Anda di halaman 1dari 38

[MODUL 2 UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA|KB-3 BASA KRAMA LUGU]

URAIAN MATERI
KB-3 BASA KRAMA LUGU

Kahanan kabudayan masarakat Jawa yen dibandhingake antarane saiki


lan biyen iku wis tamtu beda. Kahanan kang dimaksud iku ngenani pitung
sistem kabudayan, salah sijine yakuwi babagan basa. Basa Jawa iku salah siji
basa sing duwe tataran. Tataran kuwi mau disebut undha-usuk basa. Para
winasis basa wis ngandharake ing panalitene, kayata Poedjasoedarma, dkk
(1979), Sudaryanto (1989), Ekowardono, dkk (1993), sarta Harjawiyana lan
Supriya (2013). Dene kang sinebut pungkasan duwe pamanggih yen basa
Jawa ing jaman modheren saiki undha-usuk basane kaperang dadi 4 (papat),
yaiku ngoko, ngoko alus, krama, lan krama alus. Ringkese undha-usuk sing
dadi paugeran ing jaman modheren saiki mbok menawa jalaran anane campur
kode.
1. WUJUD KRAMA LUGU
a) TEGES
Kanggo nggampangake panganggone basa Jawa ana ing pasrawungan,
saiki basa Jawa dipilah dadi rong werna yaiku ngoko lan krama.
Sumarlam (2011: 3) menyatakan bahwa hasil diskusi dalam berbagai
pertemuan ilmiah, disarankan oleh para pakar bahwa tingkat tutur
bahasa Jawa kini perlu disederhanakan menjadi empat saja, yakni (a)
ngoko lugu, (b) ngoko alus, (c) krama lugu, dan (d) krama alus.
Babagan ngoko lugu lan ngoko alus wis karembug ing modul
sakdurunge. Nanging supaya luwih cetha bedane bakal kaandharake
sithik kaya ing ngisor iki.
1) Ngoko Lugu, adalah bentuk unggah-ungguh bahasa Jawa yang
semua kosa katanya berbentuk ngoko dan netral (leksikon ngoko
dan netral) tanpa terselipkan krama, krama inggil, atau krama

| Prof. Dr. Sumarlam, M.S. 1


andhap, baik untuk O1, O2, maupun O3 (Sasangka, 2009: 102).
Ngoko lugu yaiku basa sing kabeh tembung-tembunge ngoko,
klebu ater-ater lan panambange. Tuladha: Yen kowe duwe beras,
bok aku disilihi.
2) Ngoko Alus adalah bentuk unggah-ungguh yang di dalamnya
bukan hanya terdiri atas leksikon ngoko dan netral saja,
melainkan juga terdiri atas leksikon krama inggil, krama andhap,
dan krama. Namun leksikon krama inggil, krama andhap, atau
leksikon krama yang muncul dalam ragam ini sebenarnya hanya
digunakan untuk menghormati mitra wicara (O2 atau O3).
Leksikon krama inggil yang muncul di dalam ragam ini biasanya
hanya terbatas pada kata benda (nomina), kata kerja (verba), atau
kata ganti orang (pronomina). Jika leksikon krama andhap
muncul dalam ragam ini, biasanya leksikon itu berupa kata kerja,
dan jika leksikon krama muncul dalam ragam ini, leksikon itu
bisanya berupa kata kerja atau kata benda (Sasangka, 2009: 106).
Ngoko alus yaiku basa sing tembung-tembunge krama inggil,
krama andhap, lan ngoko. Ater-ater lan panambange panggah
ngoko. Tuladha: Yen panjenengan kagungan beras, bok aku
diparingi ngampil.
3) Krama Lugu yaiku tembung-tembunge kabeh krama, ater-ater lan
panambange uga krama. Krama lugu uga diarani kramantara, iku
gunemane wong lumrah padha wong lumrah, utawa wong tuwa
marang wong nom sing tanpa pangkat (dudu sadulure dhewe)
(Padmosoekotjo, 1960: 14). Krama lugu yaiku basa kang sing
tembung-tembunge kabeh krama, klebu ater-ater lan panabange.
Tuladha: menawi sampeyan gadhah wos, bok kula dipunsambuti.
4) Krama Alus adalah bentuk unggah-ungguh bahasa Jawa yang
semua kosakatanya terdiri atas leksikon krama dan dapat
ditambah dengan leksikon krama inggil atau krama andhap.
Meskipun begitu, yang menjadi leksikon inti dalam ragam ini
hanyalah leksikon yang berbentuk krama. Leksikon madya dan
leksikon ngoko tidak pernah muncul di dalam tingkat tutur ini.
Selain itu, leksikon krama inggil atau krama andhap secara
konsisten selalu digunakan untuk penghormatan terhadap mitra
wicara. Secara semantis, ragam krama alus dapat didefinisikan
sebagai suatu bentuk ragam krama yang kadar kehalusannya
tinggi (Sasangka, 2009: 119). Krama alus yaiku basa sing
tembung-tembunge krama andhap, krama, lan krama inggil. Ater-
ater lan panambange krama. Tuladha: menawi panjenengan
kagungan pantun, bok kula dipunparingi ngampil.

b) TETEMBUNGAN
Supaya luwih gampang anggone ngerti basa krama lugu, Panjenengan
kudu ngerti tetembungan ing basa krama lugu. ing tabel ngisor iki
kasebutake tembung-tembung mawa basa krama lugu kang bisa
Panjenengan gunakake kanggo micara ing basa krama lugu.
Tabel 2. Tuladha Tembung-tembung Ngoko sing Ngoko, Krama,
lan Krama Inggile padha

