Anda di halaman 1dari 7

Nama :.........................................

PEMERINTAH KABUPATEN BANYUMAS


DINAS PENDIDIKAN
SEKOLAH DASAR......................................

PENILAIAN TENGAH SEMESTER 2 SEKOLAH DASAR


TAHUN PELAJARAN 2019 /2020

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa


Kelas : III ( Tiga )
Hari / Tanggal : Kamis, 5 Maret 2020
Waktu : 90 menit ( 07.30 – 09.00 )
------------------------------------
PITUDUH :
1. Tulisen jenenganmu ana ing sisih tengen nduwur!
2. Wacanen saben pitakon kanthi premati!
3. Garapen luwih dhisik pitakon sing kok anggep luwih gampang!
4. Tlitenen garapanmu sakdurunge kok aturake marang Bapak utawa Ibu Guru!
---------------------------------------------------------------------------
I. TENGERANA PING (X) NENG AKSARA A,B,C UTAWA D MINANGKA WANGSULAN SING
BENER!
KD 3.1 ( Nomor 1-10 )
Wacanen tembang macapat ngisor kiye nggo mangsuli pertakonan nomor 1-5!
Pucung
Bapak Pucung renteng-renteng kaya balung
Dawa kaya ula
Pencokanmu wesi miring
Sing desaba si pucung mung turut kutha

1. Irah-irahane tembang neng ndhuwur, yakuwe….


A. Jaranan
B. Kinanthi
C. Macapat
D. Pucung

2. Cacahing gatra tembang Pucung ana … .


A. 2
B. 3
C. 4
D. 5

3. Padhekan tembang Pucung neng ndhuwur, yakuwe….


A. becak
B. sepur
C. motor
D. bis
4. Bapak Pucung mencok ana ing….
A. saba kutha
B. wit-witan
C. wesi miring
D. saba alas
5. Papan panggonan kanggo mandheg sepur yakuwe ….
A. stasiun
B. terminal
C. bandara
D. pelabuhan

Gatekna crita neng ngisor kiye nggo mangsuli pertakonan nomor 6-8!
Ana murid jenenge Yadi. Dheweke siki kelas telu SD. Yadi kuwe bocah temen. Saben esuk
ngrewangi wong tuwane. Sedurunge mangkat sekolah, Yadi ngrewangi dodolan panganan. Malah nek
dina Minggu utawa dina liburan sekolah, dheweke ngideraken panganan. Panganan sing diideraken
yakuwe gedhang goreng lan mendhoan.
Saka dodolan, Yadi bisa ulih dhuwit. Dhuwite diaturaken maring biyunge. Saben ngaturaken dhuwit,
Yadi diparingi duit sekang biyunge. Dhuwit kuwe disimpen. Wiwite mung sethithik. Nanging nalika
celengan dibukak, dhuwite dadi akeh. Yadi bungah banget nduwe dhuwit akeh.
6. Yadi siki kelas….
A. loro
B. telu
C. papat
D. lima

7. Yadi kuwe klebu bocah….


A. temen
B. sembrana
C. nakal
D. sombong
8. Panganan sing diideraken Yadi yakuwe….
A. kacang
B. roti
C. mendhoan
D. bubur

9. Aku karo Siti ngesuk arep maring Semarang … sepur.


Tembung kang mathuk kanggo nggenepi ukara ana dhuwur yakuwe … .
A. nunggang
B. numpak
C. nitih
D. mangkat
10. Angger matur karo wong tuwa nganggo basa….
A. krama
B. ngoko
C. kasar
D. galak
KD 3.2 ( Nomor 11-20 )
Wacanen crita nang ngisor kiye nggo mangsuli pertakonan nomor 11-14 !
Menang Lomba Nembang
Dina Minggu ngarep, Hanum bakal melu lomba nembang neng Alun-Alun Banyumas. Lomba kuwe
nggo mengeti dina kamardikan. Seurunge lomba kuwe, Hanum sregep blajar nembang karo biyunge nang
umah. Biyunge prentah Hanum carane nembang sing apik. Hanum kon nembang sing bener.
Dina minggu, Hanum maring Alun-Alun Banyumas karo bapak lan biyunge. Seurunge mlebu
panggonan lomba, Hanum nyuwun didongakna. Nalika nembang, Hanum seru lan cetha. Juri seneng karo
carane Hanum nembang. Hanum menang lomba nembang.
11. Lomba sing dianakena nang Alun-Alun Banyumas yakuwe ….
A. nembang
B. nari
C. bal-balan
D. voli
12. Lomba nembang kuwe dianakna nang dina….
A. Senen
B. Rebo
C. Kemis
D. Minggu
13. Lomba nembang dianakake kanggo mengeti dina ….
A. Pahlawan
B. Sumpah Pemuda
C. Kamardikan
D. Pendhidhikan
14. Sing nglatih nembang Hanum nang ngumah yakuwe….
A. biyunge
B. bapake
C. mbekayune
D. adhine
15. Ukara karma alus nang ngisor kie sing bener, yakuwe….
A. Bapak karo biyung mangkat maring Bandung.
B. Bapak karo biyung pangkat maring Bandung.
C. Bapak kaliyan biyung tindak dhateng Bandung.
D. Bapak karo biyung mangkat meng Bandung.
16. Lurugan bal-balan sing pol-polan jenenge ….
A. babak penyisihan
B. babak sepisan
C. babak seperempat
D. babak final
17. Adhine Jono cokan dewadani ciwek. Tegese tembung ciwek yakuwe ….
A. gambreng
B. mrengut
C. sombong
D. galak
18. Basa kramane mata yakuwe….
A. samparan
B. peningal
C. grana
D. asta
19. “Bapak mundhutaken Hanum hadiah” tembung mundhutaken tegese….
A. nyilihaken
B. ngedolaken
C. nukokaken
D. mbuangaken
20. Crita pengalaman sing bener iku dilakoni dening….
A. bapake
B. biyunge
C. mbekayune
D. awake dhewek

