Anda di halaman 1dari 6

1

BUPATI SEMARANG

SAMBUTAN BUPATI SEMARANG


ING ADICORO
SOSIALISASI GERAKAN BULAN SADAR RUMAH BER-IMB

SURYO 8 NOVEMBER 2018


BAGIAN UMUM SETDA KABUPATEN SEMARANG
2
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Ingkang Kinurmatan
1. Para Pangarso Perangkat Daerah Kabupaten Semarang ingkang terkait,
2. Para tokoh masyarakat, tokoh agama, sarta hadirin lan tamu undangan
ingkang bagyo.
Murwakani Tanggap Wara Ing Tata Cara Sosialisasi Gerakan
Wulan Sadar Griyo Ber-IMB punika, sumangga kula dherekaken tansah
munjukaken puja lan puji syukur dhumateng ngarsanipun Allah SWT, Gusti
Ingkang Murbeng Dumados, awit saking ridho, hidayah saha inayah-Ipun,
panjenengan lan kula saget pepanggihan kanthi Sehat, wilujeng nir ing
sambekala.
3

Wonten ing kasempatan meniko, kulo pribadi ngaturaken


panuwundumateng panitia ingkang sampun ngawontenaken Sosialisasi
meniko, mugi-mugi sosialisasi meniko saged nambahi pemahaman lan
wawasan dumateng kito sedoyo, ingkang bade ndamel satunggaling
bangunan, sae meniko griyo kangge keluarga, gedung perkantoran, hotel
lan sanesipun ingkang magayutan kalian tata ruang.
Hadirin ingkang kulo hormati,
Izin Mendirikan Bangunan utawi biasa ingkang dipun sebat IMB
inggih meniko perizinan ingkang dipun paringaken dumateng Kepala
Daerah dumateng ingkang nggadahi bangunan kangge mbangun
bangunan enggal, ngribah, miaraken, ngirangi lan /utawi renovasi
4

bangunan jumbuh kalian persyaratan administratif lan persyaratan teknis


ingkang sampun mlampah.
IMB minongko salah satunggaling produk hukum kangge mujud-
aken tatanan tartamtu, sahinggo mujudaken ketertiban, keamanan,
keselamatan, kenyamanan, ugi kepastian hukum. Kewajiban saben - saben
tiyang utawi badan ingkang bade ngedekaken bangunan kedah kagungan
Izin Mendirikan Bangunan (IMB) ingkang sampun dipun atur wonten ing
Perda nomer 11 Tahun 2013.
IMB bade ngesahaken setunggalig bangunan ingkang dipun
rencana-aken jumbuh kalian Tata Ruang ingkang sampun ditemto-aken.
Kejawi meniko wontenipun IMB nedahaken bilih rencana kostruksi bangunan
5

kasebat ugi saged dipun pertanggungjawabaken kanti maksud kangge


kepentingan sesami. Bangunan ingkang sampun nggadai -IMB meniko
benten kalian bangunan ingkang dereng utawi mboten ber-IMB, inggih
meniko;
1. Bangunan gadah nilai jual ingkang inggil
2. Saged kangge Jaminan Kredit Bank
3. Peningkatan Status Tanah inggil
4. Informasi Peruntukan lan Rencana Jalan,
Monggo kito dereaken sosialisasi meniko, mugi kito sedoyo saged
mendet hikmahipun lan saged ndadosaken kito sedoyo sadar peraturan lan
aturan ingkang sampun ditetepaken kalian pamarintah .
6

Mekaten ingkang saged kulo aturaken, kanti ngucap


Bismillahirrohmanirrokhiim Sosialisasi Gerakan Bulan Sadar Rumah Ber-
IMB resmi kulo bikak . Mugi Allah SWT paring perlindungan lan kaselamatan
dumateng kito sedoyo .
Nuwun, nuwun, matur nuwun .
Wassalamu’alaikum, Wr, Wb.

BUPATI SEMARANG

H. MUNDJIRIN.

Anda mungkin juga menyukai