Anda di halaman 1dari 7

Bahasa Jawa Pasinaon 2 KEPAHLAWANAN

A. Ki Hajar Dewantara
1. Ki Hajar Dewantara iku wiyose tanggal 2 Mei
2. Jenenge nalika isih timur yaiku R.M. Suwardi Suryaningrat
3. Ki Hajar Dewantara iku wayahe Sri Paku Alam III
4. Tanggal 23 Februari 1928 ing yuswa 40 asmane ganti dadi Ki Hajar Dewantara amarga asma kuwi
ana gegayutane karo sipate R.M.Suwardi Suryaningrat kang tansah kepenging cedhak lan rumaket
marang kawula cilik.
5. Ing jaman penjajahan Walanda ,Ki Hajar Dewantara kerep gawe ngeger walanda ,mula kerep
dilebokake ana ing pakunjaran amarga dianggep mbebayani walanada
6. Ki Hajar Dewantara kuwi berjuang liwat tulisan lan politik
7. Ing sauntara wektu perjuangan Ki Hajar Dewantara ngalih dalan ing pendidikan
8. Tanggal 3 Juli 1922 Ki Hajar Dewantara ngadekake sekolah yaikuSekolah Taman Siswa
9. Amarga saka perjuangane mula pemerintah netepke tanggal 2 Mei minangka Hari Pendidikan
Nasional (Hardiknas)

B. Pangeran Diponegoro
1. Pangeran Diponegoro putrane Sri Sultan Hamengkubwono III lan RA Mangkarawati.
2. Pangeran Diponegoro miyos / lair ing tanggal 11 November 1785.
3. Asmane cilik Pangeran Diponegoro yaiku RM Antawirya.
4. Wiwit cilik Pangeran Diponegoro ora seneng karo bangsa Landa.
5. Nalika Landa arep gawe dalan, nrabas wilayah Tegalerja, Pangeran Diponegoro duka. Amarga
Tegalreja kuwi daleme (rumah) eyang buyute, yaiku Ratu Ageng Tegalrejo.
6. Sing nyengkuyung (mendukung) Pangeran Diponegoro yaiku pamane sing jenenge Pangeran
Mangkubumi.
7. Pangeran Diponegoro gawe markas ing Guwa Selarong.
8. Perang Diponegoro dumadi (terjadi) ing taun 1825 -1830.
9. Taun 1829, Kyai Maja, Pangeran Mangkubumi lan Pangima Perang Sentot Alibasyah kapikut
(tertangkap) dening Landa.
10. Akhire / pungkasane, 28 Maret 1830 pangeran Diponegoro kapikut lan dibuwang menyang
Manado.
11. Taun 1834 Pangeran Diponegoro dipindah menyang Makasar, Sulawesi Selatan, nganti sedane
(meninggal) ing tanggal 8 Januari 1855.
12. Sawise Pangeran Diponegoro kapikut, perang diterusake dening putrane yaiku Pangeran Alip,
Diponingrat, Diponegoro Anom, lan Pangeran Joned.
13. Pangeran Alip lan Pangeran Joned tewas ing palagan.
14. Pangeran liyane kapikut lan dibuwang menyang Ambon.
15. Kanggo ngurmati perjuwangane, Pangeran Diponegoro didadekake pahlawan nasional. Asmane
kanggo jeneng dalan, universitas lan Kodam Diponegoro, uga kacithak ing dhuwit rupiah.
16. Nalika dibuwang ing Manado taun 1832 – 1833, Pangeran Diponegoro nyerat (menulis) “Babad
Diponegoro” sing muat kedadean perjuangan “Babad Diponegoro”.

C. Panglima Besar Jendral Sudirman


1. Jendral Soedirman aktif ing organisasi sekolah lan masyarakat.
2. Taun 1936 Soedirman mulang (mengajar) ing SD Muhammadiyah ing Cilacap.
3. Taun 1944 Soedirman mlebu tentara Pembela Tanag Air (PETA) ing Bogor.
4. Sawise lulus PETA, Soedirman dadi komandan Batalyon ing Kroya, Banyumas.
5. Sawise Proklamasi Kamardikan 17 Agustustus 1945, Soedirman ngedegake Cabang Badan
Keamanan akyat (BKR) ing Banyumas.
6. Pasukane Soedirman kasil meksa prajurit Jepang masrahake senjata. Soedirman diangkat dadi
Panglima Banyumas, kanthi Pangkat Kolonel.
7. Oktober 1945, Soedirman kasil ngusir tentara Inggris saka Ambarawa.
8. Tanggal 12 Nopember 1945 Kolonel Soedirman diangkat dadi Panglima Besar TKR
9. Taun 1949 Jendral Soedirman mimpin perang gerilya kanthi ditandu amarga gerah TBC lan paru-
parune kari siji.
10. Saka alas Sobo ing Gunung Lawu, Jendral Soedirman mimpin Serangan Umum1 Maret 1949.
11. Nalika mimpin Serangan Umum, sing dadi komandan lapangan yaiku Kolonel Soeharto.
12. Pungkasane, 7 Mei 1949, ing Perjanjian Roem-Royen, Landa kasil diusir saka Yogya.
13. Tanggal 29 Januari, Pangima Besar Soedirman seda ing Magelang lan disarekake ing Taman
Makam Pahlawan Semaki, Yogyakarta.
14. Jendral Soedirman didadekake Pahlawan Nasional Indonesia.
15. Asmane dadi jeneng dalan lan jeneng universitas ing Purwakarta.(Unsoed = Universitas Jendral
Soedirman).

No basa ngoko basa krama basa Indo.


