Anda di halaman 1dari 13

1

TuntunanJroningTontonan

1. Identitas
a. Nama Mata Pelajaran : Bahasa Daerah (Jawa)
b. Semester : 4 (Empat)
c. Kompetensi Dasar : 3.4 – 4.4

3.1 Mengidentifikasi, memahami, dan menganalisis teks drama,


prosaataupuisisesuaikaidah.
4.1 Menginterpretasi, menanggapi dan memperagakan teks drama, puisi, dan
prosasesuaiisidenganbahasa yang komunikatif.

d. MateriPokok : Menganalsis Teks Drama


e. Alokasi Waktu : 2 JP x 6 Pertemuan
f. TujuanPembelajaran:

Melaluidiskusi, tanyajawab, penugasan, presentasi dan analisis,


pesertadidikdiharapkandapatmengidentifikasi dan menganalsisstruktur
teks drama, menganalisis unsur kebahasaan, pesan moral dan relevansi isi
teks dramasehinggapesertadidikdapatmenghayati dan
mengamalkanajaran agama yang dianutnya, mengembangkansikapjujur,
peduli, dan bertanggungjawab,
sertadapatmengembangankankemampuanberpikirkritis,
berkomunikasi, berkolaborasi, dan berkreasi(4C).

g. MateriPembelajaran
o Lihatdan baca pada Buku Teks Pelajaran (BTP):Sukendro, D.P. dan
Susanti, T.W., 2014, Wiyata Basa kanggo SMA/SMK/MA Kelas XI,
Bandung: Penerbit Duta, hal 26-37.
o SASTRI BASA kelas XI SMA, Santoso Rahmat, dkk, Penerbit: Dinas Pendidikan
Provinsi Jawa Timur kaca: 23 s/d 40

2. Peta Konsep
Struktur

Unsur Kebahasaan
Teks Drama
Pesan Moral

Relevansi

BJW-3.4/4.4/4/4-4
2

3. KegiatanPembelajaran
a. Pambuka
Minangka salah sijine asil kasusastran, lumgrahe kajaba kanggo nglipur
teks drama uga mujudake srana kanggo tuntunan. Akeh bab wigati kang bisa
kapethik saka teks drama. Sadurunge nyinaoni materi iki, luwih dhisik wangsulana
pitakon- pitakon ing ngisor iki!

1. Apa para siswa tau ndeleng pamentasan drama basa Jawa?


2. Yen tau ndeleng pamentasan drama, lakone apa?
3. Ing kegiyatan apa pamentasan drama sing kokdeleng?
4. Sapa bae paraga ing drama sing kokdeleng?
5. Critakna isine drama sing kokdeleng kanthi cekak wae?

Kanggo ngrampungake soal- soal kasebut, para siswa kudu nglanjutake


piwulangan sabanjure adhedhasar pituduh sajrone UKBM iki.

b. Kegiatan Inti
1) PetunjukUmum UKBM
1. Sadurunge miwiti nyinaoni UKBM, para siswa amrih kudu ngaturake dunga
supaya diwenehi mupangat kang maksimal.
2. UKBM iki disinaoni kanggo mangerteni struktur teks drama, unsur kebahasaan,
pesan moral lan relevansisajrone teks drama, ngoversi prosa dadi teks drama,
lan mragakake/ mentasake teks drama kanthi kelompok.
3. Sajrone nyoinaoni saben kagiatan pasinaon, para siswa kudu nggarap gladhen
sing wis disediakake kanggo ngerteni sapira siswa wis nguasai isi sing kinandhut
ing njerone kagiatan kasebut.
4. Nalika para siswamaca UKBMiki, para siswa bakal dinilai ngenani pamahaman
sajrone ngidenifikasi, ngerteni, lannganalisis struktur teks drama, unsur
kebahasaan, pesan moral lan relevansi sajrone teks drama, ngoversi prosa dadi
teks drama, lan mragakake/ mentasake teks drama kanthi kelompok.

