing pasamuwan
GKJ Wates, ingkang makaten:

1. Rangkaian Kegiatan Wulan Brayat GKJ Wates


Komisi HBK GKJ Wates badhe nindakaken kegiatan pendukung ing salebeting wulan brayat inggih punika:
a) Sarasehan wulan brayat
Sarasehan wulan brayat badhe katindakaken wonten ing Selasa, 19 Oktober 2021 tabuh 19.00 WIB
lumantar online (zoom lan live streaming). Sarasehan kanthi tema: “Njagi Karukunaning Brayat ing
Satengahing Pandemi”, ingkang badhe kapimpin dening Pdt. DR. Asnath Niwa Natar, M.Th. Kasuwun
sedaya brayat ing GKJ Wates saged ndherek sarasehan punika.
b) Lomba-lomba.
Kangge ngregengaken wulan brayat ugi badhe katindakaken lomba cover lagu/lomba nyanyi lagu “Ku CInta
Keluarga Tuhan” lan lomba Tik-Tok keluarga. Panduan magepokan lomba badhe kawartosaken lumantar
wa grup komunitas warga pasamuwan GKJ Wates. Kasuwun sedaya brayat ing GKJ Wates saged ndherek
lomba-lomba punika.

2. Peladosan Pemberkatan Nikah


Pradataning pasamuwan badhe ngladosaken pemberkatan nikah tumraping Sdr. Cendy Sukma Triananda putra
Bpk/Ibu Ribut Prapto Susilo (wilayah 6) kalihan Sdri. Flavia Paretha Yannanda, putri putri Bpk/Ibu Martinus Sri
Hudiyanto. Pemberkatan nikah badhe katindakaken wonten ing:
Dinten, tanggal : Sabtu, 16 Oktober 2021
Wekdal : 16.00 WIB
Mapan : GKJ Wates
Kasuwun panyengkuyung pandonga saking sedaya warganing pasamuwan.

3. Pelatihan Keyboard
Komisi Musik GKJ Wates badhe ngawontenaken pelatihan/gegladhen keyboard tumraping warganing pasamuwan.
Gegladhen badhe katindakaken wiwit wulan November dumugi Desember 2021, mapan wonten ing gedung GKJ
Wates kanthi pelatih drh. Hendra Simanjuntak. Jumlah peserta latih 4 tiyang. Peserta latih remaja utawi pemuda,
anggadahi keyboard, lan mbenjangipun sumadya ngladosi dados pengiring wonten ing GKJ Wates. Tumraping
warganing pasamuwan ingkang badhe ndherek gegladhen kasuwun ndaftar lumantar Ibu Wulan Proklamawati
(0882-3844-1567) paling lambat 28 Oktober 2021.

Mekaten pawartosing pasamuwan Minggu, 10 Oktober 2021. Awit kawigatosan sedaya warga pasamuwan kaaturaken
pamaturnuwun.

Anda mungkin juga menyukai