No Ngoko Krama Krama Inggil


1. arit arit arit
2. asem asem asem
3. asin asin asin
4. babad babad babad
5. bajing bajing bajing
6. bakso bakso bakso
7. banyak banyak banyak
8. basa basa basa
9. bawang bawang bawang
10. bawang bawang bawang
11. beruk beruk beruk
12. blimbing blimbing blimbing
13. brambang brambang brambang
14. cagak cagak cagak
15. cecak cecak cecak
16. cendhela cendhela cendhela
17. dhingklik dhingklik dhingklik
18. dhuku dhuku dhuku
19. duren duren duren
20. ember ember ember
21. galak galak galak
22. gelas gelas gelas
23. jantung jantung jantung
24. jempol jempol jempol
25. jujur jujur jujur
26. kadhal kadhal kadhal
27. kupluk kupluk kupluk
28. kupu kupu kupu
29. kursi kursi kursi
30. kuthuk kuthuk kuthuk
31. laler laler laler
32. lawa lawa lawa
33. marem marem marem
34. mawar mawar mawar
35. meja meja meja
36. mrica mrica mrica
37. nanas nanas nanas
38. nangka nangka nangka
39. ompreng ompreng ompreng
40. pacul pacul pacul
41. pawon pawon pawon
42. resik resik resik
43. salak salak salak
44. siwur siwur siwur
45. sop sop sop
46. soto soto soto
47. temulawak temulawak temulawak
48. theklek theklek theklek
49. wader wader wader
50. wadhah wadhah wadhah

Tabel 3. Tuladha Tembung-tembung Ngoko sing Nduweni Krama/Krama Inggil


(Krama lan Krama Inggil dianggep Padha)

No Ngoko Krama Krama Inggil


1. adhem asrep asrep
2. adhep ajeng ajeng
3. adoh tebih tebih
4. adol sade sade
5. adu aben aben
6. aja sampun sampun
7. alih/ngalih pindhah pindhah
8. anakan (dhuit silihan) sarem sarem
9. antara antawis antawis
10. anti/nganti ngantos ngantos
11. anyang awis awis
12. anyar enggal enggal
13. apa punapa, menapa punapa, menapa
14. arep badhe badhe
15. bacut lajeng lajeng
16. baé kemawon kemawon
17. bedhil senjata senjata
18. bengi dalu dalu
19. bisa saged saged
20. bokmenawa bokmenawi, bokbilih bokmenawi, bokbilih
21. bolah benang benang
22. bubar bibar bibar
23. cedhak celak celak
24. cèlèng andhapan andhapan
25. cilik alit alit
26. coba cobi cobi
27. crita criyos criyos
28. diyan dilah dilah
29. dluwang dlancang dlancang
30. dodol sade sade
31. dudu sanes sanes
32. dulur/sadulur sadherek/sedherek sadherek/sedherek
33. durung dereng dereng
34. éling enget/emut enget/emut
35. èlmu elmi elmi
36. emas jene jene
37. enyang awis awis
38. ganep/genep jangkep jangkep
39. ganti gantos gantos
40. geni latu latu
41. godhong ron ron
42. golèk pados pados
43. guyu gujeng gujeng
44. imbu imbet imbet
45. impi supena supena
46. jaga jagi jagi
47. kabèh sedaya sedaya
48. kacèk kaot kaot
49. kaè punika, menika punika, menika
50. kaku kaken kaken
51. karuwan kantenan kantenan
52. kebo maesa maesa
53. kembang sekar sekar
54. kena kenging kenging
55. keponakan kepenakan kepenakan
56. kepriyé kadospundi kadospundi
57. kesusu kesesa kesesa
58. klasa gelaran gelaran
59. klèru klentu klentu
60. klumpuk klempak klempak
61. kuning jene jene
62. kuwatir kuwatos kuwatos
63. kuwi punika, menika punika, menika
64. ladi lados lados
65. lagi saweg saweg
66. lawing kori kori
67. liru lintu lintu
68. luput lepat lepat
69. luwih langkung langkung
70. madu maben, maduk maben, maduk
71. maling pandung pandung
72. manèh malih malih
73. mangkana makaten, mekaten makaten, mekaten
74. mangkénè makaten, mekaten makaten, mekaten
75. menyang dhateng dhateng
76. mori monten, mori monten, mori
77. ngerti ngertos ngertos
78. ngono makaten, mekaten makaten, mekaten
79. obah ebah ebah
80. obong besmi besmi
81. owah ewah ewah
82. padha sami sami
83. padu paben paben
84. paido paiben paiben
85. piye kadospundi kadospundi
86. prihatin prihatos prihatos
87. pring deling deling
88. putih pethak pethak
89. rada radi radi
90. rana/mrana mrika mrika
91. rasa raos raos
92. rata radin radin
93. salin santun santun
94. sapa sinten sinten
95. sapi lembu lembu
96. sarung sande sande
97. suweng sengkang sengkang
98. tamba jampi jampi
99. tulis serat serat
100. uni ungel ungel
101. upama upami upami
102. uyah sarem sarem
103. waca waos waos
104. werna werni werni
105. wesi tosan tosan
106. wurung sande sande
107. wutuh wetah wetah
108. wuwuh wewah wewah
109. ya inggih inggih
110. yèn bilih bilih
Tabel 4. Tuladha Tembung-tembung Ngoko sing Nduweni Krama lan Krama
Inggil.
No Ngoko Krama Krama Inggil
1. arep ajeng kersa
2. ati manah panggalih
3. cekel cepeng asta
4. celathu wicanten ngandika, ngendika
5. deleh suka paring
6. deleng tingal priksa
7. embuh kilap duka
8. endhas sirah mustaka
9. enom enem timur
10. gawa bekta asta
11. gawé damel ngasta
12. inep nyipeng nyare
13. ising/ngising bebucal bobotan
14. jaran kapal titihan
15. jarit sinjang nyamping
16. jeneng nama asma
17. jupuk pendhet pundhut
18. kandha criyos ngandika
19. karep kajeng kersa
20. kathok sruwal lancingan
21. keris dhuwung wangkingan
22. kubur/ngubur pethak/methak nyarekaken
23. lara sakit gerah
24. liwat langkung miyos
25. lunga kesah tindak
26. lungguh lenggah pinarak
27. mampir kendel pinarak
28. mata mripat soca, tingal
29. melu tumut ndherek
30. metu medal miyos
31. mikir manah menggalih
32. mlaku mlampah tindak
33. mutah nuntak luntak
34. ngadhep sowan marak
35. pikir manah penggalih
36. rungu pireng pidhanget
37. sedulur sedherek sentana
38. susah sisah sekel
39. tamba jampi usada
40. teka dhateng rawuh
41. tonton tingal priksa
42. tuku tumbas mundhut
43. tumbak waos watangan
44. tunggang tumpak titih
45. urip gesang sugeng
46. weruh sumerep priksa
47. weton wedalan wiyosan, tingalan
48. wetu wedal wiyos
49. wicara wicanten ngandika
50. wong tiyang priyantun
Tabel 5. Tembung wilangan ing basa ngoko-lan krama
Wilangan Ngoko Krama
0 nol das
1 siji setunggal
2 loro kalih
3 telu tiga
4 papat sekawan
5 lima gangsal
6 enem enem
7 pitu pitu
8 wolu wolu
9 sanga sanga
10 sepuluh sedasa
11 sewelas sewelas
12 rolas kalih welas
13 telulas tiga welas
14 patbelas kawan welas
15 limalas gangsal welas
16 nembelas nembelas
17 pitulas pitulas
18 wolulas wolulas
19 sangalas sangalas
20 rong puluh kalih dasa
21 selikur selikur
22 rolikur kalih likur
23 telu likur tiga likur
24 pat likur sekawan likur
25 selawe selangkung
26 nem likur nem likur
27 pitu likur pitu likur
28 wolu likur wolu likur
29 sanga likur sanga likur
30 telung puluh tigang dasa
31 telung puluh siji tigang dasa setunggal
32 telung puluh loro tigang dasa kalih
40 patang puluh kawan dasa
50 seket seket
60 sewidak sewidak
61 sewidak siji sewidak setunggal
70 pitung puluh pitung dasa
71 pitung puluh siji pitung dasa setunggal
80 wolung puluh wolung dasa
81 wolung puluh siji wolung dasa setunggal
90 sangang puluh sangang dasa setunggal
100 satus setunggal atus
101 satus siji setunggal atus setunggal
125 satus selawe setunggal atus selangkung
150 satus seket setunggal atus seket
1000 sewu setunggal ewu
2000 rong ewu kalih ewu
3000 telung ewu tigang ewu
1999 sewu sangang atus setunggal ewu sangang atus
sangang puluh sanga sangang dasa sanga
setengah sepalih
sapratelon sapratigan

