Anda di halaman 1dari 415

SAMPUL COPY (HITAM PUTIH)

i
TIM PANYUSUN

Panggarap:
Christya Oka Mahardika, Lia Dwi Nurwulansari, Ayu Nurul
Fatimah, Yoga Pamungkas, Pretty Novitasari, Tri Wahyu
Widodo, Bakhtiar Nurmala Sari, Dinda Mei Anjarwati,
Yayuk Setyo Rahayu, Marita Cahya Witasari,
Nunuk Tri Handayani, Wahyu Prihantini,
Andri Pamungkas, Shofia Hanifa Prabandari K,
M. Iqbal Miftahul Faizin, Rizcha Dwi Puspitaningrum,
Derta Cahayaning Fitri, Elok Faridah Sholah,
Sendang Nita Haryani, Hasti Irine Ayu Rukmi,
Lukmanul Hakim, Norman Ari Santoso,
Ervina Indah Cahyani, M. Ihya Ulumuddin,
Kholidatu Taslimah.

Paniti Priksa:
Yoga Pamungkas, Yayuk Setyo Rahayu, Elok Faridah
Sholah, Sendang Nita Haryani, Norman Ari Santoso,
Kholidatu Taslimah

Dhesain Samak:
Elok Faridah Sholah

Panuwun Katur Dhumateng


Drs. Sugeng Adipitoyo, M.Si.
(Minangka Dhosen Pangampu Leksikografi)

ii
ATUR PANGIRING
Puji sokur konjuk dhumateng Gusti Ingkang
Murbeng Dumadi, awit kanthi ridha-Ne bausastra umum iki
bisa dirampungake. Sabanjure uga diaturake panuwun
marang Bapa Sugeng Adipitoyo minangka dhosen
pengampu mata kuliyah Leksikografi kang wis nuntun
panulise bausastra umum iki.
Tata panggarape bausastra iki kanthi cara ngentri
tembung-tembung kang sumbere saka rubrik Pangudarasa
ing Klawarti Panjebar Semangat, kanthi peprincen
mangkene.

FEBRUARI, 2018
TANGGAL EDHISI IRAH-IRAHAN PANGGARAP
Entuk Iwake, Ora Derta
24 8
Butheg Banyune Cahyaning Fitri
MARET, 2018
TANGGAL EDHISI IRAH-IRAHAN PANGGARAP
Kasus Mbah
Saulina lan Sendang Nita
3 9
Honggo Hariyani
Wendratno
Politik Prabeya
Yayuk Setyo
10 10 Murah Nanging
Rahayu
Ora Murahan
17 11 Ayo Nggladhi M. Ihya
Putra Wayah Ulumuddin.
iii
Abasa Jawa
Filem:
Bakhtiar
24 12 Nyandhingake
Nurmala Sari
Seni lan Dagang
Perang Paripurna Hasti Irine Ayu
31 13
Mbrastha Narkoba Rukmi
APRIL, 2018
TANGGAL EDHISI IRAH-IRAHAN PANGGARAP
Guru Sing
Bermutu
Dening Rizcha
7 14 Nemtokake
Dwi P.
Tembe Mburine
Bangsa
Anomali Pasar
Lia Dwi
14 15 Beras: Ruwet lan
Nurwulansari
Mbingungake
Yen Ora Viral, Ora Wahyu
21 16
Kodal... Prihantini
MEI, 2018
TANGGAL EDHISI IRAH-IRAHAN PANGGARAP
Luwih Becik
Lukmanul
18 5 Mbangun Tanpa
Hakim
Nambah Utang
Buku, Biyen Ora
M. Iqbal
20 18 Tinuku, Saiki Ora
Miftahul F.
Payu?
Pinggir Dalan Tol
Ervinna Indah
21 26 Bisa Dadi Lahan
Cahyani
Prodhuktif
JUNI, 2018

iv
TANGGAL EDHISI IRAH-IRAHAN PANGGARAP
Minal Aidin Wal Dinda Mei
23 25
Fa’izin Anjarwati
AGUSTUS, 2018
TANGGAL EDHISI IRAH-IRAHAN PANGGARAP
Mitigasi Bencana
Christya Oka
25 34 wis Nyata Banget
M.
Perlune
SEPTEMBER, 2018
TANGGAL EDHISI IRAH-IRAHAN PANGGARAP
85 Tahun
Ayu Nurul
1 35 Panjebar
Fatimah
Semangat
Hakekat
Keikhlasan, Tri Wahyu
8 36
Ketulusan lan Widodo
Makna Qurban
Evaluasi
Pretty
16 37 Sarampunge
Novitasari
Asian Games
Kudu Sareh lan
Ora Bingung Norman Ari
22 38
Ngadhepi Morode Santoso
Kurs Rupiah
Pilpres Bakal Dadi
Instrumen Milih
Kholidatu
29 39 Pemimpin sing
Taslimah
Makmurake
Rakyat
OKTOBER, 2018
TANGGAL EDHISI IRAH-IRAHAN PANGGARAP

v
Katone Elok,
Jebulane Elok Faridah
6 40
Nuwuhake Olok- Sholah
Olok
Kasarasan
Shofia Hanifa P.
13 41 Pancen Larang
K.
Regane
Ayo Mbrastha Marita Cahya
20 42
Hoax Witasari
Suksese event
Andri
27 43 internasional
Pamungkas
telung werna
NOVEMBER, 2018
TANGGAL EDHISI IRAH-IRAHAN PANGGARAP
Sinau, Siyaga
Nunuk Tri
3 44 Ngadhepi
Handayani
Bebendu
Wis Wayahe
Siyaga Ngadhepi Yoga
10 45
Bencana Kanthi Pamungkas
Asuransi

Sabubare ngentri banjur diterusake titi pocape (fonetis). Dene


lambange yaiku:

TANDHA TEGES
{....} panandha wunine swara
[....] panandha jinise tembung
~ panandha entri lan subentri
: panandha teges
; panandha konteks
vi
ORTOGRAFIS FONETIS
LAMBANG TULADHA LAMBANG TULADHA
A Aji a aji
A Acara ɔ acɔrɔ
b.. Bakal b bakal
..b Abab p abap
C Camat c Camat
D Dawa d dͻwͻ
Dh Dhasar ḍ ḍasar
..d Babad T Babat
E Edan E Edan
E Akeh ɛ akɛh
E Percaya ə pərcɔyɔ
g.. Garap G Garap
..g Bedhug K beḍuk
H Hakim h Hakim
I Iki i Iki
I Sing I sIŋ
J Jinis j jinIs
K Kang k Kaŋ
..k Jaluk Ɂ jaluɁ
L Lan L Lan
M Muga M mugɔ
N Nampik N nampIk
Ng Ngerti Ŋ ŋərti

vii
Ny Nyata Ñ ñɔtɔ
O Pindho O pinḍo
O Abot ͻ abͻt
P Pari P Pari
R Ratu R Ratu
S Susu S Susu
T Tata T tͻtͻ
Th Pesthi ṭ pəsṭi
U Iku U Iku
U Ajur U ajUr
W Wulan W Wulan
Y Yen Y yɜn
Z Zalim Z zͻlim

Sabubare iku nulis klasifikasi klas lan jinise


tembung. Dene klasifikasine yaiku:
STRUKTURAL TRADHISIONAL
KLAS JINIS
Bakale Tembung BT - -
Tembung Aran -
Tembung Aran TAr Tembung Wilangan TWi
Tembung Sesulih TSe
Tembung Kriya TKr Tembung Pakaryan TPk

viii
Tembung Proses TPs
Tembung Kahanan TKh
Tembung Kahanan TKh Tembung Kahanan -
Tembung Katrangan Tka
Tembung Panggandheng TPd
Tembung Panggawe TPg Tembung Ancer-Ancer TAa
Tembung Panguwuh TPu
Tembung Panyilah TPi

Sabubare iku, nulis entri lan subentri, banjur ditegesi


kanthi cara nyebutake klas lan jinis tembung kanthi menehi
titikan kang laras karo konteks kang awujud frase, klausa,
utawa ukara saka sumber kang disebutake ing ndhuwur.
Panganggone bausastra iki yaiku kanggo nambah
kawruh mligine babagan tetembungan lan diajab bisa
digunakake masyarakat umum kanggo nggampangake
anggone mangerteni maksud lan tetembungan kang
digunakake ing basa Jawa.

Surabaya, 26 Desember 2018

ix
Panulis

x
A
ABAD [abad] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran kang
nuduhake wektu suwene status taun; sing wiwit
dhiwasa ing era millennium aliyas ~.
ABANG [abaŋ] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake jinise werna; sedhela maneh bakal
dadi lampu ~
ABOT [abͻt] {TKh}: salah sawijine klas tembung kahanan
kang ora gampang, ora entheng; kurban tiwas ana
259, tatu ~ 1.033, pengungsiné gunggung 270.168
sumebar ing sawenèh panggonan.
ABYOR [abyɔr] {TKr}: N-~ [mabyɔr] {TKh}: salah sawijine
klas tembung kahanan kang sesambungan karo asil
gegambaran saka mripat kang nyethakake
gambaran endah lan jembar; sing ~ lan kenthel
nuansa budaya.
ACARA [acara] {TAr}: [acɔrɔ] {TAr}: salah sawijine klas
tembung aran kang nuduhake kagiyatan tartamtu;
spektakuler-e ~ pembukaan lan gumebyare acara
penutupan Asian Games (AG) nambahi bukti. 1. Pe-
~ [pəŋacara] {TAr}: salah sawijine klas tembung
aran kang nuduhake pambela perkara; kaya ta
antarane jaksa penuntut umum lan ~, pembela
utawa penasihat hukum.

1
ACUNG [acuŋ] {TKr}: ~an [acuŋan] {TAr}: salah sawijine
klas tembung aran kang nuduhake cara pilihan
nganggo ngacung; pangalembana lan ~ jempol mili
saka pers lan tokoh donya. 1. ~i [acuŋi] {TKr}: salah
sawijine klas tembung kriya kanthi srana driji
diathungake munggah; kita ~ jempol marang
kawigaten pemerintah lan para sponsor sing wis
paring hadiah lan bonus marang para atlet
berprestasi.
ADA [ada] {TKr}: Pe-ng-~-an [pǝŋadaan] {TAr}: salah
sawijine klas tembung aran kang nuduhake proses
nggawe samubarang dadi ana: mutasi lan promosi
pejabat eselon dhaerah sarta
ADAB [adab] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran sing
abasa Arab kang nuduhake tata krama; ora nduweni
~. Ke-~-an [keadaban] {TAr}: salah sawijine klas
tembung aran sing nuduhake kedadeyan utawa
keadaan ngenani alusing bebuden kang awujud ala
utawa becik; kanggo bebarengan nuduhake ~
minangka makhluk sosial.
ADAT [adat] {TAr}: ~-e [adate] {TAr}: salah sawijine klas
tembung aran kang nuduhake sawijine pakulinan; ~
pancen rekasa tur ragade larang.

2
ADEG [adǝg] {TKr}: N-~ [ηadǝg] {TKr. TPk}: salah siji klas
tembung kriya kang nyatakake pakaryan awujud
tembung tanduk kang dilakoni dening pawongan
kanthi cara njejegake awak; sinambi ~.
ADHEP [aḍəp] {TAr}: 1. N-~-i[ŋaḍəpi] {TKr. TKh}: salah
sawijine klas tembung kriya sing nyatakake kahanan
kang nuduhake kahanan adhep-adhepan antarana
wong siji lanliyane;nanging kethul landhep dhengkul
~ wong sing nduweni kuwasa lan sing nduwe
dhuwit. 2. Di-~-i [diaḍəpi] {TKr. TPk}: tembung kriya
sing nyatakake pakaryan jinis tanggap kang
digunakake kanggo nuduhake pakaryan mapag
prekara kang bakale kelakon; yen perkara sing ~
bisa enggal karampungake kanthi adil.
ADIL [adIl] {TKh}: salah sawijine klas tembung kahanan
kang nuduhake sipat padha dene; nganti rasane
sing bener lan ~ dadi salah, sing kliru dadi bener. 1.
Ke-~-an[kəadilan] {TAr}: salah sawijine klas
tembung aran kang nuduhake tumindak adil;
cengkah karologika lan rasa ~. 2. Ber-perike ~ -an
[bər-pərikəadilan] {TAr}: salah sawijine klas tembung
arankang nuduhake tumindak keadilan; ora mokal
kesimpulane sok kaya oraber-perikemanusiaan lan
ora ~. 3. Pe-~-an [pəŋadilan] {TAr}: salah sawijine

3
klas tembung aran kang nuduhake dewan sing
ngadili perkara; ~ nibakake putusan (vonis)
paukuman.
ADOH [adɔh] {TKh}: salah sawijine klas tembung kahanan
kang nuduhake ambane jarak ing alure politik; cara
bermartabat iku mesthi ~ saka politik identitas;
bakal saya ~ saka politik emosional
ADOL [adɔl] {TKr. TKh}: salah sawijine klas tembung kriya
sing nyethakake kriya kahanan kang nuduhake
barang dagang kanggo dagang; ora kena kemaruk
lan ~ umuk. 1. adole [adɔle] {Tar}: salah sawijine
tembung kriya sing nyatakake kahanan kang
nuduhake barang dagang kanggo dagang; sawise
film sing digawe payu ~e. 2. Ke-me-~ [kǝmǝdɔl]
{TKr}: salah sawijine tembung kriya sing nyatakake
kahanan kang nuduhake barang dagang kanggo
dagang; buktine, saiki wiwit katon maneh filem-filem
sing pancen ngemu surasa apik lan uga ke-me-~.
ADRENG [adrəŋ] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang kepengin banget nglakokake sawijine
bab; wong Jawa dhewe uga ora duwe karep nyinau
basane kanthi ~.
ADU [adu] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran kang
nuduhake akon tarung; nanging sayektine ajang ~

4
gagasan; sing bersahabat iku kanca ~ pikiran lan
gagasan.
AGAMA [agɔmɔ] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
sing nyatakake kapitayan, panembah piwulangan
tartamtu kang ana ing sajrone panguripan; nanging
iki dudu acara ibadah ~.
AGENDHA [agɛnḍa] {TAr}: salah siji klas tembung aran
kang nuduhake aran cengkorongane pakaryan kang
bakal dilakoni; ngayahi ~ internasional telu taun iki.
AGUNG [agUŋ]{TAr}: ~-ing [gUŋiŋ] {TAr}: salah sawijine
klas tembung aran kang nuduhake bab sing gedhe;
saka kuwi PS ngaturake ~ panuwun.
AGUSTUS [agUstUs] {TAr}: salah sawijine klas tembung
aran sing kalebu wilangan kang nuduhake jeneng
wulan kawolu ing sasi masehi; wulan ~ 1945
AJA [ↄjↄ] {TPg,TKa}: salah sawijine klas tembung
panggandheng sing nyatakake katrangan kang
nuduhake larangan, supaya ora nindakake utawa
nglakoni tumindak tartamtu; sing uga perlu
digatèkaké, bantuan iki ~ malah didadekake arena
kanggo golek jeneng kanggo nguber kepentingan
elektoral déning pihak sing kurang bertanggung
jawab.

5
AJAB [ajab] {TAr}: salah sawijine tembung kriya sing
nyethakake kriya kang nuduhake pakaryan muji
marang samubarang.
AJAK [aja?] {TKr}: ~-an [aja?] {TAr}: salah sawijine klas
tembung aran kang nuduhake akon melu; laras karo
~ jokowi marang masyarakat
AJANG [ajaŋ] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran kang
nuduhake papan kanggo nindakake pakaryan
tartamtu; yen Indonesia kuwawa nggelar multi ~
olah raga internasional sing level-e luwih dhuwit
tinimbang AG.
AJAP [ajab] {TAr}: Pa-ng-~[paŋajap] {TAr}: salah sawijine
klas tembung aran sing dianggo medharake
kekarepan; kanthi ~ bisa mak bendunduk nuwuhake
kawigatene warganet.1. Di- ~ [diajap] {TKr. TPk}:
salah sawijine klas tembung kriya sing nyatakake
pakaryan tanggap kang nuduhake pakaryan
pangarep-arep marang sawijine kahanan ; para
pengusaha uga ~ ora mathok ekspektasi nilai tukar
rupiah.
AJAR [ajar] {BT}: 1. N-~-i [ŋajari] {TKr.TPk}: salah sawijine
klas tembung kriya sing nyatakake pakaryan kang
nuduhake pakaryan muruki samubarang; mangga
ngajak lan ~ para putrane rembugan cara Jawa. 2.

6
Di-~-i [diajari] {TKr.TPk}: salah sawijine klas
tembung kriya jinis tembung pakaryan kang
nuduhake pakaryan muruki siswa; bocah-bocah ora
usah ~ basa Indonesia, mesthi bakal bisa. 3. ~an
[ajaran] {TAr}: salah sawjine tembung aran sing
nyatakake menehi ilmu, piwulangan, kapitayan kang
dadi panunjuk utawa pepadang gawe manungsa;
ora lelawanan karo ~ Islam.
AJEG [ajəg] {T.Kh}: salah sawijine klas tembung kahanan
kang nerangake kahanan runtut; bab iki
gegandhengan karo irama tandur serentak sing
ngasilake panen sing ~.
AJI [aji] {TAr}: 1. ~-ne [ajine] {TAr}: salah sawijine klas
tembung aran kang ngandharake sawijine kahanan
rupiyah; ~ rupiah tansah keplorod. 2. Pe-ng-~-ne
[pəɳajine]{TAr}: salah sawijine kelas tembung aran
sing marakake bisa ngetokake kaluwihan; lha yen
semono akehe iku, pira ~?.3. pa-~ [paŋaji] {TAr}:
salah sawijine klas tembung aran kang nuduhake
yen diwenehi pakurmatan; sing kelangan ~ awujud
jatah royalty.
AJU [aju] {TKr}: 1. Di-~-ake [diajɔɁake] {TAr}: salah sawijine
klas tembung aran kang nuduhake usulan; najan
kadhang kala kita ngrasa, apa sing ~ kaya-kaya sok

7
kurang mlebu ngakal. 2. N-~ake [ŋajɔ?ake]
{TKr.TPk}: salah sawijine klas tembung kriya sing
nyatakake pakaryan baliangga kang nuduhake laku
mengarep; kaum milenial sing ~ kontestasi politik.
AJUR [ajUr] {TKh}: salah sawijine klas tembung kahanan
kang nuduhake samubarang rusak babar pisan;
Jepang sing ~ lan kalah
AKAL [akal] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran kang
nuduhake daya nalar manungsa; wis nyata yen

kaserakahan wis ngejur lan ngrusak moral lan

warase pejabat.
AKBAR [a?bar] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nuduhake bab kang gedhe banget;
pesta Olah Raga paling ~ sa-Asia.
AKEH [akɛh] {TAr}: 1. ~-e [akɛhé] {TAr.TWi}: salah sawijine
klas tembung aran sing nyatakake wilangan kang
nuduhake samubarang cacahe luwih saka loro; lan
pemerintah utang beras semono ~ marang Bulog.
2. sa~-ing [sakɛhing] {TAr}: salah sawijine klas
tembung aran jinis tembung nuduhake samubarang
cacahe kang ana akeh; ~ pangalembana saka
masyarakat katon semliwer ing medhia sosial.

8
AKERAT [akerat] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake jeneng jaman sawise mati; ukuman
donya (pakunjaran) lan neraka ~.
AKHIR [akhir] {TAr}: 1. Di-~-i [diaxiri] {TKr}: salah sawijine
klas tembung kriya sing nuduhake tumindak kanggo
ngerampungi samubarang kang ora dibaleni maneh;
fenomena hoaks kudu sacepete ~. 2. ~-e [akhire]
{TKr. TKh}: salah sawijine klas tembung kriya sing
kalebu tembung kahanan kang nuduhake dudutan;
nandhani ~-e Perang Donya II.
AKIBAT [akibat] {TAr}: ~-e[akibate] {TAr}: salah sawijine
klas tembung aran kang nuduhake asil akir saka
tumindak sing sadurunge dilakoni; kudu melu
nanggung ~.
AKON [akƆn] {TAr} : 1. ~-i [akoni] {TKr} : salah sawijine
klas tembung kriya kang nuduhake pakaryan diarani
kaya pamikire; nanging kudu kita ~. 2. Di-~-i
[diakɔni] {TKr}: salah siji klas tembung kriya kang
nuduhake tembung pakaryan awujud nrima
pangerten dening pamikire; ~ sukses banget dening
para delegasi.
AKSARA [aksɔrɔ] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kanggo nuduhake tulisan gambarane swara utawa
wanda; basa tulisan nggunakake ~.

9
AKSI [aksi] {TKr.TPk}: salah sawijine klas tembung kriya
sing nyatakake pakaryan tanduk kang nuduhake
sawijne tumindak; menkeu wis ngancam bakal
menindhak ~ spekulasi sing saya ngrusak nilai tukar
rupiah.
AKTIVIS [aktivis] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
sing nuduhake pawongan sajrone organisasi kang
aktip nyengkuyung saakehe kegiyatan; pawarta bab
penganiayaan marang tokoh ~ Ratna Sarumpaet.
AKTOR [aktɔr] {TAr}: salah sawijine tembung aran sing
nyatakake sesulih kang nuduhake pemain film
lanang; sabanjure bab piranti prodhuksi, ing
saperangan negara iku, pelakon utawa ~ lan aktrise
uga wis mumpuni.
AKTRIS [aktris] {TAr}: ~-e [aktrise] {TAr}: salah sawijine
tembung aran sing nyethakake sesulih kang
nuduhake pemain film wadon; sabanjure bab piranti
prodhuksi, ing saperangan negara iku, pelakon
utawa aktor lan ~-e uga wis mumpuni.
AKU [aku] {TAr.TSe}: 1. di-~-ni [diakↄni] {TKr.TPk}: salah
sawijine klas tembung kriya sing nyatakake
pakaryan tanggap kang nuduhake tumindak
samubarang sing wis dipercaya; Indikator siji maneh
sing ~ pemerintah ngganjel kesehatan

10
perekonomian. 2. N-~ [ŋaku] {TKr}: salah sawijine
klas tembung kriya sing nyatakake pakaryan kang
digunakake kanggo wong kang ngrumangsani,
blaka ngandhemi kaluputan; dheweke ~ anake
salah sawijining pejabat.
AKUN [akun] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran sing
mujudakè cathetan ngenani jenenge panganggo
sosial medhia, sandhi, lan hak kanggo ngaksès
jaringan utawa sistem dharing; masang ~ ing twitter.
AL AMIEN [alamin] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
sing nuduhake sipat uga drajate manungsa kang
nduweni kautaman; Nabi Muhammad s.a.w bergelar
~.
ALA [ɔlɔ] {TKh}: N-~-~ [ŋɔlɔ ɔlɔ] {TKr.TKh}: salah sawijine
klas tembung kriya sing nyatakake kahanan
presentif kang nuduhake samubarang ora becik;
kanthi tanpa ~ pihak liyane.
ALAM [alam] {BT}: 1. N-~-i [ngalami] {TKr.TPk}: salah
sawjine klas tembung kriya sing nyatakake
pakaryan kang nuduhake wis dilakoni dening jejer;
basa 2 ~ kemunduran. 2. di-~-i [dialami] {TKr.TKh}:
salah sawijine klas tembung kriya sing nyatakake
kahanan eksprensial kang nuduhake kedadeyan
sing dilakoni dening jejer; kahanan mau nate ~

11
rupiah nalika krisis moneter taun 1998. 3. di-~-I
[dialami] {TKr.TPk}: salah sawijine klas tembung
kriya sing nyatakake pakaryan tanggap kang
nuduhake sawijining penggaweyan sing wis tau
dilakoni; kaya sing nembe wae kedadeyan sing ~
Mbah Saulina boru Sitorus.
ALANG [alaŋ] {BT}: N-~-i [ngalangi] {TKr.TPk}: salah
sawijine klas tembung kriya sing nyatakake
pakaryan kang diribedi; sing ~ pewarisan.
ALAS [alas] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran kang
nuduhake sawijine panggonan sing kebak wit-witan
gedhe-gedhe; bencana lindhu gedhe, kobongan ~.
ALASAN [alasan] {TAr. TKa}: salah sawijine klas tembung
aran sing nyatakake katrangan mawa pathokan
(dhasar); kabeh nuduhake ~, pasal-pasal lan ayat-
ayat sing dianggo gondhelan.
ALAT [alat] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran kang
nerangake wujude samubarang kang digunakake
kanggo nindakake pakaryan; Panjebar Semangat
(PS) mengku ancas kanggo ~ perjuwangan
nggayuh kamardikaningbangsa.
ALEM [aləm] {TKr}: Pa-ng- [paŋaləmbᴐnᴐ] {TAr}: salah

sawijine klas tembung aran sing digunakakè kanggo


nyebutakè kaluwihanè liyan; yen sarujuk ya aweh ~.
12
ALIAS [alias] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran kang
nuduhake sesebutan jeneng liyane samubarang;
umume, dana siluman mau kanggo tuku dhukungan
parpol, ~ mahar politik.
ALIH [alIh] {TKr}: N-~ [ŋalih] {TKr. TPk}: salah sawijine klas
tembung kriya sing nyatakake pakaryan kang
nuduhake pakaryan pindhah marang panggonan
liya; padha ~ menyang medhia sosial.
ALLAH [allah] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran sing
nyatakake ngenani penciptane dunya lan saisine
kang disembah dening para makhluk; Gusti ~ Kang
Maha Asih.
ALOK [alᴐɁ] {TKr}: - -an [lᴐɁ-lᴐɁan] {TKr. TPk}: salah

sawijine klas tembung kriya sing nyatakake


pakaryan tanggap tarung kang nggambarake
kahanane wong padha gantian medharakè sawijine
bab (kaya ngritik, nyacad, lan ngina); banjur padha
.
ALON-ALON [alↄn- alↄn] {TKr.TPs}: salah sawijine klas
tembung kriya sing nyatakake proses sawijine
kahanan tartamtu; nanging baline waras ora
gampang tur ~.
AMAN [aman] {TKh}: salah sawijine klas tembung kahanan
kang nerangake kahanan sing ora nguatirake; Kem.
13
Pertanian tansah ngupaya ngyakinake publik yen
prodhuksi beras ~ lan stok cukup.
AMANAT [amanat] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake ayahan utawa bab kang
dipercayakake; sawise AG iki pemerintah kudu
luwih fokus ngembangake cabang OR Olimpiade
laras karo ~ Perpres 95/ 2017 bab Prestasi Olah
Raga Nasional.
AMARGA [amargɔ] {TPg. TPd}: salah sawijine klas
tembung panggawe sing nyatakake panggandheng
kanggo nggandhengi alasan mulabukane perkara
lan perkarane; pancen wis mangkene dalane, ~
ombyaking jaman.
AMAT [amat] {TAr}: pe-ng-~ [pǝngamat] {TAr}: salah
sawijine klas tembung aran sing nyethakake aran
kang nuduhake kanggo ngawasi samburang kang
kasat mripat; mula lumrah yen para ~ filem ing San
Jose.
AMBAH [ambah] {TKr}: N-~ [ŋambah] {TKr. TPk]: salah
sawijine klas tembung kriya sing nyatakake
pakaryan kang nuduhake pakaryan napak ing
babagan liya; Ihtiyar liyane nyedhaki generasi anyar
yakuwi kanthi ~ jagad maya alias internet.

14
AMBAL [ambal] {TPg.TKa}: salah sawijine kelas tembung
panggawe sing nyatakake katrangan kang
nuduhake kadadeyan sing bola-bali; Pemerintah
Jokowi-JK wis ~ kaping telu ngleksanakake ukuman
mati.
AMBLEG [amblɘg] {TKh}: ~-e [amblɘge] {TKr.TPs}: salah
sawijine klas tembung kriya sing nyatakake proses
kang ngandharake ngenani kahanan morode
samubarang; Pemerintah wis kerja keras ngawekani
~ rupiah.
AMBRUK [ambrUʔ ] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nuduhake kahanan ora wutuh;
satemah surat kabare kropos, banjur ~.
AMERIKA [amɛrika] {TAr}: salah sawijine klas tembung
aran kang nuduhake jeneng benua ing donya; ing ~.
AMIN [amIn] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran kang
nuduhakae pangarep-arep supaya klakon; kita kasil
dadi wong sing taqwa.
AMPUH [ampUh] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nuduhake daya kang ngluwihi; cara
sing ~ yaiku nggunakake pendekatan politik
identitas
AMRIH [amrIh] {TPg. TPd}: salah sawijine klas tembung
panggawe sing nyatakake panggandheng kanggo

15
nggandhengi asil lan cara kang diperlokake; ~bisa
kaya mangkono.
ANA [ↄnↄ] {TPg. TKa}: salah sawijine klas tembung
penggawe sing nyatakake katrangan kang
nerangake wujude samubarang arupa bahan pokok
panganan; total stok beras sing ~ ing gudhang
Bulog isih ana 642.612 ton. 1.Ka-~-an [kahanan]
{TKh}: salah sawijine klas tembung kahanan kang
nerangake sawijine prekara; Ing ~ kaya ngene iki. 2.
~ -e [anane] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nerangake anane samubarang;
gabah/ beras asil panen Maret lagi ngisi sebagiyan
pipa (pipeline) distribusi sing kekuras nalika paceklik
lan ~ kebijakan anyar.
ANAK [ana?] {TAr}:~-e [ana?e] {TAr}: salah sawijine klas
tembung aran sing nyatakake sesulih kang nyulihi
putra kang diduweni sawijine pawongan; dheweke
ngaku ~ salah sawijining pejabat.
ANALOGI [analɔgi] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake konsep utawa reroncengane pamikir
kanggo nggayuh saperangan perkara; kanthi
nggunakake ~ perebutan kekusaan lan pengaruh
ing serial popular donya.

16
ANCAM [ancam] {TAr}: 1. ~-an [ancaman] {TAr}: salah
sawijine klas tembung aran kang nuduhake apa-
apa sing diomongake kanggo meden-medeni; tanpa
wedi ~ ukuman donya (pakunjaran) lan neraka
(akerat). 2.~-an [ancaman] {TKh}: salah sawijine
klas tembung kahanan kang nuduhake samubarang
sing dicilakakake; sajake, ~ hukum agama mau wis
ora ana tilase babar pisan ing masyarakat kita. 3. N-
~ [ŋancam] {TKr. TPk}: salah sawijine klas tembung
kriya jinis tembung pakaryan sing nuduhake
pakaryan kang menehi pratandha kasangsaran
kang bakal dumadi; nanging uga ~ kelangsungan
fasilitas kasarasan iku.
ANCAS [ancas] {TKr. TPs}: salah sawijine klas tembung
kriya proses kang mujudake enering sedya, karep,
sing diniyati (dituju); kanthi ~ antuk pamaos akeh.
ANCIK [ancI?] {TKh}: N-~ [mancIk] {TKr}: salah sawijine
jinis tembung kriya kang nerangake kahanane
samubarang; jarene, negara iki wis ~ ing krisis
ekonomi sing luwih ndrwasi ing taun 1997.
ANDHAR [anḍar] {TKr}: N-~-ake [ŋanḍarake] {TKr}: salah
sawijine klas tembung kriya jinis tembung pakaryan
kang mujudake tumindak nyethakake samubarang
kanthi omongan; ana sing ~ gelane.

17
ANDIKA [andikᴐ] {TKr}: Pa-ng-~-ne [paŋandikane] {TAr}:
salah sawijine klas tembung aran kang nuduhakè
kandhanè pawongan; ~ tokoh sing kontroversional.
ANEKA [anekɔ] {TAr}: N-~ [manekɔ] {TAr}: salah sawijine
klas tembung aran kang ngambarake samubarang
kang warna-warna utawa rupa-rua; salah sijine
program pamarentah, ~ lembaga, uga masyarakat.
ANGEL [aŋɛl] {BT}: 1. N-~ake [ƞangɛlake] {TKh}: salah
sawijine klas tembung kahanan kang nuduhake
tumindak kang ora gampang ditindakake;...saya ~
pamulangan basa dhaerah. 2. ka-~-an [kaŋɛlan]
{TKh}: salah sawijine klas tembung kahanan kang
nuduhake pakaryan kanthi ukuran rekasa; masiya
nduwe dhuwit sakarung ya ~ olehe arep nduweni
buku.
ANGET [angǝt] {TKh}: N-~-N-~ [maƞǝt-maƞǝt] {TKh}: salah
sawijine klas tembung kahanan kang nggambarake
samubarang kang rada panas; isih anget ~,
kasangsayane sedulur-dulur ing Lombok, NTB,
sawise ketaman lindhu.
ANGGEP [aɳgəp] {TAr}: 1. N-~ [anggep] {TKr.TPk}: salah
sawijine klas tembung kriya jinis tembung pakaryan
kang diarani yen pancen wis maremake tumrap
masyarakat; Masyarakat padha ~ yen basa dhaerah

18
kurang bergengsi. 2. di-~ [diaŋgəp] {TKr.TPk}: salah
sawijine klas tembung kriya jinis tembung pakaryan
kang nantang sawijine bab; PS dibrangus jalaran ~
wani.
ANGGER [anŋɘr] {TPg. TPd}: salah sawijine klas tembung
panggawe sing nyatakake panggandheng kang
nggandhengi apa kang diturut; ora ~ alok.
ANGGO [anggo] {TPg}: 1. ka-~ [kaŋgɔ] {TPg. TAa}: salah
sawijine tembung panggawe sing nyethakake ancer-
ancer kang nuduhake pakaryan kang digunakake
samubarang; mula nduwe srana k-~ngrancang
prodhuksi sing luwih gedhe maneh. 2. ~ -ne
[aɳgone] {TKh}: salah sawijine kelas tembung
kahanan sing nuduhake kahanan kang kudu
dianakake ing sawijine pakaryan; wis samesthine
yen kita uga saya sengkud gumregut ~ -ne
mbrastha.3. n-~[ɳaɳgo] {TKr. TPk}: salah sawijine
kelas tembung kriya sing nyatakake pakaryan
migunakake sawijine samubarang; sengsara cukup
kita ngadhepi mungsuh mung ng- ~ bedhil yen
mungsuh kita nggunakake rudal lan sabangsane.
ANGGON [gon] {TAr}: ~-e [anggone] {TPg}: salah sawijine
klas tembung panggawe kang nuduhake papan
kang didunungi utawa sedhiyan kanggo nindakake

19
pakaryan;pemerintah wis ora kurang-kurang ~
ngupayakake kalancarane.
ANGGOTA [anggotɔ] {TAr}: ~-ne [aŋgotane] {TAr}: salah
sawijine klas tembung aran kang nuduhake
gegelitane samubarang utawa golongan; ~ (± wong
9.500) abasa Batak.
ANGKA [ɔŋkɔ] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang awujud tulisan gambaring cacah utawa nomer;
~ mau wis nuduhake gunggung sing ora sethithik.
ANGKAT [angkat] {TAr}: N-~ [ŋaŋkat] {TKr}: salah sawijine
tembung kriya kang nuduhake peranganing
kelompok kerja; kejaba kepengin ~ bab wigatine
sekolah.
ANJANGSANA [anjaƞsana] {TAr}: salah sawijine klas
tembung aran sing nyatakake kagiyatan tartamtu
kang njaluk ngapura, silaturahim; ya acara ~.
ANJLOG [anjlↄg] {TKr}: ~-e [anjlↄge] {TKr.TPs}: salah
sawijine klas tembung kriya sing nyatakake proses
sing nuduhake sawijine kahanan sing asipat
mudhun; Anjloge nggayuh luwih 13.000; kudu kanthi
sareh ngadhepi ~ nilai rupiah iki.
ANJRAH [anjrah] {TKh}: ~-e [anjrahe] {TKh}: salah sawijine
klas tembung kahanan kang nuduhake yen anane
smartphone lagi semebar wrata ing ngendi-endi;

20
budaya literasi generasi milenial sangsaya luntur
kaperbawan ~ smartphone.
ANOMALI [anomali] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nerangake owahe kahanan kang ora
ajeg; ~ iklim/ cuaca njalari mangsa tandur lan
panen mundur saka Pebruari dadi Maret.
ANTARA [antara] {TAr}: ~-ne [antarane] {TPg.TPd}: salah
sawijine kelas tembung panggawe sing nyatakake
panggandheng kang nuduhake gandhenge
samubaramg kang sejajar;ora ana korelasi positip ~
-ne eksekusi mati lan efek jera para bandar
narkoba.
ANTEP [antɘp] {TKh}: N~ [mantɘp] {TKh}: salah sawijine
klas tembung kahanan kang nuduhake ora abot;
kurang m~ surasane nalika pirembugan, lsp.
ANTHEK [anthɜ?] {TKh}: Di-~-si [diantisipasi] {TKh} : salah
sawijine klas tembung kahanan sing nyatakake
babagan ngatasi utawa antisipasi kang arupa
sumber daya alam; kesiapan kendharaan kudune
bisa ~ luwih dhisik.
ANTI [anti] {TPg. TKa}: salah sawijine klas tembung
panggawe jinis tembung katrangan kang nerangake
samubarang kang beda karo tembung ngarepe; Ing
panggonan sing rawan gempa, bangunan kudu ~

21
gempa. N-~ [ƞanti] {TKr. TKh}: salah sawijine klas
tembung kriya sing nyatakake kahanan ekpresional
kang nuduhake sebab-musababe saka kedadeyan
tartamtu; anjloge rupiah iki sifate mung sawetara lan
ora bakal ~ mbebayani perekonomian kita.
ANTUK [antUɁ] {TPg. TKa}: salah sawijine klas tembung
penggawe sing nyatakake katerangan nerangake
samubarang kang diasilake; pawadane amrih ~ biji
apik.
ANULIR [anulir] {TKr}: Me-ng-~ [mǝŋanulir] {TKr. TKh}:
salah sawijine klas tembung kriya sing nyatakake
kahanan kang nganggep ora sah sawijine
kedadeyan; Pilkada sing ~ keikutsertaan.
ANUT [anUt] {BT}: N-~ [manUt] {TKr. TPk}: salah sawijine
klas tembung kriya sing nyatakake pakaryan nurut
marang samubarang; ~ suku lan dhaerahe.
ANYAR [añar] {TKh}: salah sawijine kelas tembung
kahanan kang nuduhake samubarang kang mentas
dadi; kepala BNN sing ~.
APA [ↄpↄ] {TAr. TSe}: salah sawijine klas tembung aran jinis
tembung sesulih kang nerangake wujud
samubarang kang kasat lan ora kasat mripat;~
maneh kita isih ing kahanan perang.

22
APARAT [aparat] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
sing nuduhake instansi utawa organisasi kang
kasusun saka manungsa kang makarya; TNI-Polri
sarta ~pemerintah.
APBD [a-p-bd] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang dicekak, kanggo nuduhake jeneng rencana
kauangan pamarentah dhaerah ing Indonesia kang
disarujuki dening dhewan perwakilan rakyat; dol
tinuku proyek jroning ~.
APES [apǝs] {TKh}: salah sawijine klas tembung kahanan
kang lagi nandhang kacilakan; yen ~ lantaran
tumindak kliru utawa malah ora tumindhak jalaran
bingung.
APIK [apI?] {TKh}: salah sawijine klas tembung kahanan
kang nerangake tumindak kang becik; cara sing
paling ~kanggo ndhongkrak prodhuktifitas lan
prodhuksi pangan. ~e [apike] {TPg. TKa}: Salah
sawijine klas tembung panggawe kang nuduhake
katrangan garapan kang becik lan alus; saya dadi
lan ~e,
APIT [apIt] {TKr}: Ka-~ [kaapIt] {TKr. TPk}: salah sawijine
klas tembung kriya sing nyatakake pakaryan
tanggap kang diampingi kiwa tengene; bab iku

23
salah sijine amarga Indonesia ~ telung lempeng
benua.
APURA [apurɔ] {TAr}: Di~ [diƞapurɔ] {TKr}: salah sawijine
klas tembung kriya sing nyatakake pangapura
kasalahan kang dilakoni dening pawongan tartamtu;
~ dosa-dosa llan keluputane. Ing~ [iƞapurɔ] {TKr}:
salah sawijine klas tembung kriya sing nyatakake
menehi pangapura kang dadi tradisi nalika iedul fitri;
silaturahim karo para sedulur, mitra rowang lan sapa
wae, sesalaman, apura ~, nglebur dosa setahun
kepungkur.
APUS [apUs] {TKr}: salah sawijine klas tembung kriya sing
nuduhake tumindak goroh kang mitunani ing liyan;
omong dora utawa ~ krama. 1. N-~i [ŋapusi] {TKr}:
salah sawijine klas tembung kriya sing nuduhake
tumindak ala kang awujud omongan ora bener;
pantangan (ora kena,larangan) ~. 2. Ka-~-an
[kapusan] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan sing nyatakake kahanan utawa watak kang
nerangake goroh kang mitunani ing liyan; rumangsa
~.
ARAH [arah] {TAr}: 1. di-~ [diarah] {TKr}: salah sawijine
klas tembung kriya jinis tembung kahanan kang
kanggo nerangake tujuwan; ora dipikir ora ~. 2. N-~

24
[ηarah] {TKr. TKh}: salah sijine klas tembung kriya
kang nuduhake tembung kahanan kang kanggo
nerangake tujuwan utawa ener; Jokowi nuduhake
kanthi gamblang yen perang dagang wis ~ marang
kondhisi.
ARAN [aran] {TAr}: 1. N–~-i [ηarani] {TKh}: salah sawijine
klas tembung kahanan kang digunakake kanggo
nyatakake panganggepe wong liya; malah acara
kasebut masyarakat internasional akeh sing ~
bertaraf olimpiade. 2. Di–~– i [diarani] {TKr. TPk}:
salah sijine klas tembung kriya kang nuduhake
pakaryan kanggo nyebutake samubarang kang
ditindakake pawongan; malah kena ~.
AREA [area] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran kang
nerangake sawijine papan; Komisi VII DPR sing wis
ninjo ~ sumur Tanggulangin I.
ARENA [arɛna] {TAr}: salah sijine klas tembung aran kang
nuduhake aran papan panggonan sing dingo
kegiyatan; saben dina kompleks ~ Asian Games ing
Jakarta lan Palembang dikebaki masyarakat.
ARENG [arǝng] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake aran kayu kang wis diobong nganti
rupane ireng, lumrahe dienggo gegenen; kalah dadi
awu, menang dadi ~.

