Anda di halaman 1dari 3

DISKRIPSI

PERGELARAN WAYANG KULIT


PAKELIRAN PADAT
LAKON “PERANG BUBAT”

JEJER MAJAPAHIT, Prabu Hayam Wuruk kaadep dening Patih Madu

Rembug : P Hayam Wuruk kepinging ndadekke garwo prameswari marang Dyah Pitaloka
putri soko Kraton Pajajaran/ Sunda, mergo ngerti soko gambare Sungging
Prabangkoro yen Dyah Pitaloka ayu banget, lan P Hayam Wuruk banget
tresnane. Mulo ngongkon Patih Madu supoyo nglamar menyang Pajajaran,
Dyah Pitaloka didadekne garwo prameswari lan supoyo Majapahit lan
Papajaran biso rukun koyo wingi uni, mergo Pajajaran lan Majapahit isih
tunggal darah seduluran. (patih madu Budal)

Tekane Patih Amangkubumi Gajah Mada ( perdana Menteri)

Rembug : PA. Gajah Mada ora setuju karo, P Hayam Wuruk mergo Majapahit wis dadi
negara kang gede, ora bakal sebanding karo negara Pajajaran, P Hayam Wuruk
iso ngrabi karo Dyah Pitaloka ning ara dadi garwo prameswari nanging mung
dadi selir, lan Pajajaran iso dadi negara telukan kebawah Majapahit. PA Gajah
Mada ngelingke P hayam Wuruk yento Sumpah palapa, negara sing durung
sumuyut salah sawijine mung Pajajaran, terus ngelingke lelabuhane para leluhur
kanggo Majapahit supaya bisa nyawijekne Nusantara. Mula PA Gajah Mada
arep ngrampungi perkara iki ( PA Gajah Mada budal)

ADEGAN ALUN-ALUN MAJAPAHIT, PA Gajah Mada, lan prajurit Bayangkara, Gajah


Enggon, Ma Panji Elam, Pu Kapasa, Pu Menur, lan Pu Kapat.

Rembug : PA Gajah Mada, Ngongkon Para Prajurit Bayangkara, Supoyo nyegat barisan
Prajurit Pajajaran ning Bubat. Lan ngongkon Gajah Enggon supoyo nyegat
lakune Patih Madu yen perlu dipateni, dadi sing nglamar ning Pajajaran Gajah
Enggong, kanti syarat : Upacara mantenane di laksanakno ning Majapahit, lan
Para pengiring Manten soko Pajajaran ora perlu akeh akeh, di tunggu para
prajurit Majapahit ning lapangan bubat supaya langsung bisa ketemu karo P
Hayam Wuruk. ( Prajurit Bayangkara Budal)

ADEGAN TENGAH ALAS, Gajah Enggon nyamar dadi perampok, nyegat lakune Patih
madu, dadi perang Pati Madu dipateni, ( Gajah Enggon Budal Ning Pajajaran)

ADEGAN KRATON PAJAJARAN, Prabu Lingga Buana, Dyah Pitaloka, Mangkubumi


Hyang Bunisora Suradipati, tekane Gajah Enggon

Rembug : Gajah Enggong ngomong diutus P Hayam Wuruk supaya nglamar Dyah Pitaloka
supaya dadi garwa prameswari. Kanthi syarat Upacara mantenane di

Adiyanto, S.Sn, MM/ Pamong Budaya Ahli Muda Prov Jatim/ 2019
laksanakno ning Majapahit, lan Para pengiring Manten soko Pajajaran ora perlu
akeh akeh, di tunggu para prajurit Majapahit ning lapangan bubat supaya
langsung bisa ketemu karo P Hayam Wuruk, Mangku bumi Hyang Bunisora
Suradipati ora setuju, kok ngowahi adat, sing umum ning Pajajaran ki yen
manten Wadon ki kudune kanggonan kanggo Upacara Manten. Nanging P
Lingga Buana tetep sarujuk mergo demi utuhe Pajajaran lan Majapahit, biso
Rukun koyo wingi uni. Mulo sing budal neng Majapahit P Lingga buana Dewe
di derekke para senopati pajajaran, Amangku Bumi Hyang Bunisora Suradipati
kon nunggu Praja. ( P Lingga Budal karo para Senopati Pajajaran)

ADEGAN LAPANGAN BUBAT, Para Senopati Pajajaran, Arya Sentong, Patih Gowi, Patih
Marga Lewih, Patih Teteg, Jaran Baya.

Rembug : Para Prajurit pajajaran ngomongke yen P Lingga Buana entuk firasat ora apik
ning Lapangan Bubat kene, tekane Prajurit Bayangkara. Ngomong yen di utus
PA Gajah Mada, Pajajaran kudu takluk marang Majapahit, lan Duah Pitaloka
iso Rabi Karo Prabu Hayam Wuruk mung dadi Putri Boyongan, rumangsa para
Senopati Pajajaran diapusi dadi perang (mergo perang ora imbang lan para
prajurit Majapahit luwih akeh lan luwih siap mulo Prajurit Pajajaran Mati
Kabeh)

P Lingga Buana ketemu PA Gajah Mada ( perang P Lingga Buana di suduk kerise PA Gajah
Mada) P Lingga Buana Mati.

Dyah Pitaloka ngerti yen P Lingga Buana Mati ono tangane PA Gajah Mada. Mulo duwe ujar
“yen trah soko Pajajaran ora bakal biso sesandingan karo Trah soko Majapahit”. Dyah
Pitaloka di suduk keris karo PA Gajah Mada, Dyah Pitaloka Mati. P Hayam Wuruk ngerti
perkoro iki langsung Kaget lan nglumpruk tanpo daya.

TAMAT

Tokoh Wayang Kulit

- Prabu Hayam Wuruk


- Patih Madu
- Patih Amangku Bumi Gajah Mada
- Gajah Enggon
- Ma Panji Elam
- Pu Kapasa
- Pu Menur
- Pu Kapat
- Prabu Lingga Buana
- Dyah Pitaloka
- Mangkubumi Hyang Bunisora Suradipati
- Arya Sentong
- Patih Gowi
- Patih Marga Lewih,
- Patih Teteg
- Jaran Baya

Adiyanto, S.Sn, MM/ Pamong Budaya Ahli Muda Prov Jatim/ 2019
SUSUNAN PERAGA

Penata Garap : Adiyanto, S.Sn, MM


Dalang : Bagas Septiawan
Kendang : Adiyanto
Gender Barung : Edi
Bonang Barung : Sudardo
Bonang Penerus : Sujiono
Gambang : Suprapto
Siter : Sumarmo
Slentem : Patah
Demung 1 : Kasno
Demung 2 : Imam Wahyudi
Saron 1 : Musiono
Saron 2 : Santosa
Saron 3 : Raditya Panji
Saron 4 : Ramijan
Saron Penerus : Hariadi
Rebab : Kasrianto
Kenong : Sarmidi
Gong : Suryono

Adiyanto, S.Sn, MM/ Pamong Budaya Ahli Muda Prov Jatim/ 2019

Anda mungkin juga menyukai