seprapat setunggal prapat

sapraliman sapraliman

rong pratelon kalih pratigan

telung prapat tigang prapat

rong praliman rong praliman

1,5 karo tengah kalih tengah


2,5 loro setengah kalih setengah
3,5 telu setengah tiga setengah

Tabel 6. Warna
Krama Ngoko Indonesia
abrit abang merah
ijem ijo hijau
cemeng ireng hitam
pethak putih putih
jene kuning kuning
biru biru biru
soklat soklat coklat
klawu klawu abu-abu
Tabel 7. Pronomina Persona Tunggal
Krama Ngoko Indonesia
Pronomina kula aku saya
Persona I kawula awakku
dalem *kene
Pronomina sampeyan kowe kamu
Persona II panjenengan sliramu
awakmu
*kono
Pronomina piyambakipun dheweke dia
Persona III panjenenganipun dheknene
*kana
Tabel 8. Arah lan arah mata angin

Krama Ngoko Indonesia


nginggil ndhuwur Atas
ngandhap ngisor Bawah
kiwa kiwa Kiri
tengen tengen Kanan
tengah tengah Tengah
ngajeng ngarep Depan
wingking mburi belakang
wétan wétan timur
kilen kulon barat
(e)lèr (e)lor utara
kidul kidul selatan
(e)lèr wétan (e)lor wétan timur laut
(e)lèr kilèn (e)lor kulon barat laut
kidul kilèn kidul kulon barat daya
kidul wétan kidul wétan tenggara
Tabel 9. Pronomina Persona Jamak
Krama Ngoko Indonesia

Pronomina kula sedaya aku kabeh kami


Persona I *kene
Pronomina panjenengan sedaya kowe kabeh kamu
Persona II *kono sekalian
Pronomina - *kana mereka
Persona III
Catatan:
Kata kene, kono, kana, berturut-turut, adalah pronomina demonstrativa
yang digunakan sebagai penunjuk persona I, II, dan III.

Tabel 10. Istilah Kekerabatan


Krama Ngoko Indonesia

adhimas dhik adik (laki-laki)


dhik dhik adik (laki-laki)
dhiajeng jeng adik (wanita)
kangmas mas kakak (laki-laki)
mbakyu mbak kakak (perempuan)
ibu ibu ibu
bapak bapak ayah
rama rama ayah
pak lik pak lik paman
bu lik bu lik bibi, tante
pak dhe pak dhe kakak laki-laki ayah/ibu
bu dhe bu dhe kakak perempuan ayah/ibu
mbah putri mbah putri nenek
eyang putri eyang putri nenek
mbah kakung mbah kakung kakek
eyang kakung eyang kakung kakek
mbah/eyang buyut mbah/eyang buyut ayah/ibu kakek
mbah/eyang canggah mbah/eyang canggah
mbah/eyang wareng mbah/eyang wareng
mbah/eyang udheg-udheg mbah/eyang udheg-udheg
mbah/eyang gantung siwur mbah/dyang gantung siwur

Tabel 11. Bagian Tubuh


Krama inggil Krama Ngoko Indonesia
mustaka sirah sirah kepala
rema/rikma rambut rambut rambut
pasundhulan embun-embunan embun-embunan ubun-ubun
pasuryan rai rai muka/wajah
palarapan bathuk bathuk dahi
imba alis alis alis
paningal/soca mripat mata mata
ibing idep idep bulu mata
grana irung irung hidung
gumbala/rawis brengos brengos kumis
pangarasan pipi pipi pipi
tutuk/lisan cangkem cangkem mulut
lathi lambe lambe bibir
waja untu untu gigi
lidhah ilat ilat lidah
kethekan janggut janggut dagu
talingan kuping kuping teltnga
jangga gulu gulu leher
griwa cengel cengel/githok tengkuk
sarira badan awak badan
pamidhangan pundhak pundhak pundak
pengkeran geger geger punggung
jaja dhadha dhadha dada
prembayun susu susu payudara
padharan weteng weteng perut
puser wudel wudel pusar
unusan iga iga iga
pamekak bangkekan bangkekan pinggang
bocong bokong bokong pantat
asta tangan tangan tangan
tapak asta epek-epek epek-epek telapak tangan
racikan driji driji jari
jempol jempol jempol ibu jari
penuding penuding penuding telunjuk
penunggul penunggul penunggul jari tengah
- - jari manis jari manis
jenthik jenthik jenthik kelingking
kenaka kuku kuku kuku
sampeyan suku sikil kaki
pupu pupu pupu paha
jengku dhengkul dhengkul lutut
wentis kempol kempol betis
gares gares gares tulang kaki depan
tungkak tungkak tungkak tumit