25
AREP[arəp] {TPg.TKa}: salah sawijine klas tembung
panggawe sing nyatakake katrangan kanggo
nerangake samubarang kang bakal kadadeyan;
pemerintah ~ ngasuransikake barang milik negara.
1. N-~ [ŋarəp] {TPg. TKa}: salah sawijine klas
tembung panggawe sing nyatakake katrangan
kanggo nuduhake wektu sing bakal teka; penentu
kemenangan kandidat pilpres lan pileg taun ~ iki. 2.
N-~-an [ŋarəpan] {TAr}: salah sawijine klas tembung
aran kanggo nuduhake wektu sing bakal teka; Sing
wis genah ing ngarepan kita yaiku pileg lan pilpres.
3.Di-ka-~-ake [dikarəpake] {TKr. TPk}: salah
sawijine klas tembung kriya sing nyatakake
pakaryan jinis tanggap kang digunakake kanggo
nerangake samubarang kang dipengini; wis
kelangan dhuwit nanging ora antuk barang kaya
sing ~.
ARI [ari] {TAr}: ~watri [ariwatri] {TAr}: salah sawijine klas
tembung aran kang mujudake koran, layang kabar;
sarana informasi ora mung ~.
ARSITEK [arsitɛk] {TAr}: salah sawijine kelas tembung aran
kang nuduhake wong kang pinter bab mangun lan
ngrancang wangunan, treteg lsp; insinyur, ~,
surveyor dan pelaku usaha pariwisata.

26
ARTIS [artis] {TAr}: sawijine klas tembung aran kang
mujudake ahli seni, seniman, seniwati (kaya
penyanyi, tukang main film, tukang nggambar,
tukang main drama); contone sing magepokan karo
~ hiburan.
ASAL [asal] {TAr}: ~-e [asalɛ] {TPg. TKa}: salah sawijine
klas tembung panggawe sing nyatakake katrangan
kang nerangake tembung aran kang dadi mulabuka;
saka negara ngendi wae ~.
ASAT [asat] {TKh}: ka-~-an [kasatan] {TKh}: salah sawijine
klas tembung kahanan kang nuduhake banyu kang
entek resik, isa uga nganti garing; isih ditambah
bencana sing rutin kaya banjir bandhang, ~, tanah
longsor, lsp.
ASEAN [asean] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake klompok negara utawa bangsa kang
manggon ing Asia Tenggara; malah ing lingkungan
~ wae.
ASEM [asɘm] {TAr}: salah sawijine tembung aran kang
nuduhake jinis wit; pinggir dalan mau ana wite ~;
woh-woh ~ ing pasar-pasar Surabaya saya langka.
ASIA [asia] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran kang
nuduhake papan panggonan negara awujud benua;
para atlet disabilitas sa- ~.

27
ASIAN GAMES [Asian games] {TAr}: salah sawijine klas
tembung aran kang nuduhake wujud adicara jinis
olahraga kang disengkuyung dening negara –
negara sa-Asia; iki padha karo peraih medhali ing ~.
ASIAN PARA GAMES [Asian para games] {TAr}: salah
sawijine klas tembung aran kang nuduhake wujud
adicara jinis olahraga kang disengkuyung dening
negara – negara sa-Asia nanging peserta saka
wong kang nyandhang cacat; ~ rampung setu bengi
13 Oktober 2018.
ASIL [asil ] {T.Kh}: 1. N-~ [kasIl] {TKh} salah sawijine klas
tembung kahanan kang nerangake pametu saka
samubarang; Pemerintah uga tansah dibiji ~ utawa
ora saka kawasisane ngemonah rega beras. 2. N-~-
ake [ŋasIlaké] {TPg. TKa}: salah sawijine klas
tembung panggawe jinis tembung katrangan kang
nerangake samubarang kang ditindakake pawongan
kang ana wujude; Bab iki gegandhengan karo irama
tandur serentak sing ~ panen sing ajeg. 3. ~-e
[asilé] {TAr. TWi}: salah sawijine klas tembung sing
nyatakake wilangan kang nerangake asil mundhake
samubarang; ~ 25-30% saka total prodhuksi.
ASING [asIŋ] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran kang
nuduhake wong ngamanca (saliyane wong

28
indhonesiyah); nganti nganggep basa dhaerah basa
~sing nomer semene.
ASLI [asli] {TKh}: ~-e [asline] {TKh}: salah sawijine klas
tembung kahanan kang nerangake asal utawa sing
wiwitan sadurunge ana owah-owahan; percetakan
sing ngasilake buku ~.
ASMA [asmɔ] {TAr}:~-ne [asmane] {TAr}: salah sawijine
klas tembung aran sing nyatakake sesulih kang
digunakake kanggo nuduhake jeneng; sidane
pejabat sing kecathut ~ melu urun rembug.
ASMAT [asmat] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang mujudake suku bangsa kang ana ing tlatah
Asmat, Propinsi Papua; ing ~, Papua.
ASOR[ asↄr ] {TKh}: salah sawijine klas tembung kahanan
kang nerangake cukup utawa ora samubarang ing
wektu paceklik; cadhangan beras 31 Desember
2017 ~
ASTA [astↄ] {TAr} : salah sawijine klas tembung aran kang
nuduhake sawijine perangane awak kanggo
nyekel/tangan; kridha lumahing ~ ngarep-arep. N-~
[ŋastɔ] {TKr. TPs}: salah sawijine klas tembung kriya
jinis proses kang nerangake wujud kalungguhan;
nalika Presiden Jokowi wiwit ~ pusaraning adil.

29
ASUNG [asUng] {TKr}: salah sawijine klas tembung kriya
kang nuduhake wujud pasengkuyungan tumrap
wong liya kang lagi nggayuh gegayuhan utawa
kekarepane; awit para penonton padha ~
penyemangat marang sakabehing atlet.
ASURANSI [asuransi] {TAr}: salah sawijine klas tembung
aran sing nuduhake samubarang kang awujud
prajanjen ngenani jaminan; konsep asuransi
perokok nate muncul.
ATAS [atas] {TAr.TKh}: salah sawijine klas tembung aran
sing nyatakake kahanan kanthi pikoleh palilah saka
salah sawijine pihak; lan penghargaan ~ suksese
negara kita saka segi prestasi lan penyelenggaraan.
N-~-i [ɳatasi] {TKr. TPk}: salah sawijine klas
tembung kriya sing nyatakake pakaryan kang
nuduhake pakaryan ngayahi; wujud sarana lan
prasarana sing bisa ~ lan mrantasi gawe.
ATI [ati] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran sing
nyatakake barang ora mawujud kang nuduhake
telenging rasa kabatinaning utawa rasa-pangrasane
manungsa; lara ~.
ATLET [atlit] {TAr.TSe}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake pawongan kang seneng lan bisa ing
donyane olahraga, lumrahe pawongan kang lagi

30
melu lomba ing olahraga; ~ manca negara uga
rumangsa bergairah.
ATOS [atͻs] {TKh}: salah sawijine klas tembung kahanan
kang nuduhake yen omongane ora luwes utawa
nyerikake; ana sing kanthi omongan ~, nanging uga
ana kang alus nyemoni.
ATUR [atUr] {TKh}: 1. N-~ [ŋatUr] {TKr} salah sawijine klas
tembung kriya kang nerangake pergaweyan kang
dilakokake pawongan sing nduweni wewenang; awit
gagal ngatur reregan pangan. 2. ~-ake [atUrake]
{TKr. TPk}: salah sawijine klas tembung kriya sing
nyatakake pakaryan kang nerangake unjuk
samubarang bab kang bakal dikandhakake; bab
mau wis wola-wali kita ~-ke. 2. ~-an [aturan] {TAr}:
salah sawijine klas tembung aran sing nyatakake
perangkat utawa tata cara kang kudu ditindakake
supaya nuwuhake ketertiban; Ing ~ hukum kita.
ATUS [atUs] {TAr}: ~-an [atusan] {TAr}: salah sawijine klas
tembung aran jinis tembung wilangan kang
nggambarake jumlah samubarang; korban akeh wis
bola-bali dumadi puluhan lan ~an taun kepungkur.
ATUT [atUt] {TKr}: N-~-ake [ŋətUtake] {TKr. TPk}: salah
sawijine klas tembung kriya jinis pakaryan tanduk

31
kang mujudake tumindak melu bab kang wis ana; ~
warga masyarakat.
AWAK [awaɁ] {TAr}:~-e [awa?e] {TAr}: salah sawijine klas
tembung aran sing nyatakake sesulih kang
nerangake wujud samubarang kang kasat mripat; ~
lencir pakulitane kuning
AWAL [awal] {TKh}: salah sawijine klas tembung kahanan
kang nerangake kahanan samubarang kang wis
kelakon; Iki bisa dideleng saka stok ~ Bulog taun
2018 sing mung kari 700.000-800.000 ton beras.
AWAM [awam] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake akeh-akehe wong; perasaane
wong ~ mau "kalah manut hukum.”
AWAN [awan] {TAr}: ka-~-en [kawanən] {TKr. TKh}: salah
sawijine klas tembung kriya sing nyatakake kahanan
kang nuduhake telat tangine utawa telat nindakake
pakaryan; mung mesam-mesem ngulati tumindake
Sonya sing ~.
AWAS [awas] {TAr}: 1. pe-ng-~-an [pəɳawasan] {TKr. TPk}:
salah sawijine klas tembung kriya sing nyatakake
pakaryan kang nuduhake pakaryan abisa
ndeleng ;manut tilas kepala BNN, Komjen Budi,
atusan ton narkoba liyane ucul saka ~. 2. N-~-i
[ƞawasi] {TKr.TPk}: tembung kriya sing nyatakake

32
pakaryan tanduk kang ngandharake tumindak sing
asipat njaga saka bab sing ala; Pemerintah uga
bakal ngedol valuta asing menyang pasar dhuwit
Ian ~ pembelian valas.
AWEH [awɜh] {TKr. TPk}: salah sawijine klas tembung kriya
sing nyatakake pakaryan kang nerangake
nindakake pakulinan ing saben dina; wong “lumrah”
kang ~ kawigaten.
AWIT [awIt] {TKr.TKh}: salah sawijine klas tembung kriya
sing nyatakake kahanan kang nerangake
mulabukane saka kahanan tartamtu; ~dhuwit sayuta
dina iki. Pa-~-ane [pawitane] {TAr}; salah sawijine
klas tembung aran kang mujudake dhuwit utawa
barang sing dianakake nalikane arep bebakulan,
lsp; wani dhuwite kanggo ~.
AWU [awu] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran kang
nuduhake lebu tilas obong-obongan kayu; kalah
dadi ~, menang dadi areng.
AYAH [ayah] {TKr}: N-~-i [ŋayahi] {TKr.TPk}: salah sawijine
klas tembung kriya sing nyatakake pakaryan
tanggap kang arupa nindakake panggawean;
geneya para pejabat ora padha wedi ~ korupsi
senajan wis semono akehe sing dibekuk KPK.

33
AYAT [ayat] {TAr}: ~-~ [ayat-ayat] {TAr}: salah sawijine klas
tembung aran dwilingga kang nuduhake ukara
minangka bageyan saka pasal sajrone undhang-
undhang; kabeh nuduhake alasan, pasal-pasal lan
~ sing dianggo gondhelan.
AYEM [ayəm] {TKh}: salah sawijine klas tembung kahanan
kang nerangake kahanan ora duwe susah utawa
sedhih; kawasan sing ~ tentrem.
AYO [ayo] {TPg. TPu}: salah sawijine klas tembung
panggawe jinis tembung panguwuh kanggo
mratelakake ngajak; jajal ~ dipetani; mula ~ bersatu.

34
B
BAB [bab] {TAr}. salah sawijine klas tembung aran kang
nerangake prekara sing dirembug; ~ iki
gegandhengan karo irama tandur serentak sing
ngasilake panen sing ajeg.
BABAG [baba?] {TAr}: Sa-~[sababa?] {TAr}: salah sawijine
klas tembung aran sing nyatakakae perkara kang
nuduhake bab sing saemper; hoaks ~ karo fitnah
lan ujaran kebencian. 1. ~-an [babagan]
{TAr}:tembung aran sing nyatakake barang ora
mawujud kang nuduhake prakara kang dadi
kawigaten; ing ~ pawiyatan uga ora sethithik
pawarta sing banjur dadi viral.
BABAR [babar] {TPg. TKa}: salah sawijine klas tembung
panggawe sing nyatakake katrangan kang
nuduhake katrangan entek blas; sajake, ancaman
hukum agama mau wis ora ana tilase ~ pisan ing
masyarakat kita.
BABAR [babar] {TPg.TKa}: salah sawijine klas tembung
panggawe sing nyatakake katrangan kang
digunakake makili kabeh kanthi tenanan; ~ pisan
durung ana.
BAB-BAB [bab-bab] {TKr}: salah sawijine klas tembung
kriya kang nerangake prekara sing kudune ora

35
dilakokake; merga ~ mau mesthi ngilangi rasa
simpati lan empati.
BABLAS [bablas] {TKr}: Ka-~-an [kǝbablasǝn] {TKr}: salah
sawijine klas tembung kriya kang nuduhake
kahanan ora mandheg utawa ngluwihi saka kang
ditemtokake;sing sok ~ lan ndadekake masalah
utang iki saya ruwet.
BACUT [bacUt] {TAr}: 1. ~-ane [bacutane] {TPg}: salah
sawijine tembung aran kang nerangake kanggo
nerusake samubarang; lan ~-ane, wis salumrahe
diajab bisa ngasilake dana. 2. N-~-ake [mbacutake]
{TKr. TPk} :salah sawijine klas tembung kriya sing
nyatakake pakaryan jinis tanduk kang nuduhake
kahanan sabanjure; sakehing sekolahan banjur
wegah nampa bocah kasebut nalika arep ~
sekolahe.
BADA [bↄdↄ] {T.Kh}: salah sawijine klas tembung kahanan
kang nerangake kagiyatan kang dilakoni sawise
pasa; ngadhepi wulan pasa lan ~ (Iedul Fitri).
BADAN[badan] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
sing nuduhake wewujudan awak utawa lembaga;
nganakake program ~ Penyelenggara Jaminan
Sosial (BPJS) .

36
BAE [bae] {TPg}: salah sawijine klas tembung panggawe
jinis tembung katerangan kanggo nerangake
kahanan kang samadyane; mung dikulinakake
maca pelajaran ~.
BAGE [bagɛ] {TAr}: 1. ~an [bagɛyan] {TAr}: salah sawijine
klas tembung aran kang nerangake perangan; sarta
infrastruktur terkait kanggo penyelenggaraan
Olimpiade sing mesthi dadi ~ sing nyawiji karo
rencana gedhe iku. 2. se~an [sǝbagiyan] {TAr}:
salah sawijine klas tembung aran sing nyatakake
wilangan kang nerangake jumlah sakperangan; ~
gedhe medali emas kita mung saka nomor-nomor
cabang non Olimpiade
BAHAN [bahan] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
sing arupa cikal bakale samubarang; kanthi tegel
didadekake ~ kanggo dolanan hoaks.
BAJAK [baja?] {TKr}: 1. Pe-~-an [pəmbajakan] {TKr. TPk}:
salah sawijine klas tembung kriya jinis tembung
pakaryan kang nuduhake tumindak malsokake
sawijine samubarang; sumrambahe buku nduweni
tantangan yaiku anane ~. 2. ~-an-e [bajakane] {TAr}:
salah sawijine kelas tembung aran kang nuduhake
samubarang kang dudu asline; durung suwe ing
pasaran, wis ana ~.3. ~-an [bajakan] {TAr}: salah

37
sawijine kelas tembung aran kang nuduhake
samubarang kang wis dipalsokake; jalaran sing ~,
sepiroa asile dodolan rak ya mung dadi bebathene
pembajak 4. Pe-~ [pəmbajak] {TAr}: salah sawijine
kelas tembung aran kang nuduhake pawongan kang
nindakake pembajakan; jalaran sing bajakan,
sepiroa asile dodolan rak ya mung dadi bebathene
~.
BAKA [bɔkɔ] {BT}; m-~ [mbɔkɔ] {TAr}: salah sawijine klas
tembung aran kang nuduhake satuwane
samubarang; yaiku rusake lan ilange basa dhaerah
saNuswantara sing ~ siji padha rontog.
BAKAL [bakal] {TPg, TKa}: salah sawijine klas tembung
aran kang nerangake wayah; jer mangsa tembe
mburine ora ~ kleleran.
BAKAT [bakat] {TAr}: ber~ [bǝrbakat] {TKr}: salah sawijine
tembung kriya kang nerangake pawongan kang
nduweni kaluwihan awit lair; bab mau pancen wis
bisa dadi "pecut" marang para nom-noman ~.
BAKU [baku] {TKh}: salah sawijine klas tembung kahanan
kang nerangake sawijine samubarang kang dadi
dhedhasar; sing ~, ora kebacut anggone gumun
banjur ngalem.

38
BAKUL [bakUl] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
sing nyatakake sesulih kang kang digunakake
kanggo nyulihi wong wadon sing dodolan barang-
barang; bab iku kanthi pangajap bisa ngapokake ~
sing tumindak urik.
BALAP [balap] {TKr. TPk}: salah sawijine klas tembung
kriya sing nyatakake pakaryan kanthi rikat banget;
kaya pencak silat, jet ski, ~ sepedha down hill,
paralayang, lan Wushu.
BALEN [balɛn] {TKr}: N-~- [mbalɛni] {TKr. TPs}: salah
sawijine tembung kriya sing nyatakake proses kang
nerangake samubarang kang bisa dilakoni kanthi
ora mung sepisan; balapan nggawe filem saakeh-
akehe, ora patiya nggatekake seni lan surasane.
BALI [bali] {TKr}: 1. ~-bali [bɔla-bali] {TKr}: salah sawijine
klas tembung tembung kriya jinis kriya rangkep kang
mujudake kahanan kang datindhakake luwih saka
siji; lindhu lan tsunami sing ninggalake kapitung lan
korban akeh wis ~ dumadi puluhan lan atusan taun
kepungkur. 2. W-~ [wɔli-wali] {TKr}: salah sawijine
klas tembung kriya jinis kriya rangkep kang
mujudake tumindak kang kerep utawa kuwih saka
siji; lindhu lan uga tsunami wis dumadi ~ ing
sakehing papan.

39
BANDHA [banḍↄ] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake gawan; kae diarani mung bonek
utawa ~ nekad (istilah Surabaya).
BANDHANG [banḍaη] {TKh}: salah siji klas tembung
kahanan kang nuduhake saperangan kedadeyan
banjir kang ambyar kanthi gedhe; isih ditambah
bencana sing rutin kaya banjir ~, kasatan, tanah
longsor, lsp.
BANDHARA [banḍara] {TAr}: salah sawijine klas tembung
aran kang nuduhake panggonan kanggo mandhek
lan budhale kapal mabur; nggarap dalan tol gedhen-
gedhen, nggawe pelabuhan, ~, ril sepur double
track lsp.
BANDHING [banḍIŋ] {TKh}: 1. ~-ane [banḍiŋane] {TKh}:
salah sawijine klas tembung kahanan kang
nerangake perbandingan; ~, Thailand 41%,
Malaysia 56% saka PDB. 2. ~-ake [banḍiŋa?e] {TKr.
TPk}: salah sawijine klas tembung kriya jinis
pakaryan kang nerangake pakaryan mbandhingake;
bisa kita ~, jaman presiden SBY jroning 10 tau wis
kasil mbangun dalan tol 230 km. 3. Di-~ [dibanḍIŋ]
{TKr. TPk}: salah sawijine klas tembung kriya jinis
pakaryan kang nerangake pakaryan mbandhingake
samubarang kang ora dienggo; nanging ora bisa

40
diselaki yen reregan barang utangan tetep luwih
larang ~ kenceng. 4. Di-~-ake [dibanḍiŋaɁe] {TKr.
TPk}: salah sawijine klas tembung kriya jinis
pakaryan kang nerangake pakaryan bandhingake
samubarang kang ora dienggo; sing genah, barang
apa wae sing dikredhitake regane dadi luwih
dhuwur, kadhang nganti tikel lorone ~ sing didol
cash (kenceng).
BANGET [baɳət] {TPg.TKa}: salah sawijine kelas tembung
panggawe sing nyatakake katrangan kang
nuduhake samubarang pinunjul tinimbang liyane;
anane narkoba marang bangsa kita wis nguwatirake
~.
BANGJO [baŋjo] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
sing nyatakake barang mawujud kang digunakake
kanggo ngatur lumakune kreta utawa kendharaan;
nrabas ~.
BANGKIT [baŋkIt] {TKh}: ke~an [kǝbaŋkitan] {TKr}: salah
sawijine klas tembung kriya kang nerangake bisa
nglakokake sawijine pakaryan; kesuksesan mau
minangka momentum ~ olah raga nasional ing
tingkat internasional.
BANGKRUT [baŋkrUt] {TKh}: N-~-an [kebaŋkrutan] {TKh}:
salah sawijine klas tembung kahanan kang

41
nerangake kedadeyan tumuju derajad sing asor;
malah njlomprongake pengusaha marang ~.
BANGSA [bↄŋsↄ] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang wargane nyawiji dadi siji sing manggon ing
sawijine negara; wulan Agustus, wulan sing penting
banget kanggo kita,~Indonesia.;ke-~-an
[kǝbaŋsaan] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nuduhake kahanan utawa watak
sawijine golongan ing bangsa kasebut; kaya
masyrakat kita sing luwih sering lali nganti loyalitas
~.
BANGUN [bangUn] {TKr}: 1. Di-~ [dibangUn] {TKr. TPs}:
salah sawijine klas tembung kriya jinis proses kang
nuduhake proses nggawe utawa ngedegake; mega
proyek sing ~ kanthi wragad Rp5 triliun. 2. N-~
[mbangUn] {TKr. TPk}: salah sawijine klas tembung
kriya kang nuduhake pakaryan ndadekake
samubarang saya luwih apik; sateruse kita ~ negara
kanthi kekuwatan kita dhewe tanpa sanggan bunga
lan cicilan utang.
BANJIR [banjIr] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nuduhake gedhe lan bantere iline
banyu; wis njalari ~ panandhang lan waspa, uga
mesthi ~ kringet.

42
BANJUR [banjUr] {TPg. TPd}: salah sawijine klas tembung
panggawe jinis tembung panggandheng sing
digunakake kanggo nggandheng frasa supaya dadi
ukara kang apik lan runtut.sa-~-e [sabanjure] {TPg.
TPd}: salah sawijine klas tembung panggawe jinis
tembung panggandheng sing digunakake kanggo
nggandheng frasa supaya dadi ukara kang apik lan
runtut; ~ kesadharan gaya urip sehat.
BANK INDONESIA [baƞ indonesiya] {TAr}: salah sawijine
klas tembung aran kang ngandharake arane
instansi ing Indonesia; ~uga aweh intervensi.
BANTER [bantər] {TKh} salah sawijine klas tembung
kahanan kang nuduhake ngenani kecepatan;
majune kalah ~ karo negara liya.
BANTU [bantu] {TKr} : 1. ~-an [bantuan] {TAr} : salah
sawijine klas tembung aran kang nuduhake antuk
pitulungan; ngarep-arep ~ saka manca negara. 2. N-
~ [mbantu] {TKr. TPk}: salah sawijine klas tembung
kriya pakaryan kang nuduhake tumindak tulung-
tinulung; golek dhuwit kanggo ~ kurban.
BANYU [bañu] {TAr}: banyune [bañune] {TAr}: salah
sawijine kelas tembung aran kang nuduhake wujude
barang cuwur sing metu saka tuk; ora butheg ~ne.

43
BAPAK [bapa?] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
sing nyatakake sesulih kang nyulihi wong tuwa
lanang; sidane, si ~ sing anggota TNI iku kelakon
mara.
BARANG [baraƞ] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake samubarang kang mawujud;
utamane yen dideleng saka reregan ~.
BARENG [barəŋ] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan ngenani kahanan ingnalikane; irah-irahane
waaah kok ~ diwaca isine wooo. Be~an [bəbarəŋan]
{TKh. TKa}: salah sawijine klas tembung panggawe
jinis tembung katrangan kang nerangake cara
tumindak kanthi bareng-bareng; sing bakal
dileksanakake ~ ing taun 2019
BARESKRIM[bareskrim] {TAr}: salah sawijine klas tembung
aran kang nuduhake insransi kepolisian kanggo
nagani kasus kriminal; Direktorat Tindak Pidana
Siber ~ Polri
BASA [bͻsͻ] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran arupa
sarana ginawe medharake gagasan awujud
kaklumpukane tembung-tembung; berjuwang
ndhepani ~ Jawa. A- ~ [abͻsͻ] {TKr}: salah sawijine
klas tembung kriya kang nggunakaken sawijine
basa; wacan ~ Jawa.

44
BATHI [baṭi] {TAr}: 1. be-~-ane [bəbaṭɛne] {TAr}: salah
sawijine klas tembung aran kang nerangake untung
utawa payune samubarang; sepiroa asile dodolan
rak ya mung dadi ~ pembajak. 2. N-~-ni [mbaţeni]
{TKh}: salah sawijine tembung kahanan kang
nuduhake payu luwih saka pawitan; njagan reregan
barang sing ~ petani prodhusen.
BATU [batu] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran jinis
tembung sesulih kanggo samubarang kang nduweni
titikan atos; bab iki uga pantes dadi pancadan (~
loncatan) ing ajang sing luwih prestisius kayata
Olimpiade Tokyo (2020).
BAWA [bɔwɔ] {TAr}; ~-ne [bawane] {TAr}: salah sawijine
kelas tembung aran kang nuduhake watek;
ngandhakake yen solah ~ Presma UGM nalika
pirembugan.
BAYA[bɔyɔ] {TAr}: N-be-~-ni [mbəbayani] {TKr. TKh}: salah
sawijine klas tembung kriya sing nyatakake kahanan
kang nyumelangi utawa muwatiri; awit ~ banget yen
diumbar.
BAYAR[bayar] {TKr. TPk}: salah sawijine klas tembung
kriya sing nyatakake pakaryan menehake dhuwit
minangka ijole barang; 1. Di-~ [dibayar] {TKr. TPk}:
salah sawijine klas tembung kriya sing nyatakake

45
pakaryan diwenehi dhuwit minangka ijole barang;
iuran BPJS iku dianggep prabeya sing kudu ~. 2. M-
~ [mbayar] {TKr}: salah sawijine klas tembung kriya
sing nyatakake pakaryan menehake dhuwit
minangka ijole barang; kanthi ~ iuran sing relatif ora
patiya larang. 3. Pe-N-~-an [pǝmbayaran] {TAr}:
salah sawijine klas tembung aran sing nuduhake
proses utawa cara menehake dhuwit minangka ijole
barang; Pendhisiplinan ~ mono sawijining ayahan
sing dawa. 4. N-~-e [mbayare] {TKr. TPk}: salah
sawijine tembung kriya sing nyatakake pakaryan
kang nerangake carane mbayar kang ditindakake
dening pawongan; upamane nonton ing bioskop, ~
karcis padha.
BEBAS [bebas] {TKh}: ke-~-an [bebas] {TKh}: salah
sawijine kelas tembung kahanan sing nuduhake
kahanan kang ora kaiket utawa winates dening
ukum; mula, wajar lan relevan banget yen BNN
diwenehi ~ nyadhap.
BEBRAYAN [bɘbrayan] {TAr}: salah sawijine klas tembug
aran kang nerangake wujud akehemanungsa sing
urip bebarengan; sinambi ngetrapake ing urip ~
karo kiwa tengen.

46
BECIK [bǝcI?] {TKh}: salah sawijine klas tembung kahanan
kang nuduhake kahanan kang amrih apik; luwih ~
sakehing kekuwatan kita gunakake kanggo mbayar
utang.
BECUS [bəcUs] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nerangake pergaweyan kang
cundhuk kaliyan tujuwan; ora ~,
BEDA [bedↄ] {TKh}: salah sawijine klas tembung kahanan
kang nuduhake ora padane perkara siji lan liyane;
kudu kita elingi yen kahanan taun iki ~ banget karo
nalika krismon.
BEDHIL [bəḍIl] {TAr}: salah sawijine kelas tembung aran
kang awujud wesi wuluhan nganggo bedhil.
BEKUK [bǝkUʔ] {TKr}: Di-~ [dibǝkUʔ] {TKr. TPk}: salah
sawijine klas tembung kriya sing nyatakake
pakaryan kang nuduhake ketangkepe pawongan
amarga tumindak alane; kandhidhat sing ~ KPK.
BELA [belɔ] {TKr}: 1. N-~ [mbelɔ] {TKr. TPk}: salah sawijine
klas tembung kriya sing nyatakake pakaryan kang
nuduhake melu golek kabeneran, melu nglabuhi
sangsara; Ora ana sing nyecer ngandhakake mula
bukane, ya ora ana sing ~. 2. [belɔ suŋkɔwɔ] {TKh}:
salah sawijine klas tembung kahanan kang
mujudake andharan ngenani berduka cita nalika lagi

47
nadhang kemalangan; bebendu iku kelakon
ninggalake ~ sing nandhes ing ati tekane saiki.
BEN [bɛn] {TPg. TKa}: salah sawijine klas tembung
panggawe jinis tembung katrangan kang nuduhake
amrih becike; ora nggawe utang maneh, ~ sanggan
kita saya entheng.
BENAH [bǝnah] {TKr}: Be-~[bǝbǝnah] {TKr}: salah sawijine
klas tembung kriya jinis kriya tanggap kang
mujudake tumindak ngeringkesi samubarang;
Pamarenta lan warga banjur ~ lan nyinau bab
bencana.
BENCANA [bǝncↄnↄ] {TAr}: salah sawijine klas tembung
aran kang nerangake kerusakan alam;kaya ~ lindhu
gedhe.
BENCI [benci] {TKh}: Ke-~-an [kebencian] {TKh}: salah
sawijine klas tembung kahanan sing nyatakake
pangrasa ora seneng kang mungguhing sawijine
bab; hoaks sababag karo fitnah lan ujaran ~.
BENDU [bǝndu] {TKh}: Be- ~[bǝbǝndu] {TKh}: salah
sawijine klas tembung kahanan kang nggambarake
kahanan kanglagi dudeka; ~ iki banjur nuwuhake
papa cintraka ing Palu.
BENDUNDUK [bəndundUɁ] {TKr}: salah sawijine klas
tembung kriya jinis kahanan presentif ngenani

48
kahanane sawijine bab kang dumadakan muncul;
mak ~ nuwuhake kawigatene warganet.
BENDUNG [bǝndUŋ] {TKh}: ~-an [bǝndungan] {TAr}: salah
sawijine klas tembung aran kang nuduhake papane
banyu kang disumpet; durung kalebu infrastruktur
liyane kaya ~.
BENER[bǝnǝr] {TKh}: 1. ~-ake [bǝnǝrake] {TKr. TPk}: salah
sawijine klas tembung kriya sing nyatakake
pakaryan kang ngakoni bebenere samubarang; bab
cukai rokok dadi solusi sing bisa kita ~; 2. Sa-~-e
[sabǝnǝre] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan sing nuduhake kahanan kang tanpa
kaluputan; ~ masalah sing wis lawas dirembug.
BENGEP[bəŋəp] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan sing nuduhake kahanan abo kang ana ing
perangane awak; praenan ~.
BENGI [bǝηi] {TAr. TWi}: salah siji klas tembung aran sing
nyatakake wilangan kang nuduhake salah siji wektu
ing etungan sadina; setu ~ 13 Oktober 2018.
BENGOK [bɘŋɔ?] {TAr}: mbengok [mbɘŋɔ?] {TKr}: salah
sawijine kelas tembung kriya kang nuduhake
tumindak nywara seru; ora waton ~

49
BENUA [bǝnua] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang mujudake daratan kang amba kang ana ing
bumi; Indonesia kaapit telung lempeng ~.
BERAS[ Bəras] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang asale saka pari sing wis ditutu; ~ isih dadi
komponen utama uripe warga kelas ngisoran
(rakyat jelata).
BERDULI [bǝrduli] {TKh}: salah sawijine tembung kahanan
kang nerangake rasa kang nggatekake utawa ora
nggatekake tumrap samubarang; waton irah-
irahane medeni, bab logika lan seni ora patiya ~.
BERITA [bərita] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
sing mujudake plaporan ana inglayang kabar sing
ngemot kadadeyan sing isih anyar (nembe wae
kedadeyan); nduwe portal ~ dhewe.
BESAR [bǝsar] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake arane sasi ing itungan sasi Jawa;
lan sarehne kedadeyan ing wulan ~ (sasi jawa).
BESLAH [bɛslah] {TKr}: di-~ [dibɛslah] {TKr. TPk}: salah
sawijine klas tembung kriya kang nyatakake
pakaryan ngrampas barang darbeke; mesin cetake
~.
BETENG [bɛtɛŋ] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake pagerane samubarang; yen PS

50
minangka ~ pungkasan basa, sastra lan budaya
Jawa.
BEYA [bɛya] {TAr}: salah sawijine tembung aran kang
nuduhake ragad utawa ongkos; dene amrih antuk
sakabehing iku kanthi slaras, wis mesthi butuh ~
sing pas. Pra-~ [prabeyɔ] {TAr}: salah sawijine klas
tembung aran kang nuduhake wragad; politik ~
murah nanging ora murahan.
BIDHANG [bidhaŋ] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nerangake aspek tartamtu; mula jajaran
kabinet ~ ekonomi mesthi kerja keras supaya
bisane beras murah nalika wulan pasa lan bada.
BIJAK [bija?] {TKh}: ke-~-an [kəbija?an] {TKh}: salah
sawijine klas tembung kahanan kang nerangake
aturan; distribusi sing kekuras nalika paceklik lan
anane ~ anyar.
BIJI [biji] {TAr}: di-~ [dibiji] {TKh}: salah sawijine klas
tembung kahanan kang nerangake kedadeyan kang
bisa wenehi panyaruwe ;Pemerintah uga tansah
dibiji kasil utawa ora saka kawasisane ngemonah
rega beras. 1. N-~ [mbiji] {TKr. TPk}: salah sawijine
klas tembung kriya jinis tembung pakaryan kang
nerangake kagiyatan pawongan menehi nile
lumantar apa sing dideleng; masyarakat uga isih ~

51
kanthi ndeleng reregan pangan. 2. Ka-~ [kabiji]
{TAr}: salah sawijine tembung aran kang nerangake
anane samubarang kang wis diajeni kanthi angka-
angka; film-film gaweyan Indonesia uga ~ apik.
BINA [binↄ] {TAr}: pe-N~an [pǝmbinaan] {TKr. TPk}: salah
sawijine klas tembung kriya sing nyatakake
pakaryan kanthi nglakokake langkah-langkah
kanggo nggayuh samubarang; jer prestasi iku ora
mung liwat ~ sesaat.
BINGUNG [bingUƞ] {TKh}: tembung kahanan kang
nuduhake samubarang sing during barang mesthi
kedadeyan; cethane, kita ora perlu ~. N-~-ake
[mbiŋuŋake] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nerangake samubarang sing durung
cetha; nanging uga ~ publik
BIOSKOP [bioskop] {TAr}: salah sawijine tembung kahanan
sing nyethakake pakaryan kang nuduhake papan
panggonan kanggo ndelok filem; ing ~ ora kabeh
sing nggape.
BISA [bisↄ] {TKh}:salah sawijine klas tembung kahanan
kang nerangake samubarang kang dideleng saka
kedadeyan sing ana; dhuwure rega uga ~
kagambarake saka serete penyerapanberas dening
Bulog. 1. ~-e [bisane] {TKr. TKh}: salah sawijine

52
klas tembung kriya sing nyatakake kahanan kang
nerangake pakaryan kang dilakoni amrih
kekarepane bisa kasembadan; mula jajaran kabinet
bidhang ekonomi mesthi kerja keras supaya ~
beras murah nalika wulan pasa lan bada .2. sa-~~
[sabisↄ bisↄ] {TKr. TPk}: salah sawijine klas tembung
kriya sing nyatakake pakaryan tanggap tarung kang
ngandharake tumindak usaha sing njagani saka
anane kedadeyan ala; ajine rupiah tansah keplorod,
saengga ~ kita kudu ora kena nyimpen rupiah ing
mangsa sing suwe.
BISNIS [bisnis] {TAr}: salah sawijine tembung aran sing
nyethakake aran usaha kang nerangake anane
proses kang gegayutan karo adol; lan amrih
mengkone ora ngaplo, pelaku ~ film kudu bisa
nyocogake karo kahanan “pasar”. 1. Pe-~-e
[pǝbisnise] {TKr. TKh}: salah sawijine tembung kriya
sing nyatakake kahanan kang nerangake wong
kang nglakokake proses kang gegayutan karo adol;
(ya senimane, ya ~) banjur padha sinau saka
kedadeyan kasebut.
BIWARA [biwarɔ] {TAr}: ka- ~ -ake [kabiwarake] {TKr}:
salah sawijine klas tembung kriya kang nuduhake
palapuran perkara tartamtu: bab iki banjur dadi

53
rame ka~ake. 1. di-~-ake [dibiwarakake] {TKr}:
salah sawijine klas tembung kriya sing kalebu kriya
nyatakake tumindak kanggo menehi palapuran
guneman kang ditindakake pawongan: kabar sing ~.
2. N-~-ake [mbiwara?ake] {TKr. TPk}: salah sawijine
klas tembung kriya sing nyatakake pakaryan kang
nyebar wara-wara; maneka medhia massa cetak lan
elektronik banjur melu ~.
BIYASA [biyɔsɔ] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nuduhake babagan kang lumrah; ~e
[biyasane] {TPg. TPd}: salah sawijine klas tembung
panggawe jinis tembung panggandheng kang
nuduhake babagan kang lumrah; ~ cara sing ampuh
yaiku nggunakake pendekatan politik identitas.
BIYEN [biyɛn] {TPg}: salah sawijine klas tembung
panggawe jinis tembung katrangan kang nerangake
wektu; ~ sangisore Indonesia. N-~-e [mbiyɛne]
{TPg}: salah sawijine klas tembung panggawe jinis
tembung katrangan kang nerangake wektu; Sing ~
lumrah diakses nganggo komputer.
BLADRAH [bladrah] {TKh}: N-~ [mbladrah] {TKh}: salah
sawijine klas tembung kahanan sing mujudake
kahanane bab kang akeh banget cacahe nganti ana

54
neng ngendi-ngendi, ora saithik; samubarang sing
manganggo internet wis ~.
BLANJA [blanjↄ] {TKr. TPk}: salah sawijine klas tembung
kriya sing nyatakake pakaryan tanduk kang
ngandharake sawijine barang mawujud sing kasil
dituku; biyasane dhuwit semene cukup kanggo ~
sedina. Di-~-ake [diblanja?ake] {TKr. TPk}: salah
sawijine klas tembung kriya sing nyatakake
pakaryan tanggap kang nuduhake tumindak tetuku
samubarang kanthi migunakake dhuwit; ajine dhuwit
sayuta mau ~ limang taun maneh.
BLEDHOS [blǝḍɔs] {TAr}: N-~ [mblǝḍɔs] {TKr. TPs}: salah
sawijine klas tembung kriya sing nyatakake proses
kang nerangake proses sing umbyar utawa ajur lan
dadi rusak ora padha karo kahanan sadurunge; uga
ana gunung ~ utawa erupsi.
BLOWOK [blɔwɔʔ] {TKh}: Ke-~ [kǝblɔwɔʔ] {TKh}: salah
sawijine klas tembung kahanan kang nuduhake
kahanan lagi ngrasakake marang bab kang ala
utawa salah; pamimpin dhaerah sing ~ ing lendhut
korupsi.
BOBOT [bɔbɔt] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nuduhake aboting barang; kanthi ~
ngluwihi tonase maksimum.

55
BOCAH [bocah] {TAr}: salah sawijine kelas tembung aran
kang nduweni teges wong sing isih cilik; ya kawruh
bab dolanan ~.
BODHO [boḍo] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nuduhake wong kang angel
mangerteni samubarang; bocah Indonesia sing
satemene ~.
BOKOR [bɔkɔr] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake ubarampe sajrone mantenan
awujud wadhah; kudu diwadhahi ing ~ kencana.
BOLA-BALI [bola-bali] {TKr. TPk}: salah sawijine klas
tembung kriya sing nyatakake pakaryan saka
panggonan siji menyang panggonan liyane kang
dilakokake luwih saka sepisan; Menterine wis ~
ganti
BONEK [bonɛk] {TAr. TSe}: salah sawijine klas tembung
aran jinis tembung sesulih kang nuduhake carane
nglakoni sawijine bab; kae diarani mung ~ utawa
bandha nekad (istilah Surabaya).
BONGKOK [bongkok] {TAr}: ~-an [bongkokan] {TKr. TPk}:
salah sawijine klas tembung kriya sing nyatakake
pakaryan kang nerangake samubarang kang
dibentel dadi siji; Jepang pasrah ~ tanpa syarat

56
BONUS [bɔnus] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nerangake samubarang luwih kang diolehi
nalika kasil sabubare nglakokake pakaryan; kita
acungi jempol marang kawigaten pemerintah lan
para sponsor sing wis paring hadiah lan ~ marang
para atlet berprestasi.
BOROS [bɔrɔs] {TKh}: N-~-ake [mbɔrɔsake] {TKr. TKh}:
salah siji klas tembung kriya sing nyatakake
kahanan kang nuduhake kahanan saperangan bab
kang ngentekake prabeya nanging ora dibutuhake;
pertemuan iki ~ dana.
BRANGUS [braŋUs] {TKr}: di-~ [dibraŋUs] {TKr}: salah
sawijine klas tembung kriya kang menehi
paukuman; PS ~ jalaran dianggep wani.
BRASTHA[brasṭa] {TKr}: N- ~[mbrasṭa] {TKr. TPk}: salah
sawijine klas tembung kriya sing nyatakake
pakaryan tanduk sing nuduhake tumindak
nyirnakake bab kang ala lan durjana; ayo
bebarengan ~ hoaks
BRAYAN [brayan]{TKh}:be-~ [bəbrayan]{TKh}: salah
sawijine klas tembung kahanan sing nyatakake
kahanan utawa watak kang nuduhake katertiban
utawa karukunan ing panguripan masyarakat; apa
paedahe kanggo warga ~ uga netizen.

57
BRAYAT [brayat]{TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake sanak sedulur tunggal
sapanggonan; saking gampange bakal kinawruhan
~ sa-Nuswantara.
BUBAR [bubar] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake samubarang kang pisah (tumrap
klompok); Indonesia wis meh ~ merga utang sing
ora kebayar.
BUDAYA [budaya] {TAr}: ka-~-n [kabudayan] {TAr}: salah
sawijine tembung aran kang nerangake pakulinane
manungsa ing saben dina; swasana alame,
kahanan wargane, uga ~ lan pradatane.
BUDDHA[budḍa] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
sing nuduhake sawijine agama utawa kapercayan
kang diajarke Sidharta Gautama; salah sijine ajaran
~ ing Pancasila.
BUDIDAYA [budidͻyͻ]{TKr}: pa-N-~ [pambudidͻyͻ] {TKr}:
salah sawijine klas tembung kriya kang nuduhake
sarana kang digawe nggayuh; kabeh mau mujudake
~ amrih PS lestari.
BUI [bui] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran kang
nuduhake panggonan kanggo wong sing nrima
paukuman; sing ngrusak wit duren nampa
paukuman mlebu ~.

