Anda di halaman 1dari 2

Carane ngarang parikan

Sing dikarang luwih dhisik ukara kapindho, yaiku sing isi ngese utawa Wose. Ukarane kadedean saka 4 wanda + 4 Wanda, utawa 4 wanda + 8 wanda + 8 wanda.Sawise rampung pangarange ukara kapidho, banjur ngarang ukara kapisan, yaiku ukara kang mung dianggo purwaka. Kehing wandane pada karo ukara kapindho, lan dhapukane kudu mujudake purwakanthi guru swara karo ukara sing kapindho.

1.

A.

Wangsalan

Wangsalan kuwi tetembungan ing ukara sing disamun kayadn cangkriman utawa batangan kasebut ing ukara candhak mung dicangking wandan ba utawa unen-unen kang awujud cangriman kang batange ana ing njero unen-unen kuwi. Wangsalan dianggo ana pacelathon saben dinane. Wangsalan bisa diprang telu yakuwi: wangsalan sajroning pacelathon, wangsalan di pni lan wangsalan awujud tembang.

Wangsalan jroning pacelathon


Njanur gunung, kadingarn dolan mrn? (janur gunung = arn) Ngrokok cendhak, bocah cilik ora kena neges-neges (rokok cendhak = tegesan) Jenang gula, aja lali (jenang gula = glali) Nggodhong garing, suk-suk kokwisnglaras (godhong garing = klaras) Balung klapa, thok-thok ora ngerti (balung klapa = bathok) Balung geni, mbokmenawa aku ora bisa teka (balung geni = mawa) Balung janur, sida lunga apa ora? (balung janur = sada) Balung pakl, aja seneng alok-alok (balung pakl = pelok) Jangan gori, nganti judheg anggonku mikir (jangan gori = gudheg) Bocah cilik ora pareng ngrokok cendhak, saru kuwi kok neges-negesi barang (ngrokok cendhak = tegesan; neges-negese) Esuk-esuk kokwisnggodhong garing, kepenak tenan anggone nglaras. (godhong garing = klaras; nglaras)

Wangsalan di pni

Carang wreksa, wreksa wilis tanpa patra. Ora gampang wong urip ing alam donya. (carang wreksa = pang, wreksa wilis tanpa patra = wit kayu urip)

Kolik priya, wanara Anjani putra. Tuhu man, wong anom wedi kanglan (kolik priya = tuhu, Anjani putra = Anoman)

Wangsalan awujud tembang


Kinanthi linging pitutur, kenthang rambat menyan putih, awasna dipun pratla. Nolha wiranging wuri, cecangkok wohing kalapa, kang dadi pathoking urip. - kenthang rambat = tla - menyan putih = wlirang - cecongkak wohing kalapa = bathok

Anda mungkin juga menyukai