2. Kagiyatan- KagiyatanSinau Sastra (Drama)

Pasinaon 1

DRAMA
Drama utawa sandiwara asale saka basa Yunani kang nduweni teges
sawijining aksi/solahbawa, utawa crita kang dipentasake dening paraga-
paraga.

Wacanen teks drama ing ngisor kanthi premati!


ANAK KOLONG
Adhegan1

BJW-3.4/4.4/4/4-4
3

Wayah bedhug tengange, ana pemulung loro manungsa bungah atine sinambi
ngetung dhuwit mulih menyang gubuge.
1. Ayu : Enak tenan....
2. Desi : Yen bendina ngene iki wahhhh......jaaan....
3. Ayu : Edan tenan....
4. Desi : Lho, kok edan....?
5. Ayu : Ya edan.... mosok bendina wong konn ngrosok barange? Ora
mungkin ta?
6. Desi : Ya mungkin wae?
7. Ayu : Wis....wis...ngomong sing mungkin- mungkin wae!
8. Desi : Contone?
9. Ayu : Mak...iki dhuwite, Mak! Luwe Mak. (arep mlebu gubuk dicegat
bocah njur ngrebut dhuwite)
10. Desi : (arep mlebu gubug) mangaaaaannn.... (ora sida)
11. Bocah : Mandheg! Kene! Kene, endi asile? (ngrebut dhuwite)
12. Ayu+ Desi: Aja- aja.....! Penak tenan kowe!
13. Bocah : Kene! Oleh ra?
14. Ayu : Ora gelem kangelan kok gelem penake. Enak tenan!
15. Desi : Ora gelem ngalih iki tampanana! ( muni ngono karo nendhang,
sakala bocah lanang glangsaran, bocah loro nyekethem dhuwit kang bisa
dislametake, banjur dilebokake celengan kaya biyasane)
16. Ayu+ Desi: Matur nuwun Gusti....... (padha nyekeli wetenge banjur mbengok)
17. Ayu+ Desi: Maaak.....luwe Maaak.....mangaaaaan..... (bocah loro umek ana
njero gubug, sedhela maneh banjur mangan telap- telep)

Adhegan 2
Ana pengamen loro katon seneng- seneng ngetung dhuwit oleh- olehane.
18. Eka : (nyanyi- nyanyi sinambi ngetung ndhuwit) Wadhuuuh.... akeh
banget!!! Weh.....weh.... bingung ngetung....
19. Pinah : Kene, taketunge! (karo ngrebut) Dhasar ra tau mangan sekolah!
20. Eka : Nyoooooh....., sing tau mangan sekolah!
21. Pinah : Sekolahe mbahmu apa? (lelorone ngguyu cekakakan)
Alhamdulillaaah....rejeki nomplok! Ngimpi apa sewengi?
22. Eka : La wong ya tanggal nom?
23. Pinah : Ya, wong- wong rung patek butuh dhuwit!
24. Eka : (sinambi ngetung) Mak...dhuwite uuuuuakeh, Maak!
25. Pinah : Maaaak...setor!! (nggoleki emak menyang mburi, weruh kancane
mangan ana pojokan, banjur mbengok) Mangaaaannn!!
26. Eka : (ndeleng Pinah mlayu meyang gubug, Eka melu mlayu)
Serbuuuuu!!! (ana gubug nesu- nesu amarga lawuhe kari thithik).
Adhegan 3
Pengamen lan pemulung tukaran rebutan panganan.
27. Pinah : (ngroyok lawuhe kancane)

BJW-3.4/4.4/4/4-4
4

Byuh enak tenan,....!