58
BUKA [buka?] {TKr}: 1. Pe-N-~-an [pǝmbukaan] {TKr. TPk}:
salah sawijine klas tembung kriya sing nyatakake
pakaryan kang nerangake ngresmekake sawijine
kagiyatan; spektakuler-e acara ~ Asian Games
(AG). 2. N-~ [mbuka?] {TKr. TPk}: salah sawijine
klas tembung kriya sing nyatakake pakaryan kang
nuduhake pakaryan ngengakake utawa nganakake;
~ taman baca ing omahe.3. ter~ [tərbukɔ] {TKh}:
salah sawijine klas tembung kahanan kang
nuduhake pakaryan kang ora katutup, gamblang;
gagasan, idhe lan program ditawakake secara ~;
4.~-ne [bukane]{TKr. TPk}: salah sawijine klas
tembung kriyasing nyatakake pakaryan kang
nuduhake pakaryan mengakake; ora ana sing
nyecer ngandhakake mula ~ ya ora ana sing mbela;
5. di-~ [dibukᴐ] {TKr. TPk}: salah sawijine klas
tembung kriya sing nyatakake pakaryan tanggap
ngenani tumindak sing diwiwiti, diresmekake; ya ora
~.
BUKAK [buka?] [TKr}: 1. N-~ [mbukaɁ] {TKr. TPk}: salah
sawijine klas tembung kriya sing nyatakake tanduk
sing mujudake tumindak nggunakake sawijine bab;
~ situs internet. 2. ka-~ [kabukaɁ] {TKr}: salah

59
sawijine klas tembung kriya kang nuduhake
tumindak medhar wadi; korupsi uga saya ~.
BUKTI [bu?ti] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran kang
nerangake bab kang dinggo dhasar ing kedadeyan
tartamtu; tudhuhan tanpa ~ kuwat ora bakal bisa
ngrampungi masalah. 1. ~-ne [bu?tine]{TAr. TSe}:
salah sawijine tembung aran sing nyatakake sesulih
kang dadi barang-barang paseksen; ~ saiki filem-
filem sing ngemu surasa apik lan uga kemedol; 2.
N- ~-ake [mbuktɛˀake] {TKr. TPk}: salah sawijine
klas tembung kriya sing nyatakakepakaryan kang
nuduhake bebener kanthi nggunakake bukti; iki
kabeh saya ~ tetembungan
BUKU [buku] {TAr}: ~-e [bukune] {TAr}: salah sawijine kelas
tembung aran kang nuduhake salah sawijine piranti
tulis; sanadyan wiwitane ~ kurang narik ati.
BULOG [bulↄg] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake sawijine lembaga pangan ing
Indonesia kang ngurusi tata niaga beras; stok awal
~ taun 2018, 800 ton.
BUMI [bumi] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran kang
mujudake palemahan papan panggonane makhluk
urip; Horege ~ krasa banget ing tlatah dunung kita.
1. pri~ [pribumi] {TAr}: salah sawijine klas tembung

60
aran kang nuduhake julukan wong kang asal lan asli
Indonesia; kaum ~.
BUPATI [bupati] {TAr}: salah sawijine jinis tembung aran
jinis tembung sesulih kang nyulihi pawongan sing
dadi pamimpin utawa kapala dhaerah ana
Kabupaten;~ lan Walikota kajiret kasus korupsi
BURI [buri] {TKh}: 1. N-~ [mburi]{TPg. TAa}: salah sawijine
klas tembung panggawe sing nyatakake ancer-
ancer kang nuduhake perangan kang kari; kaya
ngapa dhampake ing tembe ~; 2. N-~-ne [mburine]
{TKh}: salah sawijine klas tembung kahanan kang
kanggo nuduhake samubarang keri; pendhidhikan
sing bermutu kanggo tembe ~ bangsa.
BURU [buru] {TAr}: ~-an-e [buruane] {TAr.TSe}: salah
sawijine klas tembung aran sing nyatakake sesulih
kang nyulihi samubarang asil saka inceran utawa
mburu; asil panen isih dadi ~ tengkulak pengusaha
penggilingan.
BUSANA [busɔnɔ] {TAr}: salah sawijine kelas tembung
aran kang nuduhake samubarang wujud klambi
kang dienggo kanggo nutupi awak;menganggo
rerenggan ~.

61
BUTHEK [buțɘ?] {TKh}: salah sawijine kelas tembung
kahanan kang nuduhake samubarangkang ora
bening amarga reged; ora ~ banyune.
BUTUH [butUh] {TKr. TPk}: salah sawijine klas tembung
kriya sing nuduhake pakaryan kang diperlokake
nindakake samubarang; warga mau pancen ~
berobat. 1. ka-~-an [kabutuhan] {TAr}: salah sawijine
klas tembung aran kang nerangake wujud
samubarang dinggo saben dinane; utamane kanggo
ngisi ~ intervensi rega liwat operasi pasar. 2. N-~-
ake[mbutUhake] {TKr. TKh}: salah sawijine klas
tembung kriya sing nyatakake kahanan kang
nuduhake kahanan prelu migunakake samubarang;
perkara sing nduweni dimansi sosial, ~
bangetsensitifitas dhuwur saka penegakhokum.3.
di-~-ake [dibutuhake] {TKr. TKh} salah siji klas
tembung kriya sing nyatakake kahanan kang
nuduhake saperangan bab kang diperlokake dening
pawongan; pendhidhikan maju ~ guru-guru sing
jempolan; 2. ke-~-an [kebutuhan] {TKr.TKh}: salah
sawijine tembung kriya sing nyatakake kahanan
kang nerangake ngenani sambubarang kang
kepengin dianggo; ora ana ~ sakaSDA.

62
BUWANG [buwaŋ]{TKr}: N~ [mbuwaŋ] {TKr.TPk}: salah
sawijine klas tembung kriya jinis pakaryan kang
nerangake pakaryan nguncalake samubarang kang
wis ora dianggo kanthi sengaja; ~ uwuh ing
sadawaning dalan.

63
C
CABANG [cabaŋ] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nerangake pakumpulan sing dadi pakumpulan
gedhe; pertandhingan saka 40 ~ olahraga.
CABUB [cabub] {Tar}: salah sawijine klas tembung
arankang dicekak kanggo nuduhake pawongan
kang nyalonake dadi bupati; ~ sing diusung PDIP
lan PKB.
CACAH [cacah] {Tar}: salah sawijine tembung aran kang
nuduhake wilangan saka sakehing samubarang;
Akil wis mainake sengketa Pilkada ~ pitu; 1. ~-e
[cacahe]{TAr.TWi}: Salah sawijine klas tembung
aran jinis tembung wilangan kang nerangake
akehing samubarang; ~ isih minoritas banget; 2.~-
ing [cacahIŋ]{TAr}: salah sawijine klas tembung aran
jinis tembung wilangan kang nerangake akehing
samubarang; Tundhone ~ pembaca sangsaya
susut.
CADHANG [caḍaɳ] {TAr}: ~-an [cadhaɳan] {TAr}: salah
sawijine klas tembung aran kang nuduhake
samubarang kang siyap kanggo nyulihi samubarang
liyane kanggo wektu tertamtu; dana ~ kanggo
bencana.

64
CAGUB [cagub] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang dicekak kanggo nuduhake pawongan kang
nyalonake dadi gubernur; ~ NTT Marianus sae uga
ditangkep KPK.
CAIR [caIr] {TKh}: salah sawijine klas tembung kahanan
kang nuduhake wujud samubarang kang kaya
banyu; batubara gas lan ~.
CAKUP [cakUp] :~-an [cakupan] {TAr}: salah sawijine kelas
tembung aran kang nuduhake wilayah utawa
ambane bab kang dijlentrehake; ~ peredharan
vaksin palsu mau ±1%.
CALON [calɔn] {TAr}: salah sawijine kelas tembung aran
kang dadi bakal; aja milih ~ sing “ngrampok”
dhuwite rakyat
CAMPUR [campUr] {TKh}: salah sawijinetembung kahanan
sing nyatakake kahanan utawa watak kang
nuduhake tumindak melu ndarbeni urusane liyan;
ana ~ tangane sapepadha TN; .~-an [campuran]
{TKh}: salah sawijine klas tembung kahanan kang
nuduhake kahanan kang carub dadi siji; perkawinan
~ sing ngalangi pewarisan...
CANGGIH [caŋgIh] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nuduhake kwalitas piranti kang bisa
ngasilake asil kang apik tur gampang panganggone;

65
teknologi sing mundhak ~ njaiari maca bisa
kaleksanan tanpa kudu ana buku.
CARA [cↄrↄ] {TAr}:salah sawijine klas tembung aran kang
nuduhake dalan kanggo nglakoni sawijine bab
utawa laku;menghalalkan ~ apa wae kanggo
nggayuh kemenangan; 1. sa-~ [sacɔrɔ] {TPg. TPd}:
salah sawijine klas tembung panggawe jinis
tembung panggandheng kang nerangake cara
lumakune samubarang; akeh banget barang sing
ditawakake ~ kredhit; 2. ~-~ [cɔrɔ-cɔrɔ] {TAr}: salah
sawijine klas tembung aran kang nuduhake dalan-
dalan kanggo nglakoni sawijine bab utawa laku;
kudune nggunakake ~ bermartabat kanggo
nggayuh kemenangan.
CATHET [canṭǝt] {TKr}: 1. ~-in-~ [cinaṭǝt] {TKr. TPk}: salah
sawijine klas tembung kriya jinis pakaryan tanggap
kang mujudake samubarang kang wis ditulis utawa
wis kedaftar; Pancene gunggunge korban ora ~;2.
N-~[ñaṭət] {TKr.TPk}: salah sawijine klas tembung
kriya jinis tembung pakaryan tanduk kang nuduhake
pakaryan nulis utawa ngetig
sawijiningkedadeyan;kamangka kita uga ~
kedadeyan liya sing cengkah banget

66
CATHUT [caṭUt]{TAr}:ke-~ [kəcaṭUt] {TKr}: salah sawijine
klas tembung kriya sing nyatakake kahanan kang
nuduhake kelu marang sesambungan paseduluran;
pejabat sing ~ asmane melu urun rembug.
CECEP [cəcəp] {TKr}: N-~ [ñəcɘp] {TKr}: salah sawijine
klas tembung kriya kang nuduhaketumindak njupuk
utawa nyumerepi; kangelan ~ elmu.
CEDHAK [cəḍaɁ] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nuduhake kahanan jarak antarane
papan siji lan liyane sing kurang saka cukup; rada ~
lan sejalur; N-~-i [ñəḍaki] {TKr.TPr}: salah sawijine
klas tembung kriya sing nyatakake proses kang
nuduhake tumindak luwih cedhak marang sawijine
kahanan utawa bab tartamtu supaya saya raket; ~
generasi anyar.
CEH [cɜh] {TAr}: di-~-~ [dicɜh-cɜh] {TKr. TPk}: salah
sawijine klas tembung kriya jinis tembung pakaryan
tanggap kang nuduhake pakaryan mbuwang-
mbuwang samubarang sapenake; dhuwit sing ~
kanggo nggampangake urusan.
CEKAL [cəkal] {TKr}: di-~ [dicəkal] {TKr.TPk}: salah
sawijine klas tembung kriya jinis tembung pakaryan
tanggap kang nuduhake ngelakokake tumindak
nyekelpawongan; Honggo ora nate ~.

67
CEKEL [cǝkǝl] {TKr}: 1. N-~ [ñəkəl] {TKr}: salah sawijine
klas tembung kriya jinis pakaryan tanduk kang
mujudake tumindak nggujengi utawa nggoceki; ~
handphone; 2. ke-~ [kəcəkəl] {TKh}: salah sawijine
kelas tembung kahanan asil saka sawijine proses
nggoleki; Iku sing kasil ke~; 3. sa-ke-~-e
[sakǝcǝkǝle]{TKr}: salah sawijine klas tembung kriya
kang nuduhake samubarang kang bisa didadekake
paugeran; Idhene ~, sing main sakentuke, sidane
ya mung mampir ing bioskop ora kabeh sing
nggape.
CENENG [cɛnɛŋ] {TKr}: ~-e [cɛnɛŋe] {TKr}: salah sawijine
klas tembung kriya jnis tembung pakaryan kang
nuduhake nggandeng samubarang; gandheng ~
karo jaringan sing saiki “ndhekem” ing LP
(pakunjaran).
CENGGRING [cəŋgrIng] {TKh}:di-ce-~[dicəcəŋgrIng] {TKr}:
salah sawijine klas tembung kriya sing nyatakake
kahanan kang tansah diserikake atine; nganti ~
sakupenge.
CENGKAH[cəŋkah] {TAr}: salah sawijine klas tembung
aran kang nuduhake perkara kang sulaya lan ora
cocog karo siji lan sijine; kasus Mbah Saulina wis
~ngalor ngidul karokasuseHonggo.

68
CEPET[cəpət] {TKh}: salah sawijine klas tembung kahanan
kang kebat, rikat kanthi wektu kang cekak;
pemerintah kudu tumindak kanthi ~.; sa-~-e
[sacəpəte] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan sing nyatakake kahanan kang rikat, ora
akeh mangan wektu; kabar dora kudu ~ dipedhot.
CETAK [cetaʔ] {TKr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake wujude tulisan, gambar ing kertas
asipat cithakan; surat kabar ~; 1. ~-e [cetaʔe]{TAr}:
salah sawijine klas tembung aran kang nuduhake
barang utawa piranti kanggo ngasilake asil cithakan;
mesin ~ dibeslah; 2.pe-~-an [pərcetakan] {TAr}:
salah sawijine klas tembung aran kang nuduhake
panggon ngasilake samubarang kang asipat cithak;
~ sing ngasilake buku.
CETHA [cəṭↄ] {TKh}: salah sawijine klas tembung kahanan
kang nerangake prekara bisa dingerteni kanthi
becik; tanpa pelanggan, PS ~ ora bisa urip; ~-ne
[cəṭane] {TPg. TKa}: salah sawijine klas tembung
panggawe sing nyatakake katrangan kang
masthekake sawijine bab perkara; ~ kita ora perlu
bingung ngadhepi anjloge nilai rupiah iki.

69
CHINA [chinↄ] {TAR}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake jeneng negara ing Asia Timur;
negara kita oleh posisi 4 sawise ~.
CICIL [cicIl] {Tkr}: N-~ [ñicIl] {TKr. TPr}: salah sawijine klas
tembung kriya sing nyatakake pakaryan tanduk
kang ngandharake ngenani tumindak kanggo
mbayar utang kanthi cara mbayar sithik-sithik;
kanggo bisa ~ utang
CILAKA [cilɔkɔ] {TAr}: ka-~-an [kacilakan] {TAr}: salah
sawijine klas tembung aran sing nyatakake asil
kadadeyan kang nandhang sangsara; saya sudane
~.
CILIK [cilIʔ] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran kang
nerangake kahanan kang alit, ora gedhe; gunggung
sing dialokasikan kepetung ~.cilik [cilIʔ] {TPg. TKa}:
salah sawijine klas tembung panggawe jinis
tembung katrangan kanggo nuduhakepepadhan
sawijine kahanan kanggo pawongan sing
kacingkrangan; kanggone wong ~ (rakyat jelata).
CINGAK [ciŋaʔ]{TKr. TPk}: salah sawijine klas tembung
kriya jinis tembung pakaryan kang nerangake
posisi nalikane ndelok filem kathi mandheng
ndengagak; filem sing bisa njalari ~, nambah
wawasan, lan nyenengake pandulu.

70
CINTRA [cintrɔ] {TKh}: ~-an [cintraʔan] {TKh}: salah
sawijine klas tembung kahanan kang ngambarake
rasa sengsara utawa susah; bebendu iki banjur
nuwuhake papa ~ ing Palu, Donggala, sigi lan
sakupenge.
CIPTA[ciptɔ] {TAr}: 1. di-~-ake [diciptakake] {TKr}: salah
sawijine klas tembung kriya jinis pakaryan tanggap
kang nuduhake kagiyatan utawa proses gagasan
diwujudake; hoaks utawa kabar apus krama sing ~
dhewe; 2. N-~ake [ñiptakake] {TKr.TPk}: salah
sawijine klas tembung kriya jinis tembung pakaryan
tandhuk kang nyatakake proses ngewujudake
gagasan; kanthi tegel malah njarag ~ kekisruhan.
CITHAK[ciṭaʔ]{TAr}: salah sawijine klas tembung aran sing
nuduhake kagiyatan ngewangun sarana pesaton
kang mawujud; Media ~lan elektronik.
CLEGUK [cləgUʔ] {TAr}: sa-~-an [sacləguʔan] {TKr. TKh}:
salah sawijine klas tembung kriya jinis tembung
kahanan sing nyatakake kagiyatan ngulu banyu;
ngunjuk banyu putih ~.
CLULUK [clulUʔ] {TKr. TPk}: salah sawijne klas tembung
kriya jinis tembung pakaryan kang ngandhakake
utawa nuduhake dununge samubarang; kepara
melu ~.

71
COBA [cobͻ] {TKr.TPk}: salah sawijine klas tembung kriya
jinis pakaryan kang nerangake tumindak mungkasi
perkara kanthi cara untung-untungan; sakehing cara
~ ditempuh; 1. N-~ [ñobͻ] {TKr.TPk}: salah sawijine
klas tembung kriya jinis pakaryan kang nerangake
tumindak neterarep nyumurupi kaanane kang sejati;
mula PS ~ mbukak website; 2.pa-~-an [pacoban]
{TAr}: salah sawijine klas tembung aran kang
nerangake kahanan lagi dicoba utawa diuji;yen kita
nandhang ~ kanthi nandhang lara.; 3. di-~ [dicobͻ]
{TKr. TPk}: salah sawijine kelas tembung kriya jinis
tembung pakaryan kang nuduhake tumindak neter
arep nyumurupi kahanan sing nyatane; ngukum ing
LP pulo kepencil lsp ~.
COCOG [cɔcɔg] {TAr}: N-~-ake [nyɔcɔgake] {TKr}: salah
sawijine klas tembung kriya kang nuduhake
samubarang kanggo dipadhakake karo samubarang
liyane; film kudu bisa ~ karo kahanan “pasar”.
CONTO [conto] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
sing nyatakake samubarang kang bisa makili
samubarang liyane minangka tuladha; ~ penutur
basa Batak Toba; ~ne [contɔnɛ] {TAr. TSe}: salah
sawijine klas tembung aran jinis tembung sesulih

72
kang nyulihi sawijine wakil saka barang liyane; ~,
aja kalepyan karo prestasi.
CRITA [critɔ] {TKr}: salah sawijine tembung kriya jinis
tembung pakaryan kang mertakake salah sawijine
kedadeyan; ilining ~ sing narik kawigaten.
CUACA [cuaca] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nerangake anane owahe kahanan
saka panas dadi adhem utawa suwalike; anomali
iklim/ ~ njalari mangsa tandur lan panen mundur.
CUKUP [cukUp] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nuduhake ora kurang lan ora
luwih; cadhangan beras saora-orane kudu ~; N-~-i
[ñukupi] {TKr}: salah sawijine klas tembung kriya
jinis tembung pakaryan kang nindakake nyawisi
supaya cukup;dana iuran BPJS saka masyarakat
ora ~.
CUKUR [cukUr] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake piranti kanggo ngilangi rambut;
peso ~.
CUNDHUK [cunḍUʔ] {TKr.TKh}: di-~-ake [dicunḍuʔake]
{TKr.TKh}: salah sawijine klas tembung kriya jinis
tembung kahanan kang nuduhake kalarasan
kabutuhan utawa nggambarake kahanan pas; ~
klawan nut jaman kelakone.

73
CUPLIK [cuplIk] {TKr}: N-~ [ñuplIk] {Tkr.TPk}: salah
sawijine klas tembung kriya jinis tembung pakaryan
kang nerangake njupuk utawa metik samubarang;
ana sing ~ foto lan komentare.
CURANG [curaŋ] {TKh}: salah sawiine klas tembung aran
kang nuduhake cara nggayuh sawijine bab apa wae
kanthi ora jujur;ora ~ lan tumindak minangka
penyelenggara sing apik tenan.
CURES [curəs] {TKr.TKh}: salah sawijine tembung kriya
jinis tembung kahanan kang nuduhake mati utawa
enteke samubarang; wacan abasa Jawa ora ~.
CUWIL [cuwIl] {TKh}: ~-an [cuwilan] {TAr}: salah sawijine
klas tembung aran kang nuduhakepethikan utawa
pecahan; ~ rekaman ngepasi Obed aweh ukara-
ukara panutup.

74
D
DADAK [dadaʔ] {TKh}: N-~-an [ndadaʔan] {TKh}: salah
sawijine klas tembung kang nuduhake kahanan
kang sarwa gupuh, wuwuh-wuwuh; bebaya ~
amarga kita urip ing kawasan cincin api.
DADI [dadi] {TKr}: salah sawijine klas tembung aran kang
nerangake awujud asil saka pakaryan utawa
nerangake wis maujud kaya sing dikarepake; taun
1962 nalika kita uga ~ tuan rumah; 1. ~-ake
[dadɛkake] {TKr. TPs}: salah sawijine klas tembung
kriya jinis tembung proses kang mawujud saka apa
sing ora ana; Pancasila wis kita ~ minangka dhasar
negara kita; 2. N-~-ake [ndadɛʔake] {TKr.TPs}:
salah sawijine klas tembung kriya jinis tembung
proses kang nuduhake pakaryan nggawe
samubarang utawa kahanan dadi liya saka asale;
Sing ~ kita saya trenyuh; 3. di-~-ake [didadɛkake]
{TKr. TPs}: salah sawijine klas tembung kriya jinis
tembung proses kalebu kriya tanggap kang
mawujud saka ing ora ana; musibah bencana alam
wae ~ komoditas; 4. ~-um-~ [dumadi] {TKh}: salah
sawijine klas tembung kahanan kang nggambarake
asal kedadeyane samubarang; amrih bisa jaga-jaga
yen suk ~ maneh; 5. ~um-~-ne [dumadine] {TKr}:

75
salah sawijine klas tembung kriya jinis kriya tanggap
kang nggambarake kahanan ing peristiwa; ~ lindhu
lan tsunami; 6. ke-~-ne [kədadeyane] {TKr. TPk}:
salah sawijine klas tembung kriya jinis tembung
pakaryan kang nuduhake awujud asil saka pakaryan
utawa nerangake kahanan; tansah ~
penyelundhupan narkoba.
DADRA [dɔdrɔ] {TKr.TKh}: N-~ [ndɔdrɔ] {TKh}: salah
sawijine klas tembung kriya jinis tembung kahanan
kang nuduhake kahanan kang ngrasa saya amba;
supaya masalah iki ora saya ~
DAGANG [dagaɳ] {TKr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake wujud pakaryane pawongan kang
sesambungan karo bab dol tinuku; etungan dagang;
per-~-an [pərdagaɳan] {TAr}: salah sawijine klas
tembung aran kang nuduhake sesambungan kanthi
urusan dagang utawa dol tinuku; penyelundhupan
lan ~ narkoba.
DAGING [dagIŋ] {TAr}: ~e [dagiŋe] {TAr. TSe}: salah
sawijine klas tembung aran jinis tembung sesulih
kang nyulihi bageyan awak kewan belehan sing
didadekake panganan; ~ didumdumake kanggo
sapa wae sing mbutuhake,

76
DAKIK [dakiʔ]{TKh}: N-~-N-~ [ndakiʔ- ndakiʔ] {TKr. TKh}:
salah sawijine klas tembung kriya jinis tembung
kahanan kang muluk, angel dihayuh; ora perlu teori
~ - ~.
DALAM [dalam] {TPg. TKa}: salah sawijine klas tembung
panggawe jinis katrangan kang nuduhake kahanan
ana jero; dhata kementrian ~ negeri nuduhake
DALAN [dalan] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
sing nyatakake papan kang dipejakake kanggo
liwat; ~ tol Merak-Pasuruan bisa digunakake; ~-e
[dalane] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake apa kang kudu diliwati; Pancen wis
mangkene ~.
DAMA [dɔmɔ] {TKh}: 1.N-un-~-na [ŋundɔmɔnɔ] {TKr}: salah
sawijine klas tembung kriya jinis pakaryan tanduk
kang ngilokake kanthi ngundhat-undhat; padha ~
tumindake nom-noman iku; 2. pa-N-un-~-na
[paŋundɔmɔnɔ] {TKr}: salah sawijine klas tembung
kriya jinis tembung pakaryan kang digunakake
kanggo nyrengeni kanthi ngundhat-undhat
samubarang; antuk sakehing ~ saka netizen.
DAMAI [damaI] {TKh.}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nerangake kahanan sing ayem ora
ana rubeda kayata perang; perang utawa ~.

77
DAMPAK [ḍampaʔ] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
sing nuduhake pangribawa tumrap apa sing wis
ditindakake kang arupa dampak negatif lan posititif ;
~ operasi plastik.
DANA [dana] {TAr}: salah sawijine kelas tembung aran
kang nuduhake ragad utawa beya; ~ cadhangan
kanggo bencana; pen-~-an [pǝnḍanaan] {TKr}:
salah sawijine klas tembung kriya sing nuduhake
pakaryan nyedhiyani dhana; ~ sing ora imbang.
DANDAN [dandan] {TKr}: N~i [ndandani] {TKr}: salah
sawijine klas tembung kriya jinis tembung pakaryan
kanthi ngapikake utawa mbenakake sing durung
bener; negara nerusake sing wis bener lan ~
kekurangane.
DARURAT [ḍarurat] {TAr}: salah sawijine klas tembung
aran sing nyatakake kahanan kang mbingungi lan
mbutuhake pitulungan kang cepet; situasi ~ hoaks.
DATA [data] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran kang
dadi katrangan sing bener lan nyata; kita durung
duwe ~.
DATAN [datan] {TKh}: pra-~-e [pradatane] {TKh}: salah
sawijine tembung kahanan kang nuduhake kahanan
ing salah sawijine papan panggonan kang wis dadi
pakulinan; uga kabudayan lan ~.

78
DAWA [dɔwɔ] {TKh}: salah sawijine klas tembung kahanan
kang nuduhake sawijine bab kang luwih saka
samesthine; kasatan yen ketiga ~; sa-~-ing
[sadawanIng] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan sing nyatakake ukuran kang nuduhake ujur
palemahan dalan; mbuwang uwuh ing ~ dalan.
DAYA [dↄyↄ] {TAr}: salah sawijine klas tembung kang
nuduhake kekuwatan kang ana sajrone barang;
endheke ~ saing kita.
DEDEL [dǝdǝl] {TKh}: N-~ [ndǝdǝl] {TKr}: salah sawijine
klas tembug kriya kang nuduhake tumindak
ngenetake nganti ukuran paking dhuwur; wragad
politik saya ~ sundhul langit.
DEFISIT [defisit] {TPg. TKa}: salah sawijine klas tembung
panggawe sing nyatakake katrangan kang
nuduhake kahanan kurange anggaran negara;
neraca transaksi berjalan sing ~.
DEKEK [dekeʔ] {TKr}: di-~[didekeʔ] {TKr}: salah sawijne
klas tembung kriya kang nuduhake tumindak
nyelehake samubarang laras karo panggone; wis ~
mburi.
DELEGASI [delegasi] {TAr}: salah siji klas tembung aran
jinis tembung sesulih kang nyulihi pawongan saka
klompok utawi golongane; dening para ~.

79
DELENG [dələŋ] [TKr]: 1. N-~ [ndǝlǝŋ] {TKr}: salah sawijine
klas tembung kriya kang nuduhake pakaryan kang
ditonton kang sinawang lumantar mripat; ~ saka
masalah kuwi; 2. di-~ [didələŋ] {TKr. TPk}: salah
sawijine klas tembung kriya kang nuduhake
pakaryan kang ditonton kang sinawang lumantar
mripat; kudu ~ saka perspektif sing jembar.
DENE [dene] {TPg. TPd}: salah sawijine klas tembung
panggawe jinis tembung panggandheng kanggo
nggandhengi frasa siji lan sijine kang beda ning
nduweni maksud padha; ~ sing liyane, mrihatinake
banget.
DENING [deniƞ] {TPg. TAa}: salah sawijine klas tembung
panggawe jinis tembung ancer-ancer kang
nuduhake wong utawa samubarang; ora mung
diayahi kabeh ~ pemerintah.
DERBALA [dərbɔlɔ] {TKh}: N-~ [ndərbɔlɔ] {TKh}: salah
sawijine klas tembung kahanan sing nuduhake
kahanan kang saya mundhake kaskayane
pawongan; penyelundhupan narkoba isih saya n- ~
DESA [dəsɔ] {TAr}: 1. N-~ [ndesɔ] {TKh}: salah sawijine
klas tembung kahanan kang nerangake kahanan
kang adoh saka kutha; ing ~ mencit adoh saka
gebyaring kutha; 2. pa-~-an [padesan] {TAr}: salah

80
sawijine klas tembung aran kang nerangake
gegrombolaning pomahan luwih gedhe tinimbang
dhukuh; sing akeh tinemu ing karang ~
DESEMBER [desɛmbər] {TKh}: salah sawijine klas
tembung aran minangka jinis wulan kaping rolas;
kedadeyan saben 31 ~.
DETEKSI [dətɜgsi] {TAr}: ter-~ [tərdətɜgsi] {TKr. TKh}: salah
sawijine klas tembung kriya sing nyatakake kahanan
kanggo nuduhake bab kang bisa dideteksi;
menyang njaban negara tanpa ~.
DEVISA [dəvisa] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang ngandharake piranti pembayaran luar negara
sing bisa diturakake karo dhuwit manca; ngetokaké
dollar tinimbang ngisep ~.
DEVLASI [dəvlasi] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nuduhake marang morode nilai
dhuwit kertas jalaran akehe dhuwit kertas ing
tengahe masyarakat; dhuwit sing owah merga
inflasi utawa ~.
DEWAN [dǝwan] {TAr. TSe}: salah sawijine klas tembung
aran jinis tembung sesulih kang nuduhake
sakumpulan wong kang mimpin sawijine kumpulan;
antara kita saka Presiden ~ Olimpiade Asia Ahmad
Al-Sabah.

81
DHAERAH [ḍaerah] {TAr}: salah sawijine klas tembung
aran kang nuduhake papan panggonan; dikirimake
menyang ~ mencil.
DHAMPAK [ḍampaʔ] {TAr}: salah sawijine kelas tembung
aran kang nuduhake bab kang diolehi saka
kedadeyan kang dilakoni; ~ infrastruktur marang
pertumbuhan ekonomi; ~-e [ḍampaʔe] {TAr}: salah
sawijine klas tembung aran sing nyatakake kahanan
kang nuduhake akibat utawa samubarang kang
ditampa amarga lelakone pawongan; kaya ngapa ~
ing tembe mburi.
DHANA [ḍana] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang mujudake aran dhuwit kanggo biaya; ~ sing
sumadhiya tansah entek.
DHARURAT [ḍarurat] {TKh}: ke-~-an [kǝḍaruratan] {TAr}:
salah sawijine klas tembung kahanan angel;
apamaneh ing kahanan ~
DHASAR [ḍasar] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
sing nuduhake pokok utawa alase sistem aturan
kang berlaku; minangka ~ negara kita; 1.~-e
[ḍasare] {TAr}: salah sawiijine klas tembung aran
sing mujudake aran saka tetalesing wewatakan
(kapinteran, lsp) gawan wiwit lair; ~ wonge dhewe
iku; 2. a-dhe-~ [aḍǝḍasar] {TPg. TKa}: salah

82
sawijine tembung panggawe jinis tembung
katrangan kang mratelakake bab kang dadi punjer
utawa bab kang dadi dhasar; ~ analisis BMKG; 3.
men-~ [mǝnḍasar] {TKr. TKh}: salah sawijine klas
tembung kriya jinis tembung kahanan kang nduweni
sipat undhakan ngisor; masalah ~ pancen kudu
diwiwiti saka pokok.
DHATA [ḍata] {TAr}: salah sawijine kelas tembung aran
kang nuduhake bab sing dadi objek tintingan; ~
kementrian dalam negeri nuduhake.
DHAWUH [ḍawUh] {TKr}: ~-ing [ḍawuhIŋ] {TKr}: salah
sawijine klas tembung kriya kang nuduhake sawijine
pakaryan maringi prentah; ndherek ~ Allah.
DHEBAT [ḍəbat] {TAr}: 1. per-~-an [pərḍəbatan] {TAr}:
salah sawijine klas tembung aran kang nuduhake
perkara sing didhebatake; dhiskusi utawa ~
antarane para ahli hokum ngenani sawijining
perkara. 2. per-~-an-ne [pərḍəbatane] {TAr}: salah
sawijine klas tembung aran kang nuduhake perkara
sing didhebatake dening sawijining pawongan;
mesthi kita bakal berdhecak kagum ngaweruhi ~.
DHECAK [ḍəcak] {TAr}: ber-~ [bərḍəcaɁ] {TKr. TPk}: salah
sawijine klas tembung kriya sing nyatakake
pakaryan baliangga kang nuduhake pakaryan

83
ngtekokake swara unine “cek”; mesthi kita bakal ~
kagum.
DHEDHER [ḍəḍər] {TKr}: N-~ [nḍəḍər] {TKr.TPk}: salah
sawijine klas tembung kriya jinis pakaryan kang
nuduhake cara, upaya supaya kasil; PS ngudi ~
generasi-generasi anyar gelema nresnani basane
dhewe.
DHENDHAM [ḍənḍam] {TAr. TKh}: salah sawijine klas
tembung aran jinis tembung kahanan kang
nuduhake lelakone pawongan kang nduweni
kekarepan kanggo mbales amarga anane rasa nesu
utawa ora seneng marang pawongan liyane;
Rumangsa ~.
DHENGAH [ḍəŋah] {TKh}: sa-~ [saḍəŋah] {TKh}: salah
sawijine klas tembung kahanan sing nyatakake
kahanan bisa nampa apa anane ora nganggo pilih-
pilih; Warga ing ~ papan.
DHENGKUL [ḍəŋkUl] {TAr}: salah sawijine klas tembung
aran kang nuduhake perangane sikil, patemon
antarane pupu lan kentol; landhep ~ ngadhepi wong
sing nduweni kuwasa.
DHEPA [ḍəpͻ] {TKr}: N-~-i [nḍəpani] {TKr. TPk}: salah
sawijine klas tembung kriya jinis tembung pakaryan

84
kang nuduhake upaya kanggo njebabahi; berjuwang
~ basa Jawa.
DHESAK [ḍəsaʔ] {TKr}: N-~ [mənḍəsaʔ] {TKh}: salah
sawijine klas tembung kahanan sing nuduhake
kahanan kang wis mepet utawa ndhesek; kahanan
~.
DHETIK [ḍətIʔ] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake satuwan wektu paling cilik; Kanthi
itungan ~ wae.
DHEWE [ḍewe] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nuduhake yen dudu wong utawa
samubarang liyane; pokok permasalahan iku ~;
wong Jawa ~. ~-e [ḍɛwɛʔe] {Tar. TSe}: salah
sawijine klas tembung aran jinis tembung sesulih
kang nyulihi wong kang dicritakake utawa pratama
purusa; nalika ~ arep dadi Gubernur Jatim.
DHIAMETER [ḍiamɜtər] {TAr}: ~-e [ḍiamɜtəre] {TAr}: salah
sawijine klas tembung aran kang nuduhake ukuran
garis tengah tumrap samubarang; wit duren ~ 5 inci
DHIDHIK [ḍiḍIʔ] {TKr}: pe-~-an [pǝnḍiḍikan] {TAr} : salah
sawijine klas tembung aran kang nuduhake papan
kanggo mulang utawa nggulawenthah; gedhong
perkantoran lan ~.

85
DHIRI [ḍiri] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran kang
nuduhake wujude samubarang kang kasat mripat
dedege manungsa; kepentingan ~ pribadine. ~-ne
[ḍirine] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran kang
nuduhake wujude samubarang kang kasat mripat
dedege manungsa; ngudhakake rasa percaya ~
para pelaku filem Nuswantara.
DHISIK [ḍisIʔ] {TKh}: salah sawijine klas tembung kahanan
kang nuduhake ngluwihi cepet tinimbang liyane;
nikmati barange ~ lagi nyaur kanthi rega dhuwur; 1.
N-~ [nḍisI?] {TKr}: salah sawijine klas tembung kriya
jinis tembung pakaryan kang dilakokake utawa
ditandhangi ngluwihi tinimbang liyane; Jajal ditliti, ~;
2. N-~-i [nḍisIki] {TKr}: salah sawijine klas tembung
pakaryan kang nindakake samubarang kang
ngawiti; dheweke sing ~ masang pancing; 3. N-~-e
[nḍisiɁe] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan sing nuduhake anane kahanan tertamtu
sadurunge anane sawijining bab liya; ~ ana portal
berita online.
DHISIPLIN [ḍisiplIn] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan sing nuduhake sipat manut marang
paugeran; 1. ke-~-an [kǝḍisiplinan] {TAr}: salah
sawijine klas tembung aran sing nuduhake sipat

86
manut marang paugeran; yaiku ~ mbayar; 2. pen-~-
an [pǝnḍisiplinan] {TKr}: salah sawijine klas
tembung kriya sing mujudake proses ndadekake
dhisiplin; ~ pembayaran mono sawijining ayahan.
DHISKUSI [ḍiskusi] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake patemon ilmiyah kanggo nyumbang
pikiran ngenani sawijining perkara; para ahli hukum
ing sawijining ~ ilmiah.
DHONGKRAK [ḍoŋkraʔ] {TAr}: 1. ke-~ [kəḍoŋkraʔ] {T.Kh}:
salah sawijine klas tembung kahanan kang
nerangake samubarang munggah jalaran bab
tartamtu; rega gabah ~ ketentuan fleksibilitas; 2. N-
~ [nḍoŋkraʔ] {TKr}: salah sawijine klas tembung
kriya kang nerangake pakaryan adhedhasar tata
laku; cara sing paling apik kanggo ~ prodhuktifitas
lan prodhuksi pangan,
DHOSEN [ḍosɛn] {TAr. TSe}: salah sawijine klas tembung
aran jinis tembung sesulih kang nyulihi pawongan
kang nduweni ilmu kang dhuwur lan makarya
mulang para mahasiswa; sumbangsih-e ~ sing
pancene ilmuwan.
DHUHKITA [ḍUhkitɔ] {TAr}: salah siji klas tembung aran
kang nuduhake kahanan srana amrih nggatekake

87
saperangan kedadeyan; nglirwakake kahanan ~
saka bencana.
DHUKUNG [ḍukUŋ] {TKr}: ~-an [ḍukuŋan] {TAr}: salah
sawijine klas tembung aran kang nuduhake
samubarang kang disengkuyung; dana siluman
mau kanggo tuku ~ parpol..
DHUWIT [ḍuwIt] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang arupa barang sing diresmikake negara
minangka sarana urup-rupan kanthi awujud
lembaran utawa koin kang ana wilangan angkane;
kudu nyedhiakake ~ selangit; ~-e [ḍuwite] {Tar.
TSe}: salah sawijine klas tembung aran jinis
tembung sesulih kang nyulihi dhuwit kang lagi
dianggo utawa diomongake; ngrampok ~ rakyat.
DHUWUR [ḍuwur] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nerangake kahanan dedege barang
kang ngadeg luwih saka samesthine utawa ukuruan
kang linuwih; yen rega beras ~; 1. N-~ [nḍuwUr]
{TAr}: salah sawijine klas tembung aran kang
nuduhake panggonan kang ana ing dhuwur utawa
luwih dhuwur; ndeleng masalah loro ing ~ iku; 2. N-
~-e [nḍuwure] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nerangake samubarang kang ora
lumrah saka padhatane; isih sak ~ HET; 3. sa-~-e

88
[sanḍuwure] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nerangake samubarang kang ora
lumrah saka biyasane; gedhene 20% ~ HPP.
DIALEK [dialɛg] {TAr}: salah sawijine klas tembug aran
kang nuduhake jinis-jinise panyebutan tetembungan
kang beda sajrone kagiyatan tuturan; ana ~ tinamtu.
DIMANSI [dimansi] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nerangake ukuran tumindake manungsa;
perkara sing nduweni ~ sosial.
DIMEN [dimɛn] {TPg}: salah sawijine klas tembung
panggawe sing nyatakake panggandheng kang
nuduhake tujuwan utawa pepenginan; ~ ora kaya
lagi urip ing republik hoaks
DINA [dinↄ] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran kang
nuduhake wayah isuk nganti isuk maneh sasuwine
wektu 24 jam; putusan (vonis) paukuman 1 wulan
14 ~; 1. se-~ [sɘdinↄ] {TAr. Wi}: salah sawijine klas
tembung aran jinis tembung wilangan kang
nuduhake akehe wektu; cukup kanggo blanja ~; 3.
pa-~-an [padinan] {TAr}: salah sawijine jinis
tembung aran kang nuduhake wayah saben dina
kang wis dadi padhatan; Barang kaperluwan ~; 4.
pa-~-an-e [padinane] {TKh}: salah sawijine jinis
tembung kahanan kang nuduhake pakulinan saben

89
dinane; surasane trep karo ~ nom-noman; 5. ~-ne
[dinane] {TAr. TSe}: salah sawijine tembung aran
jinis sesulih kang nyulihi wayah dina kang lagi
dirembug utawa lagi dilakoni; ~ iki, ora bisa diselaki.
DIREKTORAT [diregtorat] {TAr}: salah sawijine klas
tembung aran sing nuduhake bageyan departemen
kang asesirah direktur; ~ Tindak Pidana Siber
Bareskrim Polri
DISABILITAS [disabilitas] {TAr}: salah siji klas tembung
aran kang nuduhake kahanane pawongan kang ora
saumrahe saengga fungsi mental lan fisike winates;
atlet ~.
DISTRIBUSI [distribusi] {TKr}: salah sawijine klas tembung
kriya kang nerangake sawijine pakaryan nyalurake
samubarang; sebagiyan pipa (pipeline) ~ sing
kekuras nalika paceklik lan anane kebijakan anyar;
pe-~-an [pendistribusian] {TAr}: salah sawijine klas
tembung kang nuduhake bab panyaluran marang
dhaerah-dhaerah tertamtu; medium ~
kesejahteraan lan keadilan.
DIWASA [diwɔsɔ] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nuduhake umur sing gedhe; generasi
sing wiwit ~.

