Anda di halaman 1dari 4

PEMERINTAH KABUPATEN NGANJUK

DINAS PENDIDIKAN
GUGUS SEKOLAH 05 KECAMATAN NGRONGGOT
Sekretariat : SDN 1 Banjarsari
Jl. Raya Banjarsari – Kertosono Ds. Banjarsari Kec. Ngronggot Kab. Nganjuk

PENILAIAN TENGAH SEMESTER 2 TINGKAT SD


TAHUN PELAJARAN 2021 / 2022
Tanda Tangan Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Nama :
NILAI Hari/Tanggal : Selasa, 08 Maret 2022
Wali Murid Nomor :
Kelas : III ( Tiga )
Waktu : 09.30 - 10.30 WIB Sekolah :

Isenana titik-titik ing ngisor iki!


1. Tembung sing nerangake barang yaiku tembung ....
2. Tembung sing nerangake tumindak utawa nerangake pegawean yaiku tembung ....
3. Tembung meja, buku, lemari iku kalebu jenise tembung ....
4. Nulis, nggambar, maca iku kalebu jenise tembung ....
5. Ukara sing isine menehi katerangan utawa informasi ngenani sawijine bab yaiku
ukara ....
6. Ukara sing isine takon marang wong liya ngenani samubarang yaiku ukara ....
7. Tembung pitakon Sapa, digunakake kanggo nakokake ....
8. Tembung Ing ngendi, digunakake kanggo nakokake ....
9. Kanggo nakokake wektu, nggunakake tembung pitakon ....
10.Tandha pawacan sing digunakake ing ukara pitakon yaiku tandha ....
11..... regane tasmu? Tembung pitakon sing bener yaiku ....
12..... jenenge adikmu? Tembung pitakon sing bener yaiku ....
13..... carane supaya ora telat sekolah? Tembung pitakon sing bener yaiku ....
14.Kanggo nakokake sebab-sebabe utawa apa jalarane, nggunakake tembung pitakon ....
15.Ukara sing isine mrentah utawa ngongkon wong liya yaiku ukara ....
16.Tandha pawacan sing digunakake ing ukara prentah utawa ukara pakon yaiku
tandha ....
17.Bukune simpenen neng njero tasku! Ukara iku kalebu jenise ukara....
18.Buku sing kok pilih rapane apa? Ukara iku kalebu jenise ukara ....
19.Ibu masak sayur ing pawon. Ukara iku nggunakake katrangan ....
20.Bapak maos koran ing ruang tamu. Wasesane ukara iku yaiku ....
21.Adik mangan sate. Jejere ukara iku yaiku ....
22.Ratna nyapu latar saben isuk. Ukara iku nggunakake katrangan ....
23.Tembang/lelagon sing lumrahe ditembangake bocah-bocah nalika dolanan yaiku
tembang ....
24.Lelagon dolanan kuwi lumrahe ditembangake sinambi ....
25.Gundhul-gundhul pacul-cul .... , isine titik-titik iku sing bener yaiku ....
26.Cublak-cublak suweng, suwenge ting .... , isine titik-titik iku sing bener yaiku ....
27.Aksara jawa cacahe ana ....

28. yen ditulis latin dadi ....

29. yen di tulis latin dadi ....

30. yen ditulis latin dadi ....

Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki!

Lir ilir

Lir ilir lir ilir tandure wis sumilir tak ijo royo royo
Tak sengguh panganten anyar
Cah angon cah angon penekna blimbing kuwi
Lunyu lunyu penekna kanggo mbasuh dodotira
Dodotira dodotira kumintir bedah ing pinggir
Dondomana jrumatana kanggo seba mengko sore
Mumpung padang rembulane mumpung jembar kalangane
Sun suraka surak hiyo
(Kanggo soal nomor 31-34)

31.Apa irah-irahane tembang ing nduwur?


Wangsulan:
32.Kepriye tandure?
Wangsulan:
33.Sapa sing menek blimbing?
Wangsulan:
34.Tembang lir ilir kalebu tembang apa?
Wangsulan:
35.Gawea 3 tuladhane tembung kriya!
Wangsulan:
36.Gawea ukara pitakon nganggo tembung kapan!
Wangsulan:
37.Gawea ukara prentah utawa ukara pakon!
Wangsulan:
38.Wingi sore aku tuku sega goreng.
Ukara iku golekana jejer, wasesa, lesan lan katrangane!
Wangsulan:
39.Tuku sate.
Tulisen nganggo aksara jawa!
Wangsulan:
40.Maca buku.
Tulisen nganggo aksara jawa!
Wangsulan:
Kunci jawaban

1. Aran 16.Seru (!)


2. Kriya 17.Prentah/pakon
3. Aran 18.Pitakon
4. Kriya 19.Panggonan
5. Andharan 20.Maos
6. Pitakon 21.Adik
7. Wong utawa jenenge wong 22.Wektu
8. Papan panggonan 23.Dolanan
9. Kapan 24.Dolanan
10.Pitakon (?) 25.Gembelengan
11.Pira 26.Gelenter
12.Sapa 27.20
13.Kepriye 28.Jaya
14.Geneya 29.Cara
15.Prentah/pakon 30.Mata

31.Lir-ilir
32.Wis sumilir, ijo royo-royo
33.Cah angon
34.Dolanan
35.Nyapu, mangan, nyiram, adus, (kebijakan guru)
36.Kapan muleh?, kapan budal sekolah? (kebijakan guru)
37.Tutupen bukune!, jupukno tasku! (kebijakan guru)
38.Jejer: aku, wasesa: tuku, lesan: sega goreng, katrangan: wingi sore
39.

40.

Anda mungkin juga menyukai