28. Eka : Enak tenan....! Enaaak.....! (spontan Ayu lan Desi nesu- nesu)
29. Ayu : He, aja lecetan ya !
30. Desi : Balekna, balekna?Lha wong wis dileg kongkon mbalekna! Kon
mutah, piye?
31. Ayu : Awas, ya! Awas, kowe ya...!
Adhegan 4
Bocah asongan teka nanging ora bisa misah.
32. Ijah : Hoe....ngisin- ngisini! Gerang- gerang rebutan panganan. Ra isin ta
dideleng wong akeh? Kana! Kana!
33. Eka : Kana- kana, piye?
34. Pinah : Ora ngreti prekarane kok kana- kana!?
35. Ijah : Ya wis ta, mbok ya wis, yen wis dipangan ya wis!
36. Pinah : Bener! Wis dipangan ki ya wis! Mosok kongkon muntah?
37. Ijah : Mbok ya aja kaya wong sing gak tau mangan!
Ijah rumangsa ra bisa misah bocah- bocahkang padha tukaran, banjur klepat
metu.
38. Ijjah : Walaaaaah..... dipisah ra kena, dituturi ra nggugu, ya wis! (klepat
banjur emak teka)
Adhegan 5
Emak nuturi bocah- bocah lan nyaritakake asal- usul biyeen
39. Emak : Ana apa ta? He ana apa? (kabeh ora nggubris malah tukaran
maneh)
40. Emak : Jah, kancane dha tukaran kok ra mbokpisah, piye ta Jah?
41. Ijah : Percuma, Mak!
42. Emak : He, ana apa ta? Ya wis, ye ra kena dituturi, dakminggat!
43. Koor : Maaaaak! (kabeh nubruk emak)
44. Emak : Ya wis (emak njegreg)
45. Emak : Ya wis bocah- bocah.....kowe aja sok aji mumpung! Emak seneg
ndeleng kowe sregep nyambut gawe, kaya- kaya sesuk ora bakal mati.
Nanging, isih ana kewajiban utama kang isih kudu koktindakake.
46. Koor : Maaaak.... (kabeh ngrungket emak)
47. Emak : Sejatine kowe kuwi anake sapa, ora penting. Sing penting
tugasmu ndongakna, muga- muga wong tuwamu diparingi apura Gusti Allah,
sih urip apa dene wis mati.
48. Koor : Maaaak....(kabeh rumangsa getun)
49. Emak : Emak seneng ndeleng kowe kabeh sregep lan rukun. Ngetus
kringet tutusan turut lurung. Amarga keringete dhewe mono luwih seger
tinimbang nyecep keringete wong liya.
50. Koor : Maaaak..... (kabeh njakuk salaman karo emak)
51. Sadhar yen duwe salah kuwi luwih penting tinimbang mung ngajak salaman
wae!
52. Koor : Maaaak....sepurane ya Maaakk.......

BJW-3.4/4.4/4/4-4
5

53. Emak : Ya wis, kae upa- upa sing kececeran kae jumputana, yen
kokpangan kanthi rasa syukur bakal akeh mupangate. Kana.... ora sah nangis
terus.... mesema.... amarga mesem iku nuwuhake rasa ayem lan ngguyu bisa
nuwuhake rasa bagya!

Kanggo mangerteni kalantipanmu lan kawruhmu ngenani teks drama ing ndhuwur,
coba wangsulana pitakonan- pitakonan ing ngisor iki!
Gladhen 1
1. Manut panemumu, kepriye kahanan sajrone teks drama ing ndhuwur?
2. Sapa wae paraga kang ana ing teks drama kasebut?
3. Critakna kanthi cekak wae isine drama ing ndhuwur?
4. Kepriyeurutankedadeyanecrita?
5. Apa kang dirasakake dening para tokoh ing teks lakon kasebut?
6. Tulisen bakune rembug utawa ide pokok kang dadi punjere crita!
7. Tulisperangantekskangmujudakepambukaningcrita!
8. Tuduhake perangan teks kang mujudake intine crita, yaiku perangan kang
nggambarake dumadine dredah utawa pasulayan!
9. Pasulayan ing crita kasebut karampungi kanthi cara kepriye?
10. Pesenutawawejanganapakangpengindiandharakedeningpanulis?
Sawise para siswa kasil mangsuli pitakonan ing ndhuwur, sabanjure ana ing
pasinaon iki para siswa kabeh bakal dijak ngrembug lan nintingi utawa nganalisis
struktur teks drama kanthi bebarengan.