90
DKI [dki] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran kang
dicekak tujuwane kanggo nuduhake sesebutan
panggon istimewa ing Indonesi; ing ~ Jakarta.
DODOL [dɔdɔl] {TKr}: ~-an [dɔdɔlan]: salah sawijine klas
tembung kriya jinis tembung pakaryan kang
mindahake pandarbene samubarang marang wong
liya; asile ~.
DOKTER [dͻgtər] {TAr. TSe}: salah sawijine kelas tembung
aran kang nuduhake pangkat, pendhidhikan; nalika
kababar sepisanan dening ~ Soetomo.
DOL [dↄl] {BT}: salah sawijine klas tembung kriya jinis
tembung pakaryan kang nglilakake utawa
menehake barang kanggo wong liya kanthi leliru
dhuwit; ~ tinuku proyek; 1. N-~ [ƞɘdↄl] {TKr. TPr}:
tembung kriya sing nyatakake pakaryan tanduk
kang nuduhake tumindak mindhakake pandarbe
marang wong liya; pemerintah uga bakal ~ valuta
asing; 2. di-~ [didɔl] {TPg. TKa}: salah sawijine klas
tembung panggawe jinis tembung katrangan kang
negesake cara mindahake pandarbene samubarang
marang wong liya; sing ~ cash.
DOLAN [dolan] {TKr}: ~-an [dolanan] {TAr}: salah sawijine
klas tembung aran kang nuduhake piranti kanggo

91
nglakone kegiyatan kang bisa nyenengake ati;
bahan kanggo ~ hoaks.
DOLLAR [dollar] {TAr}: salah sawijne klas tembung aran
kang nuduhake jeneng mata uang negara manca;
Neraca transaksi sing luwih akeh ngetokaké ~.
DONGGALA [doŋgala] {TAr}: salah sawijine klas tembung
aran sing nuduhake arane kutha kang manggon ing
pulo Sulawesi; ~ ing Sulawesi Tengah.
DONYA [dɔnya] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake jagat kang dipanggoni manungsa
urip; acungan jempol mili saka pers lan tokoh ~; 1.
~-ing [donyɔning] {TAr}: salah sawijine klas tembung
aran kang nuduhake jagat lingkungan sakupenge
utawa lapangan panguripan sakupeng; melu
ngrenggani ~ prodhuksi filem; 2. sa~ [sadonyɔ] {TAr.
TWi}: salah sawijine klas tembung aran jinis
tembung wilangan kang nuduhake cacah banget
kaya gedhene donya; kepara malah ~.
DORA [dorɔ] {TKr. TKh}: salah sawijine klas tembung kriya
sing nuduhake kahanan kang ora bener lan
dikarang; kabar ~ kudu sacepete dipedhot.
DOSA [dosɔ] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran sing
nyatakake dosa utawa kasalahan kang dilakoni
dening para manungsa; Bali resik tanpa ~.

92
DOWN [down] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran saka
basa Inggris kang ateges ceblok; balap sepedha ~
hill.
DPR [dpr] {TAr. TSe}: salah sawijine klas tembung aran jinis
tembung sesulih kang nyulihi klompok pawongan
minangka sesulihe masyarakat ing sajrone struktur
pemerintah; dibahas lan disarujuki ~ (ora ujug-ujug).
DRAWAS [drawas] {BT}: N-~-i [ndrawasi] {TKh}: salah
sawijine klas tembung kahanan kang nuduhake
kahanan mbebayani lan nguwatiri; krisis ekonomi
sing luwih ~ ing taun 1997.
DRIJI [driji] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran sing
mujudake aran saka pucuking tangan utawa sikil
sing ana ros-rosaning, lima cacahe; obahing ~; ~-ne
[drijine] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran sing
nyatakake barang mawujud kang nerangake
anggotane badan sing gegelitaning tangan; Kepara
melu cluluk, lumantar ~.
DUDU [dudu] {TPg.TKa}: salah sawijine klas tembung
panggawe jinis tembung katrangan kanggo
mretelakake samubarang kang beda saka kang
dikarepake utawa ora dianggo; Apamaneh kabeh
mau opini, ~ fakta.

93
DUDUT [dudUt] {TPg. TPd}: ~-an [dudutan] {TAr}: salah
sawijine klas tembung aran kang narik putusan
pungkasan; masyarakat padha nduwe ~.
DUGA [dugɔ] {TKr}: ~-in~ [dinugɔ] {TKr}: salah sawijine klas
tembung kriya sing kalebu kriya tanggap nuduhake
prasangka tumrap tumindak kang awujud
prasangaka ala lan becik; 14 akun medsos sing ~
nyebarake hoaks; N-~ [ndugɔ] {TKr. TKh}: salah
sawijine klas tembung kriya sing nyatakake kahanan
kanggo ngira-ngira utawa nggagas samubarang;
kita pantes ~ yen bisane Honggo gampang ucul ing
manca negara.
DULUR [dulɔr] {TAr}: se-~ [sǝdulUr] {TAr}: salah sawijine
klas tembung aran kang nuduhake pawongan kang
nduweni taline getih; mudhik kumpul ~; se-~-e
[sǝdulɔre] {TAr. TSe} : salah sawijine klas tembung
aran jinis tembung sesulih kang nyatakake dulur
utawa anggota kulawarga kang isih raket; nggawa
~ melu urban menyang kutha.
DUM [dUm] {TAr}: di-~-~-ake [didUm-dUmake] {TKr}: salah
sawijine kelas tembung kriya jinis pakaryan kang
nerangake pakaryan mbagekake samubarang
kanthi gratis; daginge ~ kanggo sapa wae

94
DUNGA [duȠɔ] {TAr}: N~ [ndoŋɔ] {TKr}: salah sawijine klas
tembung kriya sing nyatakake kahanan kang
nyatakake pangarepan ngenani samubarang;
ngencengake sabuk sinambi ~.
DUNGKAP [duŋkap]{TKr}: N-~ [nduŋkap] {TKr.TKh}: salah
sawijine klas tembung kriya jinis tembung kahanan
kang nuduhake wektu meh tekan; umure sing ~ 85
taun.
DUNUNG [dunUŋ] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang mujudake papan panggonan kang bisa digawe
pelerenan; Horege bumi krasa banget ing tlatah ~
kita; de-~ [dədunUŋ] {TKr}: salah sawijine klas
tembung kriya kang nuduhake panggon.; ~ ing
ndesa mencit adoh saka gebyaring kutha.
DUREN [durɜn] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake woh-wohan sing nduweni eri ing
kulite; pengrusak wit ~.
DURJANA [durjɔnɔ] {TKh}: ka-~-an [kadurjanan] {TAr}:
salah sawijine klas tembung aran kang nuduhake
tumindak ala; ngrewangi ~ ateges wis melu
tumindak kharam.
DURUNG [durUƞ] {TPg. TKa}: salah sawijine klas tembung
panggandheng jinis tembung katrangan kang
nuduhake kahanan, tindak, lelakon kang ora utawa

95
isih kurang saka wektu kang dikarepake; ~ tau kita
ngrasakake reregan iku mudhun; 1. sa~-e
[saduruƞe] {TPg. TKa}: salah sawijine klas tembung
panggandheng jinis tembung katrangan kang
nuduhake isih kurang karo mangsane; umure ~
nganti rong protelon; 2. sa-~-e [saduruŋe] {TAr}:
salah sawijine jinis tembung aran kanggo
nyethakake bab kang wis nate dumadi; warisan
rezim ~ wis ana Rp2.700 triliun.
DUWE [duwe] {TKr}: salah sawijine klas tembung kriya
kang nuduhake kahanan nguwasani utawa ndarbeni
samubarang tertamtu; ora ~ basa Ibu; 1. N-~
[nduwe] {TKr}: salah sawijine klas tembung kriya
jinis tembung kahanan kang nuduhake ana kang
dikuwasani; ~ dhuwit sakarung. 2. N-~-i [nduwɛni]
{TKr}: salah sawijine klas tembung kriya kang
nuduhake kahanan nguwasani; kangelan olehe arep
~ buku. 3. N-de-~ [ndəduwe] {TKr}: salah sawijine
tembung kriya kang nuduhake kahanan nguwasani
marang samubarang bab kang kita darbe; Seneng ~
lan menganggo rerenggan busana.

96
E
EFEK [ɛfɛg] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran kang
nuduhake wujud asil saka prekara kang njalari
(sabab); ora ngasilake ~ jera.
EGAR [egar] {TKr}: N-~-ake [ŋǝgarakake] {TKr}: salah
sawijine klas tembung kriya sing kalebu kriya tanduk
kang nuduhake tumindak kanggo mbukak utawa
mbabar sawijine bab; komoditas kanggo ~ hoaks.
EGO [ego] {TAr}: salah sawijine kelas tembung aran kang
nuduhake rumangsane dhewe; kita kudu
ngutamakake ngilangi ~ ing. ~-ne [egone] {TAr}:
salah sawijine kelas tembung aran kang nuduhake
rumangsane dhewe;nanging wani nyembeleh ~.
EKONOMI [ekonomi] {TAr}: ~-e [ekonomine] {TAr}: salah
sawijine kelas tembung aran kang nuduhake bab
prodhuksi, dhistribusi lan cara nggunakake barang-
barang kanggo dedagangan utawa kang ana
sesambungane karo kauangan, kabutuhan lsp; saiki
wis dadi negara maju sing ~ unggul
EKONOMI [ekonomi] {TAr}: salah sawijine kelas tembung
aran kang nuduhake bab prodhuksi, dhistribusi lan
cara nggunakake barang-barang kanggo
dedagangan utawa kang ana sesambungane karo
kauangan, kabutuhan lsp; prinsip ~ lan etungan

97
dagang; 1. ~-e [ekonomine] {TAr. TSe}: salah
sawijine klas tembung aran jinis sesulih kang
nuduhake sawijne kahanan kang sesambungane
karo kauangan, kabutuhan lsp; negara maju sing ~
unggul; 3. per-~-an [pɘrɘkↄnↄmiyan] {TKr. TKh}:
salah sawijine klas tembung kriya sing nyatakake
kahanan ekspresional kang nerangake kahanan
ekonomi sing lagi dialami; kahanan ~ negara kita.
EKSEKUSI [ɛgsəkusi] {TAr}: salah sawijine klas tembung
aran kang nuduhake palaksanan ukuman mligine
ukuman mati; bab ~ mati.
EKSPEKTASI [ɛkspɛgtasi] {TKr. TKh}: salah sawjine klas
tembung kriya sing nyatakake kahanan ekspresional
kang nuduhake marang sawijine tumindak
pangarep-arep utawa gegayuhan; Para pengusaha
uga diajap ora mathok ~ nilai tukar rupiah.
EKSPOR [ekspↄr] {TKr. TPs}: ~-tir [ɛkspↄrtir] {TAr}: salah
sawijine klas tembung aran kang nuduhake
pawongan sing penggaweyane ngirim barang utawa
samubarang ana negara liya; para ~ becik banget.
ELEKTRONIK [ɛlɛgtrↄnig] {TAr}: salah sawijine klas
embung aran sing nyatakake piranti kang bisa
diuripake sarana elektronika; Media cithak lan ~.

98
ELING [elIƞ] {TKr}: salah sawijine klas tembung kriya jinis
tembung proses kang nuduhake ora lali marang
sawijine bab; Kita kudu tansah ~. 1. ~-i [eliƞi] {TKr.
TKh}: salah sawijine klas tembung kriya jinis
tembung kahanan ekspresional kang ngandharake
tumindak ngelingi marang kedadeyan sadurunge;
kita ~ yen kahanan taun iki beda banget karo nalika
krismon. 2. N-~-ake [ŋeliŋake] {TKr}: salah sawijine
klas tembung kriya kang nuduhake ora lali marang
bab utawa samubarng kang nate
diweruhi,dirasakake utawa dilakoni; konsep mau ~
marang konsep polluters; 3. ka-~-an [kɛliŋan] {TKr}:
salah sawijine klas tembung kriya sing nyatakake
kahanan kang digunakake kanggo ngelingi bab
kang wis lali ing panggalih; kita isih ~.
ELMU [ɛlmu] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran kang
nuduhake kawruh kang asipat ilmiah; bab ~ lan
pikire penulis.
ELOK [elᴐʔ] {TKh}: salah sawijine klas tembung kahanan
sing nuduhake kahanan kang nyimpang saka
kaanan sing lumrah; katone ~; ~-e [elᴐʔe] {TKh}:
salah sawijine klas tembung kahanan sing
nuduhake anane kahanan sing elok; ~, ana maneh
warganet modhel liyane.

99
ELON [elɔn] {TKr}: N-~-i [ηǝlɔni] {TKr. TKh}: salah sawijine
klas tembung kriya jinis tembung kahanan kang
nuduhake kahanane pawongan nyenengi banget
saperangan perkara; atlet manca negara uga
rumangsa bergairah ~ pertandhingan.
EMAN [eman] {TKr. TKh}: ~-e [emane] {TKh}: salah
sawijine klas tembung kahanan kang nuduhake
kahanane lingkungan tartamtu ;~, durung ana
ketentuan ing UU.
EMAS [ǝmas] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran kang
nuduhake arane perhiasan saka permata, logam,
emas; Bakal luwih migunani yen dhuwit rupiah mau
diganti wujud ~; ke~an [kɛǝmasan] {TKh}: salah
sawijine klas tembung kahanan kang tansah dianti-
anti utawa mangsa jaya, penak; mangsa ~
prestasine isih dawa.
EMBUH [ǝmbuh] {TPg. TPu}: salah sawijine klas embung
panggawe jinis tembung panguwuh kanggo
nerangake yen ora weruh; Nanging, ~ kanthi tujuan
apa.
EMOSI [emosi] {TAr}: ~ne [emosine]{TAr}: salah sawijine
klas tembung aran kang ngetokake pangrasa
psikologise; luwih prigel ngemonah ~.

100
EMPAN [ǝmpan] {TPg, TKa}: salah sawijne klas tembung
panggawe jinis tembung katrangan kang nuduhake
cak-cakake tumindake manungsa; luwih bisa ~
papan.
EMPATI [ɛmpati] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
sing nuduhake kahanan mentale pawongan kang
ngrasakake apa sing dirasakake saliyane;
nuduhake ~ lan keadaban.
EMPER [ɛmpɛr] {TAr}: 1. ~-an [ɛmpɛran] {TAr}: salah
sawijine klas tembung aran kang nuduhake papan
bageyane omah; ~ omahe. 2. sa-~ [saɛmpǝr] {TKh}:
salah sawijine tembung kahanan kang nuduhake
anane bab kang padha utawa mirip; prodhusen
liyane uga padha nggawe filem ~.
EMPUK [əmpuɁ] {TKh}: Tembung kahanan sing nuduhake
kahanan ora atos, pepindhan ora kuwat; hukum
krasa ~ banget lan lentur.
ENAK [enaɁ] {TKh}: salah sawijine klas tembung kahanan
kang nuduhake rasa kang dirasakne ing lathi;
mangan luwih ~; 1. N-pe-~-ake [ŋεpenaɁake] {TKr}:
mbatheni petani prodhusen lan ~ konsumen; 2. ke-~
[kəpenaʔ] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nuduhake rasa seneng saka apa sing
dirasa; mbangun urip ~ maneh.

101
ENDAH [endah] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan sing nuduhake swasana apik banget kang
ana ing sawijine papan panggonan utawa
samubarang; panoramane ~; ka-~-an [kaɛndahan]
{TKh}: salah sawijine tembung kahanan kang
nuduhake samubarang kang becik banget; seni
gegayutan karo rasa lan ~.
ENDHEK [ǝnḍԑg] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nuduhake dedege barang kang
ngadheg kurang saka samesthine; pendhidhikan ing
Indonesia kalebu sing ~.
ENDI [ɘndi] {TAr}: 1. N-~ [ŋɘndi] {TKa}: salah sawijine kelas
tembung katrangan kang nuduhake katrangane
samubarang kang kadadeyan; ing ~, kanthi cara
kaya ngapa; 2. N-~-N-~ [ŋəndi- ŋəndi] {TAr}: salah
sawijine klas tembung panggawe sing nyatakake
katrangan kang nerangake pitakonan papan
panggonan; sinebar tekan ~-~.
ENGET [ɛŋət] {BT}: N-~-i [mɛŋəti] {TKH}: salah sawijine
klas tembung kahanan kang nuduhake kahanan
ngelingi samubarang; ~ Hari Basa Ibu Internasional
tanggal 21 Februari 2018.
ENGGA [ɛŋgͻ] {TPg. TKa}: salah sawijine kelas tembung
panggawe jinis tembung katrangan kanggo

102
namtokake wates sing disarujuki utawa dikarepake;
taun 1949 ~ seprene.
ENGGAL [eŋgal] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nerangake samubarang supaya
cepet dirampungake; karampungan prabeya
kesehatan kudu ~ dirampungake.
ENGGON [əŋgͻn] {TAr}: sa-~-~ [saəŋgͻn-əŋgͻn] {TAr}:
salah sawijine klas tembung aran kang nuduhke
papan ngendi wae; bisa dibukak ing smartphone ~.
ENTEK [ǝntɛɁ] {TKh}: salah sawijine klas tembung kahanan
kang nuduhake samubarang kang wis ora ana
maneh; dhana sing sumadhiya tansah ~ lan minus;
1. N-~-ake [ǝntɛɁake] {TKr. TPk} salah sawijine klas
tembung kriya jinis tembung pakaryan tanduk kang
nggunakake samubarang kanthi ora ana sisa;
kandhidhat Gubernur rata-rata ~ dhuwit; 2. ~-e
[ǝntɛɁe] {TAr.TWi}; salah siji klas tembung aran jinis
tembung wilangan kang nuduhake cacah perkara
sing durung rampung-rampung; ora ana ~.
ENTHENG [ɛnṭɛŋ] {TKh}: salah sawijne klas tembung
kahanan kang nuduhake sithike bobot, ora abot;
sanggan kita saya ~.
ENTUK [entUɁ] {TPg. TPd}: salah sawijine klas tembung
panggawe jinis panggandheng sing nduweni teges

103
nampa sawijining bab; penting ~ rega murah; sa-~-e
[saɁentuɁe] {TKr}: salah sawijine tembung kriya
kang nuduhake ngolehake samubarang; sing main
~, sidane ya mung mampir ing bioskop ora kabeh
sing nggape.
ERAT [ərat] {TKh}: sa~-~ [saɁerat-erat] {TKh}: salah
sawijine klas tembung kahanan sing nuduhake
kahanane bab sing akeh banget; suwe-suwe dadi ~.
ERTI [ərti] {TKh}: N-~ [ŋərti] {TKr}: salah sawijine klas
tembung kriya jinis proses sing mujudake tumindak
wis bisa nangkep (mahami, weruh) apa kang
dimaksud dening sawijining bab; ora ana sing ~.
ERUPSI [ɛrupsi] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake wujud bledhosan gunung-gunung
arupa muncrate minyak lan keluk panas saka njero
bumi; uga ana gunung mbledhos utawa ~.
ESA [esa] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran sing
nyatakake tembung wilangan kanggo bab asipat
tunggal kang diduweni Gusti; Ketuhanan Kang
Maha ~.
ESELON [esǝlͻn] {TAr}: salah sawijine klas tembung kang
nuduhake formasi tingkatan saka klompok
organisasi; pejabat ~ dhaerah.

104
ETIKA [ɛtika] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran sing
nuduhake ilmu ngenani apa sing becik lan ora kang
sesambungan klawan moral utawa akhlak; ora
nduweni adab lan miskin ~.
ETUNG [etUɳ] {TKr}: 1. di-pre-~ [dipretUɳ] {TKr}: salah
sawijine klas tembung kriya jinis tembung pakaryan
kang nindakake ngitung cacahe samubarang; ~
nggayuh ± Rp 8,8 trilliun; 2. ke-~ [kepetUɳ] {TKr}:
apa maneh gunggung sing dialokasikan ~ cilik. 3. ~-
an [etuŋan] {TAr}; salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake asil saka petungan; politik dilakoni
kanthi prinsip ekonomi lan ~ dagang; 4. pa-~
[petUng] {TKr. TPk}: salah sawijine klas tembung
kriya jinis tembung pakaryan kang nindakake
ngitung cacahe samubarang; kita ~ luwih njlimet; 5.
pa-~-an-e [petUngane] {TAr. TSe}: salah sawijine
klas tembung aran jinis tembung sesulih kang
nyulihi samubarang singwis klebu petungan; dadi ~
dhewe-dhewe sadurunge nindakake apa wae.
EVAKUASI [evakuasi] {TAr}: me-~ [meŋɛvakuasi] {TKr}:
salah sawijne klas tembung kriya jinis tembung
proses kang nuduhake kagiyatan mindahe
penduduk saka dhaerah kang mbebayani ; aparat
pemerintah lagi berjuang ~ kurban.

105
EVALUASI [evaluasi] {TAr}: salah sawijine klas tembung
aran kang nilai asil marang proses utawa kagiyatan
kang wis dumadi; Mangga kita ~ .
EVENT [event] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang ateges kagiyatan; luwih sukses maneh ing ~
sateruse.
EWON [ԑwɔn] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran jinis
tambung wilangan kang mujudake dhuwit kang
jumlae sewu luwih; ~, sistem pengolahan data
jaman semana durung kaya saiki.
EXTERNAL [ɛksternal] {TAr}: salah sawijine klas tembung
aran kang nuduhake samubarang sing asipat saka
njaba; njalari posisi rupiah gampang kena tekanan
saka faktor ~.

106
F
FACEBOOK [fesbug] {TAr}: salah sawijine klas tembung
aran saka layanan jejaring sosial sing kantor pusate
ana ing Menlo Park, California, Amerika Serikat
kang dikenalke nalika sasi Februari 2004; masang
akun ing ~.
FAKTA [fagta] {TAr}: Salah sawijine klas tembung aran
kang nerangake samubarang sing mujudake
kanyatan; kabeh mau opini, dudu ~.
FAKTOR [fagtɔr] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
sing nyatakake bab utawa kahanan tartamtu kang
nemtokake sawenehing kedadeyan; ~ perilaku
pengendhara uga kudu digatekake.
FAKULTAS [fakultas] {TAr}: salah sawijine klas tembung
aran kang nuduhake cakupan kang luwih gedhe
tinimbang jurusan ing universitas; mbukak ~ sastra
dhaerah.
FEBRUARI [februari] {TAr}: salah sawijine klas tembung
aran kang nuduhake jinise sasi kaping pindho
sajrone setaun; Hari Basa Ibu Internasional tanggal
21 ~ 2018.
FENOMENA [fenomena] {TAr}: salah sawijine klas tembung
aran sing nuduhake bab-bab sing bisa dideleng

107
kanggo panca indra kang asipat ilmiah lan alamiah;
~ hoaks kudu sacepete diakhiri.
FILEM [filǝm] {TAr}: salah sawijine tembung aran kang
nuduhake anane aktor lan aktris kanggo peran kang
ora kaya kasunyatan; ~ Tengkorak.
FITNAH [fitnah] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
sing nuduhake tuturan kang ora bener kang
nduweni tujuwan kanggo ngrugikake wong liya;
hoaks sababag karo ~ lan ujaran kebencian.
FITRAH [fitrah] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
sing nyatakake sodaqoh kang wajib dibayar ing
wektu ulan pasa; mbayar zakat ~.
FITRI [fitri] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran sing
nyatakake taun resik kang dipengeti saben taun
sajrone agama Islam; bada (Iedul ~), salah sijine
hari besar Islam.
FLEKSIBEL [flɛgsibəl] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nerangake samubarang kang ora
ajeg; ketentuan ~ rega pembelian dening Bulog
FOKUS [fɔkus] {TKr. TKh}: salah sawijine klas tembung
kriya jinis tembung kahanan kang munjerake
pemerhaten utawa kawigaten marang samubarang;
~marang ngundhakake kesejahteraan.

108
FORMAL [formal] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan sing nuduhake kahanan resmi; hukum
mung dijejegake laras karo teks ~.
FOTO [foto] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran kang
nerangake gambaran samubarang; nyebarake ~
sing isine info panen ing sadhengah lokasi; ~-ne
[fotone] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran sing
nyatakake panuduh panggambare mitra saka
sarana piranti cetak nganggo surya; Sidane si murid
kapacak ~ lan sinebar tekan ngendi-endi.

109
G
GABAH [gabah] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang awujud woh-wohane wit pari kang wis
dipisahake karo damen; pasokan ~ / beras mundur
saka pakulinan.
GABLEG [gablǝg] {TKh}: salah sawijine tembung kahanan
kang nuduhake kahanan kang diduweni
samubarang; Nanging ora ateges Nuswantarara ~
filem sing apik.
GADHU [gadhu] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nerangake panggonan icir pari; panen ~
(Juni-September).
GAGAL [gagal] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nerangake pakaryan pawongan kang
asile kurang nyenengake, ora laras karo
kapenginane; pemerintah uga dianggep ~; ke-~-an
[kəgagalan] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nerangake samubarang kang ora ana
kasil saka tumindak kang wis dilakokake; nanging
beras semono mau ora cukup kanggo ngoreksi ~
pasar.
GAGAS [gagas] {TAr}: ~-an [gagasan] {TAr}: salah sawijine
klas tembung aran kang ateges pamikiran utawa
pangangen; mula laras karo panemu lan ~ mau.

110
GAIRAH [gairah] {TAr}: ber-~ [bǝrgairah] {TKh}: salah
sawijine klas tembung kahanan kang nuduhake
semangat sajrone nglakoni salah siji pakaryan;
rumangsa ~ ngeloni pertandhingan.
GAJI [gaji] {TAr} : salah sawijine klas tembung aran sing
nyatakake bayaran kang ditrima saben wulan utawa
saben minggu nalika wis kerja; rinciane, ~ 5,24 T; ~-
ne [gajine] {TAr}: salah sawijine tembung aran kang
nuduhake anane bayaran kanggo manungsa kang
wis nyambut gawe; uga ngandelake ~ para dhosen
ing ora mingsra.
GAMBAR [gambar] {TAr}: salah sawijine kelas tembung
aran kang nuduhake salah siji asil saka seni rupa;
buku-buku kanthi maneka ~ lan werna; 1. ka-~-ake
[kagambarake] {TKr}: salah sawijine klas tembung
kriya kang nerangake pakaryan ndeleng
samubarang saka gambaran utawa bayangan liya;
dhuwure rega uga bisa ~ saka serete penyerapan
beras dening bulog; 2. ge-~-an [gǝgambaran] {TAr}:
salah sawijine klas tembung aran kang nuduhake
samubarang utawa menehi jejlentrehan; Angka-
angka mau wis nuduhake gunggung sing ora
sethithik. minangka ~.

111
GAMBAR [gambar] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kanggo nuduhake wujude samubarang; Ana basa
tulisan sing wujud ~.
GAMBLANG [gamblaη] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nuduhake carane ngandharake
saperangan perkawis kanthi cetha; Jokowi
nuduhake kanthi ~.
GAMES [games] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
saka basa Inggris kang nuduhake pakarya arupa
dolanan nanging ditandhingake marang wong liya;
para atlet nasional ing ~ loro mau tampil mabyor.
GAMPANG [gampaŋ] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kanggo kanggo nggambarake bab utawa
tumindak kang ora angel; ngurus keanggotaan dana
sosial kesehatan mau isih durung ~; kanthi ~
minggat menyang njaban negara tanpa terdeteksi;
1. N-~-ake [ŋgampaŋake] {TKr. TKh}: salah sawijine
klas embung kriya sing nyatakake kahana benefektif
kang nuduhake anane rasa gampang, entheng;
dhuwit sing diceh-ceh kanggo ~ urusan; 2. ~-e
[gampaŋe] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nuduhake bab kang ora abot kanggo
dilakokake; saking ~.

112
GAMPANG [gampaŋ] {TPg. TKa}: salah sawijine klas
tembung panggawe jinis tembung katrangan kanggo
nggambarake prekara sing ora angel; stok sing
sithik mau njalari pasar beras ~ dadi panas.
GANDHA [ganḍa] {TAr}: salah sawijine klas tembung
kahanan jinis tembung wilangan kanthi ngikelake
dadi luwih akeh ora luwih saka loro; Kita
ngrasakake sukses ~ .
GANDHENG [ganḍɛɳ] {TKr}: salah sawijine klas tembung
kriya sing nyatakake pakaryan kang nuduhake
samubarang kang sesambungan; peredharan
narkoba ana ~ cenenge karo jaringan; 1. N-~-ake
[ŋganḍɛŋake] {TKr. TPk}: salah sawijine klas
tembung kriya jinis tembung pakaryan kang
ndadekake samubarang dadi siji; kreteg Suramadu
sing ~ pulo Medura lan pulo Jawa; 2. ge-~-an
[gəganḍɛŋan] {TKr}: salah sawijine klas tembung
kriya kang nerangake samubarang kang kaiket
kaliyan bab tartamtu utawa antarane bab siji liyane;
bab iki ~ karo irama tandur serentak sing ngasilake
panen sing ajeg.
GANDRUNG [gandrUŋ] {TAr}: di-~-i [digandruŋi] {TKr}:
salah sawijine tembung kriya kang nuduhake rasa

113
kang disenengi banget ing wektu tartamtu; filem
gaweyan manca isih luwih akeh ~.
GANEP [ganəp] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nuduhake samubarng sing wutuh
utawa jangkep; Presiden Jokowi durung ~ 4 taun
wis kasil mbangun 180 km dalan tol.
GANJAR [ganjar] {TKr}: 1. N-~ [ηganjar] {TKr}: salah
sawijine klas tembung kriya kang nuduhake wujud
tumindak kanggo mbales marang apa sing wong
liya lakoni, isa arupa perkara kang apik utawa ala;
pemerintah ~ para atlet; 2. ~an [ganjaran] {TKr}:
salah sawijine klas tembung kriya sing nyatakake
welesan kang apik utawa ala saka Gusti Allah;
ummat Islam nampa ~ lan pangaksama saka Gusti
Allah Kang Maha Asih.
GANJEL [ganjɘl] {TKr}: N-~ [ƞganjɘl] {TKr. TKh}: salah
sawijine klas tembung kriya sing nyatakake kahanan
ekspresional kang nuduhake marang sawijine
tumindak sing ngalangi lumakune sawijine kahanan;
Indikator ~ kesehatan perekonomian.
GANTI [ganti] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran kang
nuduhake sawijine bab utawa samubarang kanggo
nyulihi sawijine bab utawa samubarang liyane; PS ~
berjuwang nguri-uri basa lan budaya Jawa; 1. di-~

114
[diganti] {TKr. TPk}: salah sawijine klas tembung
kriya sing nyatakake pakaryan tanggap kang
nuduhake pakaryan ngijoli samubarang; dhuwit
rupiah mau ~ wujud emas; 2. N-~ [ɳganti] {TKr}:
salah sawijine klas tembung kriya jinis pakaryan
kang nuduhake pakaryan nyulihi; ana klaim sing sak
ora-orane bisa nyuda gedhene prabeya sing
dibutuhake kanggo ~.
GANTUNG [gantUŋ] {Tkr}: ~-um-~ [gumantUŋ] {TKr. TKh}:
salah sawijine klas tembung kriya jinis tembung
kahanan kang nemtokake keputusane rembug;
uripe ~ akeh sethithike iklan.
GAPE [gape] {TKr}: 1. di-~ [digape] {TKr}: salah sawijine
klas tembung kriya jinis kriya pakarya tanggap kang
nuduhake kahanan ngatekake samubarang; elmu
lan kaprigelan mau ora patiya di- ~; 2. N-~ [ŋgape]
{TKr. TPk}: salah sawijine klas tembung kriya jinis
tembung pakaryan kang nglakokake tumindak
nggatekake samubarang; ora kabeh sing ~.
GARA [gɔrɔ] {TKh}: salah sawijine klas tembung kahanan
kang nuduhake alesan mbujuk saka sawijine
perkara; Iku mau ~ utang sing mlembung.
GARAP [garap] {TKr}: 1. di- ~ [digarap] {TKr}: salah
sawijine klas tembung kriya jinis tembung proses

115
kang nglakokake panggawean supaya oleh asil
kang dipengin; mula pembenahan tumrap LPTK
kudu di- ~ serius; 2. N-~ [ŋgarap] {TKr}: salah
sawijine klas tembung kriya jinis pakaryan kang
nuduhake nindakake pakaryan kanggo ngasilake
samubarang; proyek ~ dalan.
GARASI [garasi] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake papan bageyane omah kanggo
nyimpen kendharaan; mupangatake ~, emperan
omahe, utawa nganggo kendharaan mubeng desa
banjur golek papan jembar.
GARING [garIɳ] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nyatakake kahanan sing ora teles ora
ana unsur banyu ing sawijine panggonan tertamtu;
~ lan kasatan yen ketiga dawa.
GARIS [garIs] {TAr}: N-~-ake [ŋgarisake] {TKr}: salah
sawijine klas tembung kriya jinis tembung pakaryan
kang ngatur sawijine bab; negara wis ~.
GATI [gati] {TKh}: 1. N-~-ake [ηgatɛaʔe] {TKr.TPk}: salah
sawijine klas tembung kriya jinis kahanan kang
nuduhake kagiyatan ndeleng utawa namatake bab
utawa samubarang kanthi temen-temen; tanpa ~
saka negara ngendi wae. 2. di-~-ake [digatɛʔake]
{TAr}: salah sawijine klas tembung kriya jinis
tembung pakaryan tanggap kang nuduhake
116
kagiyatan ndeleng utawa nematake kanthi temenan;
kudu ~ temenan; 3. ka~an [kawigatɛn] {TAr}: salah
sawijine klas tembung aran jinis tembung sesulih
kang nerangake bab kang dianggep prelu banget ;
~ kita utamane kudu marang atlet nom-noman sing
isih bisa mundhak prestasine;
GAWA [gɔwɔ] {TKr}: 1. di-~ [digɔwɔ] {TKr. TPk}: salah
sawijine kelas tembung kriya jinis pakaryan kang
nerangake pakaryan kang ditindakake dening
pawongan; Komputer sing praktis bisa ~ lelungan; 2.
N-~ [ŋgɔwɔ] {TKr. TPk}: salah sawijine klas tembung
kriya jinis pakaryan kang nuduhake nyangking
samubarang; kanthi ~ kurban
GAWE [gawɛ] {TKr. TPk}: salah sawijine klas tembung kriya
sing nyatakake pakaryan kang nuduhake kewajiban
sing ditindakake; sarana lan prasarana sing bisa
ngatasi lan mrantasi ~; 1. N-~ [ŋgawe] {TKr. TPk}:
salah sawijine klas tembung kriya jinis pakaryan
ndadekake bakal dadi barang utawa samubarang;
situs-situs kasebut ~ pawarta; 2. N-~-ne [ŋgawene]
{TAr}: salah sawijine klas tembung aran kang
nyatakake tumindak nggunakake bab utawa
samubarang; wani ~; 3. di-~ [digawe] {TKr}: salah
sawijine klas tembung kriya sing nyatakake

117
pakaryan nggunakake samubarang utawa bab
kanggo nglakokake bab tertamtu; sawijining bab ~
viral; 4. ~-an [gaweyan] {TAr}: salah sawijine
tembung aran kang nuduhake bab utawa
samubarang asil saka gawene pawongan; film-film ~
Indonesia kabiji apik.
GAYA [gaya] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran sing
nuduhake kasaguhan nindakake samubarang;
kesadharan ~ urip sehat
GAYUH [gayUh] {TKr}: N-~ [ŋgayUh] {TKr. TPs}: salah
sawijine klas tembung kriya kang nuduhake proses
njangkah samubarang kang dipenginake; pilkada
serentak 171 dhaerah iki ~ 18 Trilliun.
GAYUT [gayUt] {TKh}: ~-an [gəgayutan] {TKh}: salah
sawijine klas tembung kahanan sing nuduhake
kahanan kang gegandhengan, ana sambung rapete;
ora mung perusahaan sing ~ karo media massa.
GEBYAR [gǝbyar] {TKh}: 1. ~(-um-)e [gumǝbyare] {TKh}:
salah sawijine klas tembung kahanan kang sumorot
padhang; ~ acara penutupan Asian Games; 2. sa-
~-ing [sagǝbyarIŋ] {TKh}: salah sawijine klas
tembung kahanan kang nuduhake kahanan kang
mewah gemerlap; gengsenge mung ~ thathit.

118
GEDABIGAN [gǝdabigan] {TKh}: tembung kang
nggambarake kahanan sing ora tenang utawa
gupuh; ~ mbantu kurban lan mulihake kahanan.
GEDHE [gəḍe] {TKh}: salah sawijine klas tembung kahanan
kang nuduhake samubarang kang linuwih saka
ukuran kang samesthine; Sebagiyan ~publik
nganggep yen pemerintah durung kasil ing
penciptaan lapangan kerja sarta nyuda gunggunge
pengangguran.; liberalisasi limang perkara mau ~
banget; 1. ~-ne [gədhene] {TAr}: salah sawijine klas
tembung aran kang nuduhake samubarang kang
nduweni ukuran gedhe; mangka kita ngadhepi ~
angkatan kerja anyar sing saben taun mbutuhake
panggaweyan; 2. ~-an [gəḍεn] {TPg. TKa}: salah
sawijine klas tembung panggawe jinis tembung
katrangan kanggo nerangake bab sing gedhe
banget; awit kaskayane dicolong ~.
GEJALA [gɘjala] {TKr. TKh}: salah sawijine klas tembung
kriya sing nyatakake kahanan ekpresional kang
nuduhake ngenani kahanan sing dadi tandha-
tandha bakal anane kedadeyan; ~ anjloge rupiah iki
sifate mung sawetara.
GELA [gəlɔ] {TKh}: salah sawijine klas tembung kahanan
sing nyatakake swasana kang nuduhake rasa

119
kuciwa lan getun marga ora cocog karo sing
dikarepake; klakon ~ ngrumangsani tumindake; ~-
ne [gəlane] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
sing nuduhake kahanan rasa gela sing dirasakake;
sing ngandharake ~.
GELAR [gǝlar] {TAr}: 1. ber-~ [bǝrgǝlar] {TKr}: salah
sawijine klas tembung kriya sing nuduhake tandha
pakurmatan utawa kabangswanan kang mungguh
ing manungsa utama; Nabi Muhammad s.a.w ora
tau goroh nganti ~ Al Amien; 2. di-~ [digelar] {TKr,
TPk}: salah sawijine klas tembung kriya kang
nuduhake pakaryan mbeber samubarang kang
dirembug; senajan ~ kanthi megah; 3. N~ [ŋgǝlar]
{TKr}: salah sawijine klas tembung kriya kang
mujudake pakaryan nyuguhake utawa mbeber bab
lan samubarang kanggo liyan; Palembang kasil ~
465 nomor pertandhingan saka 40 cabang
olahraga.
GELEM [gǝlǝm] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nuduhake tumindak kang gampang
manut; supaya ~ kanthi tumemen gladhen; ~-a
[gələmͻ]{TKh}: Salah sawijine klas tembung
kahanan kang nuduhake tumindak kang manut;
generasi-generasi anyar ~ nresnani basane dhewe.

120
GELORA [gǝlorↄ] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake sawijine panggon kanggo olahraga;
kaya ta stadion ~ Senayan.
GEMPA [gǝmpa] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
sing nuduhake oyake bumi kang ndadekake
kerusakan; pemulihan pasca ~ ing Palu-Donggala.
GEMPUR [gǝmpUr] {TKr}: ~-an [gǝmpuran] {TKr}: salah
sawijine klas tembung kriya sing nuduhake
tumindak awujud serangan kanthi terus-terusan
kang ngerugikake; ~ informasi dora (hoaks).
GENAH [gənah] {TKh} : salah sawijine klas tembung
kahanan sing nyatakake samubarang kasebut wis
cetha; sing ~ reregan barang bakal mumbul ndedel.
GENDERA [gənderɔ] {TAr}: salah sawijine klas tembung
aran kang nuduhake wujud samubarang kang dadi
idhentitas sawijine golongan utawa negara; Laras
karo UU No 24 / 2009 bab ~.
GENERASI [gənərasi] {TAr.TSe}: salah sawijine klas
tembung aran jinis tembung sesulih kang nyulihi
wong kang ana ing sawijine jaman; ~ milenial;
GENEYA [gǝnɛyɔ] {Tar. TSe}: salah sawijine klas tembung
sesulih kang digunakake kanggo nakokake alasan,
sebab; ~ para pejabat ora padha wedi ngayahi
korupsi?