2. PANANDHANING TEMBUNG KRAMA


Pangelompokaning tembung (kosa kata) utawa leksikon basa Jawa ing
sajroning bentuk tingkat tutur tartamtu, bisa dititeni saka panandha kang ana ing
leksikon kasebut. Sasangka (2007; 62) mratelakake menawa panandha leksikon
iku bisa kabedakake dadi loro, yaiku: panandha morfologis lan panandha dudu
morfologis. Saliyane iku Marmanto (2012: 27) ngandharake menawa panandha
leksikon ing sajroning tingkat tutur basa Jawa iku bisa kabedakake saka aspek
leksikal lan proses pandhapuking tembung (aspek morfologis).
Menawa dijinggleng kanthi premati, kang bisa mbedakake antarane ragam
ngoko lan krama iku bisa katitik saka tembunge (kosa kata/leksikone). Mula
banjur ana istilah (1) tembung ngoko, (2) tembung krama, (3) tembung madya.
Tuladhane menawa ana uwong kang ngomong: “Kang Parto durung mangan sega
awit esuk”, kalebu jinising bentuk tingkat tutur ngoko. Dene menawa ukara iku
diowahi dadi bentuk krama, bakal kaujarake dadi: “Kang Parto dereng nedha
sekul awit enjing”. Saka tuladha kasebut bisa luwih jelas menawa panganggoning
bentuk leksikon tartamtu ing sajroning ukara bisa nandhani jinis tingkat tuture.
Saka tuladha iku bisa dikandhakake yen “tembung (kosa kata) utawa
leksikon” iku bisa kalebu unsur kang dadi panandhaning (penanda) bentuk tingkat
tutur. Menawa sawijining ukara kabeh nggunakake tembung ngoko, ateges ukara
kasebut kalebu jinising tingkat tutur ngoko.
Saliyane iku ana uga wuwuhan-wuwuhan ing sajroning proses pandhapuking
tembung (proses morfogis) kang bisa dadi titikane tembung ngoko utawa
tembung krama. Umpamane:
(1) Ater-ater kang dadi panandhaning tembung ngoko (prefiks ngoko), kaya
ta: ater-ater tripurusa {dak-, ko-, di-}
(2) Panambang kang dadi panandhaning tembung ngoko (sufiks ngoko) kaya
ta: { -e/ne-, -ke/-ake}
(3) Ater-ater kang dadi panandhaning tembung krama (prefiks krama), kaya
ta: ater-ater tripurusa {dak-} menawa dikramakke dadi kula , {kok-}
menawa dikramakke dadi sampeyan/panjenengan , {di- } menawa
dikramakke dadi dipun-}
(4) Panambang kang dadi panandhaning tembung krama (sufiks krama) kaya
ta: { -ipun,-aken}

Tuladha iku bisa nuduhake menawa proses pandhapuking tembung (proses


morfologis) iku uga bisa nandhani tingkat tutur basa Jawa. Dadi menawa dijupuk
dudutan, aspek kang bisa dadi panandhaning tingkat tutur basa Jawa yaiku bisa
saka tembunge (aspek leksikal), proses pandhapuking tembung (aspek morfologi)
lan bisa uga saka aspek non morfologis.

a. Panandhaning Tembung Krama Sacara Morfologis


Wuwuhan kang ana ing basa Jawa bisa digunakake kanggo ndhapuk
leksikon ngoko utawa krama. Mligine panandha leksikon krama bakal
kaandharake ing ngisor iki.
1) Ater-ater
Ater-ater kang bisa dadi panandhaning tingkat tutur basa Jawa yaiku
ater-ater tripurusa. Ater-ater tripurusa {dak-, ko-, di-} iku dadi
panandhaning leksikon ngoko. Ater-ater {dak-} menawa sumambung ing
tembung kang arep didadekake bentuk krama bakal malih dadi tembung
‘kula’. Ater-ater {kok} malih dadi tembung ‘sampeyan/panjenengan’.
Dene ater-ater {di-} menawa didadekake krama malih dadi ater-ater
{dipun-}. Tuladha:
(1) a. Buku iku lagi daksilih esuk iki. (ukara ngoko)
b. Buku niku saweg kula ampil enjing niki. (ukara krama lugu)
(1) a. Klambi kang kanggo arisan iki apa wis koktuku? (ukara ngoko)
b. Rasukan kang kangge arisan niki napa sampun sampeyan tumbas?
(ukara krama lugu)
(2) a. Jajanan iki wis dipangan anak-anakmu. (ukara ngoko)
b. Jajanan punika sampun dipuntedha lare-lare sampeyan. (ukara
krama lugu)
Ana ing tuladha (1) bisa dikandhakake menawa bentuk {dak-} ana ing
tembung ngoko bakal malih dadi ‘kula’ ing tembung krama, semana uga
{kok-} malih dadi ‘sampeyan <lingga>’ ana ing bentuk krama utawa
panjenengan ing bentuk krama inggil. Dene panambang {di-} malih dadi
{dipun-} ana ing bentuk krama, krama andhap, apa dene krama inggil.
Ater-ater {dipun-} panulisane mesthi kudu digabung karo tembung
linggane.
Ater-ater {dipun-} bisa sumambung ana ing tembung netral. Menawa
sumambung ing tembung netral, bakal ngowahi bentuk tingkat tuture,
yaiku dadi bentuk krama. Tuladha:
(3) Sukunipun Paiman abuh amargi dipuntendhang kancanipun.
(4) Perkawis punika sampun dipunlapuraken polisi.
Saka tuladha (4) lan (5) bisa dikandhakake menawa ater-ater {dipun-}
bisa sumambung ing tembung netral. Tembung ‘tendhang’ lan ‘lapur’ iku
kalebu tembung netral amarga ora nduwe padhanan ing bentuk krama.
Tembung iku nalika sumambung karo ater-ater {dipun-}, bakal malih
dadi bentuk /leksikon krama.
Isih magepokan bab ater-ater, ana ater-ater basa Jawa kang bisa dadi
padhananing bentuk ngoko lan krama. Salah sijine yaiku ater-ater
hanuswara {N-}. Tembung lingga ngoko kang oleh ater-ater hanuswara,
menawa didadekake bentuk krama racake uga bisa kasambungan ater-ater
hanuswara (N-) kasebut. Tuladha:
Tabel. 1. Tuladha tembung ngoko lan krama kang antuk ater-ater
hanuswara
No Tembung Ngoko Tembung Krama