Struktur

ibit kawit tumuju crita sabanjure, b) pasulayan (komplikasi), yaiku dumadine perkara kang kudu diadhepi dening para tok

Gladhen 2

BJW-3.4/4.4/4/4-4
6

Setitekna pethikan teks drama kanthi irah- irahan “Anak Kolong” kasebut banjur
jangkepana tabel ing ngisor iki!

No. Jejer/ Katrangan Ukara kang Mbuktekake


Orientas
i
1 Paraga ........................................... ..................................................................................
. lan . .
watake ........................................... ..................................................................................
. .

........................................... ..................................................................................
. .
........................................... ..................................................................................
. .

Setting ........................................... ..................................................................................


wektu . .
........................................... ..................................................................................
. .

........................................... ..................................................................................
. .
........................................... ..................................................................................
. .

Setting ........................................... ..................................................................................


Kahanan . .
........................................... ..................................................................................
. .

........................................... ..................................................................................
. .
........................................... ..................................................................................
. .

Setting ........................................... ..................................................................................


wektu . .
........................................... ..................................................................................
. .

........................................... ..................................................................................
. .
........................................... ..................................................................................
. .

No. Struktur Jlentrehan


1. Pasulayan ......................................................................................................................
......................................................................................................................
......................................................................................................................

BJW-3.4/4.4/4/4-4
7

......................................................................................................................

2. Pangudaring ......................................................................................................................
Prakara ......................................................................................................................
......................................................................................................................
......................................................................................................................

3. Dudutan ......................................................................................................................
......................................................................................................................
......................................................................................................................
......................................................................................................................

Upama wis ngerjakake Gladhen 1 lan Gladhen 2, siswabisa nerusake Kagiyatan 3.

Kagiyatan 3

UNSUR KABASAN
Kaya kang karembug ing piwulangan bab teks lakon ing kelas X, unsur basa
sajrone teks drama pancen beda yen dibandhingna karo basa gancaran, amarga
basa teks sipate lesan. Mula saka iku, sajrone teks drama nduweni unsur basa kang
beda. Ing antarane yaiku bisa dideleng ing ngisor iki.

Unsur Basa sajrone Drama

Tembung Panyilah Tembung Panguwuh

Katrangan:
a) Tembung Panyilah, yaiku: tembung kang gunane nyilahake pangkat lan sebutan.
Lumrahe temung panyilah manggon ing sangarepe tembung aran kang
disilahake.
Tuladhane: si, hyang, ingkang (Rama), raden, lan sapanunggale.
b) Tembung Panguwuh, yaiku: istilahe kata seru utawa tembung kang nelahake
rasa bungah, sedhih, wedi, nggumun, kaget, nesu lan sapanunggale
Tuladhane: biyuh, wadhuh, lha dalah, ealah, hah, hus, hlo, woalah, huh, lan
sapanunggale.

Gladhen 3
Setitekna teks drama kanthi irah- irahan “Anak Kolong” kasebut banjur jangkepana
tabel ing ngisor iki kanggo nggoleki unsur basane!

No Unsur Basa Nelahake Cuplikan Ukarane


.

BJW-3.4/4.4/4/4-4
8

Upama wis ngerjakake Gladhen 3, siswabisa nerusake Kagiyatan 4 ngenani


piwulangan moral sajrone drama kanthi netepi langkah- langkah piwulangan.

Kagiyatan 4

Piwulangan Moral
Piwulangan Moral

Marang Gusti Marang sapadha- Awake dhewe Alam


padha lingkungan

Cathetan:
Wis kaandharake manawa temane wulangan iki tuntutan sajrone tontonan. Drama
minangka tontonan kang dipentasake kajaba bisa kanggo nglipur uga nduweni bab
penting kang bisa dipethik. Yaiku kang aran piwulangan moral utawa amanat 2.

