Ati rasané trenyuh, weruh kota merah-meruh kaya klambi ora tau déwasuh, lusuh kaya susuh embuh, dénéng koh ora ana sing aruh-aruh weruh kota merah- meruh, atiné dadi kesuh apa énggané wis langka panggonan nggo lebuh.
Neng kota runtah njeprah mambrah-mambrah saben
dina ora suda, malah terus tambah ora tuwa ora bocah, ora babah ora nyonyah man Sariman, yu Sarinah karo mbok Siah mung mecucu, jéré pemréntah sing salah
Mbok aja padha nggolét sapa sing salah aja ngenténi
ndadak nganggo dépréntah mayuh gemregah, kit bocah gutul sim bah sikil jemangkah tangan obah, uteké polah milih, milah, déolah, runtah dadi rupiah
Runtah déolah dadi rabuk tanduran saka sayuran,
who-wohan lan pethetan saben soré désapu ilang kabéh kotoran élinga, keresikan sebagian saka iman
Runtah plastik déwalik dadi migunani bisa mbantu
kebutuhan ékonomi ora kétang mung uyah karo trasi Sukur kena nggo tuku angkot karo taksi Angger runtah wis ilang Kotané padhang jingglang énak angger désawang Kaya wong wis ora duwé utang