II. ISENANA TITIK-TITIK NING NGISOR KIYE!


KD 3.1 ( Nomor 21-25 )
Wacanen tembang macapat ngisor kiye nggo mangsuli pertakonan nomor 21-24!
Pucung

Bapak Pucung gedhe dhuwur sikil bumbung


Siyunge kang dawa
Kuping amba mripat cilik
Yen lumaku si Pocung lembean grana
21. Tembang Pucung klebu tembang ….
22. Tembung grana neng tembang pucung tegese ….
23. Tembang Pucung nang ndhuwur bedhekane kewan ….
24. Bumbung digawe sekang ….
25. Basa ngokone mripat yakuwe ….

KD 3.2 ( Nomor 26-30 )


26. Plesiran maring Baturaden klebu pengalaman sing ….
27. Bayu wedi numpak motor. Tembung wedi kosok baline….
28. Wong sing ana nang crita diarani ….
29. Paiman urung teka. Ukara kuwe nganggo basa ….
30. Pangalamane Siti sing slalu ngrewangi wong tuwane, nuduhaken yen Siti bocah….

III. WANGSULANA PERTAKONAN NENG NGISOR KIYE!


KD 3.1 ( Nomor 31-33 )
31. Gawekna ukara nganggo tembung sepur !
Wangsulan :

32. Apa tegese tembang Pucung sing nggambarna gajah ?


Wangsulan :
33. Gawekna ukara sekang gambar nang ndhuwur kiye !
Wangsulan :

KD 3.2 ( Nomor 34-35 )

34. Tulisna telu wajibe anak maring wong tuwa !


Wangsulan :

35. Sebutna telu peraga sing ana neng crita “ Menang Lomba Nembang “!
Wangsulan :
PEMERINTAH KABUPATEN BANYUMAS
DINAS PENDIDIKAN
SEKOLAH DASAR......................................

PENILAIAN TENGAH SEMESTER 2 SEKOLAH DASAR


TAHUN PELAJARAN 2019 /2020

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa


Kelas : III ( Tiga )
------------------------------------
KUNCI JAWABAN

I.Pilihan Ganda
1.D 11.A
2.C 12.D
3.B 13.C
4.C 14.A
5.A 15.C
6.B 16.D
7.A 17.A
8.C 18.B
9.B 19.C
10.A 20.D

II. Isian
21. macapat.
22. irung.
23. gajah
24. pring
25. mata
26. seneng
27. wani
28. peraga
29. ngoko
30. sregep

III. URAIAN
31. Aku karo Siti arep maring Semarang numpak sepur. ( kebijakan guru )
32. Kuping amba mripat cilik.
33. Paiman karo Jono lagi bal-balan nang lapangan.
34. ngormati wong tuwa, manut karo wong tua, ora sembrana karo wong tuwa ( kebijakan guru )
35. Hanum, biyunge, bapake.
PEDOMAN PENILAIAN

I. Pilihan Ganda : 20 x 1 = 20

II. Isian : 10 x 2 = 20

III.Uraian : 5 x 3 = 15

Nilai Akhir = Skor yang diperoleh x 100


55

PEMETAAN KD DAN PENYEBARAN SOAL KURIKULUM 2013


PENILAIAN TENGAH SEMESTER 2 SEKOLAH DASAR
TAHUN PELAJARAN 2019/2020

BAHASA JAWA KELAS III ( TIGA )

Bentuk Soal
NO MAPEL KD Pilihan Ganda Isian Uraian KET
Jml Nomor Jml Nomor Jml Nomor
1. Bahasa Jawa 3.1 10 1,2,3,4,5,6,7,8,9,10 5 21,22,23 3 31,32,33
24,25
3.2 10 11,12,13,14,15,16, 5 26,27,28, 2 34,35
17,18,19,20 29,30

Anda mungkin juga menyukai