Sarampunge nyemak teks drama ing ndhuwur, jangkepana tabel ing ngisor iki
supaya bisa diweruhi piwulangan moral kang ana sajrone drama kanthi irah- irahan
“Anak Kolong”!

Gladhen 4

No Piwulangan Jlentrehan
. Moral
1. Marang Gusti .................................................................................
.
.................................................................................
.
.................................................................................
.

BJW-3.4/4.4/4/4-4
9

2. Marang .................................................................................
sapadha- padha .
.................................................................................
.
.................................................................................
.

3. Marang awake .................................................................................


dhewe .
.................................................................................
.
.................................................................................
.

4. Marang alam .................................................................................


lingkungan .
.................................................................................
.
.................................................................................
.

Manawa wis rampung mangsuli pitakonan ing gladhen 4, siswa bisa nglanjutna
ing kagiyatan 5.

Kagiyatan5

RELEVANSI TEKS DRAMA KARO KAHANAN JAMAN SAIKI

Asil kasusastran tuwuh lan ngrembaka saka alam bebrayan. Drama kang
ngandhut tuntunan mesthi ngalami owah-owahan. Mligine bab isine carita,
gandheng karo ngrembakane jaman mesthi ana crita kang isih cocog karo kahanan
jaman saiki. Kosok baline uga ana carita kang wis ora cocog karo kahanan jaman
saiki. Mula saka iku, tindakna pakaryan ing ngisor iki!

Gladhen 5
(1) Yen para siswa wis ngrampungake gladhen- gladhen sadurunge, saiki coba
terangna bab bab kang isih relevan ing carita mau karon jaman saiki!
(2) Semaken maneh teks drama kanthi irah- irahan “Anak Kolong” banjur terangna
perangan endi kang cocog karo kahanan jaman saiki lan endi kang ora cocog
karo jaman saiki!

No Relevansi Jlentrehan lan perangan kang mbuktekake


.
1. Kang .........................................................................................
relevan .........................................................................................
.........................................................................................

BJW-3.4/4.4/4/4-4
10

2. Kang ora .........................................................................................


relevan .........................................................................................
.........................................................................................

Menawa wis rampung anggone nggarap gladhen 1 nganti 5, sabanjure


semaken pasinaon 2 ngenani Ngrakit Teks Drama Adhedhasar Gancaran. Lan
garapen glandhen- gladhen kang wis dicawisake!

Pasinaon 2

Saliyane siswa bisa nampilake drama, siswa uga dituntut kudu bisa ngayahi
piwulangan yaiku ngrakit teks drama. Teks drama iku bisa dikarang sapa wae
adhedhasar pengalamane dhewe- dhewe.

a. Teknik Ngrakit Teks Drama


Teknik ngrakit teks drama, bisa katindakake knthi cara:
1. Langsung, nemtokake tema, paraga, konflik, amanat, lan antawacana
2. Transformasi, ngowahi wujud karya gancaran menyang wujud pacelathon.
Sing wigati, nalika ngowahi gancaran menyang wujud teks drama, ora
ngowahi tema, paraga, setting lan amanate. Dene alure bisa diowahi. Aja lali
menehi kramagung.
3. Njarwakake (terjemahan) teks drama kang nggunakake basa saliyane basa
Jawa dadi teks drama basa Jawa.

Garapan 1: Ngrakit Teks Drama


Tindakna Pakaryan ngisor iki!

