Anda di halaman 1dari 2

Syair lagu “ Wiwit Aku Isih Bayi”

Wiwit aku isih bayi, wong tua sing ngopeni

Nganti tumeka saiki, lair batin gemati

Mangkat sekolah disangoni,

Sarapan kang wus mesthi

Mula aku wajib bekti, mbangun turut ngajeni

Keparenga amba matur dateng bapak lan ibu

nyuwun berkah lan pengestu, amrih langgeng rahayu

atur panuwun mbo kekalih, kinanthen sembah bekti

sageda nulad tresnanta, guyub rukun slaminya.


GEGURITAN
KATRESNAN BAPAK LAN IBU
Bapak, ibu...
Pangorbananmu,
Ora pedhot kairing lakune wektu
Katresnanmu,
Awujud cahyaning lintang rembulan kang gumebyar ing langit biru

Tanpa panjenengan, bapak ibu


Krasa luwih abot anggonku mlaku

Anggonku ngadhepi dina – dina ing uripku


Anggonku kulak ngelmu kanggo nggayuh pangimpenku

Nalika ana tumindakku kang luput

Panjenengan tansah paring pangemut

Supaya uripku ora kalang kabut


Supaya bisa dadi tuladha becik lan bisa dianut

Maturnuwun bapak ibu

Mugi – mugi Gusti mbales kabeh kabecikanmu


Lan aku bisa dadi kaya apa kang dadi pangimpenmu
Tansah gawe aruming asmamu

Kairing dongamu
Aku tansah nyuwun pangestu
Supaya bisa mbales budi mring sliramu
Lan bisa kacekel apa kang dadi pangimpenku

Anda mungkin juga menyukai