1 mulang = {m- + wulang} mucal = {m- + wucal}


2 nyoba = {ny- + coba} nyobi = {ny- + cobi}
3 nyekel = {ny- + cekel} nyepeng = {ny- + cepeng}
4 nandur = {n- + tandur} nanem = {n- + tanem}
5 nyilih = {ny- + silih} ngampil = {ng- + ampil}
6 njaluk = {n- + jaluk} nyuwun = {ny- + suwun}
7. nggawa = {ng- + gawa} mbeta = {m- + beta}

Saka tuladha iku bisa dikandhakake menawa tembung ngoko kang


oleh ater-ater hanuswara, bentuk kramane uga bisa nganggo ater-ater
anuswara. Dene alomorfe ana kang ajeg lan ana kang owah, gumantung
aksara wiwitane tembung.
Saka tuladha (1) tekan (4) bisa dikandhakake menawa alomorf saka
ater-ater anuswarane tetep/ajeg. Dene ana ing tuladha (5) tekan (7)
alomorf saka ater-ater anuswarane ngalami owah-owahan. Owah-
owahaning alomorf iku gumantung marang aksara wiwitane tembung.
Upamane: ‘nyilih’ dadi ‘ngampil’. Tembung kramane tetep nganggo ater-
ater anuswara, ananging alomorf saka ater-ater anuswarane owah saka
{ny-} dadi {ng-}. Bab iku bisa dimangerteni amarga tembung “ampil”
kawiwitan aksara vokal /a-/.

2) Panambang
Panambang kang bisa dadi panandhaning tingkat tutur basa Jawa
yaiku panambang {-ipun/-nipun} lan {-aken/-kaken}. Panambang kasebut
bisa dadi panandhaning tembung (leksikon) krama, kalebu krama inggil
lan krama andhap, amarga panambang iku prasasat mesthi sumambung
ana ing leksikon-leksikon kasebut. Tuladha:
(1) Dhuwite Parjo disilih Adhine kanggo mbayar SPP. (ukara ngoko)
Artanipun Parjo dipunampil adhinipun kangge mbayar SPP. (ukara
krama lugu)
(2) Mbakyuku nulisake resep kanggo simbah (ukara ngoko)
Mbakyu kula nyerataken resep kangge simbah (ukara krama)
Saka ukara (1) – (2) bisa dikandhakake menawa panambang {-ipun}
kang ana ing tembung artanipun, {-aken} kang ana ing tembung
nyerataken, kalebu panambang kang dadi panandhaning leksikon krama.
Panambang {-ipun} lan {-aken} mesthi sumambung ana ing tembung
krama, krama inggil utawa krama andhap. Panulisane panambang iku
mesthi kagabung karo tembung linggane. Ana ing pacelathon padinan,
panganggone panambang {-ipun} lan {-aken} kang sumambung ing
leksikon krama, kalebu panambang kang kerep digunakake.
Panambang {-ipun} lan {-aken} kang biasane sumambung ana ing
bentuk krama, bisa uga sumambung ana ing leksikon utawa tembung
netral. Panambang {-ipun} lan {-aken} kang sumambung ana ing
tembung netral bakal ngowahi bentuk tingkat tuture dadi bentuk krama.
Tuladhane kaya kang kacetha ing ngisor iki.
(3) Sepedhanipun Mas Manto badhe dipunsade. (bentuk krama lugu).
(4) Artha ingkang kalawingi sampeyan titipaken kula, sampun kula
bayaraken. (bentuk krama lugu).
Saka data nomer (4) lan (5) bisa dikandhakake menawa panambang {-
ipun} lan {-aken} bisa rumaket ana ing tembung netral. Tembung
‘sepedha’, ‘titip’, lan ‘bayar’ kalebu tembung netral. Nanging menawa
kapanjingan panambang {-ipun} lan {-aken} bakal malih dadi bentuk
krama.
Panambang liyane kang uga bisa dadi panandhaning bentuk tingkat
tutur, yaiku panambang {-a}. Panambang iki lumrahe kanggo ndhapuk
tembung kriya kang ngemu teges pakon (akon supaya wong liya
nindakake pakaryan kaya kang dikarepake). Panambang iku menawa
sumambung ing tembung ngoko utawa netral, dadi bentuk ngoko. Dene
menawa arep didadekake bentuk krama, panambang iku bakal
owah/malih dadi tembung sesulih kang manggone ana sangarepe
tembung kriya mau. Owah-owahan panambang iku bisa kawaspadakake
ing tuladha ngisor iki.
(5) a. Tulung mangkata saiki supaya ora telat. (bentuk ngoko)
b. Tulung sampeyan bidhal sakmenika supados boten telat. (bentuk
krama lugu).
Saka tuladha (5a). iku bisa dikandhakake menawa bentuk ‘mangkata’
kang asale saka tembung {mangkat + -a}, panambang {-a} bakal malih
dadi tembung sesulih purusa yaiku madyama purusa “sampeyan utawa
panjenengan”, lan manggone ana sangareping tembung kriyane.
Panambang iku ora bisa sumambung ana ing tembung krama. Upamane
tembung {bidhal + -a} dadi bidhala. Bentuk kang mangkono iku mau
kalebu ora lazim.

b. Panandhaning Tembung Krama Dudu Morfologis (Non Morfologis)


Panandhaning bentuk tembung ing sajroning tingkat tutur basa Jawa,
saliyane sacara morfologis, uga ana kang kalebu panandha dudu morfologis
(non morfologis). Bab iki bisa dimangerteni amarga ora nduwe paugeran
kang gumathok utawa ora kabeh tembung bisa katrepake paugeran iku.
Panandhaning tembung krama kang dudu pananda morfologis iku bisa
awujud owah-owahaning swara vokal lan owah-owahaning wanda (suku
kata) (Sasangka, 2007: 84). Dene tuladha-tuladhane bakal kaandharake ing
ngisor iki.
1) Tembung kang pungkasane vokal [ͻ] malih dadi [ten] ing tembung krama
Ngoko Krama
Semana Semanten
Suwara Suwanten
Wicara Wicanten
Sedaya Sedanten
Kira Kinten