BJW-3.4/4.4/4/4-4
11

Cerkak ing ngisor iki wacanen kanthi patitis, sabanure owahana dadi wujud teks
drama kaya teknik kang wis kaandharake! Garapen pakaryan iki kanthi bebarengan
sajroning klompok!
TUMPUK UNDHUNG

Dina kuwi Mbok Truno buruh dhedhel kacang nggone juragan Pawiro. Budhale
wiwit esuk nganti arep maghrib. Atine wis kroncalan mikir anak-anake sing cacahe telu. Ya
bener mau esuk wis ditinggali liwetan beras rong muk karo digorengake tahu kanggo mangan
esuk lan awan. Hla njur sore? Apa sing padha dipangan yen berase wis kantekan?
Senajan Pak Truno gaweyane mung bakul es, nanging Tinah, Tini, lan Tinem wis
padha bisa ngerteni kahanane wong tuwa loro. Tinah sing isih kelas 2 SMP, nalika wayah
mulih sekolah yen ana wektu lodhang, dheweke banjur golek kangkung ing pinggirane kalen.
Kangkung saunting diregani 400 repes. Sedina, Tinah bisa antuk dhuwit 4000. Iras-iras
kanggo ngenthengake pundhakke bapak lan ibune.
Sawijine dina, Mbok Truno sawetara leren saka penggaweyane jalaran pirang-pirang
dina sikile krasa kaku lan ora bisa ditekuk. Pak Truno kepeksa prei ora dodolan es jalaran ora
ana kang ngrumat Mbok Truno. Anake telu mau padha sekolah.
“Walah Pak, sepurane ya aku dadi gawe repote kulawarga!”
“Sampeyan lara iku wis dadi kewajiban anggonku nrgrumat”. Wangsulane Pak
Truno.
“Pak, Tinah kok kadingaren wis sore durung tekan omah?”
Keprungu pitakonane Mbok Truno, Pak Truno melu kepikiran. Menawa golek
kangkung, jam yamene mesthine Tinah wis tekan omah. Ora disangka-sangka, Pak Carik
menyang omahe Pak Truno saperlu ngandhani yen Tinah ana Puskesmas, jalaran tangane
dicokot ula. Pak Truno langsung menyat Puskesmas kanggo mesthekake kahanane bocah
kang bekti marang ibu lan bapake kuwi. Tini lan Tinem dijaluki kanggo nunggoni ibune,
yaiku Mbok Truno sing lagi gerah.
Tekan Puskesmas, nalika Tinah katon mlumah lan slimutan kain putih Pak Truno
langsung ngrangkul anake kuwi. Pak Truno klimputan dhewe ngrasakna nasib kulawargane
kang kurang mujur. Nanging Pak Truno ngupaya tetep katon kuwat ana ngarepane garwa lan
anak-anake. Kanggo Pak Truno ora dadi apa yen uripe tansah rekasa kanggo ngopeni
kulawargane.

Garapan 2 : Ngrancang lan Mentasake Teks Drama


Supaya anggone mentasake lakon ora nguciwani, sadurunge mentasake lakon perlu
nindakake ayahan-ayahan iki:

a. Andumgawe, yaikunetepakedhalanglan para paraga.


Sawise netepake irah-irahan lakon kang arep kagelar lan gawe
kelompok, saiki bisa katerusake ing tataran andum gawe. Sepisanan sing kudu
katetepake, yaiku dhalang utawa sutradhara. Jalaran dhalang minangka
pawongan kang nduweni wenang milih lan ngatur samubarang wiwit sadurunge
nganti sarampunge pagelaran. Dhalang sabanjure milih para paraga utawa actor
kacundhukake karo wewatake tokoh ing sajeroning teks.

b. Ndhudhah scenario (naskah/teks).


Teks lakon yaiku karangan kang awujud scenario jangkep, sekabehane
kaandharake kanthi rinci dening panulis naskah, kalebu pirantine pagelaran
(perabotan, busana, lanpaes) kang kudu dicepakake. Sadurunge lakon kagelar,

BJW-3.4/4.4/4/4-4
12

scenario kudu didhudhah lan dibabar supaya gambaran kasar ngenani swasana
lakon sajerone naskah kasebut bisa kabayangake.

d. Gladhen maca lantingkah


Wiwitane,
dhalangnjlentrehakekanthicekakaosbakuningcritalanmenehituladhapamacanen
askahkajumbuhakekarowataktokohsajeronelakon, banjur para
paragagladhennirokake. Ing papanlanwektuliya, kanthimandhiri para
paragagladhen maca ngantiapalantawacanalanperangannaskah sing
daditanggungjawabe,
kalebugladhentingkahpolahlanpolatankajumbuhakekaropanjalukenaskah.