121
GENRE [gɛnre] {TAr}: salah sawijine tembung aran kang
nuduhake samubarang saka jinise; Mula sawise
jumedhul filem ~ horror.
GENTING [gentiŋ] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nuduhake ngenani swasana ora
ayem lan sarwa dharurat; ing kahanan ~ lan kalah
perang.
GEOGRAFIS [geografis] {TAr}: salah sawijine klas tembung
aran kang gegayutan kaliyan permukaan bumi,
iklim, penduduk, flora, fauna, sarta kasilkang diolehi
saka bumi; Yen dititik sacara ~.
GEPOK [gɘpɔʔ] {TKh}: ma- ~ -an [magɘpɔʔan] {TKh}: salah
sawijine klas tembung kahanan kang nuduhake
yen nduweni sesambungan karo sambubarang
liyane; dheweke nuturake yen m~an karo
pamarentahan.
GEPOK [gəpᴐ?] {TKh}: ma-~-an [magəpᴐɁan] {TPg.TKa}:
salah sawijine klas tembung panggawe jinis
tembung katrangan sing nduweni teges gegayutan
karo ukara sabanjure utawa anane sesambungan
marang samubarang liyan; Contone sing ~ karo
artis hiburan.
GERAK [gǝraʔ] {TKr}: ~-an [gǝrakan] {TAr}: salah sawijine
klas tembung aran kang nuduhake tumindak

122
ngowahi panggonan utawa kalungguhan; kudu
ngutamakake politik tanpa mahar dadi ~ politik
massa parpol.
GERINDRA [gǝrindra] {TAr}: salah sawijine kelas tembung
aran kang nuduhake partai politik Gerakan
Indonesia Raya ing Indonesia kang nduweni logo
garuda; Kadher partai ~.
GETIH [gətIh] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
arupa banyu abang asale saka awake menungsa
minangka simbol wani mati; Nanging jeneng tresna
tanah wutah ~
GILINGAN [giliŋan] {TAr}: pe-~-an [pəŋgilingan] {TAr}: salah
sawijine klas tembung aran kang nerangake alat
kanggo nggiling; asil panen isih dadi buruane
tengkulak pengusaha ~ lan pedagang kanggo ngisi
stok sing kothong.
GIRIS [girIs] {TKr}: N-~-i [ŋgǝgirisi] {TKr}: salah sawijine
klas tembung kriya kang nuduhake kahanan ngrasa
prihatin marang sawijineng bab; gunggunge
anggota DPRD sing korup luwih ~ maneh.
GLADHIH [glaḍIh] {TKr}: 1. ~-an [glaḍᴣn] {TKr.TKh}: salah
sawijine klas tembung kriya jinis kriya kahanan
tanggap kang nuduhake anane sinau lan
mbiasakake dhiri supaya bisa ngelakokake

123
kegiyatan; uga ~ njaga kaslametan nalika dumadi
lindhu. 2. ~-e [glaḍᴣne] {TKr}: salah sawijine klas
tembung kriya kahanan tanggap kang nuduhake
kasil saka samubarang kang disinaoni kasebut; ~
aja mung pisan pindho; 3. N-~ [ŋglaḍi] {TKr. TPk}:
salah sawijine klas tembung kriya jinis tembung
pakaryan nglelantih; ayo ~ putra.
GLINDHING [glinḍIŋ] {TKh}: salah sawijine tembung
kahanan kang nuduhake anane samubarang kang
muter-muter saka ndhuwur neng ngisor; N-~
[ŋglinḍIŋ] {TKh}: kaya rodha kang tansah ng-~, sing
maune saka ngisor tekan ing ndhuwur, ya bali
maneh mangisor.
GLOBAL [global] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nuduhake sipate samubarang kang
umum uawa kang nyakup saindhenging donya;
Indonesia saya nyata ngukuhake dhiri minangka
anggota komunitas ~.
GOLEK [golɛʔ] {TKr}: salah sawijine klas tembung kriya
jinis pakaryan tanduk sing mujudake tumindak kang
ngupaya supaya bisa oleh utawa nemokake
samubarang kang dikarepake; sing ~ gelar sarjana;
N-~ [ŋgolɛɁ] {TKr. TPk}: salah sawijine klas tembung
kriya jinis pakaryan tanduk sing mujudake tumindak

124
ngupaya ngolehake samubarang utawa bab kang
dikarepake; banjur ~ iklan mrana-mrene.
GONDHEL [gonḍɜl] {TAr}: ~-an [gonḍɜlan] {TKr. TPk}: salah
sawijine klas tembung kriya jinis pakaryan tanggap
tarung kang nuduhake samubarang kasebut kanggo
pathokan utawa cekelan; pasal-pasal lan ayat-ayat
dianggo ~.
GOROH [gɔrɔh] {TKr}: salah sawijine klas tembung kriya
sing nuduhake pangucap kang ora bener lan
dikarang kanggo mbujuki liyan; Nabi Muhammad
s.a.w wis ora tau ~.
GOTOK [gotᴐʔ] {TKr}: ~-~an [gᴐtᴐɁ- gᴐtᴐɁan] {TKr}: salah
sawijine klas tembung kriya jinis pakaryan tanggap
tarung sing mujudake tumindak padha padu utawa
ora akur; padha ~ lumantar obahing driji.
GOTONG [gͻtͻŋ] {TKr}: di-~ [digͻtͻŋ] {TKr. TKh}: salah
sawijine klas tembung kriya jinis tembung kahanan
kang nerangake upaya kanggo ngetokake
samubarang kanthi cara ngangkat; PS isih meger-
meger merga ~ dening para pelanggane.
GREGET [grǝgǝt] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nuduhake rasa kudu mantap
nglakokake tumindak; mula perlu ~ lan kemauan
gedhe.

125
GREGUT [grəgUt] {TKr}: ~-um-~ [gumrəgUt] {TKr}: salah
sawijine klas tembung kriya jinis tembung pakaryan
kang nuduhake tumindak linuwih kanggo ngadhepi
samubarang; sengkud ~ anggone mbrastha.
GRENGSENG [grǝŋsǝŋ] {TKh}: ~-e [grǝŋsǝŋe] {TKh}: salah
sawijine klas tembung kahanan kang nuduhake
sipat semangat kanggo nggayuh pepenginan; ~-e
mung sagebyaring thathit.
GRES [grɛs] {TPg}: salah sawijine klas tembung panggawe
jinis tembung katrangan perkara kang isih lagi wae
kedaden, anyar; pawarta paling ~ sing lagi wae
dumadi.
GUBERNUR [gubǝrnUr] {TAr. TSe}: salah sawijine klas
tembung aran jinis tembung sesulih kang nyulihi
wong sing dadi kapala pamarintahan dhaerah
tingkat provinsi; kandhidhat ~.
GUDHANG [gudhaŋ] {TAr}: salah sawijine klas tembung
aran kang nerangake panggonan kanggo nyimpen
asil panen; beras sing ana ing ~ Bulog isih ana
642.612 ton.
GUGAH [gugah] {TKr}: N-~ [ŋgugah] {TKr. TKh}: salah
sawijine klas tembung kriya jinis tembung kahanan
kang nerangake upaya kanggo mungu, nangekake

126
prakara kang wis sirep; Soetomo ~ semangate
kaum pribumi.
GULAWENTHAH [gulɔwenṭah] {BT}: N-~ [ŋgulɔwənṭah]
{TKr. TPk}: salah sawijine klas tembung kriya jinis
tembung pakaryan kang nuduhake pakaryan
nikelake, utawa nglatih; utamane sing isih taruna lan
wis ~ putra-putri.
GULU [gulu] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran kang
mujudake peranganing awak antarane sirah karo
gembung; sangsaya nekak ~.
GUNA [gunↄ] {TPg}: 1. mi-~-ni [migunani] {TKr. TKh}: salah
sawijine klas tembung kriya jnis kahanan
ekspresional kang nuduhake tumindak kebak
paedah; Bakal luwih ~ yen dhuwit rupiah mau
diganti wujud emas. 2. N-~-ake [ƞgunaʔake] {TKr.
TPk}: salah sawijine klas tembung kriya jinis
pakaryan tanduk kang nuduhake tumindak
nganggo/mawa sarana/piranti; infrastruktur sing
akeh ~ barang modhal; 3. di-~-ake [digunaʔake]
{TKr}: salah sawijine klas tembung kriya sing
nyatakake bab kang dikenni pakaryan nganggo
samubarang; ~ mligi kanggo mudhik; 4. pe-~
[peɳgunɔ] {Tar. TSe}: salah sawijine klas tembung
aran jinis tembung sesulih kang nyulihi pawongan

127
kang nindakake samubarang; malah ~ sing nemahi
tiwas. 5. mi~kake [migunaɁake] {TKr}: salah
sawijine klas tembung kriya jinis pakaryan tanduk
sing mujudake tumindak nganggo utawa
ngemanfaatake samubarang; warga masyarakat
paling akeh ~ tetelune.
GUNGGUNG [guŋgUŋ] {TAr. TWi}: salah sawijine klas
tembung aran jinis tembung wilangan kang
nuduhake jumlah samubarang; ~ anggota DPRD
sing korup luwih nggegirisi; 1. ~-e [guŋgUŋe] {TAr.
TSe}: salah sawijine klas tembung aran jinis
tembung sesulih kang nyulihi jumlah kang
diklumpukake; ~ 100 yuta jiwa; 2. ~-ing [guŋguŋIŋ]
{TAr. TWi}: salah sawijine klas tembung aran kang
nuduhake jumlah kang diklumpukake; saengga ~
kaca pulih kaya wingi uni.
GUNUNG [gunUɳ] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake samubarang awujud pepunthuk
kang gedhe lan dhuwur; lindhu lan ~ njeblug
(erupsi).
GURU [guru] {TAr. TSe}: salah sawijine klas tembung aran
jinis tembung sesulih kang nyulihi wong kang
mulangake kawruh; tumindake ~ marang anake.

128
GURU [guru] {TAr}: ~-ne [gurune] {TAr}: salah sawijine klas
tembung aran sing kalebu tembung purusa kang
nerangake profesi; nalika sekolah isih ing awal
kamardikan utawa para ~ isih pendhidhikan.
GUSUR [gusUr] {TKr}: ke-~ [kǝgusUr] {TKh}: salah sawijine
klas tembung kahanan kang nerangake kahanan
dipindhahing samubarang ing papan liya;loyalitas
kebangsaan sering ~…
GUYON [guyɔn] {TAr}: ~-an [guyonan] {TAr}: salah sawijne
klas tembung aran sing nuwuhake gumuyu;
sandiwara konyol Ratna Sarumpaet dadi ~ publik.

129
H
HADIAH [hadiah] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang ateges samubarang kang diwenehake marang
wong kang kasil; pemerintah wis paring ~ lan
bonus marang para atlet berprestasi; ~-e [hadiahe]
{TAr. TSe}: salah siji klas tembung aran jinis
tembung sesulih kang nyulihi barang minangka
wujud panuwunan, ganjaran, utawa bebungah saka
anane perkara; lan ~ wis mlebu ing rekeninge.
HAJI [haji] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran kang
nerangake gelar sawijine pawongan sing wis
munggah kaji; lebaran ~.
HANDPHONE [henfon] {TAr}: salah sawijine klas tembung
aran sing mujudake aran saka telpon kanthi anten
tanpa kabel sing bisa digawa nyandi-nyandi; nyekel
~.
HAPE [hapə] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran kang
nuduhake rupane barang elektronik; generasi
milenial ora bisa uwal karo ~.
HARGA [harga] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nerangake aji samubarang tartamtu; Pusat
Informasi ~ Pangan Strategis Nasional; peng~an
[peŋhargaan] {TAr}: salah sawijine klas tembung

130
aran arupa pambagya marang wong kang kasil; ~
atas suksese negara kita.
HATI [hati] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran kang
nuduhake panggone rasa pangrasa; penegak
hukum krasa murah ~ banget.
HEBAT [hebat] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan sing nyatakake adjektiva nuduhake bab
sing sarwa kebangeten kang ndadekake
kasengsem uga takjub; isu ksb wus berkembang ~.
HEKTAR [hegtar] {TAr. TWi}: salah sawijine klas tembung
aran jinis tembung wilangan kang nerangake satuan
amba 10.000 m2; Malah sasi Maret 2018 iki disebut
puncak panen sing jembare 2,25 yuta ~ lan
prakiran prodhuksi
HET [hɛt] {TKh}: salah sawijine klas tembung kahanan kang
nerangake kalungguhane samubarang ing saben
penjuwalane; isih sak nduwure ~
HIBUR [hibUr] {TKr}: 1. ~-an [hiburan] {TAr}: salah sawijine
klas tembung aran sing mujudake aran saka apa-
apa sing bisa nglipur ati; contone sing magepokan
karo artis ~; 2. me-~ [məŋhibUr] {TKr}: salah
sawijine klas tembung kriya jinis pakaryan tanduk
sing mujudake tumindak nyenengake lan nglipur ati
kang lagi susah; luwih ~ tinimbang isine pawarta.

131
HIKMAH [higmah] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nerangake apa sing bisa dijupuk saka sawijine
prastawa;Wis pas banget yen bangsa kita njupuk ~.
HILL [hill] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran basa
Inggris kang nduweni teges bukit; balap sepedha
down ~.
HIROSHIMA [hiroshima] {TAr}: salah sawijine klas tembung
aran nuduhake salah sawijine jeneng kutha ing
negara Jepang ; wulan Agustus 1945 bom atom
mbledhos ing ~ lan Nagasaki.
HOAKS [hoa?s] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
sing nyebarakegoro crita kang ngrugikake; dimen
ora kaya lagi urip ing republik ~.
HOROR [hɔrɔr] {TKh}: salah sawijine tembung kahanan
kang nuduhake kahanan kang ana sambung rakete
karo bangsa alus; Mula sawise jumedhul filem
genre ~.
HOTEL [hotɛl] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran kang
nuduhake panggonan kanggo nginep sawetara
wektu;~ Indonesia.
HPP [hpp] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran dicekak
kang nuduhake harga pokok penjualan digunakake
ana bidhang akuntansi keuangan lan pajak kanggo

132
nggambarake rega prodhuksi lan adol sajrone
bisnis; gedhene 20% sandhuwure
HUKUM [hukUm] {TAr}: salah sawijine kelas tembung aran
kang nuduhake aturan utawa paugeran kang kudu
digugu lan dilakoniasipat resmi saka pamrentah;
penegak ~ mbrantas korupsi.

133
I
IBADAH [ibadah] {TAr}: salah sawijine klas tembung kriya
jinis tembung pakaryan kang nuduhake kawajiban
sing kudu dilakoni sajorne agama utawa nyembah
Gusti;wujud ~ siyam sewulan muput.
IBU [ibu] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran kang
mujudake jeneng kanggo wanita mateng kang wis
nduweni bojo utawa durung; Wawasan bab
bencana lan gladhen njaga kaslametan iku
prayogagane uga dadi program ajeg kanggone para
~.
IBU [ibu] {TAr}: salah sawijine klas tembung arankang
nuduhake sebutan wong tuwa wadon; Ing
kalodhangan mengeti Hari Basa ~ Internasional; ~-~
[ibu-ibu] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nuduhake kahanan kang wis ora
rumaja maneh ;Semono uga ~, sing wiwitane
seneng ndeduwe lan menganggo rerenggan
busana.
IDENTIFIKASI [iḍɛntifikasi] {TAr}: Meng-~ [meŋiḍɛntifikasi]
{TKr}: Tembung kriya sing nuduhake kegiyatan
kanggo nemtokake identitas kang sesambungan
karo pawongan utawa barang; uga ~ 14 akun
medsos.

134
IDHE [idhe] {TAr}: salah sawijine tembung aran kang
nuduhake pamikire pawongan kang ana ing
pamikirane, gagasan; Dibiji saka ~ surasane film; ~-
ne [idhene]{TAr}: salah sawijine tembung aran kang
nuduhake pamikire pawongan kang ana ing pikire; ~
sakecekele.
IDHEALIS [iḍɛalis]{TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nerangake sipat lan nalare
manungsa laras karo apa kang dikarepake;
Pelanggan sing ~.
IDIN [idin] {TAr}: N-~-ake [ngidinake] {TKr}: salah sawijine
klas tembung penggawe jinis tembung pakaryan
kang nuduhake tumindak menehi palilah; Indonesia
isih ~ ukuman mati.
IEDUL AD-HA [idul ada]{TAr}: salah sawijine klas temung
aran kang nuduhake jinis dina riyaya saliyane riyaya
fitri sajrone agama Islam; kaya ta ~ utawa dina
riyaya kurban, lebaran haji;
IEDUL FITRI [iédUl fitri] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nerangake wulan kemengan kanggo
wong kang agamane islam; Ngadhepi wulan pasa
lan bada (~).
IHTIYAR [ihtiyar]{TKr.TKh}: salah sawijine klas tembung
kriya jinis tembung kahanan kang ditindakake

135
pawongan kang mratandhakake upaya kang
tememen; ~ liyane nyedhaki generasi anyar yakuwi
kanthi ngambah jagad maya alias internet.
IJEN [ijɛn]{TKh}: salah sawijine klas tembung kahanan
kang nerangake kahanane wong sing ora ana
kancane, dhewekan; PS ora bisa mlaku ~.
IJI [iji] {TAr.TWi}: salah sawijie klas tembung aran jinis
tembung wilangan kang mratelakakesalamba;
maling woh kakao telung ~ liyane, disidhang
maneh.
IKHLAS [eklas]{TKh}: salah sawijine klas tembung kahanan
kang nuduhake kahanan kang lila nampa apa
anane; kaya wujude nabi Ibrahim lan Isma’il sing ~
lan pasrah;
IKI [iki] {TAr. TSe}: salah sawijine klas tembung aran jinis
tembung sesulih kang mratelakake panuduh
marang samubarang; kahanan ngene ~.
IKI [iki] {TPg. TAa}: salah sawijine klas tembung panggawe
jinis tembung ancer-ancer kanggo nuduhake utawa
mratelakake barang kang cedhak karo kang
guneman utawa nuduhake sawijining bab kang lagi
dikandhakake; Bab mitigasi bencana ~.
IKLAN [iklan] {TAr}: salah sawjine klas tembung aran sing
mujudake aran saka pawarta kanggo wong akeh

136
ngenani barang utawa jasa sing didol dipasang ing
kalawarti utawa ing papan-papan adhaan, cedhak
nggon rame, lan internet; kanggo ngundhakake
pametune ~;1. N-~ [ŋiklan] {TKr}: salah sawijine klas
tembung kriya jinis pakaryan tanduk sing mujudake
tumindak menehi weruh lan ngenalake sawijining
bab marang umum mawa iklan; ~ liwat dunia maya;
2. Pe-ng-~ [peŋiklan] {TAr}: salah sawijine klas
tembung aran sing mujudake aran saka wong
(perusahaan) sing ngiklanake, sing masang iklan;
sing nduwe akun bakale antuk pametu saka ~.
IKLIM [iklim] {TKh}: salah sawijine klas tembung kahanan
kang nerangake wayah rendheng utawa ketiga;
Anomali ~.
IKU [iku] {TAr.TSe}: salah sawijine klas tembung aran jinis
sesulih panuduh sing mujudake sesulih kang
mratelakake prakara (apa-apa) sing mentas
kasebut; ~ sing lumrah karan “klickbait”.
IKUT [ikut] {TKr}: Ke-~-sertaan [kǝikutsǝrtaan] {TKr}: salah
sawijine klas tembung kang nuduhake tumindak
melu sajrone kagiyatan; pilkada sing menganulir ~
khandhidhat.
ILANG [ilaƞ] {Tkr. TPr}: tembung kriya sing nyatakake
proses ngenani samubarang sing ana dadi ora ana;

137
ajine wis bakal saya ~; 1. ~-e [ilange] {TKH}: salah
sawijne klas tembung kahanan kang nuduhake
kahanan kang sirna, dadi ora ana, utawa ora
maujud;lan ~ basa dhaerah sanuswantara; 2. ka-
~-an [kelaŋan] {TKr}: salah sawijine klas tembung
kahanan sing nerangake kahanan ilang karana ora
disengaja; ~ pangaji awujud jatah royalty; 3. N-~-
ake [ŋilaŋake] {TKr}: Tembung kriya sing nyatakake
proses kang ndadekake samubarang kang ana dadi
ora ana;~ trauma kurban; 4. ~ -i [ilaŋi]{TKr}: salah
sawijine kelas tembung kriya kang nuduhake
pakaryan ndadekake samubarang supaya ora ana;
kita ~ semangat kanggo menange dhewe; 5. N-~-i
[ŋilaŋi]{TKr}: salah sawijine kelas tembung kriya
kang nuduhake pakaryan ndadekake samubarang
supaya ora ana;perlune kita ~ egosentris
ILI [ili] {TKr}: 1. N-~ [mili] {TKr.TPr}: salah sawijine klas
tembung kriya jinis proses kang nuduhake proses
lumakune barang, pasengkuyungan, lan liyane kang
tumeka marang papan kang kurang utawa
mbutuhake; terus ~; 2. ~-ning [ilinIŋ]{TKh}: Seni
gegayutan karo rasa lan kaendahan, bisa maujud
ing olah lakune pemain, swasana lan papan sing
trep; uga ~ crita sing narik kawigaten.

138
ILMIAH [ilmiyah] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang asipat ilmu utawa laras karo paugerane ilmu;
diskusi ~.
ILMU [ilmu] {TAr}: ~-an [ilmuwan]{TAr}: salah sawijine
tembung aran minangka pawongan kang
pamikirane nduweni ilmu linuwih; sumbangsih-e
dhosen sing pancene ~-an.
IMBANG [imbaŋ] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan sing mratelakake kahanane rong perkara
kang sadrajat utawa saukuran; pendanaan sing ora
~.
IMF BANK DUNIA [imf baŋ dunia] {TAr}: salah sawijine klas
tembung aran kang nuduhake tembung aran
instansi perbankan sing ana ing donya iki lan
disengkuyung dening negara-negara; pertemuan
taunan ~.
IMPEN [impɛn] {TAr}: ~-e [impɛne] {TAr}: salah sawijine jinis
tembung arang kang ngandharake kekarepan;
kanggo nggayuh ~ ing Pilkada.
IMPOR [impↄr] {TAr}: tembung aran kang nuduhake
lumebune barang dagangan saka manca; pajak
pengasilan ~ diundhakake.
IMPUN [impUn] {TKr}: N-~ [ŋimpUn] {TKr}: }: salah sawijine
klas tembung kriya jinis tembung pakaryan kang

139
nerangake tumindak ngumpulake samubarang;
Olehe ~ buku ana sing kanthi cara urunan tuku.
INCUMBENT [incumbǝn] {TAr}: salah sawijine klas
tembung aran kang nuduhake kalungguhan; statuse
~ terlibat korupsi.
INDENG [indəŋ] {BT}: sa-~-ing [saindeŋIŋ] {TPg. TKa}:
salah sawijine klas tembung panggawe jinis
tembung katrangan kanggo nerangake akehe
cakupan; ~ donya.
INDHUSTRI [inḍustri] {TAr}: salah sawijine klas tembung
kriya sing awujud kegiyatan ngolah samubarang;ing
~ lingkungan
INDIKATOR [indikatↄr] {TPg.TKa}: salah sawijine klas
tembung panggawe sing nyatakake katrangan
ngenani samubarang sing bisa menehi pitedah
utawa katrangan; ~ siji maneh.
INDONESIA [indonesia] {TAr}: salah sawijine klas tembung
aran kang nuduhake negara sing dumadi saka pulo-
pulo ing Asia Tenggara sing dumunung ing antarane
benua Asia lan benua Australia; jarene ~ wis meh
bubar merga utang.
INFLASI [inflasi] {TKh}: tembung kahanan kang nuduhake
marang morode nilai dhuwit kertas jalaran akehe

140
dhuwit kertas ing tengahe masyarakat; Anane mung
saya mundhak, utawa ~.
INFO [info] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran kang
nuduhake pawarta; ~ panen.
INFORMASI [infᴐrmasi] {TAr}: salah sawijine klas tembung
aran sing mujudake aran saka kabar utawa pawarta;
sarana ~ ora mung ariwatri.
INFRASTRUKTUR [infrastruktur] {TAr}: salah sawijine klas
tembung aran kang nuduhake tata laku; pemerintah
kasil ngopeni ~ kanggo lalu lintas mudhik.
ING [Iŋ] {TPg. TAa}: salah sawijine klas tembung panggawe
sing kalebu jinis tembung ancer-ancer kang
nuduhake sawijine mangsa/wektu,tetengeran
kanggo nuduhake papan/panggonan; kita manggon
~ papan tengah; Saka-~ [sakIŋ] {TAa}: salah
sawijine klas tembung panggawe jinis tembung
ancer-ancer minangka tetenger wektu, papan, arah
kang dituju; kejaba ~ akehe.
INSAN [insan] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran kang
ateges pawongan; lan 11.000 ~ media saka negara
45.
INSTAGRAM [instagram] {TAr}: salah sawijine klas
tembung aran sing mujudake aran saka sawijine
aplikasi kanggo mbagi poto lan video sing bisa

141
ndadekake panganggone jupuk poto lan video,
menehi filter digital marang poto lan video, banjur
mbagekake marang maneka warna layanan jejaring
sosiyal kalebu duweke instagram dhewe; ing twitter,
facebook, uga ~...
INSTRUMEN [instrumɛn] {T.Ar}: salah sawijine klas
tembung aran kang nduduhake samubarang kanggo
nyengkuyung pakaryan; pemerintah ora nduwe ~
sing pantes.
INTERNASIONAL [internasional] {TAr}: salah sawijine
kelas tembung aran kang nyangkut bangsa-bangsa
utawa negara-negara saindenging donya; Presiden
Komite Olimpiade ~.
INTERNET [intərnɛt] {TAr}: salah sawijine klas tembung
aran sing mujudake aran saka jaringan komunikasi
elektronik kang nyambungake jaringan komputer lan
fasilitas komputer kang wis kaatur ing kabeh negara
mawa telepon utawa satelit; mbukak situs ~.
INTERVENSI [intervɛnsi] {TKr.TPk}: tembung kriya sing
nyatakake pakaryan tanduk kang nuduhake
tumindak kanggo njaga utawa nikelake nilai tukar
rupiyah; Bank Indonesia uga aweh ~ supaya
mlorode nilai rupiah ora saya mbanget.

142
INVESTASI [invɛstasi] {TAr}: salah sawijine klas tembung
aran kang nuduhake modhal kang dititipake ing
proyek utawa usaha liyane; lan ~ sing gedhene.
IRAH-IRAHAN [irah-irahan] {TAr}: salah sawijine klas
tembung aran sing mujudake aran saka pepucuk
bebukaning pawarta; weruh pawarta kanthi ~
nyleneh;~-ane [irah-irahane] {TAr}: salah sawijine
klas tembung aran sing nuduhake irah-irahan; ora
selaras karo ~.
IRAMA [irama] {TKh}: salah sawijine klas tembung kahanan
kang nerangake runtute kedadeyan tartamtu; bab
iki gegandhengan karo ~ tandur serentak sing
ngasilake panen sing ajeg.
IRING [irIŋ] {TPg.TKa}: ka-~ [kairIŋ]{TKr}: salah sawijine
klas tembung kriya kang nuduhake dibarengi ;ka~
luwih bisa empan papan
IRIT [irIt] {TKh}: N-~ [ηirIt] {TKr.TKh}: salah sawijine kels
tembung kriya jinis kahanan kang nerangake
kahanan kang ditindakake pawongan kang
mratandhakake ngirit panganggone plastik; supaya
~.
ISA [isↄ]{TKh}: salah sawijine klas tembung kahanan kang
nuduhake tekad sajrone ati kanggo ngolehake

143
sawijine bab; muga-muga wae kita kabeh ~
nuladha.
ISEP [isɘp] {BT}: N- ~ [ƞisɘp] {TKr.TPk}: tembung kriya sing
nyatakake pakaryan tanduk kang nuduhake
tumindak njupuk keuntungan saka sawijine
samubarang; neraca transaksi sing luwih akeh
ngetokaké dollar tinimbang ~ devisa.
ISI [isi] {TAr}: 1. ~-ne [isine] {TAr}: salah sawijine klas
tembung aran sing mujudake aran saka sing ana
sajroning pawarta; ora banjur maca ~; 2. N-~ [ngisi]
{TKr}: salah sawijine klas tembung kriya kang
nerangake kahanan njangkepi samubarang;
gabah/beras asil panen Maret lagi ~ sebagiyan pipa
(pipeline); 3. Di-~ [diisi] {TAr}: salah sawijine klas
tembung kriya kang nuduhake menehi bab tartamtu
ing samubarang; ~ pertarungan gagasan ide lan
program.
ISIH [isIh] {TKr}: salah sawijine klas tembung kriya sing
nyatakake adverbial nuduhake katrangan wayah
kang durung utawa lagi kedadeyan; ~ ana wong-
wong sing kanthi tegel.
ISIN [isIn]{TKh}:tembung kahanan sing nyatakake kahanan
kang nerangake rasa pangrasa lingsem marang
liyan; bisa njalari ~; Isan-~[isan-isin] {TKh}: salah

144
sawijine klas tembung kahanan kang nuduhake bab
ngrasa rikuh; tanpa wigah-wigih lan ~.
ISLAM [islam] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran sing
nyatakake piwulangan kang ditujukake marang
Gusti utawa kang dianut dening masyarakat;umat ~.
ISOR [isor] {TAr}: 1. ~-an [ŋisↄran] {TKh}: salah sawijine
klas tembung kahanan kang nuduhake derajad;
beras isih dadi komponen uripe ~ (rakyat jelata); 2.
sa-~-e [saŋisɔre] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nerangake bab sing ana ing ngisore;
prodhuksi pari pancen ~ perkiraan.
ISTANA [istana] {TAr}: salah sawijine kelas tembung aran
jinis tembung aran kang nerangake salah sawijine
panggonan kanggo pemimpin; ~ Bogor.
ISU [isu] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran sing
mujudake aran saka kabar angin utawa kabar
kabur; ~ bab agama.
ISYARAT [isarat] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake apa wae samubarang kang dianggo
kanggo makili samubarang; basa ~.
ITUNG [ItUŋ] {TKr}: 1. ka-~ [kapItUŋ] {TKr}: salah sawijine
klas tembung kriya jinis pakaryan kang nuduhake
katrangan kedadeyane samubarang tartamtu; lindhu
lan tsunami sing ninggalake ~;2. ~-an [itUŋan]

145
{TPg}:tembung panggawe sing nyatakake katrangan
kang nuduhake katrangane kadadeyane
samubarang tartamtu; ~ dhetik.
IURAN [iyuran] {TKr}: salah sawijine klas tembung kriya
sing awujud proses menehake sumbangan; mbayar
~.
IZIN [izIn] {TKr}: Per-~-an [pǝrizinan] {TAr}: salah sawijne
klas tembung aran kang nuduhake sesambungan
nguwenahi bab izin; ~ usaha.

146
J
JABA [jɔbɔ] {TPg.TKa}: 1. N-~-an [njaban] {TKa}: Tembung
katrangan kangnuduhake dudu wewengkon ing
njero; minggat menyang~ negara; 2. ke-~ [kəjɔbɔ]
{TPg}: salah sawijine klas tembung panggawe jinis
tembung katrangan kang nuduhake anane
samubarang kang ora dikatutake nalika dirembug; ~
diwulangake ing sekolahan.
JABANG [jabaŋ] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
sing nyatakake asale manungsa kang isih ana ing
jero weteng; ~ bayi.
JABATAN [jabatan]{TAr}:~-e [jabatane]{TAr}:tembung aran
sing nyatakake sesulih kang nyulihi panggonan
kang lagi dilungguhi sajrone pakumpulan utawa
panggawean; ~ luwih dhuwur.
JAGA [jɔgɔ] {TKr}: salah sawijine tembung kriya kang
tegese nglakoni pakaryan kang asipat siyaga; ~ yen
ana kedadeyan sing ora dipengini; 1. ~-jaga [jɔgɔ-
[jɔgɔ] {TKr}: salah sawijine klas tembung kriya kang
nuduhake tumindak nunggoni; bisa ~-jaga; 2. N-~
[njɔgɔ] {TKr}: salah sawijine klas tembung kriya
kang nunggoni supaya slamet saka bebaya; ~
kaslametan.

147
JAGAD [jagad] {TAr}: ~-ing [jagadIŋ]{TAr}: salah sawijine
klas tembung aran sing nuduhake apa sing ana ing
bumi, alam lan saisine kang sesambungan karo
aspek panguripane; Ing ~ pers.
JAHAT [jahat] {TKh}: pe-~ [pənjahat] {TAr.TSe}: salah
sawijine klas tembung aran sing nyatakake sesulih
kanggo wong kang nduweni sipat ala; dudu
pesakitan utawa ~.
JAJAL [jajal]{TKr}: di-~ [dijajal]{TKr}:tembung kriya sing
nyatakake pakaryan jinis tanggap kang nuduhake
pakaryan nyoba utawa ngayahi pagawean anyar
kang durung mesthi langgeng; kudu ~.
JAJAR [jajar] {T.Kh}: ~-an [jajaran] {TPg,TKa}: salah
sawijine klas tembung panggawe jinis tembung
katrangan kanggo nyebutake pawongan kang
nduweni jabatan sing setingkat; ~ kabinet.
JAK [ja?] {BT}: N-~ [ŋeja?] {TKr.TPk}: salah sawijine klas
tembung kriya jinis tembung pakaryan kang
nuduhake pakaryan akon melu; ~ lanngajari.
JAKARTA [jakarta] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake jeneng salah wijine kutha ing
Indonesia; malah ing DKI ~.

148
JAKSA [jaksa] {TAr.Tse}: salah sawijine klas tembung aran
sing nyatakake sesulih kanggo ngarani pakaryane
pawongan; ~ penuntut umum.
JALAN [jalan] {TAr}: 1. Se~ [sejalan] {TKh}: salah sawijine
klas tembung kahanan sing nyatakake arahe
lumaku kang padha;tradisi sing ~; 2. Per-~-an
[perjalanan] {TKr}: salah sawijine klas tembung kriya
sing nyatakake kahanan tumuju panggenan kang
ana nalika ing dalan; keslametan ~; 3. Ber-~-n
[bɘrjalan] {TKr.TKh}: salah sawijine klas tembung
kriya sing nyatakake kahanan ekspresional marang
sawijine kahanan ekonomi sing lagi owah ;neraca
transaksi ~ sing defisit.
JALAR [jalar] {BT}.1. N-~-i [njalari] {TKr.TPk}: salah
sawijine klas tembung kriya jinis tembung pakaryan
kang nerangake sebab kang dadi mula bukane
kedadeyan; lindhu sing kekuwatané Magnitudo 6,2
~ kepanikané warga; 2. ~-e [jalarane] {T.Pg,TKa}:
salah sawijine klas tembung panggawe jinis
tembung katrangan kang nerangake hubungan
sebab akibat; ~ : siji.3. ~-an [jalaran] {TAr}: salah
sawijine klas tembung aran sing mujudakearan saka
mulabukaning kedadeyan; ~ ing twitter.

149
JALUK [jaluk] {TKr}: 1. Pe-~ [pǝnjaluk] {TAr}: salah sawijine
klas tembung aran kang nuduhake aran sajrone
wujud kepingan saka wong liya; nuruti ~ supaya
ngirit; 2. N-~ [njaluk]{TKr}:tembung kriya sing
nyatakake pakaryan kang nglairake pepenginan
arep ndarbeni; ~ pangapura.
JALUR [jalur] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran sing
nyatakake petunjuk arah kang ana ing dalan; ~
tengah.
JAMAAH [jamaah] {TAr}: Ber~ [berjamaah] {TKr}: salah
sawijine klas tembung kriya jinise tembung
pakaryan sing nyatakake kumpulan manungsa kang
ana ing sawijine acara tartamtu; sholat Ied ~.
JAMAN [jaman] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake sawijine wektu; ~ presiden SBY; ~-e
[jamane]{TAr}:tembung aran sing nyatakake
kahanan kang nuduhake sawijine wektu kang
suwe;durung ~ masyarakat nduwe daya.
JAMIN [jamIn] {TKr}: ~-an [jaminan] {TAr}: salah sawijine
klas tembung aran sing nuduhake bukti saka
pakaryan njamin; program Badan Penyelenggara ~
Sosial (BPJS) Kesehatan
JANGKA [jaƞka] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake ukuran wektu tartamtu kanggo

150
ngrampungke pakaryan; bisa nyicil Ian mbayar
utang ing ~ panjang.
JANGKEP [jangkǝp] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan sing nyatakake adjektiva ora ana kurange,
sampurna kang mungguh ing saakehe bab; kabar
ora ~ bab bencana ing Sulteng lan NTB.
JAR [jar] {TPg. TPg}: ~-ne [jarene] {TPg, TPg}: salah
sawijine klas tembung panggawe jinis tembung
panggandheng kang nuduhake dhasare sawijine
bab; ~, negara iki wis mancik ing krisis ekonomi.
JARAG [jara?] {TKr}: N-~ [njara?] {TKr}: salah sawijine klas
tembung kriya sing nuduhake tumindak kang
ndadekake anyel; Isih ana wong-wong sing kanthi
tegel malah ~.
JARING [jaring] {TAr}: ~-an [jaringan] {Tar.TKa}: salah
sawijine klas tembung aran jinis tembung sesulih
kang nuduhake pakumpulan wong kang nduweni
tujuwan tartamtu; karo ~ sing saiki “ndhekem” ing
LP (pakunjaran).
JASA [jɔsɔ] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran kang
nuduhake layanan utawa tumindak becik kang
menehi apa wae kang dibutuhake wong
liya;pengadaan barang lan ~.

151
JATI [jati] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran kang
nuduhahake salah sijine jinis wit;Malah bisa uga
ditanduri ~ sing asile gedhe
JATIM [jatim] {Tar}: salah sawijine klas tembung aran kang
dicekak, tujuwane kanggo nuduhake jenenge
propinsi sing ana ing Negara Indonesia; Gubernur
~.
JAWA [jͻwͻ]{TAr}: salah sawijine tembung aran kang
nuduhake sawijine basa/pawongan/suku kang ana,
manggon, digunakake ing sawijine tlatah/dhaerah
ing Nuswantara; budaya ~.
JAYA [jͻyͻ] {TKh}: ~ne [jayane] {TKh}: salah sawijine kelas
tembung kahanan kang ateges menang; mangsa
~ .
JEBAK [jəbak] {TKr}: ~-an [jəbaɁan] {TAr} salah sawijine
klas tembung aran sing mujudake aran saka asiling
njebak; utawa ~ kanggo ngundhakake pametune
iklan.
JEBLUG [jəblug] {TKr}: N-~ [njəblug] {TKr}: salah sawijine
klas tembung kriya jinis kriya kahanan kang
mujudake lemah sing mendelep menjero; gunung ~.
JEBUL [jəbUl] {TPg}: 1. ~-ane [jəbUlane] {TPg.TKa}: salah
sawijine klas tembung panggawe jinis tembung
keterangan sing mujudake kahanan pungkasan

152
saka kedadeyan; ~ nuwuhake olok-olok;2. ~-e
[jəbule]{TKh}: salah sawijine jinis tembung kahanan
kang bisa dideleng saka pungkasane; sing
ngongkon mau ~ ora lengganan.
JEDHUL [jǝdhUl]{TAr}: 1. ~-um- [jumǝdhUl]{TKh}: salah
sawijine tembung kahanan kang nerangake wiwit
anane kedadeyan; ~filem genre horor; 2. N-~
[njəḍUl] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan sing nuduhake bab kang metu saka
dhasar; ~ maneh pawarta bab penganiayaan.
JEGUR [jɘgUr] {TKh}: ke-~- [kejegUr] {TKh}: salah sawijine
klas tembung kahanan kang nuduhahake pawongan
nyemplung;~ kali.
JEJEG [jəjəg] {TKh}: di-~-ake[dijəjəgake] {TKr.TPk}:
Tembung kriya sing nyatakakepakaryan tanggap
kang nuduhake laku jejeg, ngenut aturan
singwisdiugemi;hukum mung ~ laras karo teks
formal.
JEMBAR [jǝmbar]{TKh}:salah sawijine kelas tembung
kahanan kang amba banget, ujure ngluwihi
samesthine;dideleng saka perspektif sing ~; 1. ~-e
[jǝmbare]{TKh}: salah sawijine kelas tembung
kahanan kang amba banget, ujure ngluwihi
samesthine; negara kita sing semene ~,2. n-~-ake

153
[njəmbarake] {TKr}: salah sawijine kelas tembung
kriya kang nuduhake proses ndadekake saya
jembar utawa amba; ~ wawasan.
JEMBATAN [jǝmbatan]{TAr}: salah sawijine klas tembung
aran kang nerangake bangunan sing dibangun
kanggo nyebrang;~ Semanggi.
JEMBER [jəmbər] {TKh}: N-~-i[njəjəmbəri]{TKr}: tembung
kriya sing nyatakake pakaryan kang nuduhake
tumindak njenesi kang nuwuhake
reregedan ;ngayahi bab ~ kasebut.
JEMPOL [jǝmpɔl] {TAr}: salah sawijine kelas tembung aran
kang ateges driji kang gedhe dhewe; acungan ~
mili saka pers; ~ -an [jempolan] {TAr}: salah sawijine
klas tembung aran kang nuduhake samubarang
kang paling apik utawa becik; guru-guru sing ~.
JENENG [jənəŋ] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake wewakiling wong;golèk ~; ~-e
[jənəŋe] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
jinis tembung sesulih kang nyulihi aran saka
pawongan kang nindakake pakaryan; ~
pendhidhikan iku kanggo sangune nglakoni urip.
JENJANG [jǝnjaŋ] {TAr}: salah sawijine kelas tembung aran
kang arane tingkatan lan ajeg; nanging kudu kanthi
pembinaan ~ lan terus-terusan.

154
JEPANG [jǝpaŋ] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake jeneng negara; ~ (75 medali
emas).
JEPIT [jəpIt] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran kang
nuduhake panjepit; sandhal ~.
JER [jər] {TPg}: salah sawijine klas tembung kahanan kang
jinis tembung ancer-ancer sing nuduhake awit
minangka upaya utawa jalaran mengkono; ~
sakehing sangsi hukum ing negara kita.
JERA [jǝra] {TKh}: salah sawijine klas tembung kahanan
kang nuduhake kahanan kapok ora gelem mbaleni
maneh; efek ~.
JERO [jəro]{TPg}: salah sawijine klas tembung kahanan
sing nyatakake kahanan utawa watak kang bener-
bener dumadi nganti bab kang cilik utawa adoh
tekane ing dhasar; Nggawe analisis luwih ~; N-~-ing
[jroniɳ] {TKr]: salah sawijine kelas tembung kahanan
kang nuduhake kahanan kang bener-bener dumadi
nganti bab kang cilikutawa adoh tekane ing dhasar;
kaprigelan lan kawasisan ~ mitigasi.
JET [jɛt] {TAr}: salah sawijine kelas tembung aran kang
ateges montor mabur sing mesine nganggo
pancaran gas; ~ ski.

155
JILID [jilId] {TKr}: salah sawijine klas tembung kriya kang
nuduhahake ganti babag; dalan Daendels ~ II.
JINIS [jinIs] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran kang
nuduhake klasifikasi pamilih ing pileg lan pilpres
2019; kaum milenial kagolong ~ pemilih rasional; sa-
~ [sajinIs]{TKh}: salah sawijine tembung kahanan
kang nerangake samubarang kang nduweni wujud
kang padha; prodhusen nggawe filem ~.
JIRET [jirət] {TKr}: ke-~ [kejirət] {TKh}: salah sawijine klas
tembung kahanan kang nuduhake ketali utawa
kesingseti dening samubarang; ~ narkoba.
JIWA [jiwɔ] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran kang
nuduhake satuwan kanggo manungsa; ana luwih
saka 187 yuta ~; ~ -ne [jiwane] {TAr}: salah sawijine
klas tembung aran kang nuduhake satuwan kanggo
manungsa; panggilan ~.
JLENTREH [jlɛntrɛh] {TKr}: di-~-ake [dijlɛntrɛhake] {TAr}:
salah sawijine klas tembung kriya jinis tembung
pakaryan kang nuduhake samubarang kang
diandharake; ora ~.
JLIMET [jlimət] {TKh}: N-~ [njlimǝt] {TKh}: Sawijine klas
tembung kahanan kang nuduhake bab kang ruwert;
petung luwih ~.