2) Tembung kang wanda pungkasane [ti] utawa [tin] malih dadi [tͻs] ing bentuk
krama
Ngoko Krama
Bantin Batos
Ganti Gantos
Ngerti Ngertos
Ati-ati Ngatos-atos
Gemati Gematos
Prihatin Prihatos
Wigati Wigatos

3) Tembung kang wanda pungkasane [ri] malih dadi [ntun] ing bentuk krama
Ngoko Krama
Pari pantun
Lemari Lemantun
lestari Lestantun
Mari Mantun
Keri Kentun

4) Vokal [ri] malih dadi [ntun]


Ngoko Krama
Pari pantun
Lemari Lemantun
lestari Lestantun
Mari Mantun
Keri Kentun

Panandhaning tembung krama kang ‘dudu morfologis’ (non morfologis) kaya


tuladha iku pancen bisa kabedhek (diramalkan). Ananging sejatine paugeran iku mau
amung bisa katrepake ana ing tembung kang gunggunge kawates. Tegese umpane
arep ngowahi tembung dadi tembung krama ora mesthi kabeh bisa nganggo paugeran
kaya mengkono iku. Dadi bisa dikandhakake yen panandhaning tembung krama
nganggo paugeran ‘dudu morfologis’ iku amung bisa kapatrapake ing tetembungan
tartamtu, utawa amung kawates tumrap tetembungan tartamtu lan ora bisa
kapatrapake sacara umum.

3. PANDHAPUKING PAMILIHING KRAMA LUGU


a) PAUGERAN
Basa krama lugu uga disebut basa krama (tanpa tembung lugu).
Miturut Harjawiyana lan Supriya (2013:85) panganggone basa krama iku
tumrap:
a. Wong loro utawa luwih sing statuse kurang luwih padha, kalorone
ajen-ingajenan, ora patia urmat banget.
Tuladha:
Pak Rahmat dosen ing Universitas Maju Makmur, Pak Budi uga
dosen ing UNS. Loro-lorone lair taun 1985 lan ketampa nyambut
gawe ing taun kang padha.
Pak Budi : “Panjenengan ajeng mucal Pak?”
Pak Rahmat : “Inggih Pak. Eh Panjenengan sampun maos
wara-wara ingkang pungkasan?”
Pak Budi : “Wara-wara ingkang pundi Pak? ingkang
media menika?”
Pak Rahmat : “Nggih Pak. Panjenengan sampun damel
Pak?”
Pak Budi : “Boten damel Pak. Kula tumbas dhateng
Puskom. kathah sing sadean.”

b. Wong sing statuse luwih andhap, nanging ora kulina ketemu, utawa
sing wis kulina ketemu nanging duwe karep kanggo ngajeni.

PACELATHON 4
Pak Marsudi Utomo dan Pak Susilo sedang menonton wayang orang. Mereka
duduk berdampingan sambil menunggu pertunjukan dimulai. Mereka
membicarakan lakon dan tokoh utama yang akan tampil. Mereka juga
mengomentari layar, panggung dan niyaga atau penabuh gamelannya.
Pak Marsudi Utomo: Lampahanipun dalu menika menapa, Mas?
Pak Susila : Petruk Dados Ratu.
Pak Marsudi Utomo: We... lha... sae menika.
Pak Susilo : Menapa panjenengan sampun nate mirsani ringgit
tiyang?
Pak Marsudi Utomo: Dereng, nggih nembe sepisan
menika. Pak Susilo : Kula sampun meh kaping sedasa.
Pak Marsudi Utomo: Menawi ningali ringgit wacucal kula sampun
asring. Pak Susilo : Wah... sampun kaping kathah, nggih.
Pak Marsudi Utomo: Ingkang dados Petruk dalu menika sinten, Mas?
Pak Susilo : Dalu menika ingkang dados Petruk Mas Surono.
Pak Marsudi Utomo: Pak Surono menika menapa dhapukanipun Petruk?
Pak Susilo : Inggih. Pak Surono menawi dados Petruk patut sanget.
Mboten wonten ingkang saged ngalahaken. Tiyang-tiyang sami marabi
piyambakipun Pak Surono Petruk.
Pak Marsudi Utomo: Menapa Mas Susilo sampun tepang kaliyan Pak Surono
Petruk?
Pak Susilo : Kaliyan Mas Surono?
Pak Marsudi Utomo: Inggih.
Pak Susilo : Sampun, sampun dangu. Antawis sampun
sangangtaunan.
Pak Marsudi Utomo: Lha... menika Nak Joko kok mboten
ndherek? Pak Susilo : Nembe wonten pedamelan, Mas.
Pak Marsudi Utomo: Menika keliripun sampun dipunbikak,
Mas. Pak Susilo : Wah... panggungipun wiyar sanget.
Pak Marsudi Utomo: Niyaganipun cakrak-cakrak tur taksih enem-enem.
Pak Susilo : Mugi-mugi kemawon paraganipun ugi bregas-bregas.
Pak Marsudi Utomo: Dhalangipun ingkang pundi, nggih?
Pak Susilo : Menika, ngajeng piyambak, ingkang dhodhoki kothak.
DAFTAR KATA
Krama Terjemahan
antawis sekitar, kira-kira
asring Sering
bikak Buka
bregas Gagah
cakrak tampan, ganteng
dados menjadi, mcmerankan
dalu Makm
dhapukan Peran
enem Muda
kelir Layar
kothak kotak (terbuat dari kayu)
lampahan Cerita
marabi memberi julukan
meh Hamper
menika ini, itu
mugi-mugi mudah – mudahan
nate Pernah
ndhodhog memukul, mengetuk
nembe 1 baru; 2 sedang
ngajeng Depan
ngalahaken mengalahkan
niyaga penabuh, pemusik
paraga pemain
patut cocok, sesuai
pedamelan pekerjaan
piyambakipun dia, beliau
pundi mana
ringgit wayang
sanga Sembilan
sangangtaunan kira-kira sembilan tahun; sembilan
tahunan
sedasa sepuluh
sepisan sekali
wacucal kulit
wiyar lebar
c. Sesorah kang asipat umum sing ora nganggo unggah-ungguh marang
golongan tartamtu.