Saiki wektune para siswamamerakekawasisanekanthingetogsakabehekarosan,


lankaprigelankangwiskasiapakekanthijlimet, titi, lantutug. Dhalanglan para
paragaingpagelarankanthisaiyegsaekakaptimakaryabebarengannggelarlakonkanthibo
mbonglanbungah.
Pagelaranlakonbisalumakukanthilancarlanapik, yen
sekabehepawongankangkasangkutingsajeronepagelaranbisamakaryabebarengankanthi
linambaran rasa senenglantanggungjawab.
Nalika salah sawijinekelompoklagi oleh gilirannggelarlakon,
kelompokliyanekanthitinarbukalanjujurmenehipambiji, panemu, lanpanyaruwe. Bab
kangperlu oleh kawigatenyaiku:

a. Suara
Sajeronepagelaranlakon, paraga kudu
bisangatursuarasupayaantawacananebisakaprungukanthijelasdeningpamiarsaings
ajeronegedhungutawapanggung. Paragalakon kudu bisangatur: 1) intensitas
(kekuatan/seru-lirihesuara), 2) intonasi (nadha/endhek-dhuwuresuara), lan 3)
artikulasi (kedal/obahlanmenga-mingkemetutuk).

b. Polatan
Paragalakon kudu bisamitontonakepolatan (ekspresiwajah) sedhih, gething,
srengen, seneng, wedi, bingung, sombong, ngantuk,
lanutawajumbuhkaropanjalukenaskah.

c. Solah Bawa
Sakabehepolahtingkahparagalakon kudu mujudakeobahmosik sing kaseja.
Polahtingkahiku kudu laras, imbang, lanwajar kaya panjalukenaskah.

Panutup
Pripun siswa saiki?
Sakwise siswa sinau kanthi urut lan nglanjutnasaka kagiyatan pasinaon 1,
dan 2, ing ngisor iki diwenehi tabel kanggo ngukur siswa dhewe-dhewemiturut
materi sing wis disinaoni. Wangsulana sajujure anggenmu nguwasani materi ing
UKBM iki!

Tabel Refleksi Diri Pemahaman Materi


No Pertanyaan Ya Tidak

BJW-3.4/4.4/4/4-4
13

1. Apa siswa wis mangerteni babagan teks


lakon/teks drama?
2. Apa siswa wis bisa nyebutake struktur teks
lakon/teks drama?
3. Apasiswawisbisanyebutake unsur kabasan
tekslakon/teks drama?
4. Apa siswa wis bisa mentasake teks lakon/teks
drama?
5. Apaa siswa bisa nyebutake langkah- langkah gawe
teks drama?

Jika menjawab “TIDAK” pada salah satu pertanyaan di atas, maka


pelajarilah kembali materi tersebut dalam Buku Teks Pelajaran (BTP) dan
pelajari ulang kegiatan belajar 1 atau 2 yang sekiranya perlu kalian ulang
dengan bimbingan Guru atau teman sejawat. Jangan putus asa untuk
mengulang lagi!.Dan apabila kalian menjawab “YA” pada semua
pertanyaan, maka lanjutkan berikut.

Dimana posisimu?
Ukurlah diri kalian dalam menguasai materi Teks Lakon/Teks Drama
dalam rentang 0 – 100, tuliskan ke dalam kotak yang tersedia.

Setelah kalian
menuliskanpenguasaanmuterhadapm
ateriTeks Lakon/ Teks Drama,
Iniadalahbagianakhirdari UKB
materiTeks Lakon/Teks Drama,
mintalahtesformatifkepada Guru
kalian sebelumbelajarke UKB
berikutnya. Suksesuntuk kalian!!!

BJW-3.4/4.4/4/4-4

Anda mungkin juga menyukai