Anda di halaman 1dari 3

SOAL PENILAIAN HARIAN

SDN KEPATIHAN 05 JEMBER


Tahun Pelajaran 2022/2023

BAHASA JAWA

A. Pilihan Ganda
Wanehana Tanda Ping (X) Ing Aksara a, b, c, utawa d sing dianggep bener!
Wacanen cerita ing ngisor iki!
Mudik Lebaran
Saben tahun nyedaki dina riaya Idul Fitri, akeh wong sing bali ing kota kelahirane dewe-dewe
saka perantauane. Pada bali kepengen ketemu karo keluargane dewe-dewe. Kegiatan kaya ngono kui
iku istilahe diarani mudik. Wong-wong pada mudik gunakake piranti transportasi apa bae, saka
montor, bus, kereta, kapal utawa montol mabur. Saking akehe wong seng pada mudik, dalan-dalan
pada macet. Apa meneh pas wes nyedaki dina riaya kurang seminggu. Akeh wong sing mudik asale
saka kutha-kutha gede, kaya Jakarta, Surabaya, Bandung, Semarang lan lia-liane. Dina riaya Idul Fitri
bisa dadi wektu sing pas kanggo kumpul karo keluargane dewe-dewe, ing wektu iku biasane wong-
wong sing pada kerja oleh liburan rada suwe. Dadi iso dimanfaatke kanggo silaturrahim mbi kabeh
keluargane sing ana desa-desa.
1. Apa irah-irahan cerita ing dhuwur?
a. Lebaran b. Mudik c. Mudik Lebaran d. Riaya Idul Fitri
2. Kang kalebu alat transportasi kanggo mudik, kejaba ….
a. Becak b. Montor c. Kapal d. Kereta
3. Apa tujuane wong-wong pada mudik?
a. Kepengen dodolan nang desane c. Kepengen silaturrahim karo keluargane
b. Kepengen liburan pas wektu Idul Fitri d. Kepengen numpak montor mabur
4. Kenapa nyedaki wektu Idul Fitri dalan-dalan gedhe pada macet?
a. Amarga akeh wong kang liburan c. Amarga akeh wong kang padha mudik
b. Amarga akeh wong kang dodolan d. Amarga akeh wong kang luru keluargane
5. Ing ngendi tujuane wong-wong padha mudik iku?
a. Ing panggonan liburan c. Ing dalan-dalan
b. Ing panggon kerjane d. Ing kutha kelahirane
6. Perange Pandhawa lan Kurawa yaiku arane ….
a. Ramayana b. Baratayuda c. Baratayana d. Dhawakura
7. Prabu Dewatacengkar iku ratu ing ….
a. Ngastina b. Madukara c. Medhangkamulan d. Jodhipati
8. Budi lagi lara demam, wonge krasa cenut-cenut.
Sing cenut-cenut yaiku ….
a. Pundhake b. Bathuke c. Wetenge d. Sikile
9. Piranti kanggo babat suket lan pari yaiku ….
a. Pacul b. Parang c. Kampak d. Arit
10. Bengi iki rembulane katon bunder. Langite dadi katon padang ….
a. Jluwang b. Njingglang c. Dluwang d. Abang
11. Sirahe Pak Darman gundhul tanpa ….
a. Topi b. Wulu c. Rambut d. Buntut
12. Kencur, jahe, kunyit iku kalebu tanduran ….
a. Palawija b. Empon-empon c. Palagumantung d. Palakesimpar
13. Penggaweane – sopir – dados – Heri – sakniki
Urutan tembung-tembung kang bener yaiku ….
a. Penggaweane sopir sakniki dados Heri c. Dados Heri penggaweane sakniki sopir
b. Heri dados sopir penggaweane sakniki d. Heri sakniki penggweane dados sopir
14. Pakdhe uwis ngombe banyune
Yen dikramake dadi ….
a. Pakdhe sampun ngombe banyunipun c. Pakdhe sampun mundut yatranipun
b. Pakdhe sampun ngunjuk toyanipun d. Pakdhe sampun nyambut yatranipun
15. Pak Danu wes wegah ngomongi Adi, amerga Adi kui bocah sing kaku atine.
Kaku atine iku artine ….
a. Gampang nesu b. Angel dikandani c. Seneng bantah d. Ora gelem ngomong

B. Essay
Jawaben Pitakon-pitakon Ing Ngisor Iki Kanthi Bener!
1. Sopo bae jeneng – jeneng Punakawan iku ….
2. Arane ….

3. Putra Dewi Madrim iku kembar jejuluk ………. Lan ……….


4. Golekana tembung kang pada tegese karo tembung ing ngisor iki!
a. Seneng
b. Kanca
5. Ukara ing ngisor iki dadekna krama alus!
a. Apa kowe wes mangan segane, Pak?
b. Pie kabare bapak mbi ibu nang omah saiki?
KUNCI JAWABAN

A.    Pilihan Ganda

1. c. Mudik Lebaran


2. a. Becak
3. c. Kepengen silaturrahim karo keluargane
4. c. Amarga akeh wong kang padha mudik
5. d. Ing kutha kelahirane
6. b. Baratayuda
7. c. Medhangkamulan
8. b. Bathuke
9. d. Arit
10. b. Njingglang
11. c. Rambut
12. b. Empon-empon
13. d. Pak Heri sakniki penggweane dados sopir
14. b. Mbah kakung sampun ngunjuk toyanipun
15. b. Angel dikandani

B. Essay

1. Semar, Gareng, Petruk, dan Bagong


2. Kendhang
3. nakula dan Sadewa
4. Kalimat Senang
kalimat Kanca
5. Punapa panjenengan sampun ndhahar sekulanipun, Pak?

Piye warta rama mbi ibu wonten dalem sakmenika?

Anda mungkin juga menyukai