Anda di halaman 1dari 1

MI.

AL IRSYAD AL ISLAMIYYAH
MATERI BAHASA DAERAH KELAS II
TAHUN PELAJARAN 2021/2022

Nama :__________________ Kelas : _______ No. Absen: ______

GLADHEN 2
Tamtokna struktur teks buku hariane Nina ing ngisor iki!

Jum’at, 11 Februari 2022

Dina iki kelasku ana kagiyatan “Jumat Bersih”. Siswa putra kebagean
tugas reresik taman lan plataran sekolah. Wondene siswa putri kebagean tugas
reresik ruang kelas.

Ngendikane Bu Ani wali kelasku, kelas kudu asring diresiki. Yen kelase
resik ndadekake sehat lan nyaman kanggo pasinaon. Aku lan kanca-kancaku
putri nyapu lan ngepel kelas. Aku njupuk ember isi banyu, takwenehi obat pel
lan pewangi.

Nalika ngepel kelas jubine isih lunyu, dumadakan aku kepleset. Aku tiba
ing jubin kelas, banjur ditulungi Siti lan Novi. Tanganku kesleo, aku banjur
dipapah mlaku menyang UKS. Bu Ani nambani tanganku kanthi kebak tresna
asih. Bu Ani iku wali kelas kang gati karo murid-muride. Mulane kabeh siswa
kelas loro tansah manut marang dhawuhe.

Kadadean
_________________________________________________________

Struktur Teks Buku Harian

Rasa Pangrasa
________________________________________________________

Panemu Pribadi

Anda mungkin juga menyukai