Anda di halaman 1dari 2

TEKS PIDATO BAHASA JAWA

Assalamualaikum Wr.Wb.
Merdeka..........!!!!! Merdeka..........!!!!! Merdeka..........!!!!!
Ingkang kawulo mulyaaken
Ingkang kinurmatan Bapak/Ibu dewan juri
Mboten supe rencang-rencang peserta lomba pidato basa jawi ingkang kawulo tresnani
Monggo, wonten ing wekdal puniko, kita sesarengan sami muji syukur dhumateng
ngarsonipun gusti ingkang moho agung Alloh.
Dene kito tansah pinaringan rahmat, taufik soho hidayahipun, katitik ing wekdal puniko kito
saged makempal wonten ing pawiwahan puniko, kanthi mboten wonten aral satunggal
punopo.
Shalawat soho salam, konjuk atur dhumateng junjungan kito Nabi Agung Muhammad SAW.
Mugi-mugi kito sedoyo pikantuk syafaatipun mbenjang wonten ing yaumul qiyamah. Amin.
Para rawuh ingkang kawulo hormati,
Rahmating Alloh SWT awujud kemerdekaan puniko mboten ujug-ujug dhawah saking
nglangit, mboten. Kemerdekaan rahmating Alloh SWT, kita upadi kanthi sarana perjuangan.
Kanthi kito tebus pengurbanan banda, tenaga lan jiwa. Sapinten pengurbanan ingkang awujud
jiwaning para pahlawan kemerdekaan, bebasan tanpa wilangan. Mila, dinten punika kita sami
ngawontenaken pengetan dinten kamardhikan, lenging manah amung :
Sepindah : Nelakaken sanget ing syukur kito dhateng Allah SWT ingkang sampun kepareng
paring kanugrahan arupi kamardhikan bangsa.
Kalih : Kito kepingin ngenget-enget lelabetanipun para pahlawan ingkang sampun dados
tumbaling kamardhikan.
Tigo : Kita lajengaken perjuanganipun para pahlawan, nyampurnakaken hasil perjuangan
kanthi ambangun nagari mardhika puniko amrih reja lan makmuripun. Kita kedah rumaos
dosa, purun nampi warisan, nanging mboten kuwaris ngopeni lan miyara.
Para sedherek sedoyo :
Mangga ing kalodhangan puniko kita sami ngunjukaken puji syukur dhumateng pangeran
sarto ndedonga kagem para pahlawaning bangsa, amrih lelabetanipun katampi lan
kapoaringan pinwales deneng Alloh SWT.
Mekaten tanggap wacana kulo ing pengetan tanggap warso dinten proklamasi kamardhikan
ingkang kaping 69. cekap semanten atur kawulo sedoyo atur, tindak tanduk sholah bowo
ingkang kirang mranani wonten ing penggalih panjenengan kawulo nuwun agungingsih
samudra pangaksami.
Merdeka..........!!!!! Merdeka..........!!!!! Merdeka..........!!!!!
Wassalamualaikum Wr.Wb.

Anda mungkin juga menyukai