Anda di halaman 1dari 2

embukaan Pidato Halal Bihalal

Assalamualaikum

Wr.

Wb.

Nuwun, Bapak Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, Bapak Ibu Guru saha karyawan ingkang
kula
kurmati,
sarta
para
kanca
ingkang
tansah
bagya
mulya.
Kanti rahmat sarta barokahipun Allah Ingkang Maha Agung, katitik ing wekdal menika kita
sedaya saged makempal manunggal ing wekdal lan ing papan ngriki, kanthi wilujeng kalis nir
ing
sambekala.
Keparenga kula ingkang pinji minangka wakil saking para siswa, ngaturaken sugeng nyadi,
nyuwun pangampunten sedaya kalepatan kula sekanca dhumateng Bapak lan Ibu Guru. Mugi
Gusti nampi pangapunten kula lumantar panjenengan sedaya. Gusti Allah mugi nampi amal
ibadah kita, tansah ngluberaken karahayon, kabagyan, katentreman, lan keslametan dhateng
kita sedaya. Amin
Isi Pidato Halal Bihalal
Mugi-mugi acara Halal Bihalal iki dados sarana nglebur dosa antawisipun sesame, ingkang
rumaos lepat mboten kaambali malih ing wekdal candhakipun. Awit kalepatan, dosa, khilaf
menika sandhanganipun tiyang gesang, sumangga kita sedaya tepa salira, amrih gesang kita
tansah
bagya
mulya.
Mugi kanthi wontenipun acara menika ngemutaken kita sedaya sageda tansah tumindak
ingkang sae dhateng sesame, ajen-ingajenan, tresna-tinresnanan ing antawisipun ingkang
mudha dhateng tiyang sepuh, utawi dhateng sesamining para mudha. Adhedhasar tata krama
ingkang
sae,
ndadosaken
silaturahmi
saged
lumampah
kanthi
lancar.
Wonten tetembung menawi silaturahmi menika saged manjangaken yuswa. Pramila
sumangga acara menika saestu nambahi seserepan tumrap kita saengga kita saged gesang ing
madyaning bebrayan kanthi sae lan tansah nindakaken silaturahmi kanthi sae dhateng sesame.
Penutup Pidato Halal Bihalal
Cekap semanten atur kula, menawi wonten kaduking wicara saha solah bawa ingkang mboten
ndadosaken rena ing penggalih Bapak Ibu Guru, karyawan saha para kanca, kula nyuwun
pangaksama.
Nuwun.
Wassalamualaikum Wr. Wb.

Akhirnya selesai sudah saya menuliskan contoh teks pidato bahasa jawa acara halal bihalal
di atas, pidato halal bihalal ini juga sangat cocok untuk adik-adik siswa maupun siswi yang
ingin mengadakan acara halal bihalal. Semoga contoh teks pidato ini bermanfaat bagi sahabat
dan semoga dengan adanya acara halal bihalal kita semua dapat mempererat tali persaudaraan
serta terciptanya masyarakat yang senantiasa mencintai silaturahmi.

Anda mungkin juga menyukai