Tuladha Atur Pambagya Harja Supitan

Assalaamu'alaikum Wr. Wb.


Kawula nuwun, dhumateng panjenenganipun para sesepuh, para pinisepuh
ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautaman, ingkang pantes
pinundhi saha kinabekten. Menapa dene
panjenenganipun para tamu kakung sumawana putri, ingkang dahat kalingga
murdaning akrami.
Katentreman, kabagyan saha karahayon kagunganipun Gusti Ingkang Maha
Mirah, mugi tansah lumintu dhumateng panjenengan sadaya, hangluberana
dhumateng kawula. Kanthi linambaran pepayung budi rahayu, sinartan
hangunjukaken raos suka syukur dhumateng Gusti Ingkang Murbeng Dumadi,
mugi pinarengna kawula cumanthaka mangrurah pradataning pasamuan, label
kawula badhe minangkani panyuwunipun kadang kula anem adhimas Budi
Waluyo sarimbit garwa, kinen hangaturaken menggah wudharing gantha,
babaring sedya, wigatosing gati pahargyan prasaja ing ratri kalenggahan punika.
Minangka purwakaning atur sinawung raos bombong saha mongkoking manah,
adhimas Budi Waluyo ngaturaken sugeng rawuh, sinarengan raos panuwun
ingkang tanpa pepindhan, awit karawuhan panjenengan sami. Ing salajengipun
mugi sakecakna pinarak ing palenggahan, kanthi mardu-mardikaning penggalih
ngantos dumugi paripurnaning pahargyan.
Wondene menggah wosing gati, gatining sedya wontenipun pahargyan prasaja ing
dalu kalenggahan punika, sanadyan sampun kawuningan ing serat sedhahan
miwah ing warta Ingkang binandhunging kama, namung dereng lega raosing
manah menawi dereng kaaturaken wonten ngarsanipun para tamu ngiras pantes
nyuwunaken tambahing puji donga Ian pangestu. Inggih awit saking rahmating
Gusti, saha sinurung puji donga saking para sepuh, kadang kula anem adhimas
Budi Waluyo sampun kelampahan nindakaken kuwajibanipun tiyang sepuh,
ingkang ginadhuhan atmaja kakung sampun ndungkap wahyaning dewasa, mila
hanggadhahi kuwajiban netepi dhawuhing agami, ngislamaken/ nyupitaken putra
kakung ingkang pambayun, nami pun Budi Waluyo.
Wondene tumapaking pugut rejang hernowo supit, sampun kelampahan kalawau
sonten wanci tabuh gangsal, kanthi rahayu wilujeng kalis ing sambekala, awit
saking pangayomaning Gusti. Ingkang punika adhimas Budi Waluyo kekalih,
nyuwun tambahing donga pamuji, mugi-mugi anak kula Aris enggal saras saking
panandhang, miwah ical sukerta papa cintrakanipun, kantuna manggih bagya
mulya, dados lare ingkang susila, utama, miwah piguna dhumateng bangsa,
murakabi dhumateng sesami.
Kaleksananing pahargyan ing kalenggahan punika saget kalampahan, karana sih
pambiyantunipun para sanak kadang, pawong mitra, tangga tepalih, saha
panjenenganipun para tamu ingkang sampun kepareng paring pisumbang awujud
punapa kemawon, ingkang sanyata saged hangenthengaken sesanggeman,
ingkang punika kadang kula anem adhimas Budi Waluyo kekalih, ngaturaken
gunging panuwun ingkang tanpa pepindhan, mugi-mugi sih kadarman
panjenengan dados ngamal kasaenan, saengga pikantuka leliru ingkang satraju,
miwah bebingah ingkang malimpah-limpah.
Minangka puputing atur, sanadyan pahargyan punika ing tebih saderengipun
sampun rinantam, ewa semanten taksih wonten kekiranganipun, inggih awit
saking rupeg Ian cupeting kawontenan ingkang sarwa prasaja, lugas datanpa
pepaes, miwah boja krama ingkang boten saged anuju prana, anuh ingkang kirang
wanuh, lungguh ingkang kirang mungguh, suguh ingkang kirang lawuh, anggen
kawula hanampi menggah kerawuhan panjenengan sami, mawantu-wantu
panjenenganipun adhimas Budi Waluyo nyenyadhang lumunturing sih samodra
pangaksami.
Semanten ugi, kawula ingkang piniji mangarsa ngabyantara para tamu, hambok
bilih wonten kirang subasita, anggen kawula magut wicara, hangrakit basa,
kupatjanure klapa menawi lepat nyuwun pangapura.
Aakhirul kalam, billahi taufikwal
hidayah, Wassalaamua'alaikum Wr. Wb.
(sumber: Soedirjo, 2002: 112-113)

b) TULADHA PACELATHON
Ing ngisor iki bakal kawedharake pacelathon-pacelathon kang
nggunakake basa krama.
1) Pacelathon 1
Roni lan Ratna: “Assalamualaikum.”
Pak Lurah : “Waalaikumsalam. Mangga-mangga mlebet.”
Roni : “Inggih Pak.”
Roni : “Mekaten Pak, tepangaken nama kula Roni,
menika kanca kula.”
Ratna : “Nama kula Ratna.”
Pak Lurah : “Njih Mas Mbak, kepripun? Apa sing bisa dak
bantu?”
Ratna : “Mekaten Pak, kula saking RW 2. Kula
kekalih badhe ngampil sinjang kangge lomba
Kartini. Kados pundi Pak?”
Pak Lurah : “Oh iya. Nanging saiki jarike ora nang ngomah.”
Roni : “Nggih Pak, boten menapa. Lha saged kula
pendhet kapan?”
Pak Lurah : “Dina Jumat ya.”
Ratna : “Inggih Pak, maturnuwun.”

Ing pacelathon ndhuwur kuwi tetengere basa krama yaiku anane


tembung-tembung kayadene kepripun, sinjang, pendhet.