156
JLOMPRONG [jlↄmprↄŋ] {T.Kr}: N-~-ake [njlↄmprↄŋake]
{TKr}: salah sawijne klas tembung kriya kang
nerangake pakaryan kang ngrugikake; malah ~
pengusaha marang kebangkrutan.
JOMBANG [jɔmbaŋ] {TAr}: salah sawijine klas tembung
aran kang nuduhake jeneng kutha ing Jawa Timur,
Indonesia ; Kadin Kesehatan Kabupaten ~.
JOMPLANG [jomplaŋ] {TKh}: n-~ [njomplaŋ] {TKh}: salah
sawijine klas tembung kahanan kang nuduhake
kahanan kang ora imbang; kerep tinemu ~ bab
wawasan lan kapinterane.
JRO [jro] {TKh}: ~-ing [jroning] {TPg.TAa}: salah sawijine
klas tembung panggawe jinis tembung ancer-ancer
kanggo nerangake panggonan samubarang kang
ngandhut isi; kaya ta dol tinuku proyek ~ APBD.
JUAL [jual] {TKr}: pe-~-an[pənjualan] {TAr}: salah sawijine
klas tembung aran kang nuduhake carautawa
tumindak ngedol; tersangka kasus korupsi ~
kondensat.
JUANG [juaŋ] {TKr}: Ber-~ [bərjuaŋ] {TKr}: salah sawijine
klas tembung kriya sing nyatakake proses nuduhake
upaya kanggo nggayuh pepinginan utawa tujuwan
kang nglibatake tenaga; lagi ~ mengevakuasi
kurban.

157
JUJUR [jujUr] {TKh}: tembung kahanan kang nyatakake
sipat blaka; Nabi Muhammad s.a.w tansah tumindak
~; Ke-~-an[kəjujUran] {TAr}: tembung aran sing
nuduhake sipat sajrone tumindak lan pangucap
kang bener lan ora digawe-gawe;agama apa wae
mesthi ngutamakake ~.
JUNI [juni] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran kang
nuduhake jenenge salah siji wulan lan nerangake
ukuran wektu tartamtu; wulan ~ 1998.
JUR [jUr] {TKh}: N-~[ngejur] {TKr, TPk}: salah sawijine klas
tembung kriya jinis tembung pakaryan kang
nuduhake bab kang ndadekake ala; kanggo ~.
JURUNG [jUrUŋ] {TKr}: 1. N-~ [njurUŋ] {TKr.TKh}: salah
sawijine klas tembung kriya jinis tembung kahanan
kang nerangake pakaryan ngewangi, mitulungi,
melu mujekake bisane kelakon sing sinedya; Ora
perlu teori ndakik-ndakik ing meja seminar ~ wong
Jawa lengganan udayana abasa Jawa; 2. ~-an
[juruηan] {TAr}: salah siji klas tembung kang
nuduhake pasengkuyungan tumrap wong liya; oleh
~ antusiasme warga.
JUWANG [juwaŋ] {TKr}: ber-~ [bərjuwaŋ] {TKr.TPk}: salah
sawijine klas tembung kriya jinis tembung pakaryan
kang nerangake pakaryan ngroyok apa sing kudune

158
dadi duweke; PS ganti ~ nguri-uri basa lan budaya
Jawa.; per-~-an [pərjuwaŋan]{TKr.TPk}: salah
sawijine klas tembung kriya jinis tembung pakaryan
kang nerangake upaya kanggo nggayuh
kapenginan; alat ~ nggayuh kamardikaning bangsa.

159
K
KABAR [kabar] {TKr}: salah sawijine klas tembung kriya
kang nuduhahake pawarta; supaya ~ saka pojok
wetan; 1. N-~-ke [ŋabarake] {TKr}: tembung kriya
sing kalebu kriya tanduk, nuduhake kagiyatan
ngelapurake kedadeyan kang isih anyar; media
cithak lan elektronik tansah ~ bebener; 2. ~-e
[kabare] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nerangake wujud warta kang ditulis ing
medhia; surat ~..
KABEH [kabɛh] {TPg, TWi}: tembung panggawe sing
nyatakake wilangan kang mratelakake
gunggunge sawijining bab; ~ nuduhake alasan; 1.
Sa-~-e [sakabɛhe] {TPg, TWi}: salah sawijine klas
tembung wilangan kang mratelakake gunggunge
sawijining bab; Nggunakake ~ funds and forces; 2.
Sa-~-ing [sakabǝhiŋ] {TPg}: salah sawijine klas
tembung wilangan kang mratelakake gunggunge
sawijining bab; saka ~ warga sanegara.
KABINET [kabinɛt] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake dewan mentri kang ngrewangi
presidhen; ~ bidhang ekonomi.
KABUPATEN [kabupatɛn] {TAr}: salah sawijine klas
tembung aran kang nuduhake sawijine wilayah

160
bageyan saka provinsi kang dumadi saka pirang-
pirang kecamatan; ~ Jombang.
KACA [kͻcͻ]{TAr.TWi}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake tengeran arupa angka ing media
tulis; cacahing ~ disuda kari separo.
KADANG [kadaŋ] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake seduluran; kelangan sanak ~ uga
panggatoan.
KADHANG [kaḍaŋ] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nuduhake bab kang ora tamtu; ~
nganti tikel lorone dibandhingake sing didol cash
(kenceng).
KADHER [kaḍǝr] {Tar.TSe}: salah sawijine klas tembung
aran jinis sesulih kanggo nyulihi wong kang
dikarepake bisa nyekel lakon wigati sajrone
pamarintahan; ~ partai Gerindra.
KADHUNG [kaḍUŋ] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nerangake kahanan sing wis kebacut
kedadeyan; wis ~ lara.
KADIN [kadin] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang dicekak, tujuwane kanggo nuduhake jenenge
jabatan sajrone pamarintahan; ~ Kesehatan
Kabupaten Jombang

161
KADUK [kadUk] {TKh} Tembung kahanan kang nuduhake
kaluwihan utawakakehan, banget; sawijining
wanodya ~ sepuh.
KAE [kae]{TAr}: salah sawijine klas tembung aran jinis
tembung sesulih kang nuduhakepanuduh
mratelakake barang sing rada adoh utawa
nuduhake sawijining bab kang wis dikandhakake;~
diarani mung bonek.
KAGET [kagɛt]{TKr}: salah sawijine tembung kriya kang
nerangake rasa ora percaya tumrap samubarang
utawa kahanan; pengamat filem ing San Jose
padha ~.
KAGUM [kagum] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nuduhake sipat bombong,
oranyangka; berdhecak ~.
KAHANAN [kahanan] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang mujudake sipat ing sawenehing
samubarang; ~ geografis.
KAIT [kaIt] {TAr}: ter~ [terkait] {TKh}: salah sawijine kelas
tembung kahanan kanthi jumbuh marang bab kang
dirembug; infrastruktur ~.
KAJABA [kajͻbͻ]{TPg.TPd}: salah sawijine klas tembung
panggawe jinis tembung panggandheng kang
nggandhengi tembung kang dirembug karo tembung

162
kang ora katut dirembug; ~ daya tetukone
masyarakat tambah mudhun.
KAKAO [kakao] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake wit coklat, isine biasdigawe bubuk,
bisa kanggo inuman; woh ~.
KAKUNG [kakUŋ] {TAr} :salah sawijine klas tembung aran
sing nyatakake sesulih kang nyulihake wong tuwa
lanang; ~ putri tindak menyang masjid/lapangan.
KALA [kɔlɔ] {TPg.TKa}: tembung panggawe sing nyatakake
katrangan wektu, mangsa; kadhang ~.
KALAH [kalah] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nuduhake isih dingungkuli kahanane;
~ saingan.
KALANG [kalaŋ] {TKh}: ~-an [kalaŋan] {TKh}: salah
sawijine klas tembung kahanan kang mujudake
tambung kang digunakake ing lingkungan pakaryan;
~-an warga.
KALAWARTI [kᴐlᴐwarti] {TAr}: salah sawijine klas tembung
aran sing mujudake aran saka layang kabar kang
metune kala-kala (ora saben dina); sarana informasi
ora mung ariwatri, ~, uga tivi.
KALEBU [kalɘbu] {TKh}: tembung kahanan kang
nerangake sawijne prekara iku apik apa ora; meh
kabeh indhikator perekonomian ~ sehat.

163
KALI [kali] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran kang
nuduhahake lepen;kejegur ~ Bengawan Solo.
KAMANGKA [kamɔngkɔ] {TPg.Tpd}: salah sawijine klas
panggawe sing kalebu jinis tembung panggandheng
kang nerangake surasane kosok balen; ~ anggaran
pendhidhikan kita wiwit taun 2010 ana Rp 400 T.
KAMPANYE [kampañǝ] {TAr}:
salahsawijineklastembungarankangnuduhake
kagiyatan kang dileksanani organisasi politik kanggo
merkoleh panyengkuyungan;tahapan Pilkada wis
mlebu mangsa ~.
KAMPUNG [kampUŋ] {TAr} : salah sawijine klas tembung
aran sing nyatakake papan panggenan tartamtu
kang ana ing sawijine dhaerah; pulang ~.
KANCA [kɔncɔ] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nerangake yen ana hubungan kanca sajrone
politik; lawan politik ing pemilu sing bersahabat iku
~ adu pikiran lan gagasan; 1. ke-~-an [kəkancan]
[TKr]: salah sawijine klas tembung aran kang
nerangake yen anane sesambungan kanca; olehe
~; 2. ~-ne [kancane] {TAr}: salah sawijine klas
tembung aran sing mujudake aran saka rowang
utawa mitrane sawijine pawongan; disusul ~.

164
KANDHA [kɔnḍɔ] {TKr}: 1. di-~-ake [dikanḍʔake] {TKr}:
salah sawijine klas tembung kriya kang mujudake
nyampekake omongan marang liyan; kaya sing ~
Kepala Badan Geologi Kementerian ESDM; 2.
ng~ake [ŋanḍakakɛ] {TKr}: salah sawijine kelas
tembung kriya kang ngandharake maksud lan
ancas tartamtu; Presiden Joko Widodo ~ pangarep-
arepe
KANDHIDHAT [Kanḍiḍat] {TAr.TSe}: salah sawijine klas
tembung aran jinis sesulih kanggo nyulihi wong
kang dadi calon pejabat; ~ Gubernurt.
KANG [kaŋ] {TPg}: tembung panggawe sing nyatakake
panggandheng kang nyatakake bilih tembung utawa
ukara sabanjure beda karo sing liya; Ketuhanan ~
Maha Esa.
KANGGO [kanggo] {TPg,TAa}: salah sawijine klas tembung
panggawe jinis tembung ancer-ancer kang
nerangake samubarang kang ana
gunane;pemerintah kasil ngopeni infrastruktur ~
lalu lintas mudhik; 1. ng-~ [ŋanggo] {TKr.TPk}: salah
sawijine klas tembung kriya jinis tembung
pakaryankang nuduhake fungsi tembung sadurunge
utawa tembung sawise; ~ mawarna ucapan;2. di-~
[diənggo] {TKr.TPk}: salah sawijine klas tembung

165
kriya kanggo nuduhake pakaryan nggunakake
samubarang;~ ing tlatah sanegara; 3. ~-ne
[kaƞgone] {TPg. TAa}: tembung panggawe sing
nyatakake ancer-ancer kang nuduhake papan
tujuwan; ~ wong cilik; 4. Ma-ng-~ [mangaŋgo] {TKr}:
salah sawijine klas tembung kriya jinis pakaryan
tanduk sing mujudake tumindak nggunakake (alat,
samubarang); samubarang sing ~ internet wis
mbladrah.
KANTHI [kanthi]{TPg}:tembung panggawe sing nyatakake
panggandheng kang digunakake kanggo
nggandhengi samubarang siji lan liyane;
karampungake ~ adil; 1. ng-~ [ŋanti] {TPg}: salah
sawijine klas tembung panggawe jinis tembung
katrangan kanggo nemtokake wates sing disarujuki
utawa dikarepake; durung ~ njenggelek; 2. di-~-ni
[dikanṭɛni] {TKr.TKh}: tembung kriya sing nyatakake
kahanan ekpresional kang nuduhake tumindak
kanggo mbandhingake samubarang siji lan sijine;
mesthi ~.
KANTI [kanti] {TPg}: N-~ [nganti] {TPg.TKa}: salah sawijine
klas tembung panggawe jinis tembung katrangan
kang nuduhake asile sawijine proses; ~ ana wong
50 nemahi tiwas saben dinane?

166
KAPAN [kapan] {TAr.TSe}: salah sawijine klas tembung
aran jinis sesulih kang nuduhake pitakonan wektu
utawa mangsa; ~, ing ngendi, kanthi cara kaya
ngapa.
KAPASITAS [kapasitas] {TKh} : salah sawijine klas
tembung kahanan sing nyatakake jumlah kang bisa
ditampung dalan; kebake kendharaan sing liwat
tikel-matikel tinimbang ~ dalane.
KAPIRAN [kapiran] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang ateges ora kaya jaman jayane; akeh
atlet berprestasi sing bareng wis tuwa uripe ~.
KAPOK [kapɔ?] {TKh}: 1. N-~-ake [ɳapo?ake] {TKr}: salah
sawijine tembung kriya jinis tembung pakaryan kang
nuduhake tumindak supaya pawongan ora gelem
nglakoni maneh; ngetrapake sangsi sing setimbang
lan ~; 2. ~-e [kapɔ?e]{TKh}:salah sawijine klas
tembung kahanan sing nyatakake kahanan kang ora
gelem nglakoni maneh; pelaku tumindak murang
tata iku pancen banjur dadi lan ~.
KAPOK LOMBOK [kapᴐɁ lᴐmbᴐɁ] {TKh}: salah sawijine
klas tembung kahanan sing nuduhake kahanan
anggone kapok mung sedhela; warganet ~.

167
KARAM [karɔm] {TKh}: salah sawijine jinis tembung
kahanan kang nuduhake samubarang kang ora oleh
dilakokake; barang ~.
KARAN [karan] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nuduhake sebab;~ lumrah yen apa
wae masalahe bangsa kita sing pancen akeh.
KARANG [karaŋ] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
sing awujud lemah pomahan; ~ padesan.
KARCIS [karcIs]{TAr}: salah sawijine tembung aran kang
nuduhake layang cilik kanggo mlebu ing bioskop;
mbayare ~.
KAREP [karəp]{TKr.TPk}: salah sawijine klas tembung kriya
jinis pakaryan kang nuduhake kapenginan; ora
duwe ~ nyinau basane; ke-~-an-e [kəkarəpane]
{TAr}: salah sawijine klas tembung kriya jinis
pakaryan kang nuduhake kepenginan; babagan
maca tetep ora mundhak ~.
KARI [kari]{TPg.TKa}: salah sawijine klas tembung
panggawe klas tembung katrangan kang nerangake
bab kang wis sisa sithik; disuda ~ separo.
KARO [karo] {TPg. TAa}: salah sawijine klas tembung
panggawe jinis tembung ancer-ancer kang
nuduhake sesambungan ing konteks/bab tartamtu;
padha ~ peraih medhali.

168
KARO [karo] {TPg.TPd}: salah sawijine klas tembung
panggawe jinis tembung panggandheng kang
nggandhengi tembung sadurunge kanggo
nylarasake tembung sabacute; Presiden
nggandhengake ~ amanat undhang-undhang.
KARYA [karyɔ] {TAr}: N-~ [makaryɔ] {TKr.TPk}: salah
sawijine klas tembung kriya kang nuduhake
pakaryan ngasilake samubarang; ~ bebarengan
pemerintah pusat.
KARYAWAN [karyawan] {TAr.}: ~-ne [karyawane]
{TAr.TSe}: sala sawijine klas tembung aran jinis
tembung sesulih kang nyulihi pawongan kang kerja
ana ing sawijine perusahaan; ~ rembugan nganggo
basa dhaerah.
KASEBUT [kasebUt] {TPg.TPd}: salah siji klas tembung
panggandheng kang nuduhake bab kang wis
dibahas utawa sing dadi topik bahasan sadurunge;
antusiasme ~.
KASIL [kasIl] {TAr}: salah sawijine klas tembung kriya kang
nuduhake kahanan kang wis ana asile; Jakarta lan
Palembang ~ nggelar 465 nomor pertandhingan.
KASUS [kasus] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
sing nuduhake perkara kang nglibatake pulisi; pulisi
ngusut tuntas ~ hoaks; ~-e [kasuse] {TAr}: salah

169
sawijine klas tembungaran kanggo nuduhake bab
kang njalari perkara;~ Mbah Saulina ora pantes
diperkarakake.
KATASTROFIK [katastrofik] {TAr}: salah sawijine tembung
aran sing nuduhake jinise penyakit; penyakit ~.
KATEGORI [katǝgɔri] {TAr}: salah sawijine klas tembung
aran kang nuduhake bageyan saka golongan, jinis,
pangkat, lsp; biaya sing iki klebu ~ resmi.
KATON [katɔn] {TKr.TPr}: salah sawijne klas tembung kriya
jinis tembung proses kang nuduhake bisa dideleng
samubarang; saya ~ cetha; ~-e [katↄne] {TKr.TKh}:
tembung kriya sing nyatakake kahanan ekpresional
kang nuduhake asil saka asile sawijine pakaryan; ~
usaha mau lagi sithik asile.
KATUT [katUt] {TKr}: salah sawijine tembung kriya kang
nerangake proses kang ndadekake pakaryan
kasebut mlebu ing salah sawijine filem terbaik;
Filem Tengkorak, mentas wae ~ dadi nominasi Best
Film..
KAUM [kaUm] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake sawijine golongan utawa klompok
tartamtu; ~ milenial.

170
KAWAH [kawah] {TAr} : salah sawijine klas tembung aran
sing nyatakake panggonan kang arupa dosa utawa
pahala; ~ dradimuka.
KAWRUH [kawruh] {TAr}: salah sawijine kelas tembung
aran kang nuduhake sesurupan utawa oleh-olehe
pangudi; ~ bab dolanan bocah;-in-~-an
[kinawrUhan]{TKr}: salah sawijine klas tembung
kriya sing nyatakake kahanan kang nuduhake
kaweruhan; solah bawa warga masyarakat
gampang ~ ngakeh.
KAYA [kↄyↄ] {TPg.TKa}: salah sawijine klas tembung
panggawe sing nyatakake katrangan kang
nerangake bab sing meh padha utawa saemper; ora
mung sedherhana ~ ngono thok; 1. ~-~[kɔyɔ-kɔyɔ]
{TPg.TKa}: salah sawijine klas tembung dwilingga
panggawe sing nyatakake katrangan kang
nerangake bab kangdianggep meh padha utawa
saemper;apa sing diajokake ~ sok kurang mlebu
ngakal; 2. ~ta [kɔyɔtɔ] {TPg}: salah sawijine klas
tembung panggawe jinis tembung katrangan kang
nerangake tuladha; ajang sing luwih prestisius ~
Olimpiade Tokyo (2020); 3. ~-ne [kayane]{TPg}:
salah sawijine tembung panggawe sing nyethakake
tembung katrangan kang nerangake moncere filem

171
ing Nuswantara; ~, moncere Denias, uga Ada Apa
Dengan Cinta, ngudhakake rasa percaya dhirine
para pelaku filem Nuswantara.
KAYA [kɔyɔ] {TPg}: salah sawijine klas tembung panggawe
sing nyatakake kahanan utawa kabiyasan kang ana
saben dinane; masyarakat bisa aktifitas ~ biyasane.
KAYU [kayu] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran kang
nuduhahake bageyan saka wit;~ kaya sengon.
KEBACUT [kebacUt] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nuduhake samubarang kang wis
keblanjur ditindakake; sidane ya ~.
KEBAK [kǝbak] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nuduhake yen kahanane wis kisenan
kanthi ora ana sing kosong; ~ kesuksesan; 1. Di-~-i
[dikǝba?i] {TKr}: salah sawijine klas tembung kriya
kang nuduhake pakaryan kanthi menehi utawa ngisi
nganti panggonane bek utawa ora kurang utawa
amber; Palembang ~ masyarakat; 2. ~e [kəbake]
{TKh}: salah sawijine klas tembung kahanan sing
nyatakake jumlahe kendharaan kang ana ing papan
panggenan tartamtu; ~ kendharaan sing liwat tikel-
matikel.
KEBUN [kǝbUn] {TAr}: Per-~-an [pǝrkǝbunan] {Tar}: salah
sawijine klas tembung aran kang nuduhake

172
panggon makarya ing kebun; sektor pertambangan
lan ~.
KECAP [kəcap] {TAr}: sa-~ [saɁkəcap] {TKh}: salah
sawijine klas tembung kahanan kang nuduhake
sithik banget; mung ~.
KEDADEYAN [kədadeyan] {TKh}: salah sawijine klas
tembung kahanan kang nerangake sawijine bab
kang wis kelakon; titik kritis cadhangan beras ~
saben 31 Desember.
KEJABA [kəjͻbͻ] {TPg.TPd}: salah sawijine klas tembung
panggawe jinis tembung panggandheng kang
nggandhengi tembung kang dirembug karo tembung
kang ora katut dirembug; ~ budaya literasi generasi
milenial sangsaya luntur.
KELAS [klas] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
nerangake tata urutan; beras isih dadi komponen
uripe ~ ngisoran (rakyat jelata).
KELONG [kelɔŋ] {TKh}: ~-e [kelɔŋe] {TKh}: salah sawijine
kelas tembung kahanan kang nerangake kurange
samubarang; ~ pepayon buku lan wacan.
KELU [kǝlu] {TKr.TPk}: salah sawijine klas tembung kriya
jinis pakaryan kang nuduhake kahanan katut melu
ombyaking samubarang kang ana sakupenge; Akeh
sing ~ nyalah gunakake wewenange.

173
KEM. PERTANIAN [kəm. pərtanian] {TAr}: salah sawijine
klas tembung aran kang munjer ing pakaryan
ngurus bab tetanen; ~ tansah ngupaya ngyakinake
publik yen prodhuksi beras aman.
KEMBANG [kǝmbaŋ] {TKr}: Ber-~ [bǝrkǝmbaŋ] {TKr}: salah
sawijine klas tembung kriya sing nyatakake proses
ngasilake dadi akeh, rowa lah gedhe kang mungguh
ing sawijine bab; isu ksb wus ~ hebat.
KEMBAR [kəmbar] {TKh}: salah sawijine klas tembung
aran kang nuduhake wong loro sing laire bareng;
sawetara kaya pemilih ~ (gandha) lsp.
KEMONAH [kǝmɔnah] {TKr}: N~ [ŋǝmɔnah] {TKr.TPk}:
salah sawijine klas tembung kriya kang nuduhake
pakaryan ngreka murih; pemerentah wis ~ utang.
KENA [kɘnↄ] {TPg.TKa}: tembung panggawe sing
nyatakake katrangan marang sawijine kahanan sing
lagi salah; kita kudu ora ~ nyimpen rupiah.
KENA [kǝna] {TPg.TKr}: salah sawijine kelas tembung
panggawe jinis tembung katrangan kang nerangake
bab sing ora luput anggone namakake; malah ~
diarani babar pisan durung ana.
KENA [kənɔ] {TKh}: salah sawijine kelas tembung
panggawe jinis tembung katrangan kang nerangake

174
bab sing bisa digunakake; ora mung ~ kanggo
tilpun.
KENA [kɘnɔ] {TKr}: salah sawijine klas tembung kriya kang
nuduhahake kabisan;~ diarana tanpa beda dalan
Daendels jilid II.
KENAL [kənal] {TKr}: N-~ [ŋənal] {TKr}: salah sawijine klas
tembung kriya sing kalebu kriya tanduk kang
nyatakake ngerti, eling; wong sing ora ~ norma.
KENCANA [kǝncɔnɔ] {TAr}: salah sawijine klas tembung
aran kang nuduhake samubarang bokor saka emas;
bokor ~.
KENCENG [kǝncǝŋ] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nerangake bab wektu sanalika;
reregan barang utangan tetep luwih larang
dibandhing ~; N~ake [ŋəncəŋake] {TKr}: salah
sawijine klas tembung kriya kang nindakake nyiseti
bab samubarang; ~ sabuk.
KENDHALI [kənḍali] {TKr}: N~i [ŋənḍaleni] {TKr}: salah
sawijine tembung kriya jinis tembung pakaryan kang
nuduhake proses kang ana watese sajrone
samubarang; narapidana ~bisnis narkoba; ter- ~
[tɘrkɘnḍali] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan sing nyatakake sawijine kedadeyan kang
asipat aman ; Inflasi ~.

175
KENDHARAAN [kənḍaraan] {TAr}: tembung aran sing
nyatakake barang mawujud kang arupa
tetunggangan; parkir ~.
KEPALA [kəpɔlɔ] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
jinis tembung sesulih kang nuduhake jabatan utawa
kalungguhan salah sawijine pawongan ing
pakaryane; ~ BNN.
KEPARA [kəpɔrɔ]{TPg}: salah sawijine klas tembung
panggawe sing nyatakake katrangan kang
nuduhake mula dhasar nyata; ~ arep madulake
tumindake petugas.
KEPLAS [kəplas] {TPg}: Sa-~-an [saɁkəplasan] {TPg.TKa}:
salah sawijine klas tembung panggawe jinis
katrangan sing nerangake kateranganing laku
ndelok sawijining bab kanthi wektu sedhela; yen ~
katon salumrah wae.
KEPLOK [kɘplɔ?]{TKr}: salah sawijine klas tembung kriya
kang nuduhake obahing tangan; ora mung melu ~.
KEPLOK TANPA TOMBOK [kəplᴐɁ tanpᴐ tᴐmbᴐɁ] {Prb}:
salah sawijine paribasan kang nduweni teges melu
bungah-bungah ora melu cucul ragad; pasang
pariwara entuk ~.

176
KEPRIYE [kəpriye] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
sing kalebu jinis tembung pitakon kanggo nakokake
kahanan; ~ Indonesia?.
KEPRIYE [kəpriye] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
sing nyatakake pronomina kang awujud pitakon bab
tumindak lan cara; ~ wae, hoaks tetep hoaks.
KERABAT [kərabat] {TAr}: ~-e[kərabate] {TAr}: salah
sawijine klas tembung aran kang nuduhake isih
sedulure; duweke pelapor sing isih ~.
KERAS [kəras] {TKh} : salah sawijine klas tembung
kahanan sing nyatakake samubarang kang arupa
usaha kanthi semangat; kerja ~.
KEREP [kǝrǝp] {TKh}: salah sawijne klas tembung kahanan
kang nuduhake tumindak kang ditindakake rangked
banget; ~ dadi bebaya.
KERJA [kərjɔ] {TKr}: salah sawijine tembung kriya jinis
tembung pakaryan kang nuduhake nglakokake
penggawean kanthi tujuwan oleh
bayaran;ngetrepake budaya ~ KPK ing BNN; ~(i)~
[kinərjɔ] {Tkr} : salah sawijine klas tembung kriya
sing nyatakake gaji saka pakaryan kang ditindakake
dening manungsa utawa bantuan asuransi saka
papan panggenan kerja; ~ kinerja 5,29 T.

177
KERJA KERAS [kɘrja kɘras] {TKr.TPk}: salah sawijine klas
tembung kriya sing nyatakake pakaryan tandukkang
kang nuduhake nglakoni pakaryan amrih kahanan
bisa luwih apik; pemerintah wis ~ ngawekani
amblege rupiah.
KERTAS [kərtas]{TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake wujude medhia tulis; reregan ~.
KERTU [kɘrtu]{TAr}: salah sawijine klas tembung aran kang
nuduhake barang saka kertas;minangka
pralambang ~ kuning.
KESAN [kəsan] {TAr}: ~-e [kəsane] {TAr}: salah sawijine
klas tembung aran kang nuduhake apa kang kapikir
sawise ndeleng utawa krungu samubarang; ~ para
bandar,hukum ing Indonesia “bisa dituku”.
KETARA [kǝtɔrɔ]{TKh}: salah sawijine tembung kahanan
kang nerangake pakaryan kang katon nyata;
pancen ~ luwih kreatif.
KETENTUAN [kətəntuan] {TAr}: salah sawijne klas
tembung aran kang isine aturan; rega gabah
kedhongkrak ~ fleksibilitas rega pembelian dening
Bulog.
KETHUL [kəṭul] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nuduhake ora landhep, gabluk,

178
tumrap gegaman; ~landhep dhengkul ngadhepi
wong sing nduwenikuwasa.
KETIGA [kǝtigɔ] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
jinis sesulih aku lan kowe kang nyulihi wong katelu;
Banjir lan tanah longsor tansah nekani nalika
mangsa ~ dawa.
KETOK [kɛtↄ?] {TKh}: N-~-ake [ƞɛtↄ?ake] {TKr.TPr}:
tembung kriya sing nyatakake proses kang
nuduhake tumindak metune dhuwit saka kas
negara; neraca transaksi luwih akeh ~ dollar.
KETUA [kɘtuɔ]{TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang ateges dadi pamimpin ~ Badan Eksekutif
Mahasiswa Universitas Indonesia (BEM UI).
KETUM [kǝtum] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang dicekak, tujuwane kanggo nuduhake jenenge
jabatan sajrone pamarintahan; ~ Prabowo Subianto.
KEWAN [kewan] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nerangake salah siji jinis makluk urip reriptane
sing Maha Kuwasa; ngurbanake (nyembeleh) ~.
KHARAM [kharam] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan sing nuduhake kahanan ora kena dilakoni
amarga nerak angger-anggering agama (Islam);
sing nampa dhuwitmau ugakalebu tumindak dudu
sing uga ~.

179
KISRUH [kIsrUh] {TKh}: kekisruhan [kεkisrUhan] {TKh}:
salah sawijine klas tembung kahanan kang
nuduhahake wis ora karuwan; dimen regane
terkendhali ~.
KITA [kitɔ] {TAr.TSe}: salah sawijine klas tembung aran jinis
tembung sesulih kanggo aku lan kowe utawa kang
nyulihi wong katelu; ~ kaya ora ana.
KIWA [kiwɔ]{TPg, TKa}: salah sawijine klas tembung
panggawe jinis tembung katrangan kang nuduhake
sisih; urip bebrayan karo ~ tengen; sa- ~ [sakiwͻ]
{TKh}: salah sawijine klas tembung kahanan kang
dumunung ing sakupenge; lingkungan ~ tengene.
KLAKON [klakↄn]{TKr,TPk}: salah sawijine klas tembung
kriya kang nuduhakepakaryan kang wis
tumindak;Ing tanggal 17 Agustus 1945 kita ~.
KLAWAN [klawan]{TPg}:tembung panggawe sing
nyatakake panggandheng kang nuduhake
bebarengan anggonenindakake; kompak ~ kanca
guru.
KLELER [klɛlɛr] {TKr}: ~an [klɛlɛran] {TKh}: salah sawijine
klas tembung kahanan kang nuduhake kahanan
kang ora kaurus; ora bakal ~ .

180
KLERU [klɛru]{TKh}: salah sawijine klas tembung kahanan
kang nuduhake samubarang kang ora bener;
pancen ya jenenge sinau kala-kala bisa ~.
KLICKBAIT [klikbait] {TAr}: salah sawijine klas tembung
aran mujudake tetembungan peyoratif kang nuju
marang konten web sing kalungguhane kanggo
ngentukake dhuwit saka iklan dharing, utamane
kanthi ngorbanake kualitas utawa akurasi, kanthi
gumantung marang warta sensasional utawa
gambar mini sing narik kawigatene mripat supaya
ngundang lan ndadekake pawongan nge-klik konten
kasebut; tundhone mung ~.
KLIK [klik] {TAr}: 1. di-~ [diklik] {TKr}: salah sawijine klas
tembung kriya jinis pakaryan tanggap sing
mujudake kagiyatan mithet tombol; kanthi ~ dening
warganet; 2. N-~ [ŋəklik] {TKr}: salah sawijine klas
tembung kriya jinis pakaryan tanduk sing mujudake
tumindak mithet lan ngeculke tombol ing mouse
utawa touchpad; ora susah ~ pawartane.
KLIRU [klIru] {TKh}: salah sawijine klas tembung kahanan
kang nuduhake tumindak salah, orabener; sing ~
dadi bener.
KLOMPOK [klɔmpɔk]{TKh}: ~-~ [klɔmpɔk-klɔmpɔk] {TKh}:
salah sawijine tembung kahanan kang nerangake

181
anane gumbulan pawongan kang luwih saka siji; ~
anyar.
KLUMPUK [klumpU?] {TKh}: Ng-~-ake [ŋlumpu?ake]
{TKr.TPk}: salah sawijine tembung kriya jinis
tembung pakaryan kang nindakake pakaryan
nyimpen samubarang; seneng ~ dhuwit.
KOBER [kɔbər] {TKr}: salah sawijine klas tembung kriya
sing nyatakake pakaryan kang nuduhake wektu
utawa peluang dianggo nindakake pakaryan;~
njedhul maneh pawarta bab penganiayaan.
KOBONG [kɔbɔɳ] {TKh}: ~-an [kɔbɔɳan] {TAr}: salah
sawijine klas tembung aran kanggo nggambarake
panggonan utawa samubarang kang kobong; ~
alas.
KODAL [kodal]{TKh}:tembung kahanan sing nyatakake
kahanan kang ora tumama utawa ora ndayani apa-
apa; ora ~.
KOK [kɔk]{TPg}: salah sawijine tembung panggawe sing
nyethakake tembung panguwuh kang negesake
swasana kang ora percaya; kanthi beya sethithik ~
bisa dadi filem sing apik.
KOK [kᴐɁ] {TPg.TPu}: salah sawijine klas tembung
panggawe jinis panguwuh sing mujudake katrangan

182
nelakake kosokbalen; irah-irahane waaah ~ bareng
diwaca isine wooo...!
KOLEKTIF [kolɛktif] {TAr}: salah sawijine klas tembung
aran sing nuduhake cara yaiku kanthi bebarengan;
peserta dana ~ BPJS.
KOMEDI [komɛdi]{TKh}: salah sawijine tembung kahanan
kang nerangake filem kang nduweni unsur ndhagel;
filem ~ ana siji sing payu.
KOMENTAR [komɛntar] {TKr}: salah sawijine klas tembung
kriya jinis pakaryan tanduk sing mujudake tumindak
urun rembug utawa nyaruwe; ana papan kanggo
aweh ~; 1. N-~-i [ŋomɛntari] {TKr}: salah sawijine
klas tembung kriya jinis pakaryan tanduk sing
mujudake tumindak menehi komentar utawa ngulas;
ana sing ~ isine pawarta; 2. ~-e [kᴐmɛntare] {TAr}:
salah sawijine klas tembung aran sing mujudake
aran saka ulasan utawa panyaruwe pawarta; mung
kanthi maca ~...
KOMISI [kɔmisi] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kanggo nerangake bayaran dhuwik utawa
presentase tertamtu kang diolehi saka jasa kang wis
diwenehake jroning dol tinuku; kepala dhaerah oleh
~ 10%.

183
KOMITE [komitǝ] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
jinis tembng sesulih kang nduweni titikan bebadan
ing sawijine pakumpulan utawa panitya;Presiden ~
Olimpiade Internasional Thomas Bach sing paring
pangalembana.
KOMODITAS [komoditas] {TAr}: salah sawijine klas
tembung aran sing nuduhake barang dagang kang
arep diadol ing luar negeri; nganti musibah bencana
alam wae didadekake ~ kanggo ngegarake hoaks.
KOMPAK [kompa?]{TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan sing nyatakake kahanan kang bisa nyawiji;
~ klawan kanca guru.
KOMPETISI [kɔmpǝtisi] {TAr}: salah siji klas tembung aran
kang nuduhake kegiyatan kang isine nandhingake
saperangan bab ing kegiyatan kasebut; ~ Olah
Raga sa-Asia.
KOMPLEKS [kɔmplɛks] {TAr}: salah sawijine klas tembung
aran kang nuduhake aran perangan saka klompok
kang luwih jembar; ~ arena Asian Games.
KOMPONEN [Kↄmpↄnɜn] {TAr}: salah sawijine klas
tembung aran awujud bahan sumber pangan utama;
beras isih dadi ~ utama.
KOMUNIKASI [kɔmunikasi]{TAr}: salah sawijine klas
tembung aran sing nyatakake barang ora mawujud

184
kang nuduhake sesambungan antarane pawongan
siji lan liyane; srana ~ wis canggih.
KOMUNITAS [kɔmunitas] {TAr}: salah sawijine klas
tembung aran kang nuduhake grombolan wong
kang nduweni seserepan, kesenengan, lan bab
liyane kang padha; minangka anggota ~ global.
KONANGAN [konaŋan] {TKr}: salah sawijine klas tembung
kriya jinis tanggap sing mujudake tumindak wis
meruhi sawijine bab; para warganet wis bisa ~ kaya
ngapa isine pawarta.
KONDENSAT [kondɜnsat] {TAr}: salah sawijine klas
tembung aran kang nuduhake banyu asilsulingan;
Honggo minangka tersangka kasus korupsi
penjualan ~.
KONDHISI [kɔndisi] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake kahanan sakupengane; yen perang
dagang wis ngarah marang ~.
KONGKON [kͻŋkͻn] {TKr}: N-~ [ŋͻŋkͻn] {TKr.Ps}: salah
sawijine klas tembung kriya jinis proses kang ngutus
pawongan kanggo nglakokake sawijine bab;
nanging sing ~ mau jebule ora lengganan.
KONO [kono] {TAr, TSes}: salah sawijine klas tembung
aran jinis tembung sesulih kang nyulihi panggonan
kang rada adoh prenahe; ing ~ kita lagi krasa yen

185
kasarasan iku pancen larang regane; N-~ [ŋono]
{TAr.TSe}: salah sawijine klas tembung aran jinis
tembung sesulih kang nyulihi samubarang kaya iku;
~ barange langka.
KONSEP [kɔnsɛp] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
sing dadi dhasare nindakake utawa samubarang; ~
dana kasarasan saka rokok.
KONSISTEN [kɔnsistɛn] {TKr}: ~-ne [konsistɛne] (TKh):
salah sawijine klas tembung kahanan kang
nuduhake kahanan ajeg ora maleh saka awale; ~
penegak hukum mbrantas korupsi.
KONSUMSI [kↄnsumsi] {T.Ar}: salah sawijine klas tembung
aran awujud panganan; cadhangan beras saora-
orane kudu cukup kanggo ~ telung.
KONSUMSI [kↄnsumsi] {TAr}: tembung aran sing nuduhake
jenenge barang sing katon; pengurangan impor
barang ~ kaya mobil mewah lsp.
KONTRA [kɔntra] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nuduhake ora kawujude
KONTROVERSI [kontrovɛrsi] {TAr}: ~-ial [kontrovɛrsiyal]
{TKh}: salah sawijine klas tembung kahanan sing
nuduhake kahanan kang nduweni sipat kontroversi;
pangandikane tokoh sing ~.

186
KONYOL [kɔñɔl] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan sing nyatakake adjektiva nuduhake sipat
kang rada edan, ora migunani; sandiwara ~ Ratna
Sarumpaet.
KORBAN [kɔrban]{TAr}: salah sawijine klas tembung aran
sing nyatakake sesulih wong kang lagi nyandhang
perkara amarga ana sing njalari; ora dadi ~.
KOREA [korea] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake jenenge negara; lan ~ Selatan (49
medali emas).
KOREKSI [korɛgsi] {TAr}: N-~ [ŋorɛgsi] {TKr. TPk}: salah
sawijine klas tembung kriya sing nyatakake
pakaryan kanggo ndandani bab sing durung bener;
nanging beras semono mau ora cukup kanggo ~
kegagalan pasar.
KORUPSI [kɔrUpsi] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake tumindak ala amarga nilep dhuwite
liyan, negara, pakumpulan lsp;~ uga saya kabukak.
KORUPTOR [kɔruptɔr] {TAr.TSe}: salah sawijine klas
tembung aran sing nyatakake sesulih kanggo wong
sing korupsi; penegak hukum krasa murah hati
banget marang ~.

187
KOTHONG [kↄthↄŋ] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nerangake samubarang sing ora ana
isine; kanggo ngisi stok sing ~.
KPK [kapeka] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran kang
dicekak kanggo nuduhake lembaga negara kang
nduweni tugas mbrantas tumindak korupsi ing
Indonesia; Kandhidhat sing dibekuk ~.
KPU [k-p-u] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran kang
dicekak kanggo nuduhake lembaga negara kang
nduweni tugas nganakake pamilihan umum ing
Indonesia; biaya sing iki klebu kategori resmi awit
dilapurake marang ~.
KRAMA [krɔmɔ] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
sing nuduhake pratingkah, tata pranata kang
diduweni wong Jawa; omong dora utawa apus ~.
KRASA [krↄsↄ] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan sing nuduhake tumindak peka marang
sawijine kahanan; ora sepira ~.
KREASI [krɛasi]{TKr}: ~-ne [krɛasine] {TAr}: salah sawijine
tembung aran kang nerangake asil pamikire
pawongan; asil ~-netim saka Sekolah Vokasi
Universitas Gadjah Mada.
KREDHIT [krɛḍIt] {TKh}: Di-~-ake [dikrɛḍitake] {TKr}: salah
sawijine klas tembung kriya kang nuduhake carane

188
tuku; barang apa wae sing ~ regane dadi luwih
dhuwur.
KRETEG [krətəg] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake papan kang dipejakake kanggo liwat
uga nggubunganke panggonan siji lan liyane; ~
Suramadu.
KRINGET [kriηǝt] {TAr}: ~-e [kriηǝte] TAr}: salah siji klas
tembung aran kang nuduhake cairan kang metu
saka pori-pori sajrone kulit; ~ para atlet.
KRISIS [krisIs] {TKh}: salah sawijine klas tembung kahanan
kang nuduhake bab kang ndrawasi lan nguwatiri;
negara iki wis mancik ing ~ ekonomi.
KRISMON [krismↄn] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan sing nuduhake kahanan krisis keuangan
sawijine negara; kahanan taun iki beda banget karo
nalika ~.
KRITIG [kritig] {TAr}: ~-an [kritigan] {TKr.TPk}: salah
sawijine klas tembung kriya kang nuduhake
pakaryan menehi panyaruwe marang samubarang;
dadi bahan ~.
KRITIK [kritik] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran kang
nuduhake wujud paring pamrayoga tumrap wong
liya kang ngandharake kekurangan utawa alane
saperangan bab; nampa ~ lan panyaruwe; di~

189
[dikritIk] {TKr}: salah sawijine klas tembung kriya
kang nuduhake pakaryan menehi panyaruwe
marang sawijine bab; sing perlu ~ sing
membangun.
KRITIS [kritis] {TKh}: salah sawijine klas tembung kahanan
kang nuduhake wektu sing wigati; titik ~ cadhangan
beras kedadeyan saben 31 Desember.
KROPOS [krͻpͻs]{TKh}: slah sawijine klas tembung
kahanan kang nerangake kahanan sing wis ora
wutuh maneh; surat kabare ~.
KUDU [kudu] {TKh}: salah sawijine klas tembung
panggawe jinis tembung katrangan kang nerangake
bab kang wajib ditindakake utawa dilakoni; ~
dibayar saben taun; ~-ne [kudune] {TKr}: salah
sawijine klas tembung kirya sing nyatakake
tumindak kang wajib lan samesthine dilakoni;
bencana sing ~ dadi momentum sakabehing warga
kanggo bebarengan malah dienggo dolanan.
KUKUH [kukUh] {TKr}: N-~-ake [ηukuhake] {TKr.TPr}: salah
sawijinei klas tembung aran jinis tembung proses
kang nuduhake proses pangakon marang
saperangan bab kanthi resmi; Indonesia saya nyata
~ dhiri.