1 jeneng / aran asma . Nami nama
2 jenenge asmanipun namanya
3 nesu duka marah
4 omah dalem rumah
5 simbah kakung eyang kakung kakek
6 simbah putri eyang putri nenek
7 disengkuyung dipunsengkuyung didukung
8 ngerigake ngerigaken mengerahkan
9 pungkasane pungkasanipun akhirnya
10 matine sedanipun wafatnya
11 tiwas seda mati
12 nulis nyerat menulis
13 anake putranipun anaknya
14 sapa sinten siapa
15 pira pinten berapa
16 apa punapa apa
17 ana ngendi wonten pundi ada dimana
18 kepriye kados pundi bagaimana
19 amarga amargi karena
20 sing ingkang yang
21 jalarane jalaranipun sebabnya
22 seneng remen senang
23 ora mboten tidak
24 marang / karo kaliyan dengan
25 nerusake nerasaken meneruskan
26 sawise saksampunipun sesudahnya

No basa ngoko basa krama basa Indo.


27 bae kemawon Saja
28 ing wonten ing ada di
29 arane aranipun Sebutannya
30 diserat dipunserat ditulis
31 karo dening oleh
32 isine isinipun isinya
33 nemtokake nemtokaken menentukan
33 ibune ibunipun ibunya
34 lair miyos lahir
35 cilik alit kecil
36 buyute buyutipun buyutnya
37 ngedeke ngedekaken mendirikan
38 dibuwang dipunbucal dibuang / diasingkan
39 menyang dhateng ke
40 iku punika itu

Bahasa Jawa Pasinaon 3 GOTONG ROYONG

1. Gotong royong iku budaya nyambut gawe bebarengan


2. Gotong royomg iku gede paedahe yaiku pagweyan dadi entheng, asile bisa luwih apik, gaweyan luwih
cepet rampung .
3. Ana aneka warna jenise tembang, kayata : tembang macapat, campursari, langgam, keroncong, lan
uga tembang dolanan.
4. Nalika nembang lagu dolanan, awake dewe bisa nembang sinambi dolanan.
5. Saben embang dolanan duwe tema, kayata : tema nyambut gawe bebarengan, pendidikan, kesehatan,
lingkungan, lan sapanunggalane.
6. Tuladha tembang dolanan yaiku :
a. Cublak – Cublak Suweng
b. Suwe Ora Jamu
c. Jaranan
d. Ilir - Ilir
e. Jago Kate
f. Dingklik Oglak Aglik
7. Tembang “Jaranan” bakal gayeng ditembangake sinambi jogedan lan diperagakake nggunakake
numpak jaran kepang.
8. Nembang dolanan bisa ditindakake dhewekan utawa bebarengan.
9. Isining tembang dolanan “Wayah Esuk” yaiku :

Pitutur luhur kang iso dijupuk saka tembang iku yaiku :


a. Kudu seneng tangi esuk
b. Kudu semangat anggone makarya utawa sekolah
c. Kudu tansah bersyukur marang Gusti
10. Tembung Pitakon :
a. Apa kanggo nakokake barang/ peristiwa/Kedadean
b. Sapa kanggo nakokake asma/ paraga /tokoh ing crita
c. Pira kanggo nakokake cacahe barang
d. Kepriye kanggo nakokake kahanan / cara
e. Ana ngendi kanggo nakokake papan panggonan
f. Ngapa / kenangapa kanggo nakokake sebab/ jalarane kedadean
g. Kapan kanggo nakokake wektu
11. Isining tembang dolanan “Padha Rukun” yaiku :
a. Kabeh padha rukun gotong royong nyambut gawe
b. Nata ruwangan kelas kanti rampung
c. Ruwangan disapu kanthi resik
d. Bangku ditata kanthi rapi
e. Rukun gotong royong nyambut gawe gawe cepet rampung nyambut gawe.
Pitutur luhur kang iso dijupuk saka tembang iku yaiku :
a. Urip rukun kuwi apik banget rumbrape bebrayan
b. Nyambut gawe kanthi gotong royong akeh paedahe
c. Gotong royong ndadekake pagaweyan enggal paripurna

no ngoko krama no ngoko krama


1 apa punapa 16 saliyane saliyanipun
2 irah-irahane iraha-irahanipun 17 diparingake sdipun paringaken
3 ndhuwur nginggil 18 wajibku wajib kula
4 iku punika 19 kudu kedah
5 kapan mbenjang punapa 20 taktindakake kula tindakaken
6 aku kula 21 kanggo kangge / kagem
7 diopeni dipun openi 22 wajibe wajibipun
8 wong tuwa tiyang sepuh 23 anak lare
9 sapa sinten 24 bayine bayinipun
10 sing ingkang 25 lelabuhane lelabuhanipun
11 nganti ngantos 26 anake larenipun
12 kepriye kados pundi 27 nyritakake nyriyosaken
13 tangkepe tangkepipun 28 marang dumateng
14 anggone anggenipun 29 batin batos
15 disangoni dipun sangoni 30 pangane panganipun
Bahasa Jawa Pasinaon 4 PENDIDIKAN

1. Asal usule aksara Jawa

2. Aksara Jawa Legena cacahe ana 20.

3. Aksara Jawa sing durung oleh pasangan diarani aksara Jawa Legena.
4. Ing patemon iki, bakal nyinau aksara Jawa Legena 10 wae, wiwit aksara ha nganti la,yaiku :
a. Aksara Jawa Legena :
Aksara latine :

b. Aksara Jawa Legena :


Aksara latine :
5. Tuladha

Anda mungkin juga menyukai