2) Pacelathon 2
Pak Marsudi Utomo sedang berkunjung ke rumah Pak Susilo.
Kebetulan hari sudah siang. Pak Susilo menawari dan mengajak Pak
Marsudi Utomo untuk makan siang bersama. Joko Utomo, anak Pak
Susilo, juga ikut makan bersama.
Pak Susilo : Mas Marsudi, mangga dhahar rumiyin.
Matur nuwun. Saking griya sampun nedha kok,
Pak Marsudi
: Mas.
Pak Susilo : Mangga ta, ngedhapi kemawon.
Inggih mangga, mangga. Nak Joko, mangga
Pak Marsudi
: lenggah ngriki.
Joko Utomo : Inggih, Pak, mangga.
Nyuwun pangapunten, namung sak
Pak Susilo
: wontenipun, Mas.
Pak Marsudi : Wah mboten, menika kepara dhahar eca.
Pak Susilo : Mangga tempe bacemipun, eca lho menika.
Pak Marsudi : Inggih. Ngasta piyambak, menika?
Pak Susilo : Inggih. Ibunipun lare-lare ingkang ndamel.
Mangga, Pak Marsudi, sambelipun nyamleng
Joko Utomo
: menika.
Wah nyuwun pangapunten, Nak. Kula mboten
Pak Marsudi wantun nedha pedhes. Nak Joko remen sambel,
: ta? Dhahari- pun ketingal ndemenakaken.
Pak Susilo : Joko, mangane aja kecap! Saru!
Joko Utomo : Inggih, nuwun sewu.
Pak Susilo : Mangga, Pak Marsudi, tanduk dhaharipun.
Pak Marsudi : Inggih, matur nuwun, sampun tuwuk saestu.

DAFTAR KATA
krama terjemahan
dhahar makan
eca enak
griya rumah
ibu ibu
kecap makan dengan bersuara
kepara justru
ketingal kelihatan
lare-lare anak-anak
lenggah duduk
mboten tidak
ndamel membuat
ndemenakaken wantun tampak
berselera, nikmat
Nedha makan
Ngasta membawa
ngasta piyambak membuat sendiri
Ngedhapi mencicipi
Nyamleng sedap sekali
nyuwun pangapunten maaf, mohon maaf
Pedhes pedas
Saestu sungguh
sak wontenipun seadanya
Saking dari
Sambel sambal
Tanduk tambah
tempe bacem tempe bacem
Tuwuk kenyang
Wanton berani
3) Pacelathon 3
Bu Atik : Nuwun sewu, Bu. Nyuwun pirsa, peken ingkang celak wonten
pundi?
Bu Budi : Peken Sentul. Mboten tebih saking ngriki. Cobi teras kemawon,
lajeng wonten prasekawanan tindak ngidul. Ing ngriku mangke
wonten Kantor Kelurahan. Jejeripun Peken Sentul. Ketingal
ramenipun. Dados Peken Sentul prenahipun wonten sisih ler
Kantor Kelurahan.
Bu Atik : Menapa samenika dereng bibar?
Bu Budi : Dereng. Bakul-bakul padatan sami kukud jam sekawan sonten.
Bu Atik : Kula ugi badhe dhateng apotek tumbas jampi watuk.
Bu Budi : Wonten Apotek Waras ing kilenipun prasekawanan wau.
Bu Atik : Yen mekaten, kula kedah wangsul ngaler malih, lajeng
menggok ngiwa?
Bu Budi : Inggih, leres. Apotek menika mboten tebih saking
prasekawanan, kinten-kinten satus meter, sisih tengen margi.
Bu Atik : Matur nuwun. Kepareng rumiyin, Bu.
Bu Budi : Mangga ndherekaken.

DAFTAR KATA

krama terjemahan

bakul penjual di pasar


bibar bubar
celak dekat
cobi coba
dados jadi
dereng belum
dhateng pergi ke
jampi obat
jejer sebelah
kedah harus
kidul selatan
kilen (krama) barat
kinten-kinten kira-kira
kukud Berbenah
kulon (ngoko) Barat
lajeng Lalu
ler (krama) Utara
lor (ngoko) Utara
margi Jalan
mekaten begini/begitu
menapa Apa
menggok Belok
ngaler ke utara
ngidul ke selatan
ngiwa ke kiri
ngriku di situ
nyuwun pirsa mohon Tanya
padatan Biasanya
peken Pasar
prasekawanan perempatan
prenah tepat
rame ramai
samenika sekarang
satus seratus
Sekawan empat
Sisih sebelah
Sonten sore
Tebih jauh
Tengen kanan
Teras terus
Tindak berjalan, pergi
Tumbas beli
Ugi juga
Wangsul kembali; berbalik; pulang
Watawis kira-kira
Watuk batuk
Wau tadi
Wetan timur
wonten pundi di mana

E. Rangkuman
Krama lugu yaiku jinising ragam tingkat tutur basa Jawa kang
tembung-tembunge kabeh krama, ater-ater lan panambange uga krama. Krama
lugu uga diarani kramantara, iku racae kanggo gunemane wong lumrah padha
wong lumrah, utawa wong tuwa marang wong nom sing tanpa pangkat (dudu
sadulure dhewe). Tembung krama iku dhewe nduwe panandha tembung,
yaiku bisa sacara morfologis sarta dudu morfologis. Sacara morfologis yaiku
bisa katitik saka panganggone wuwuhan, tuladha wuwuhan kang dadi titikane
tembung krama yaiku {dipun-}, {-ipun} lan {-aken}. Dene panandha dudu
morfologis tuladhane ana bentuk tembung kang pungkasane dadi [en] kang
bisa nandhani bentuk kramane. Tuladha: semana dadi semanten, sedaya dadi
sedanten, lan sapanunggalane.

DAFTAR PUSTAKA

Harjawiyana, Haryana dan Supriya, Th. 2009. Kamus Unggah Ungguh Basa Jawa.
Yogyakarta: Kanisius
Marmanto, Sri. 2012. Pelestarian Bahasa Jawa Krama di Kota Surakarta. Surakarta:
UNS Press.
Sasangka. Sry Satria Tjatur Wisnu. 2007. Unggah-Ungguh Bahasa Jawa. Jakarta:
Paramalingua
Soedirjo, Wignyo. 2002. Tuladha Tanggap Wacana Basa Jawi. Grafika Mulia.

Anda mungkin juga menyukai