190
KUKUT [kukUt]{TKr.TPr}: salah sawijine klas tembung kriya
jinis tembung pakaryan kang mbubrah-mbubrahi
samubarang; kepeksa ~; ~-ing [kukutIŋ]{TKh}: salah
sawijine klas tembung kahanan kang nerangake
suwene wektu nganti pungkasan; nganti ~ jaman.
KULAWARGA [kulɔwargɔ] {TAr}: salah sawijine klas
tembung aran jinis tembung aran kang nerangake
bab golngan sajrone sanak seduluran; nemokake ~;
~-ne [kulᴐwargane] {TAr}: salah sawijine klas
tembung aran sing mujudake aran saka ibuk lan
bapak sarta anak-anake; ya dheweke, ya ~.
KULINA [kulinɔ] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nerangake bab kang kerep
ditindakake utawa dilakoni uga;~ urip kanthi owah-
owahan sing cepet; 1. Pa-~-n [pakulinan] {TKh}:
salah sawijine klas tembung kriya jinise tembung
kahanan sing nyatakake pakulinan utawa
kabiyasaan kang ditindakake saben dina; ~
ngebut;2. di-~-ake [dikulina?ake] {TKr.TPk}: salah
sawijine klas tembung kriya jinis tembung pakaryan
kang nuduhake pakaryan dibaleni nganti dadi
manuh; saben dina ~ basa Jawa.
KULIT [kulIt]{TAr}:Pa-~-ane [pakulitane]{TAr}: salah
sawijine klas tembung aran sing nyatakake sesulih

191
kang nyulihi rupane utawa wernane kulit ; awake
lencir ~ kuning.
KULIYAH [kuliyah]{TKr}: salah sawijine kelas tembung kriya
kang nuduhake kagiyatan sinau; nyecep elmu
nganti tekan ~.
KUMPUL [kumpUl] {TKr}: salah sawijine klas tembung kriya
kang nuduhahake tunggal dadi siji;mudhik ~
sedulur;1. di-~-ake [dikumpulake] {TKr}: salah
sawijine klas tembung kriya jinis tembung pakaryan
kang nuduhake pakaryan kanthi tujuwan nglumpuk,
nunggal dadi siji; bisa uga ~ banjur dikirim; 2. N-~-
ake [ɳumpulake] {TKr}: salah sawijine klas tembung
kriya jinis tembung pakaryan kang nuduhake
pakaryan kanthi tujuwan nglumpuk, nunggal dadi
sisji; ngalor ngidul ~ prabeya.
KUNCI [kunci]{TAr}: kuncine [kuncine] {TAr}: salah sawijine
kelas tembung aran kang nuduhake titkan; ~ yaiku
nuwuhake rasa kamanungsan.
KUNING [kunIŋ] {TAr}: salah sawijine jinis tembung aran
kang nuduhake jinise werna; lampu ~.
KUNJARA [kunjɔrɔ] {TAr}: pa-~-an[pakunjaran] {TAr}: salah
sawijine klas tembung aran kang nuduhake
panggonan kanggo wong kang lagi nindhakake
ukuman pidana;mlebu ~.

192
KUPENG [kupǝŋ] {TPg}: Sa-~-e [saʔkupǝŋe] {TPg}: salah
sawijine klas tembung panggawe jinis tembung
katrangan kang nuduhake papankedadeyan
perkara; ing Palu, Donggala, Sigi lan sa-~-e.
KUPIYA [kupiyɔ]{Tar}: salah sawijine kelas tembung aran
kang nuduhake gendhul; ~ golek mina.
KURANG [kuraɳ] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nuduhake kahanan kang durung
cukup; sih ~ banget; 1. ke~ane [kǝkuraŋanɛ] {TKh}:
salah sawijine klas tembung kahanan kang
nuduhake kahanan kang dadi sumber ora
cukupe;ndandani ~; 2. ke-~-an [kǝkuraŋan] {TKh}:
salah sawijine klas tembung kahanan kang
nuduhake kahanan kang durung cukup; ~ dana; 3.
~-e [kuraɳe] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nuduhake kekurangan saka
samubarang; kita sadhar yen ~ infrastruktur dadi
sebab endheke daya saing.
KURAS [kuras] {TKh}: ke-~ [kəkuras] {TKh}: salah sawijine
klas tembung kahanan kang nerangake bab sing
isine wis meh entek jalaran bab tartamtu; ~ nalika
paceklik.
KURBAN [kurban] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
sing nyatakake wong, kewan kang sengsara

193
amarga musibah utawa tumindak durjana; berjuang
mengevakuasi ~; ~-e [kUrbane] {TAr}: salah sawijine
kelas tembung aran kang dadi tumbal saka
panguwase jaman sing ora bener; nylametaké
warga masyarakat sing ketaman bencana saéngga
bisa ndadèkaké gunggung ~ sakcilik-ciliké.
KURS [kurs] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran sing
nuduhake mata uang sawijine negara kang
dinyatakake kanthi nilai mata uang negara liya; ~
rupiah.
KURUN [kurun] {TAr.TWi}: salah sawijine klastembung
kang aran jinis wilangan kang nuduhake jumlahe
mangsa; ing ~ wektu 2004 – 2017.
KUTHA [kuṭɔ] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
nuduhake dhaerah kang rame gumebyar; adoh
saka gebyaring ~; ~-~ [kuṭɔ- kuṭɔ] {TAr}:salah
sawijine klas tembung aran kang nuduhahake
panggonan;mudhik saka ~ gedhe.
KUWASA [kuwↄsↄ]{TKh}:salah sawijine klas tembung
kahanan kang nuduhake kewenangan; tegese ~ iku;
ke-~-an [kǝkuwasaan] {TKh}:salah sawijine klas
tembung kahanan kang nuduhake apa sing dadi
kewenangan;loyalitas marang kepentingan pribadi
lan ~.

194
KUWAT [kuwat] {TKh}: Ka-~-an [kakuwatan] {TAr}: Salah
sawijine klas tembung aran kang nuduhake daya
kang gedhe; Sateruse kita mbangun negara kanthi
~ kita dhewe tanpa sanggan bunga lan cicilan
utang.
KUWAT [kuwat] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nuduhake kadadeyan kang bisa
ditindakake; posisi Jokowi sing saya~; 1.
~awa[kuwↄwↄ] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nuduhake kadadeyan; Indonesia ~
nggelar multi ajang olah raga internasional; 2. ke-~-
ne [kǝkuwatane] {TAr}: salah sawijine kelas
tembung aran kang nuduhake daya kang gedhe; ~
ngedab-edabi; 3. Ka-~-an [kakuwatan] {TAr}: salah
sawijine klas tembung aran kang nuduhake daya
kang gedhe; mbangun negara kanthi ~ kita dhewe.
KUWAWA [kuwɔwɔ] {TKh}: salah swijine klas tembung
kahanan kang nuduhake kahanan kang bisa kelar;
guru-guru jaman semana umume ~ nenangi.
KUWI [kuwi] {TAr.TSe}: salah sawijine klas tembung aran
jinis tembung sesulih kang nuduhake panuduh
mratelakake barang sing rada adoh utawa
nuduhake sawijining bab kang wis dikandhakake;
wektu ~; ya-~ [yͻkuwi] {TPg.TKa}: salah sawijine

195
klas tembung panggawe jinis tembung katrangan
kang nuduhake tembung kanggo mretelakake
teges; generasi anyar ~.

196
L
LABEL [labǝl] {TAr}: salah sawijine tembung aran kang
negesi rasa nduweni samubarang; filem-filem
gaweyan ~ nasional tambah akeh.
LABUH LABETE [labUh labəte] {TKr. TPk}: salah sawijine
klas tembung kriya jinis tembung pakaryan kang
gawe jasa krana melu nandhang lara laoa;
pelanggan PS mujudake paraga-paraga sing ~
marang basa Jawa; Pa-~-an [pǝlabuhan] {TAr}:
salah sawijine klas tembung aran kang nuduhake
papane kapal bali lan mangkat; durung kalebu
infrastruktur liyane kaya ~.
LAGI [lagi] {TKr}: salah sawijine klas tembung panggawe
jinis tembung katrangan kang nerangake ndedheng-
nedhenge tumandang; bencana, uwis, ~ lan bakal
terus ngenani Indonesia.
LAIR [laIr] {TKr}:salah sawijine klas tembung panggawe
kang nuduhake wektu wetone bayi; Generasi iku ~
sakiwa tengene 1980-an;ke-~-ane [kǝlairane] {TAr}:
salah sawijine klas tembung aran sing nuduhake
proses lair; ~ (2014) sistem tanggung renteng
pancen durung lumaku rancag.
LAKU [laku] {TAr}: salah sawijine klas tembung kriya sing
nyatakake tumindak kang ana ing dalan; peri ~

197
pengendhara; 1. Di-~-i [dilakoni] {TKr.TPk}: salah
sawijine klas tembung kriya jinis pakaryan tanggap
ngleksanakake bab lelampahan; politik ~ kanthi
prinsip ekonomi; 2. ke-~-e [kəlakͻne] {TAr}: salah
sawijine klas tembung aran kanggo nuduhake
tumindhak; temtu wae dicundhukake klawan nut
jaman ~;3. ke-~-n [kɘlakↄn] {TKh}: salah sawijine
klas tembung kahanan sing nuduhake sawijine
prekara kang wis arep kasil mawujud; ~ nyeret nilai
rupiah nganti nyedhaki 15.000 per US dollar; 4. ~-
um- [lumaku] {TKr}: salah sawijine klas tembung
kriya sing nuduhake pakaryan laku utawa pindhah
saka papan asale nggunakake sarana sikil; a
durung ~ rancag; 5. Pe-~-ne [pǝlakune] {TAr}: salah
sawijine klas tembung aran sing nuduhake
pawongan kang nindakake sawijiene tumindak; ~
kudu ditindak secara hukum; 6. Um-~-ne [lumakune]
{TKr}: salah sawijine klas tembung kriya jinis
pakaryan tanduk sing mujudake tumindak mlaku;
kanggo ~; 7. um-~-ing [lumakunIŋ] {TAr}: salah
sawijine klas tembung aran kanggo nuduhake
tumindhak; pilar paling wigati sing nyangga ~ surat
kaba.; 8. N-~ [mlaku] {TKr.TPk}: salah sawijine klas
tembung kriya jinis pakaryan kang napakake sikil

198
maju; PS ora bisa ~ ijen; 9. ~-ne [lakune]{TAr}: salah
sawijine tembung aran kanggo nuduhake tumindak;
olah ~ pemain; 10. Pe-~ [pǝlakɔn] {TAr}: salah
sawijine tembung aran kang nerangake wong kang
nglakoni pakaryan; ~ utawa aktor lan aktrise uga
wis mumpuni; 11. N-~-i [ŋlakɔni] {TAr}: salah
sawijine klas tembung aran jinis tembung sesulih
wong kang wong kang dicritakake (pertama-
purusa); pendhidhikan iku kanggo sangune ~ urip.
LALI [lali] {TKh}: salah sawijine klas tembung kahanan
kang nuduhake kahanan wong kang ora kelingan;
ora kena ~.
LALU [lalu] {TAr} : salah sawijine klas tembung aran sing
nyatakake tatacara tata tertib kang ana ing
dalan;managemen ~ lintas thok.
LALU LINTAS [lalu lintas] {TAr}: salah sawijine klas
tembung aran kang ana ing dalan digunakake
aturan; ~ mudhik.
LAMAR [lamar] {TKr}: N-~ [ŋlamar] {TKr.TPk}: salah
sawijine klas tembung kriya jinis pakaryan kang
njaluk sawijine penggaweyan; parpol sing kudune ~
lan ngragadi para calon.

199
LAMBANG [lambaŋ] {TAr}: salah sawijine klas tembung
aran kang nuduhake gegambarane samubarang;
basa lan ~ negara.
LAMBANG [pralambaŋ] {TAr}: pra-~ [pralambaŋ] {TAr}:
salah sawijine klas tembung aran kang
nerangake sawijine tetengeran tumrap sawijine bab;
minangka ~ kertu kuning, marang Presiden RI
nalika sambang menyang kampuse.
LAMPU [lampu] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuwuhake cahya utawa samubarang kang
sumunar; ~ kuning.
LAMUN [lamUn] {TPg}:tembung panggawe sing nyatakake
panggandheng kang nggandhengi wektu, anane
janggelan, nggandhengi bab kang ora sajajar lan
nuduhake pepindhan, lsp; ya tangeh ~ bakale
seleh.
LAN [lan] {TPg.TPd}: salah sawijine klas tembung
panggawe sing nyatakake panggandheng kang
nggandengake bab kang sajajar; kasus Mbah
Saulina ~ Honggo Wendrato.
LANCAR [lancar] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nuduhahake banter, rikat;lalu-lintas
mudhik ~; N-~-ake [ŋlancarake] {TKr.TPk}: salah
sawijine klas tembung kriya sing nyatakake

200
pakaryan tanduk kang nuduhake pakaryan
gampang lakune,mulus ora ana pakewuh alangan
apa-apa; dhuwit kanggo ~.
LANDA [lɔndɔ] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhahake salah sawijine nagara;aja kalah
karo ~.
LANDHEP [lanḍəp] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nuduhake kahanan tajem, ora kethul;
pedhang hukum ~ banget.
LANGGAN [laŋgan] {TKr}: 1. ~-an [ləŋganan]{TAr}: salah
sawijine klas tembung aran kang nerangake wong
sing ajeg tuku ing sawijine bakul; ~ udayana abasa
Jawa; 2. pe-~ [pəlaŋgan]{TAr.TSe}: salah sawijine
klas tembung aran jinis tembung sesulih kang
nyulihi wong sing ajeg tuku ing sawijine bakul; ~
sing pamit mundur;3. pe-~-e [pəlaŋgane]{TAr}: salah
sawijine klas tembung aran kang nerangake wong
sing ajeg tuku ing sawijine bakul; para ~.
LANGIT [laŋIt] {TAr}: salah sawijie klas tembung aran kang
nuduhake ukuran panggonan paling dhuwur;
sundhul ~; Sa-~ [salaŋIt] {TAr.TWi}: salah sawijine
klas tembung aran jinis wilangan nyatakake jumlah
paling akeh lan gedhe; kudu nyedhiakake dhuwit ~.

201
LANGKA [lɔŋkɔ]{TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nerangake kahanan kang arang
anane; Wis ngono barange ~.
LANGKAH [laŋkah] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kanthi njangkah utawa ngungkuli bab-bab
sadurunge kang wis ana; nata ~.
LANGSUNG [laƞsuƞ] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nuduhake samubarang terus tanpa
lantaran; secara ~; ber-~ [berlangsuŋ] {TKr}: salah
sawijine klas tembung kriya kang nuduhake
tumindak kang lagi dilakoni; proses Pilkada isih ~.
LANTAR [lantar]{TKr}:1.~-um [lumantar]{TKr. TKh}: salah
sawijine klas tembung kriya sing nyatakake kahanan
kang nuduhake sawijine cara kang njalari bisa
kaleksanan sedyane; kepara melu cluluk, ~drijine;
2.~-an [lantaran]{TKr. TKh}: salah sawijine klas
tembung kriya sing nyatakake kahanan kang
nuduhake sawijine cara kang njalari bisa
kaleksanan sedyane; salah sijine ~ medhia sosial.
LAPANG [lapaŋ] {TAr}: ~-an [lapaŋan] {TAr}: salah sawijine
klas tembung aran sing nyatakake papan jembar
kang biyasane dianggo bal-balan; kakung putri
tindak menyang masjid utawa ~, sholat Ied
berjamaah.

202
LAPUR [lapUr] {TKr}: di-~-ake [dilapUrake] {TKr}: salah
sawijine klas tembung kriya sing nyatakake
pakaryan kang nuduhake tumindak bela bebener
kanthi kandha utawa medharake kang sanyatane;
dana kampanye ~ ± 50 M nganti 60 M.
LARA [lↄrↄ] {TKh}: salah sawijine klas tembung kahanan
kang nuduhake kahanan ora sehat; kita nandang
pacoban kanti nandhang ~; le-~ [lɘlↄrↄ] {TAr}: salah
sawijine klas tembung aran kang nuduhake apa wae
sing njalari lara; pancen ora beda karo menungsa,
yen ~ gampang tekane.
LARANG [laraŋ] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nuduhake kahanan ora murah; isih ~
regane; ~-an [laraŋan] {TAr}: salah sawijine klas
tembung aran kang nuduhake prentah utawa aturan
kang ora kena ditindakake; pantangan (ora kena, ~)
ngapusi.
LARAS [laras] {TKh}: salah sawijine klas tembung kahanan
kang nuduhake perkara kang padha, ora ana sing
owah; ~ karo UU No 24 / 2009; Se-~ [sǝlaras]
{TKh}: salah sawijine klas tembung kahanan kang
nuduhake kahanan kang bisa mlaku bebarengan;
bab iku ~ karo UU.

203
LARI [lari] {TKr}: pe-~-an [pəlarian] {TAr}: salah sawijine
klas tembung aran kang nuduhake tumindak kang
ora tanggung jawab; senajan statuse ~, Honggo
bisa nikmati urip kepenak.
LAWAN [lawan] {TAr}: le-~-an [ləlawan] {TAr}: salah
sawijine klas tembung aran kang nuduhake
walikane saka bab tartamtu; lan ora ~ karo ajaran
Islam.
LAWAS [lawas] {TPg. TKa}: salah sawijine klas tembung
panggawe sing nyatakake katrangan ngenani
kahanan kang lumaku suwi; bab mau wis ~ ngenani
perekonomian kita; 1. ~-e [lawasɛ] {TAr}: salah
sawiijine klas tembung aran kang nuduhake barang
kang wis tau dinggo liyane; ngliwati acara
tetandhingan ~ 8 dina; 2. sa-~-e [salawase] {TKh}:
salah sawijine klas tembung kriya sing kalebu jinis
tembung kahanan kanggo nuduhake wektu sing wis
suwe; saengga murid banjur gelem sinau ~ urip.
LAYAK [layak] {TKh}: salah sawijine klas tembung kahanan
kang nuduhake kahanane samubarang sing pantes;
~ investasi.
LEBU [ləbu] {TKr}: 1. N-~ [mləbu] {TKr. TPk}: salah sawijine
klas tembung kriya sing nyatakake pakaryan tanduk
kang nuduhake teka ing njero; sing ngrusak wit

204
duren nampa paukuman ~ bui; 2. ka-~ [kaləbu]
{TAr}: salah sawijine klas tembung aran kang
nuduhake samubarang kagolong sajrone babagan
tartamtu; sing nampa dhuwit mau uga ~ tumindak
dudu.
LEBUR [ləbUr] {TPg. TKa}: ~(um)~ [luməbUr] {TKh}: salah
sawijine klas tembung kahanan kang nuduhake
samubarang kang wis campur; ~ ing satengahing
masyarakat.
LEGISLATIF [lɛgistatif] {TAr}: salah sawijine klas tembung
aran kang nuduhake wewenang nggawe undhang-
undhang; kepala dhaerah lan anggota ~.
LEKSANA [ləgsɔnɔ] {TAr}: 1. di-~-ake [diləgsanaɁake]
{TKr}: salah sawijine klas tembung kriya jinis kang
nglakokake suwijine pakaryan; pilpres bakal ~ 17
April 2019; 2. N-~-ake [ηlǝgsanaɁake] {TKr}: salah
sawijine klas tembung kriya kang nuduhake
pakaryan kang nganakake saperangan pakaryan;
kita isih kasil ~ event internasional.
LEMBAGA [lembaga] {TAr. TSe}: salah sawijine klas
tembung aran sing nyatakake sesulih kanggo
instansi pamerintahan utawa swasta; ~ pemeringkat
utang Fitch Ratings.

205
LEMPENG [lԑmpԑŋ] {TAr}: salah sawijine klas tembung
aran kang nuduhake lapisan njaba saka bumi;
Indonesia kaapit telung ~ benua.
LENCIR [ləncIr] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
sing nyatakake sesulih kang nyulihi pawakan;
awake ~ pakulitane kuning.
LENDHUT [lǝnḍut] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nuduhake wong kang kebetheng ana
kahanan ora penak lan ala; pamimpin dhaerah
keblowok ing ~ korupsi.
LENTUR [ləntUr] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nuduhake kahanan ora kaku; hukum
krasa empuk banget lan ~ nganti kangelan
ngrangket koruptor.
LEPYA [lǝpyɔ] {TKh}: ka-~-an [kalǝpyan] {TKr}: salah
sawijine klas tembung aran kang nuduhake lalen
marang samubarang; aja ~ karo prestasi sing ana
nganti lali.
LESTARI [ləstari] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nuduhake ajeg, ora owah, isih kaya
wingi-wingi; kabeh mau mujudake pambudidaya
amrih PS ~.
LEVEL [lɛvəl] {TKh}: salah sawijine klas tembung kahanan
kang nuduhake tingkatan samubarang; wapres

206
Jusuf Kalla kanthi tegas ngandharake ing ~
Internasional; ~-e [lɛvəle] {TKh}: salah sawijine klas
tembung kahanan kang nuduhake trap-trapane
sawijine cara; Indonesia nggelar multi ajang
olahraga internasional sing ~ luwih dhuwit tinimbang
AG.
LHA [lha] {TPg. TPu}: salah sawijine klas tembung
panggawe sing nyatakake panguwuh kang
nuduhake kahanan kang lagi dumadi; ~ sing lagi
gayeng saiki migunakake smartphone.
LIBAT [libat] {TKr}: ter-~ [terlibat] {TKr. TKh}: salah sawijine
klas tembung kriya sing nyatakake kahanan kang
nuduhake pawongan melu klebu nglakokake
samubarang; utamane sing statuse incumbent ~
korupsi.
LIDHAH [liḍah] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake perangane awak sajrone tutuk
kanggo ndilat, ngecap, lan omong; silat ~ lan adu
argumentasi para ahli ukum.
LIMA [limↄ] {TAr. TWi}: salah sawijine klas tembung aran
sing nyatakake wilangan kang nuduhake
gunggunge barang; posisi ~ besar; ~-ng [limaƞ]
{TAr. TWi}: salah sawijine klas tembung aran sing

207
nyatakake wilangan kang nuduhake gungunge
samubarang wektu; upamane ~ taun kepungkur.
LINDHU [linḍu] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
sing nyatakake genjoting bumi kang disebabake
dayaning gunung mbledhos utawa oyake lapisan
bumi; ana ~ lan tsunami ing Palu-Donggala.
LINGKUNGAN [liŋkuŋan] {TAr}: salah sawijine klas
tembung aran kang nuduhake panggonan
sakupenge manungsa ing alam donya; ~ sakiwa
tengene.
LINTAS [lintas] {TAr} : salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake tatacara nalika ana ing dalan;
masalah infrastruktur lan managemen lalu ~.
LIRWA [lIrwɔ] {TAr}: N-~-ake [ŋlIrwaɁake] {TKr. TKh}: salah
sawijine klas tembung kriya sing nyatakake kahanan
kang nuduhake sipat lirwa; ~ rasa keadilan ing
masyarakat.
LISAN [lIsan] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran kang
nuduhake tuturan kang kocap; basa ~.
LITERASI [litərasi] {TKr. TPk}: salah sawijine klas tembung
kriya sing nyatakake pakaryan kang nuduhake
tumindak maca; budaya ~ generasi milenial
sangsaya luntur.

208
LIWAT [liwat] {TKr. TPk}: salah sawijine klas tembung kriya
sing nyatakake pakaryan tanduk kang nuduhake
tumindak nglakokake samubarang nggunakake
sawijining bab; ngiklan ~ dunia maya; N-~-i [ηliwati]
{TKr. TPk}: salah sawijine klas tembung kriya sing
nyatakake pakaryan kang nindakake laku utawa
ngambah papan tartamtu; ~ acara tetandhingan
lawase 8 dina.
LIYA [liyɔ] {TKh}: salah sawijine klas tembung kahanan
kang nuduhake kahanan kang beda; kita uga
nyathet kedadeyan ~ sing cengkah banget; 1. ~-ne
[liyane] {TPg. TKa}: salah sawijine klas tembung
panggawe sing nyatakake katrangan kang
nuduhake samubarang kang ora kalebu golongane;
ana maneh kasus ~ sing meh padha; 2. ~-an [liyan]
{TPg. TKa}: salah sawijine klas tembung panggawe
sing nyatakake katrangan kang nuduhake
pawongan liya; gumregah kepengin ngundhakake
kaprigelane ~.
LODHANG [loḍaŋ] {BT}: ka-~an [kaloḍaηan] {TKh}: salah
sawijine klas tembung kahanan kang nuduhake
kahanan ora ketungkul; Najwa mbukak ~ kanggo
pimpinan mahasiswa.

209
LOGIKA [logika] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake kawruh ngenani kaidah nggunakake
akal budi; cengkah karo ~ lan rasa keadilan.
LOGISTIK [lɔgistig] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake sandhang lan pangan; ~ pemerintah
ndrawasi.
LOKAL [lokal] {TPg. TKa}: salah sawijine klas tembung
panggawe sing nyethakake katrangan kang
nuduhake samubarang kang digawe ing dhaerahe
dhewe; filem gaweyan manca isih luwih akeh
digandrungi tinimbang film nasional, utawa ~.
LOKASI [lokasi] {TAr. TSe}: salah sawijine klas tembung
aran sing nyatakake sesulih kang nyulihi sawijine
papan; info panen ing sadhengah ~; A-~ [alokasi]
{TAr. TAa}: salah sawijine klas tembung aran sing
nyatakake ancer-ancer kang nuduhake dhana kang
dicepakake dening pamarentah; ~ anggaran bab iki
wis ditetepake APBD 2018.
LOMBOK [lɔmbɔɁ] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake papan panggonan kang ana ing
Indonesia sisih tengah; musibah ing Sulteng, ~ lsp.
LONCAT [loncat] {TKr}: ~-an [loncatan] {TKr. TPk}: salah
sawijine klas tembung kriya sing pakaryan kang
nuduhake ngungkuli bab kang wis ana; batu ~ ing

210
ajang sing luwih prestisius kayata Olimpiade Tokyo
(2020).
LONGSOR [lɔηsɔr] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake arane bencana arupa obah/gesere
lemah; bencana rutin kaya banjir bandhang,
kasatan, tanah ~, lsp.
LOR [lɔr] {TPg. TAa}: salah sawijine klas tembung
panggawe sing nyatakake ancer-ancer kang
nuduhake panuduhe sisih samubarang; Maluku ~
lan Papua; N-~ [ŋalɔr] {TKr. TPk}: salah sawijine
klas tembung kriya sing nyatakake pakaryan tanduk
kang nuduhake pakaryan mara ing arah lor; Mbah
Saulina wis cengkah ~ ngidul.
LORO [loro] {TAr. TWi}: salah sawijine klas tembung aran
sing nyatakake wilangan kang nuduhake jumlah;
siji, ~, disusul kancane; 1. le-~-ne [lelorone] {TAr}:
salah sawijine klas tembung aran sing nyatakake
wilangan kang nuduhake jumlah; keberhasilan
menteri ~ mau dibantu banget dening kehebatan
SMA; 2. ~ne [lorone] {TKh}: salah sawijine klas
tembung kahanan kang nuduhake cakupan
samubarang; barang sing dikredhitake nganti tikel ~
dibandhingake sing didol cash (kenceng).

211
LOROD [mlɔrɔd] {TKr}: ~-e [mlɔrɔde] {TKr}: salah sawijine
klas tembung kriya sing nyatakake proses kang
nuduhake prosese samubarang ngangsur mudhun
saka papan kang dhuwur; kasunyatan iku dadi
jalaran ~ pepayone buku.
LUCU [lucu] {TKh}: salah sawijine klas tembung kahanan
kang bisa ndadekake pawongan ngguyu; filem
komedi pancen ~.
LUHUR [luhUr] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nuduhake tingakatan paling dhuwur;
Najwa Sihab ngundang pucuk pimpinan mahasiswa
saka limang pawiyatan ~.
LULUS [lulUs] {TKr}: salah sawijine klas tembung kriya
kang nuduhake asil apik kang nyebabake lolos saka
pacoban; sawise umat Islam ~ saka
(pandhadharan) pindha jabang Tutuku mentas saka
kawah dradimuka.
LUMBA [lUmba] {TKr}: le-~-an [ləlUmban] {TKr. TPk}: salah
sawijine klas tembung kriya sing nyatakake
pakaryan tanggap tarung kang mujudake tumindak
dhisik-dhisikan anggone nggawe; padha ~ nggawe
irah-irahan.
LUMPAT [lUmpat] {TKr. TPk}: N-~ [mlUmpat] {TKr. TPk}:
salah sawijine klas tembung kriya kang nuduhake

212
pakaryan njangkah mencolot nglangkahi
samubarang; malah sok-sok bocah-bocah ~ marang
basa manca (Inggris).
LUMPUK [lumpUɁ] {TKr}: N-~-ake [ŋlumpUɁake] {TKr.
TPk}: salah sawijine kelas tembung kriya sing
nyatakake pakaryan kang nerangake pakaryan
ngimpun samubarang; ana sing ada-ada ~ buku-
buku apik.
LUMRAH [lumrah] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nuduhake ora nganeh-nganehi;
karan ~ yen sateruse isih bakal ana maneh kasus
liyane; 1. sa-~ [saɁlumrah] {TKh}: salah sawijine
klas tembung kahanan sing mujudake kahanan
saumume, wangune kebiyasakane kepriye; yen
sakeplasan katon ~ wae; 2. ~-e [lumrahe] {TKh}:
salah sawijine klas tembung kahanan kang
nuduhake kahanan ora nganeh-nganehi; ~, bocah
uga nom-noman isih dawa dalan uripe sing kudu
dipecaki.
LUNGA [luŋɔ] {TKr}: le-~-an [ləluŋan] {TKr}: salah sawijine
klas tembung kriya sing nyatakake pakaryan kang
nuduhake pawongan kang metu saka omahe;
komputer sing praktis bisa digawa ~.

213
LUNTUR [luntUr] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nerangake kahanan kang mlorod,
wiwt ilang; misine PS minangka alat perjuwangan
ora ~.
LUPUT [lupUt] {TKr}: ka-~-ne [kaluputane] {TAr}: salah
sawijine klas tembung aran kang nuduhake
kasalahan kang wis ditindakake; lan ~, suci jiwa
ragane.
LUSUR [lusUr] {TKr}: t-~ [tlusUr] {TKr. TPk}: salah sawijine
klas tembung kriya sing nyatakake pakaryan kang
nuduhake tumindak nggrayangi utawa nggoleki
kanthi tliti; kita ~ maneh.
LUWANG [luwaŋ] {TAr}: p-~-an [pluwaŋan] {TAr}: salah
sawijine klas tembung aran kang nuduhake
jugangan kang bisa mbebayani; mentas saka ~
hoaks lan profokasi.
LUWAR [luwar] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake metu saka lumrahe; perlu greget
gedhe sarta upaya ~ biyasa.
LUWIH [luwIh] {TPg. TKa}: salah sawijine klas tembung
panggawe sing nyatakake katrangan kang
nuduhake ukuran kang pinunjul saka samesthine;
guru-guru SMA wektu iku ~ becik tinimbang saiki;
N-~-i [ŋluwihi] {TKh}: salah sawijine klas tembung

214
kahanan kang nuduhake ukuran kang pinunjul saka
samesthine; bunga sing ~ wates.

215
M
MAHA [mɔhɔ] {TKh}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake sesebutan sipat Gusti kang luhur
banget; Gusti Allah Kang ~ Asih.
MAHAR [mahar] {Tar}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake sesebutan kanggo beya wajib kang
kudu dicepaki; tuku dhukungan parpol, alias ~
politik.
MAHASISWA [mahasiswɔ] {TAr}: salah sawijine klas
tembung aran kang nuduhake sebutane pawongan
kang sinau ing pawiyatan luhur; ~ prayogane
mapanake pribadine minangka panengah sing
obyektif.
MAIN [maIn] {TKr. TPk}: salah sawijine klas tembung kriya
sing nyatakake pakaryan kang dilakoni pawongan;
idhene sakecekele, sing ~ sakentuke; 1. pe-~
[pǝmaIn] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake apa kang dilakoni pawongan; seni
bisa maujud ing olah lakune ~; 2. per-~-an
[pərmainan] {TKr. TPk}: salah sawijine klas tembung
kriya sing nyatakake pakaryan kang nuduhake
kagiyatan kang dilakoni pawongan tartamtu; apa
pancen ana ~ saengga rega beras tetep dhuwur?

216
MAJALAH [majalah] {TAr}: salah sawijine klas tembung
aran kang nuduhake samubarang kang awujud
klumpukan warta kang wis dicetak lan didadekake
siji (medhia cetak); nyangga uripe ~ iki.
MAJU [maju] {TKh}: 1. ~-ne [majune] {TKh}: salah sawijine
klas tembung kahanan kang nuduhake
pangrembakane samubarang; nanging ~ kalah
banter karo negara liya; 2. ke-~-an-ing
[kemajuwaning] {TAr}: salah sawijine klas tembung
aran kang nuduhake pangrembakane samubarang;
saiba pentinge guru ing ~ bangsa Jepang sing ajur
lan kalah perang; 3. ke-~-an [kǝmajuwan] {TAr}:
salah sawijine klas tembung aran kang nuduhake
pangrembakane samubarang; utang iku lumrah,
dudu barang haram, kanggo ~ ekonomine rakyat; 4.
~-ning [majunIŋ] {TKr. TPr}: salah sawijine klas
tembung kriya sing nyatakake proses kang
nuduhake pangrembakane samubarang; kanthi ~
jaman; 5. N-~-ake [ŋajoɁake] {TKr}: salah sawijine
klas tembung kriya sing nyatakake pakaryan kang
nuduhake cara kanggo maju; ~ proposal.
MAK [maɁ] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran kang
mratelakake tumindak utawa kaanan sing dadakan

217
utawa ngaget; kanthi pangajab bisa ~ bendunduk
nuwuhake kawigatene.
MAKHLUK [makhluɁ] {TAr}: salah saeijine klas tembung
aran sing nyatakake asil ciptane Gusti kang bisa
urip; minangka ~ sosial.
MAKMUR [maɁmur] {TKh}: ke-~-ne [kəmaɁmurane] {TKh}:
salah sawijine klas tembung kahanan kang
nuduhahake wis cukup banget uripe; kanggo ~
bangsa.
MAKNA [maknɔ] {TAr}: ~-ne [maknane] {TAr}: salah
sawijine klas tembung aran kang nuduhake tegese
samubarang; ucapan sing ~ padha.
MAKRO [makro] {TKh. TKa}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nuduhake katrangan kang gedhe;
kanggone skala ekonomi ~.
MALAH [malah] {TPg. TKa}: salah sawijine klas tembung
panggawe sing nyatakake katrangan kang
nuduhake luwih-luwih; ~ rasane kasuse Mbah
Saulina ora pantes diperkarakake.
MALAYSIA [malaysia] {TAr}: salah sawijine klas tembung
aran kang nuduhake jeneng negara; kita kalah maju
karo Vietnam, Singapura, ~ lan Thailand.
MALING [malIŋ] {TAr. TSe]: salah sawijine klas tembung
aran sing nyatakake sesulih kang nyulihi wong sing

218
nupuk samubarang nggone wong liya kanthi
ndhelik-ndhelik; sing ~ triliunan rupiah bisa bebas
ing manca negara.
MALU [malu] {TKh}: salah sawijine klas tembung kahanan
kang nuduhake rasa ora enak ati; wis ~ tumindak
kharam.
MAMPU [mampu] {TKh}: ke-~-an [kǝmampuan] {TAr}: salah
sawijine klas tembung aran kang nuduhake kabisan;
diterusake ajang unjuk ~ Olah Raga para atlet
disabilitas sa-Asia.
MANAGEMEN [mɛnɛjəmən] {TAr}: salah sawijine klas
tembung aran sing nyatakake jabatan kang ana ing
kantor, dalan; mudhik pancen ora mligi masalah
infrastruktur lan ~ lalu lintas thok.
MANCA [mɔncɔ] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake saka njaba (tmr negara); maling
triliunan rupiah bisa bebas ing ~ negara.
MANEH [manɛh] {TPg. TKa}: salah sawijine klas tembung
panggawe sing nyatakake katrangan kang tegese
muwuhi, ngambali; njedhul ~ pawarta bab
penganiayaan marang tokoh aktivis Ratna
Sarumpaet.
MANEKA [manekɔ] {TPg. TKa}: salah sawijine klas
tembung panggawe sing nyatakake katrangan kang

219
nerangake bab kang kasusun saka jinis kang beda-
beda; buku-buku kanthi ~ gambar lan werna.
MANFAAT [manfaat] {TAr}: 1. di-~-ake [dimanfaatake]
{TKr}: Tembung aran sing nuduhake guna lan
paedah kang mungguh ing sawijine bab; Masalah
apa wae sing ~; 2. pe-~-an [pəmanfaatan} {TKh}
salah sawijine klas tembung kahanan kang
nuduhake panggone samubarang; ngoptimalake
~sains lan teknologi.
MANGGA [mɔŋgɔ] {TPg}: salah sawijine tembung pangawe
sing nyetakake panggandheng kang nuduhake
kasedyan; ~ kita kabeh nulak hoaks.
MANGKA [mɔngkɔ] {TPg}: ka-~ [kamɔngkɔ]{TKh}: salah
sawijine tembung panggawe sing nyatakake
panggandeng kang ngandheng tembung/ukara siji
lan sijine sing dianggo nerangake surasane kosok
balen, kang dadi, minangka; ~, lumrahe bocah, isih
dawa dalan uripe sing kudu dipecaki.
MANGKENE [maŋkene] {TKh}: salah sawijine klas
tembung aran sing nyatakake sesulih kang nyulihi
samubarang kaya ngene iki; pancen wis ~ dalane.
MANGKIR [maŋkIr] {TKr. TPk}: salah sawijine klas tembung
kriya sing nyatakake pakaryan baliangga kang

220
nuduhake pakaryan mlincur; Honggo wis bola-bali ~
saka panggilan.
MANGKONO [maŋkono] {TAr. Tse}: salah sawijine klas
tembung aran sing nyatakake sesulih kang nyulihi
samubarang kaya iku; yen wis ~, karan lumrah yen
sateruse isih bakal ana rnaneh kasus liyane.
MANGSA [mɔŋsɔ] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake wektu utawa wayah; atlet junior ~
keemasan prestasine isih dawa.
MANGSAK [maŋsaɁ] {TKr}: salah sawijine klas tembung
kriya sing nyatakake pakaryan kang nuduhake cara
ngolah pangan; kawruh bab dolanan bocah, ~,
busana, kasarasan.
MANGSI [maŋsi] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake samubarang kanggo nulis; kertas, ~
lan ongkos oprasional liyane sangsaya nekak gulu.
MANTAN [mantan] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kanggo ngarani wong kang wis tau ana; anggota
DPR RI Fraksi PDI-P uga ~ aktivis Adian
Napitupulu.
MANUNGSA [manuŋsɔ] {TAr}: salah sawijine klas tembung
aran kang nuduhake salah sijine titahe Gusti;
wataking ~ iku tetep padha wae

221
MANUSIA [manusia] {TAr}: ke-~-an [kemanusiyaan] {TAr}:
salah sawijine klas tembung aran sing nyatakake
sipat-sipat becik kang diduweni makhluk asil
ciptaane Gusti; bab ~, kanthi tegel didadekake
bahan kanggo dolanan hoaks.
MANUT [manUt] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan sing nyatakake kahanan miturut; ~
pemerintah alokasi anggaran bab iki wis ditetepake
APBD 2018.
MARA [mɔrɔ] {TKr}: salah sawijine klas tembung kriya sing
nyatakake proses kang lagi nyedhaki; banjur ~
tangan marang si guru.
MARANG [maraŋ] {TPg. TAa}: salah sawijine klas tembung
panggawe sing nyatakake ancer-ancer kang
nuduhake tumuju, dhateng; kaisar Hirohito takon ~
andhahane.
MARDIKA [mardikͻ] {TKr}: salah sawijine klas tembung
kriya kang nuduhake kahanan ora kawengku lan
kaereh dening panguwasa liyane; Indonesia wis ~;
1. ka-~-an [kamardikan] {TKr. TKh}: salah sawijine
klas tembung kriya sing nyatakake kahanan kang
nuduhake kahanan ora kawengku lan kaereh dening
panguwasa liyane; urip ing jaman ~; 2. ka-~-ing
[kamardikanIŋ] {TKh}: salah sawijine klas tembung

222
kahanan kang nuduhake kahanane negara kang wis
ora kawengku dening panguwasa liya: nggayuh ~
bangsa.
MAREM [marɘm] {TKh}: ~-ake [marɘmake] {TKh}: salah
sawijine klas tembung kriya sing nyatakake kahanan
kang nuduhake kahanan kang tentrem; solah
bawane Presma UGM nalika pirembugan, ~.
MARET [marət] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake jinis sasi kaping telu; sasi ~ 2018 iki
disebut puncak panen.
MARGA [margɔ] {TAr}: a-~ [amargɔ] {TPg. TPd}: salah
sawijine klas tembung panggawe sing nyatakake
panggandheng kang ngadhengi bab ora sejajar
kang nuduhake sebab; bab iku salah sijine ~
Indonesia kaapit telung lempeng benua.
MARI [mari] {TKh}: ~-ake [marɛ?ake] {TKr. TPk}: salah
sawijine klas tembung kriya sing nyatakake
pakaryan kang nduweni ancas ngrampungake
pakaryan; asile uga ~ lan gawe mongkog.
MASALAH [masalah] {TAr } : aalah sawijine klas tembung
aran kang nuduhake bab kang dadi prakara-prakara
kang isih dirembug; akeh ~ kayata bahan bakar; 1.
~-e [masalahe] {TAr}: salah sawijine klas tembung
aran kang nuduhake bab kang dadi prakara-prakara

223
kang isih dirembug; ora mung dadi ~ politik, utang
pancen dadi bagiyan sing ora gampang rampung; 2.
per-~-an [pǝrmasalahan] {TAr}: salah sawijine klas
tembung aran kang nuduhake anane prakara;
permasalahan saya dadi runyam.
MASIYA [masiyɔ] {TPg. Td}: salah sawijine klas tembung
panpgawe sing nyatakake panggandheng kanggo
nggandheng ukara; ~ nduwe dhuwit sakarung.
MASJID [masjId] {TAr} : salah sawijine klas tembung aran
kanf nuduhake panggonan kang digunakake kanggo
ngibadah; kakung putri tindak menyang ~ utawa
lapangan, sholat Ied berjamaah.
MASSA [massa] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake aran saka cacahe bab utawa
pawongan sing akeh banget; ora mung perusahaan
sing gegayutan karo media ~.
MASYARAKAT [masyarakat] {TAr} : salah sawijine klas
tembung aran kang nuduhake manungsa kang
nyawiji amarga nduweni kabudayan kang padha
lang manggon wilayah tartamtu; bersatu ngadhepi ~
ekonomi ASEAN; ~ urban sing mudhik menyang
desa asal yawis bali.

