Anda di halaman 1dari 1

PIDATO BAHASA JAWA TENTANG LINGKUNGAN

Assalamu'alaikum Wr. Wb.

Para bapak, para ibu guru ingkang dahat kinurmatan lan rencang rencang ingkang kawula
tresnani. Langkung rumiyin sumangga sesarengan ngujukaken puji syukur wonten ngarsanipun
gusti ingkang murbeng dumadi, ingkang sampun paring rahmat lan hidayah, saengga kita saged
makempal ing mriki.

Kenapa sarto salam mugi katetepna dhumateng nabi muhammad sholallohualaihi wassalam,
lan sedaya umatipun dumugi akhir zaman samangkih amin.

ing dinten punika kawula badhe ngaturaken sesorah babagan "Njagi Lingkungan Sekolah.

Rencang-rencang, mengertoso yen lingkungan punika papan gesang kagem sedaya titah
gesang. Mila saking punika, kita kedhah njagi lestari lingkungan kita supados kita saged gesang
kanthi tentrem. Salah satunggalipun cara njagi lestari lingkungan inggih punika karesikan, njagi
karesikan lingkungan saged diwiwiti saking perkawis-perkawis ingkang alit. Ananging katinggal
awrat sanget dipun lampahi. Umpaminipun mbucal runtah ing pangggenanipun. Sak punika
kesadaran kagem njagi karesikan ing lingkungan kita minangka murid taksih kirang sanget.

Dipun tingali saking lingkungan sekolah kita ingkang taksih wonten runtah-runtah ingkang
sumebar, duka punika runtah plastik daharan lan plastik unjukan utawikertas. Kamangka
panggenan runtah ingkang dipun cawisaken sekolah sampun nyekapi, Ing saben-saben pojok
sekolah wonten panggenan runtah. Nanging mboten wonten panggenanipun saking kita kangge
mbucal runtah wonten panggenanipun minangka wujud njagi karesikan lingkungan sekolah
kita.

Kejawi mbucal nuntah ing panggenanipun, kita ugi saged nglampahi piket kelas minangka lelaku
njagi karesikan. Mekaten sesorah ingkang saged kawula haturaken. Nyuwun pangapunten
menawi wonteng klenta klentu nipun atur kawula. Saking kawigatosanipun kawula ngaturaken
matur sembah nuwun.

Wassalamu'alaikum Wr. Wb

Anda mungkin juga menyukai