224
MATI [mati] {TKh}: salah sawijine klas tembung kahanan
kang nuduhake kahanan kang ora urip, utawa wis
ora dianggo; basa dhaerah 11 dipesthekake wis ~.
MAU [mau] {TPg. TKa}: salah sawijine klas tembung
panggawe sing nyatakake katrangan kang
nuduhake bab kang sik mentas wae disebutake;
sing nampa dhuwit ~ uga kalebu tumindak dudu; ~-
ne [maune] {TPg}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhakw wektu kang ora suwi; praen bengep
~ diakoni minangka sebab ditempelingi uwong.
MAYA [mͻyͻ] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran kang
nuduhake jagad sing ora satemene, semu; jagad ~
alias internet.
MAYORITAS [mayoritas] {TAr}: salah sawijine klas tembung
aran kang nuduhake jumlah kang luwih akeh; suku
Jawa iki ~.
MBAH [mbah] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran kang
nuduhake ibu-ibu kang wis sepuh; kedadeyan
dialami ~ Saulina boru Sitorus.
MEDHALI [mǝḍali] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake barang kang digunakake kanggo
hadhiah nalika pawongan menang lomba;
perolehan ~ .

225
MEDHIA [mɛḍia] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
sing nyatakake sesulih kang nyulihi sarana kanggo
nyebarake pawarta; diunggah ing ~ social; ~ massa
[meḍia massa] {TAr}: salah sawijine klas tembung
aran kang nuduhake sarana lan saluran resmi
minangka alat komunikasi kanggo nyebarake
pawarta lan pesen marang kabeh masyarakat; ora
mung perusahaan sing gegayutan karo ~.
MEDIUM [medium] {Tar}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake sarana kanggo nggayuh rencana;
kakuwasan sing kudune dadi ~ pendistribusian
kesejahteraan lan keadilan.
MEDSOS [mɛdsɔs] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake cekakan saka media sosial; 14 akun
~ sing dinuga nyebarake hoaks.
MEDURA [mədurɔ] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake sawijine tlatah/dhaerah ing
Nuswantara; kreteg Suramadu sing nggandhengake
pulo ~ lan pulo Jawa.
MEGER [məgər]{TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nuduhake kahanan ngadeg njenjer,
isih ana; PS isih ~ -meger.
MEH [mɛh] {TPg. TKa}: salah sawijine klas tembung
panggawe sing nyatakake katrangan kang

226
nerangake nganti tekan; Indonesia wis ~ bubar
merga ana utang sing ora kebayar.
MEI [mɛi] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran kang
nuduhake jenenge sasi hijriyah kaping lima; panen
ing sasi Pebruari.
MEJA [mɛjͻ]{TAr}: salah sawjine klas tembung aran kanggo
nyebutake pralatan omah-omah; ora perlu teori
ndakik-ndakik ing ~ seminar.
MELAYU [məlayu] {TAr}: salah sawijine tembung aran kang
nuduhake sawijine basa/pawongan/suku kang ana,
manggon, digunakake ing sawijine tlatah/dhaerah
ing Asia Tenggara; basa ~.
MELU [mɜlu] {TKr. TPk}: salah sawijine klas tembung kriya
sing nyatakake pakaryan tanduk kang nduweni
teges tumut (ngetutne); kudu ~ nanggung akibate.
MENANG [mǝnaη] {TKr. TKh}: salah sawijine klas tembung
kriya sing nyatakake kahanan kang nuduhake
kahanan seneng wis bisa unggul, bisa kasil amarga
usahane; kalah dadi awu, ~ dadi areng; Ke-~-an
[kemənaŋan] {TAr}: salah sawijine klas tembung
aran kang nuduhake bisa ngalahake mungsuhe;
penentu ~ kandidat pilpres

227
MENAWA [mənↄwↄ] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nuduhake bisa uga; vonis ksb mbok
~ pancen bener.
MENGKONO [meƞkono] {TPg. TKa}: salah sawijine klas
tembung panggawe sing nyatakake katrangan kang
nuduhake kaya sing disebutake sadurunge; kanthi ~
usaha njaga kurs rupiah.
MENKEU [mɛnkɛu] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
dicekak nuduhake salah siji kementrian ing
Indonesia; ~ wis ngancam.
MENTAS [məntas] {TKh} : salah sawijine klas tembung
kahanan kang nuduhake munggah saka panggonan
tartamtu; pindha jabang Tutuku ~ saka kawah
dradimuka.
MENTERI [məntəri] {TAr}: 1. ~-ne [menterine] {TAr. TSe}:
salah sawijine klas tembung aran sing nyatakake
sesulih kang nuduhake wong kang ngrewangi
presidhen ing pamrentahan; ~ wis bola-bali ganti; 2.
ke-~-an [kǝmǝntrian] {TAr}: salah sawijine klas
tembung aran kang nuduhake lembaga pakumpulan
wong kang ngrewangi presidhen ing pamrentahan;
dhata ~ dalam negeri nuduhake.
MENYANG [məñaŋ] {TPg. TAa}: salah sawijine klas
tembung panggawe sing nyatakake ancer-ancer

228
kang nuduhake papan utawa panggonan kang
dituju; para pamonge singidan ~ luwar kota.
MEPER [mɛpɛr] {TAr} : salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake ngempet hawa nepsu; ~ hawa
nepsu.
MERGA [mərgɔ] {TPg. TPd}: salah sawijine klas tembung
panggawe sing nyatakake panggandheng kang
nerangae jalaran samubarang kadaden; kita mung
bisa prihatin ~ para penegak hukum ora mung ora
sensitif.
MESIN [məsIn] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake barang kanggo ngasilake
samubarang; ~ cetake dibeslah.
MESTHI [məsṭi] {TPg. TPd}: salah sawijine klas tembung
panggawe sing nyatakake panggandheng kang
nuduhake bab kang wis pesthi; kabinet bidhang
ekonomi ~ kerja keras supaya beras mura; Sa-~-e
[saməsṭine] {TPg. TKa}: salah sawijine klas tembung
panggawe sing nyatakake katrangan kang wis
pesthi, wis ditetepake ing sadurunge, ora bisa
diowahi; rak ya wis ~ ta.
MEWAH [mewah] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nuduhake barang sing apik banget,

229
larang regane lsp; pengurangan impor barang
konsumsi kaya mobil ~ lsp.
MIJIL [mijIl] {TKr} : salah sawijine klas tembung kriya kang
nuduhake pindhah saka papan panggonan tartamtu;
bayi sing lagi ~ saka guwa garbane sang biyung.
MIKRO [mikro] {TKh}: salah sawijine klas tembung kahanan
kang nuduhake prekara sing asipat cilik; ora sepira
krasa secara ~.
MILENIAL [milɛnial] {TAr}: salah sawijine klas tembung
aran kang nuduhake generasi sing lair antarane
taun 1980-an lan 2000-an; generasi ~.
MILI [mili] {TKr. TPk}: salah sawijine klas tembung kriya
sing nyatakake pakaryan kang kanthi terus-terusan
kayata banyu mlaku; acungan jempol ~ saka pers
lan tokoh donya.
MILIAR [mIlyar] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
sing nyatakake wilangan kang nuduhake sewujuta;
anggaran sing dianggo ± 567 ~; ~-an [mIlyaran]
{TPg. TWi}: salah sawijine klas tembung aran sing
nyatakake wilangan kang nuduhake akehe
wilangan, sajumlah milyar; ana permintaan ~ rupiah
saka Ketum Prabowo.
MINA [mina] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran kang
nuduhake jinise iwak; kupiya golek ~.

230
MINANGKA [minɔŋkɔ] {TPg. TPd}: salah sawijine klas
tembung panggawe sing nyatakake panggandheng
kang nuduhake sing dadi utawa sing dimaksud;
nyalah gunakake wewenange ~ kepala dhaerah.
MINDRING [mIndrIŋ] {TAr}: salah sawijine klas tembung
aran kang nuduhake carane tetukon; ditawakake
tukang ~ lan ditagih harian.
MINGGAT [miŋgat] {TKr. TPk}: salah sawijine klas tembung
kriya sing nyatakake pakaryan kang nuduhake
pakaryan lunga nggeblas; ~ menyang njaban
negara.
MINGGU [minggu] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake sawijne wektu dina sajrone pitung
dina; koran terbit saben ~.
MINGSRA [miŋsrɔ] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nuduhake samubarang kang jumbuh
karo kangelane; ngandhelake gajine para dhosen
sing ora ~ .
MINORITAS [minͻritas] {TAr. TWi}: salah sawijine klas
tembung aran kang nuduhake jumlah kang luwih
sethithik; cacahe isih ~ banget.
MINUS [minus] {TAr. TWil}: salah sawijine klas tembung
aran kang nuduhake cacah kang kurang saka sing
diperlokake; dana iuran BPJS tansah entek lan ~.

231
MIRIS [miris] {TKh}: salah sawijine klas tembung kahanan
kang nuduhake pangrasa kang wedi sarta
sumelang; kabar hoaks sing nambahi ~; ~-ake
[mirisake] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nuduhake pangrasa kang wedi sarta
sumelang; gempuran informasi dora (hoaks) wis
tekan taraf ~.
MISI [misi] {TAr}: ~-ne [misine] {TAr}: salah sawijine klas
tembung aran kang nuduhake tugas kang dadi
kewajiban; ~ PS minangka alat perjuwangan.
MISKIN [mIskIn] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nuduhake kacingkrangan kang
mungguh ing pawongan; wong sing ~ etika .
MLARAT [mlarat] {TKh}: ~-e [mlarate] {TPg. TKa}: salah
sawijine klas tembung panggawe jinis katarangan
kang nuduhake kahanan ora nduwe apa-apa, sarwa
kurang; gumantung sugih ~ calon.
MLAYU [mlayu] {TKr. TPk}: salah sawijine klas tembung
kriya sing nyatakake pakaryan kang mlangkahake
sikil kanthi cepet kang saben jangkahe kaloro sikile
ora napak ing lemah; Jepang bisa ~ banter ngoyak
negara liyane
MLIGI [mligi] {TPg. TKa}: salah sawijine klas tembung
panggawe sing nyatakake katrangan kang

232
nuduhake ora kecampuran apa-apa; apa keadilan
hukum mung ~ soal prosedur?
MOBIL [mobIl] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake salah sawijine jinis kendharaan;
kredhit barang: omah, ~, lsp.
MODHAL [moḍal] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake bandha kawitan; nggunakake
barang ~ asal impor ditinjau lan ditungka.
MODHEL [moḍɛl] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nuduhake kahanane conto, cakrik,
wangun, gagrag anyar, utawa nganeh-nganehi;
eloke, ana maneh warganet ~ liyane.
MODUS [moḍus] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake sawijine cara kanggo nggayuh
kepenginan; ~ korupsi liyane yaiku perizinan usaha.
MOKAL [mokal] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nuduhake ora ana temenan; ora ~
kesimpulane sok kaya ora ber-perikemanusiaan.
MOMENTUM [momɛntum] {TAr}: salah sawijine klas
tembung aran kang nuduhake sawijine kadadeyan
kang wigati; kesuksesan mau minangka ~
kebangkitan. ~e [momɛntume] {TKh}; iku ~
nalika Presiden Joko Widodo ngandhakake
pangarep-arepe.

233
MONCER [moncɛr] {TKh}: ~-e [moncɛre] {TKh}: salah
sawijine klas tembung kahanan kang nuduhake
pakaryan kang lagi ana; kayane, ~ Denias,
ngudhakake rasa percaya dhirine para pelaku filem
Nuswantara.
MONETER [mↄnɘtɛr] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nerangake sesambungane dhuwit lan
ekonomi; krisis ~ ing taun 1998.
MONO [mono] {TPg. TKa}: salah sawijine klas tembung
panggawe jinis katrangan kang nuduhake katrangan
sing lagi dirembug; tas kresek ~ bageyan saka
toko/swalayan; Se-~ [səmono] {TKh}: salah sawijine
klas tembung panggawe jinis mratelakake akeh;
kesane ~ bandar hukum ing Indonesia “bisa dituku”.
MORAL [moral] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kanggo nuduhake tumindak kang ana ing sipate
manungsa; ngrusak ~ lan akal warase pejabat.
MRIH [mrih] {TPg}: a-~ [amrih] {TPg}: salah sawijine klas
tembung panggawe sing nyatakake panggadheng
kanggo nggadhengi asil lan cara kang diperlokake;
ngupaya ~ bisa urip kanthi siyaga.
MUBENG [mubǝŋ] {TKr}: salah sawijine klas tembung kriya
kang dilakokake bola-bali; puluhan taun ~ minger
ing donyaning film.

234
MUDHA [muḍɔ] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nuduhake tataran umur isih durung
tuwa; milih pengusaha ~ sing sukses.
MUDHENG [muḍǝŋ] {TKr. TPk}: salah sawijine klas
tembung kriya sing nyatakake pakaryan kang
nuduhake terang pangertine; pemerintahan durung
~ tenan karo program BPJS iki.
MUDHIK [muḍig] {TKr}: salah sawijine klas tembung kriya
kang nuduhake kagiyatan ing wektu liburan;
infrastruktur kanggo lalu lintas ~ .
MUGA [mugɔ] {TPg}: salah sawijine klas tembung
panggawe sing nyatakake katrangan kang
nuduhake kekarepan utawa kepenginan; ~-~
kelonge pepayon buku lan wacan, ora dibarengi
mlorode krenteg masyarakat kanggo maca lan
njembarake wawasan.
MUGI [mugi] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran kang
nuduhahake pangarep-arep; ~ tinampi dening Allah
SWT
MULA [mulↄ] {TPg. TPd}: salah sawijine klas tembung
panggawe sing nyatakake panggandheng kang
nuduhake bab sing kedaden jalaran anane
sebab; ... ~ jajaran kabinet bidhang ekonomi mesthi
kerja keras.

235
MULIH [mulIh] {TKr}: ~e [mulihɘ] {TKr}: salah sawijine klas
tembung kriya sing nyatakake balik saka panggonan
tartamtu; ~ sok banjur nggawa sedulure melu urban
menyang kutha.
MULTI [multi] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran sing
nyatakake wilangan kang nuduhake luwih saka siji;
Indonesia kuwawa nggelar ~ ajang olahraga
internasional.
MUMUR [mumUr] {TKr.TKh}: salah sawijine klas tembung
kriya sing nyatakake kahanan kang nuduhake
kahanan ajur remuk babar pisan; sakehing omah
rusak, ajur ~.
MUNCUL [muncUl] {TKr}: salah sawijine klas tembung kriya
kang nuduhake pakaryan ngaton utawa ana saka
ora ana; konsep asuransi perokok nate ~.
MUNDHAK [munḍaɁ] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nuduhahake rega barang kang luwih
larang tinimbang biasane; reregan ~; 1. N-~-ake
[ŋundhakake] {TKr}: salah sawijine klas tembung
kriya kang nerangake rega samubarang kang ora
kaya lumrahe; focus ~ kesejahteraan petani; 2. ~e
[mundaɁe] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan sing nyatakake babagan tartamtu kang

236
jumlahe bisa luwih saka sadurunge; ~ reregane
mung sethithik.
MUNDUR [mudUr] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nerangake samubarang sing mrosot;
pasokan gabah ~ saka pakulinan.
MUNG [mUŋ] {TPg. TPd}: salah sawijine klas tembung
panggawe sing nyatakake panggandheng kang
nuduhake ora ana liyane; kita ~ bisa prihatin.
MUNGSUH [muŋsUh] {TKr. TKh}: me-~-an [memuŋsuhan]
{TAr}: salah sawijine klas tembung kriya sing
nyatakake kahanan kang nuduhake tumindak
lawaning pasulayan; demokrasi dudu perang lan ~.
MURAH [murah] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nuduhake sawijine kahanan rega ora
larang; politik kudu sing biaya ~; ~-an [murahan]
{TKh}; politik ora banjur dadi barang ~.
MURANG [muraŋ] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nuduhake kahanan kang nyimpang
utawa ora manut; pelaku tumindak ~ tata iku
pancen banjur dadi lan kapoke.
MURID [murId] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake jeneng anak utawa wong kang lagi
sekolah utawa sinau; rasa pengin ngerti sing kuwat
marang para ~

237
MUSIBAH [musibah] {TAr}: salah sawijine klas tembung
aran kang nuduhake kedadeyan kang ndadekake
kasengsaran; nganti ~ bencana alam didadekake
komoditas kanggo ngegarake hoaks.
MUTASI [mutasi] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kag nuduhake sesebutan kanggo pamindhahan
pegawe saka jabatan siji menyang jabatan liya; ~
lan promosi pejabat eselon dhaerah.
MUTU [mutu] {TAr}: ber-~ [bermutu] {TKr. TKh}: salah
sawijine klas tembung kriya sing nyatakake kahanan
kang nuduhake kwalitas; ora gampang ngasilake
guru sing ~.

238
N
NABI [nabi] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran sing
nyatakake sesulih pawongan kang nduweni
kautaman arupa wahyu saka Gusti; ~ Muhammad
SAW.
NADYAN [nadyan] {TPg}: sa-~ [sanadyan] {TPg. TPd}:
salah sawijine klas tembung panggawe sing
nyatakake panggandheng kang nduweni teges
masiya; ~ wis ping kopang kaping maca.
NAFSU [nafsu] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake pepenginan kanggo ngolehake
samubarang; ~ kepentingan pribadi lan golongan.
NAGASAKI [nagasaki] {TAr}: salah sawijine klas tembung
aran kang nuduhake jeneng salah sawijine kutha ing
Jepang; bom atom mbledhos ing Hiroshima lan ~.
NAJAN [najan] {TPg. TPd}: salah sawijine klas tembung
panggawe sing nyatakake panggandheng kang
nuduhake lelawanan makna; ~ kadhang kala kita
ngrasa, apa sing diajokake kaya-kaya sok kurang
mlebu ngakal; Se~ [sɘnajan] {TPg}: salah sawijine
klas tembung panggawe sing nyatakake anggepane
pamerintah; ~ manut pemerintah alokasi anggaran
bab iki wis ditetepake APBD 2018.

239
NALAR [nalar] {TAr}: di-~ [dinalar] {TKr}: salah sawijine klas
tembung kriya sing nyatakake pakaryan tanggap
kang nuduhake angen-angen; yen ~, para pelaku
tumindak murang tata iku pancen banjur dadi lan
kapoke.
NALIKA [nalikↄ] {TPg. TKa}: salah sawijine klas tembung
panggawe sing nyatakake katrangan kang
nuduhake katrangan wektu iku; beras murah ~
wulan pasa lan bada.
NAMA [nɔmɔ] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran kang
nuduhake sesebutan samubarang, papan, lsp;
sumpah atas ~ Tuhan sing Maha Kuwasa.
NANGING [naƞIƞ] {TPg. TPd}: salah sawijine klas tembung
panggawe sing nyatakake panggandheng kang
mratelake kosok balen; ~ sabenere ora mung
sedherhana kaya ngono thok; A-~ [anaŋing] {TPg}:
salah sawijine klas tembung panggawe sing
nyatakake panggandheng kang mratelakake kosok
balen; ~ yen pancen ora viral ora kodal.
NARAYANA [narayɔnɔ] {TAr}: salah sawijine klas tembung
aran kang nuduhake jenenge rubrik sajrone
majalah; salah sijine lumantar sisipan ~.
NASIHAT [nasIhat] {TAr}: pe-~ [pənasIhat] {TAr. TSe}: salah
sawijine klas tembung aran sing nyatakake sesulih

240
wong sing menehi nasihat; pembela utawa ~
hukum.
NASIONAL [nasional] {TAr}: salah sawijine klas tembung
aran kang nuduhake apa-apa kang ana
sesambungane karo bangsalan negarane dhewe;
para atlet ~ ing Games loro mau tampil mabyor.
NATE [nate] {TPg. TKa}: salah sawijine klas tembung
panggawe sing nyatakake katrangan kang
nerangake babagan kang wis tau dialami; Honggo
ora ~ dicekal.
NEGARA [negↄrↄ] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang digunakake papan panggonan warga sing
dipimpin presidhen; pemerintah sukses mimpin ~;
Sa-~ [sanǝgɔrɔ] {TAr. Wi}: salah sawijine klas
tembung aran sing nyatakake wilangan kang
nuduhake jumlah; warga ~ ngrampungi sawijining
perkara.
NEGERI [nǝgǝri] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake wujud organisasi sajrone wilayah
kang nduweni kakuwasan sah paling dhuwur lan
ditaati rakyat; dhata kementrian dalam ~ nuduhake.
NEM [nəm] {TAr, TWi}: salah sawijine klas tembung aran
sing nyatakake wilangan kang nuduhake jumlah;
pulisi wis mikut wong ~ penyebar hoaks.

241
NEPSU [nəpsu] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nuduhake hawa nepsu kang kudu
diempet; meper hawa ~.
NERAKA [nǝrɔkɔ] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake sesebutan papan panggonan ing
akerat; ukuman donya (pakunjaran) lan ~ (akerat).
NESU [nəsu] {TKh}: salah sawijine klas tembung kahanan
kang nuduhake swasana kang lagi uring-uringan;
olehe ~ tangane nuding-nuding.
NEW DELHI [nyu delhi] {TAr}: salah sawijine klas tembung
aran kang nerangake jenenge kutha ing India;
Indonesia melu sepisanan AG ing ~ (1951).
NGAREP [ɳarəp] {TPg.TAa}: ma-~ [maɳarəp] {TKr. TPk}:
salah sawijine klas tembung kriya sing nyatakake
pakaryan kang nuduhake pakaryan pindhah
menyang panggon kang luwih ngarep; telung taun ~
iki, kudu ngrampungi masalah kanthi becik.
NGENANI [ƞɘnani] {TPg. TKa}: salah sawijine klas
tembung panggawe sing nyatakake katrangan kang
nerangake babagan tujuan sing bakal dirembug;
bab mau wis lawas ~ perekonomian kita.
NGENE [ŋene] {TPg. TKa}: salah sawijine klas tembung
panggawe sing nyatakake katrangan kang

242
nerangake pakaryan sing kaya ngene; kahanan ~ iki
ndadekake prihatine kalangan “kasepuhan”.
NGONO [ŋono] {TPg. TKa}: salah sawijine klas tembung
panggawe sing nyatakake katrangan saka apa sing
dilakoni jejer; ora mung sedherhana kaya ~ thok.
NIKMAT [nigmat] {TKh}: ~-i [nigmati] {TKr. TKh}: salah
sawijine klas tembung kriya sing nyatakake kahanan
kang nuduhake rasa nigmat; pantese wis urip
tentrem ~ dina sepuhe..
NILAI [nilai] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran kang
nuduhake mutu utawa ukuran tartamtu; mlorode ~
rupiah ora saya mbanget.
NOM [nɔm] {TKh}: ~-~-an [nɔm-nɔman] {TAr}: salah
sawijine klas tembung aran kang nuduhake
kumpulan wong kang umure isih mudha utawa
durung tuwa; para ~ sing pilihan lan panemune
durung
NOMER [nɔmər] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake angka wilangan kanggo makili
cacahe samubarang; sing ~ telune yaiku sapatemon
taunan IMF-Bank Dunia ing Bali.
NOMINASI [nɔminasi] {TAr}: salah sawijine klas tembung
aran kang nuduhake samubarang kang dadi pilihan

243
kang apik; Filem Tengkorak, mentas wae katut dadi
~ Best Film Kategori Science Fiction.
NON [nɔn] {TPg. TKa}: salah sawijine klas tembung
panggawe sing nyatakake katrangan kang
nuduhake ora utawa tanpa; cabang ~ Olimpiade.
NORMA [norma] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake aturan kang dadi pathokan
masyarakat sajrone pratingkah ing bebrayan; wong
sing ora ngenal ~.
NTT [ntt] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran kang
nuduhake jeneng pulo ing Indonesia, cekakan saka
Nusa Tenggara Timur; cagub ~ Marianus sing uga
ditangkep KPK.
NUSWANTARA [nuswantɔrɔ] {TAr}: salah sawijine klas
tembung aran sing nyatakake sesulih kang nyulihi
sakabehe wilayah kang ana ing Indonesia; sakehing
papan ing ~ pancen nduweni risiko kena lindhu.
NUT [nUt] {TPg. TAa}: salah sawijine kelas tembung
panggawe sing nyatakake ancer-ancer kang
nuduhake pathokan sing dadi paugeran nalika
ngucap utawa tumindak; dicundhukake klawan ~
jaman kelakone.
NUWUN [nuwUn] {TKh}: pa-~ [panuwUn] {TKh}: salah
sawijine klas tembung kahanan kang nuduhake rasa

244
pakurmatan marang wong liya; PS ngaturake
gunging ~
NYANYI [ñañi] {TKr}: rer-~ [bǝrñañi] {TKr. TPk}: salah
sawijine klas tembung kriya sing nyatakake
pakaryan kang nuduhake pakaryan ngetokake
suwara endah kanthi irama; ana sing wani ~ kaya
dene La Nyala.
NYATA [ñɔtɔ] {TKh}: salah sawijine klas tembung kahanan
kang nuduhake bukti utawa cetha; wis ~ yen
kaserakahan wis ngejur; 1. Ka-su-~-ne [kasuñatane]
{TPg. TKa}: salah sawijine klas tembung panggawe
sing nyatakake katrangan kang wis cetha; ~ kita ora
bisa ngramalake kapan lan ing ngendi dumadine
lindhu lan tsunami; 2. ~-ne [ñatane] {TPg. TKa}:
salah sawijine klas tembung panggawe sing
nyatakake katrangan kang mathuk karo kasunyatan;
~ kita kasil dadi tuan rumah; 3. pra-~ [prañↄtↄ] {TAr}:
salah sawijine klas tembung aran kang nuduhake
kahanan satemene; padunung 14 yuta jiwa, ~ wis
kakehan; 4. ka-~-an [kañatan] {TAr}: salah sawijine
klas tembung aran sing nuduhake samubarang
kang nyata; wis dadi ~ dana iuran BPJS saka
masyarakat ora nyukupi.

245
NYELENEH [ñələnɛh] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nuduhake kahanan kang beda karo
panunggalane; teknik anyar sing katone ~.

246
O
OBAH [obah] {TKr}: ~-ing [obahIŋ] {TKr}: salah sawijine
klas tembung kriya sing nyatakake pakaryan tanduk
kang nuduhake tumindak owah saka kaanan
meneng; padha gontok-gontokan lumantar ~ driji.
OBAT [obat] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran sing
nuduhake wewujudan barang kang mawa guna
tamba; kadhang mbutuhake usada tamba, ~; 1. N-~-
i [ŋobati] {TKr}: salah sawijine klas tembung kriya
kang nuduhake pakaryan agawe waras lumantar
nggunakake sarana obat; utamane kanggo ~
penyakit katastrofik; 2. ber-~ [bǝrobat] {TKr}: salah
sawijine klas tembung kriya kang nuduhake
pakaryan nggunakake obat kanggo murih
kasarasan; warga mau pancen butuh ~; 3. di-~-i
[diobati] {TKr. TPk}: salah sawijine klas tembung
kriya sing nyatakake pakaryan tanggap kang
nuduhake yen dikenani obat; nanging yen lara bakal
~ pemerintah.
OBROL [ɔbrɔl] {TKr} : salah sawijine klas tembung kriya
kang nuduhake pacaturan karo wong liya utawa
antarane panutur lan mitra tutur; kesuksesan para
urban sing pulang kampung dadi reuni lan ~ Isp.

247
OFFICIAL [official] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kanggo panitia mligi; meh 6.000 ~.
OKTOBER [ɔktɔbǝr] {TAr}: salah sawijine klas tembung
aran kang nuduhake cacah wektu nganti 29, 30,
utawa 31 dina; Asian Para Games rampung setu
bengi 13 ~ 2018.
OLAH [olah] {TKr}: pe-~-an [peŋolahan] {TKr}: salah
sawijine klas tembung kriya sing nyatakake
katrangan kanggo nerangake tata carane ngramut
samubarang supaya dadi samubarang tartamtu;
sistem ~ dhata jaman semana durung kaya saiki.
OLEH [olɛh] {TPg.TKa}: salah sawijine klas tembung
panggawe sing nyatakake katrangan kanggo
nerangake bab sing dientukake; kepala dhaerah ~
komisi 10% saka nilai proyek; 1. Per-~-an
[pǝrolehan] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake asil saka upaya utawa lomba; ~
medhali lan peringkate luwih becik tinimbang
targete pemerintah; 2. ~-e [olɛhe] {TKr. TKa}: salah
sawijine klas tembung sing nyatakake katrangan
kang nerangake bab angel kanggo nduweni
samubarang; kangelan ~ arep nduweni buku.
OLIMPIADE [ᴐlimpiade] {TAr}: salah sawijine klas tembung
aran kanggo salah sawijine kagiyatan kang wis

248
misuwur; supaya Indonesia bisa dadi tuan rumah ~
2032.
OLOK [ᴐlᴐɁ] {TKr}: ~-~ [ᴐlᴐɁ-ᴐlᴐɁ] {TKr. TPk}: salah sawijine
klas tembung kriya sing nyatakake pakaryan tanduk
sing mujudake tumindak ngundhat-ngundhat,
nuduh-nuduhake kaluputane; jebulane nuwuhake ~.
OMAH [omah] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake bangunan mawa payon kang
dienggo dedunung; sakehing ~ rusak.
OMONG [ɔmɔŋ] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
sing nyatakake tumindak pacaturan kang gayut karo
basa lan etika; ora kena ~ dora utawa apus krama.
ONGKOS [ↄƞkↄs] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake arane samubarang kanggo mbayar;
sukur bage yen ~ prodhuksine; 1. ~-e [ɔŋkɔse] {TAr}:
salah sawijine kelas tembung aran kang nuduhake
arane samubarang kanggo mbayar; luwih larang ~
kirim tinimbang regane buku; 2. N-~-i [ŋͻŋkͻsi] {TKr.
TPk}: salah sawijine klas tembung kriya sing
nyatakake pakaryan kang nuduhake carane mbayar
samubarang; ~ cetake.
ONJO [onjo] {TKh}: salah sawijine klas tembung kahanan
kang nuduhake perangan paling akeh; gladhen
ngudi bisane saya ~ prestasine.

249
ONLINE [onlain] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake arane kahanan sing kesambung
mawa jejaring komputer, internet, lsp; ndhisike ana
portal berita ~.
OPEN [opɛn] {TKr}: N-~-i [ngopɛni] {TKr. TPk}: salah
sawijine klas tembung kriya sing nyatakake
pakaryan ngramut bab/samubarang kanthi becik;
pemerintah kasil ~ infrastruktur lalu lintas.
OPERASI [opərasi] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
sing nuduhake rencana kanggo mbedhah kang
umume ditindakake dening dokter utawa pulisi; saiki
diakoni merga dampak ~ plastik sing pancen
dilakoni.
OPERASIONAL [opərasional] {TAr}: salah sawijine klas
tembung aran kang nerangake cara kanggo nggawe
samubarang; kertas, mangsi lan ongkos ~ liyane.
OPINI [ↄpini] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran kang
nuduhake samubarang kang ora mesthi cundhuk
karo kanyatan; kabeh mau ~, dudu fakta.
OPTIMAL [ↄptimal] {TKh}: N-~-ake [ngↄptimalake] {TKr.
TPk}: salah sawijine klas tembung kriya sing
nyatakake pakaryan kang padha kaya sing
dikarepake; yen kejaba ~ pemanfaatan sains lan
teknologi.

250
ORA [ora] {TPg. TKa}: salah sawijine klas tembung
panggawe sing nyatakake katrangan kang
nuduhake kosok balen karo sing sinebut; misine PS
minangka alat perjuwangan ~ luntur; Sa-~-~-e
[saora-orane] {TPg. TPd}: salah sawijine klas
tembung panggawe sing nyatakake panggandheng
kang nuduhake samubarang sing kurang;
cadhangan beras ~ kudu cukup kanggo konsumsi
telung wulan.
OTOMATIS [otomatis] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nuduhake kahanan kang bisa
tumindak dhewe, kaya mesin; ana pariwara sing ~
kawaca.
OWAH [owah] {TKh}: salah sawijine klas tembung kahanan
kang nuduhake anane bab kang ganti; isih
gampang ~ saka pengaruh sebab mawarna-warna;
~-~-an [owah-owahan] {TKh}: salah sawijine klas
tembung kahanan kang nuduhake kahanan kang
sarwa ganti; uga kulina urip kanthi ~ sing cepet.
OYAK [oyaɁ] {TKr}: N-~ [ŋoyaɁ] {TKr. TPk}: salah sawijine
klas tembung kriya sing nyatakake pakaryan kanggo
nuduhake pakaryan arep mburu; kita bisa mlayu
banter ~ negara liyane.

251
P
PACAK [pacaɁ] {TKh}: ka-~ [kapacaɁ] {TKh}: salah
sawijine klas tembung kahanan kang nuduhake
kang diselehake kanthi tata; potone murid-murid ~
lan sinebar.
PACEKLIK [pacəklIɁ] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nuduhake mangsa larang pangan;
mangsa ~ (Oktober-Januari).
PADHA [pↄḍↄ] {TPg TKa}: salah sawijine klas tembung
panggawe sing nyatakake katrangan kang
nerangake rong samubarang sing padha; kahanan
kurs rupiah wektu iki ~ karo 20 taun kepungkur; 1.
N-~-ake [maḍaɁake] {TKr. TPk}: salah sawijine klas
tembung kriya sing nyatakake pakaryan tanduk
kang ndadekake padha; ana pihak sing ~ kondhisi
wektu iki karo nalika krismon; 2. sa-pe-~ [sapəpɔḍɔ]
{TPg}: salah sawijine klas tembung panggawe sing
nyatakake katrangan kang nerangake bareng-
bareng; ana campur tangane ~ TNI
PADU [padu] {TKr}: pe-~-an [pepadᴐn] {TAr}: salah sawijine
klas tembung aran sing mujudake aran saka
cecongkrahan; banjur ana sing ~.
PAEDAH [paedah] {TAr}: ~-e [paedahe] {TAr}: salah
sawijine klas tembung aran sing mratelakake yen

252
sawijine bab kasebut ana gunane; apa ~ regejegan
ing dunia maya iku?
PAGU [pagu] {TAr}: salah siji klas tembung aran kang
nuduhake wewatesan saka; saka ~ anggaran Rp.
855,5 miliar.
PAJAK [pajaɁ] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake olehe dhuwit saka sawijine
pakaryan; ~ pengasilan impor diundhakake.
PALEMBANG [palembaŋ] {TAr} : salah sawijine klas
tembung aran arupa jeneng kutha ing tlatah
Sumatra; Jakarta lan ~ kasil nggelar pertandhingan
olahraga.
PALING [palIŋ] {TKh}: salah sawijine klas tembung kahana
kang nduwe makna banget; pesta olahraga ~ akbar
sa Asia (Asia Games) XVIII wis purna.
PALSU [palsu] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran sing
nuduhake bab kang ora asli, niru lan ora bener;
nyebar informasi-informasi ~.
PALU [palu] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran sing
nyatakake kutha madya ing Sulawesi Tengah kang
kena lindhu; Lindhu ing Lombok NTB, ~, lan
Donggala ing Sulawesi Tengah.
PAMARENTAH [pamarɛntah] {TAr}: salah sawijine klas
tembung aran kang nuduhake sebutane lembaga

253
kang ngatur Negara; kawicaksanane ~ pusat apa
dene ~ dhaerah; ~an [pamarɛntahan] {TAr}: salah
sawijine klas tembung aran kang nuduhake
organisasi kang nduweni kekuwasaan nggawe lan
ngecakakae hokum lan undhang-undhang ing
wilayah tartamtu; nyengkuyung ~ nanging ora
ateges belapati.
PAMER [pamer] {TKr} : ma-~-ake [mamerake] {TKr} : salah
sawijine klas tembung kriya sing nuduhake apa wae
kang diduweni marang wong liya; Ngiras pantes ~
kesuksesan olehe makarya –utamane para urban.
PAMIT [pamIt] {TKr. TKh}: salah sawijine klas tembung
kriya sing nyatakake kahanan kang nuduhake
tumindak njaluk palilah arep ngalih; ~ mundur.
PAMONG [pamͻŋ] {TAr.TSe}: ~-e [pamͻŋe] {TAr. TSe}:
salah sawijine klas tembung aran sing nyatakake
sesulih kang nyulihi wong sing ngemong medhia
cetak; para ~ singidan menyang luwar kota.
PANAS [panas] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nuduhake kahanan krasa kaya
kobong; suhu politik saya ~.
PANCAD [pancad] {TAr}: ~an [pancadan] {TAr}: salah
sawijine klas tembung aran minangka wiwitan

254
sajrone nggayuh kapenginan; bab iki uga pantes
dadi ~.
PANCASILA [pancasila] {TAr}: salah sawijine klas tembung
aran kang nuduhake dhasar negara Republik
Indonesia kang cacahe ana lima; ~ wis kita
dadekake minangka dhasar negara kita.
PANCEN [pancɛn] {TPg}: salah sawijine klas tembung
panggawe sing nyatakake katrangan kanggo
netepake sawijine bab; pemerintah kita ~ wis aweh
penghargaan sing pantes marang para peraih
medali; ~-e [pancɛne] {TAr}: salah sawijine klas
tembung aran kang netepake sawijine bab kang
pesthi; bab idhe, mujudake sumbangsihe dhosen
sing ~ ilmuwan.
PANCING [pancIŋ] {TAr}; salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake alat kanggo nggolek iwak; masang
~ lan kupiya kanggo golek mina.
PANDULU [pandulu] {TAr}: salah sawijine klas tembung
aran kang nuduhake pawong kang lagi ndeleng
filem; rak nonton pilem kanggo nambah wawasan,
lan nyenengake ~.
PANEN [panɛn] {TKr}: salah sawijine klas tembung kriya
kang nerangake kagiyatan misahake gabah saka
wite; tandur serentak sing ngasilake ~ ajeg.

255
PANGAN [paŋan] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang dibutuhake pawongan saben dinane; Pusat
Informasi Harga ~ Strategis Nasional nyathet; N-~
[maŋan] {TKr.TPk}: salah sawijine klas tembung
kriya sing nyatakake pakaryan kang nuduhahake
pakaryan lagi mangan; sing dipahargya kanthi ~
luwih enak.
PANGGIL [paŋgIl] {TKr}: ~-an [paŋgilan] {TAr}: salah
sawijine klas tembung aran kang nuduhake
pangajak utawa undhangan; Honggo wis bola bali
mangkir saka ~ kanggo ngayahi pemeriksaan.
PANGGON [paɳgͻn] {TAr}: ~-an [paɳgͻnan] {TAr}: salah
sawijine klas tembung aran kang nuduhake
padunungan; ana bebaya sing namani ~ kita; N-~
[maŋgↄn] {TKr.TPk}: salah sawijine klas tembung
aran sing nyatakake pakaryan milih papan
padunungan kanggo netep; kabeh uwong duwe hak
~ ing ngendi.
PANGKAT [pangkat] {TAr. TSe}: salah sawijine klas
tembung aran sing nyatakake sesulih kang
nuduhake kalungguhan, drajat, lsp; ~ utawa
jabatane luwih dhuwur.
PANJANG [panjaƞ] {TAr. TWi}: salah sawijine klas tembung
aran sing nyatakake wilangan kang nuduhake wektu

256
kahanan tartamtu; bisa nyicil lan mbayar utang ing
jangka ~.
PANTANG [pantaŋ] {TAr}: ~-an [pantaŋan] {TAr}: salah
sawijine klas tembung aran kang nuduhake bab apa
wae sing ora kena ditindakake kang kudu diadohi;
yaiku ~ (ora kena, larangan) ngapusi.
PANTES [pantəs] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang ora nguciwani, wis prayoga; perkara
cilik sing ora ~ diperkarakake; ~-e [pantəse] {TKh}:
salah sawijine klas tembung kahanan kang ngemu
panemu utawa mupakat; ~ ukuman dileksanakake.
PAPA [pɔpɔ] {TKh}: salah sawijine klas tembung kahanan
kang mujudake kahanan kag nistha; bebendu iki
banjur nuwuhake ~ cintraka ing Palu, Donggala, sigi
lan sakupenge.
PAPAN [papan] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake panggonan; golek ~ jembar; ma-~-
ake [mapanake] {TKr}: salah sawijine klas tembung
kriya sing nyatakake pakaryan kang nuduhake
ndeleh awake dhewe; Nanging uga kairing luwih
bisa empan ~.
PAPAT [papat] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran sing
nyatakake wilangan kanggo nemtokake jumlah; ana
~ bocah sing bisa mlayu banter.

257
PARA [pɔrɔ] {TPg, TKa}: salah sawijine klas tembung
panggawe jinis tembung katrangan kang
mratelakake akeh; nanging uga ~ elite sing bakal
bertarung ing Pilpres lan Pileg taun ngarep.
PARAGA [parͻgͻ] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake sawijine pawongan; pelanggan PS
mujudake ~ -paraga sing labuh labete marang basa
Jawa ora sethithik.
PARALAYANG [paralayaŋ] {TAr}; salah sawijine klas
tembung aran sajrone olahraga kanthi cara terjun
nganggo parasut; kaya pencak silat, jet ski, balap
sepedha down hill, ~ , lan Wushu.
PARI [pari] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran awujud
tanduran kang ngasilake gabah; ~ pancen sangisore
perkiraan.
PARING [parIng] {TPg}: salah sawijine klas tembung
panggawe kang nuduhake menehi samubarang
marang wong liya; Gus Solah, salah sijine pangarsa
Ponpes Tebu Ireng ~ atur yen Indonesia iku ma-
salahe akeh banget.
PARING [parIŋ] {TKr. TPk}: salah sawijine klas tembung
kriya jinis tembung pakaryan kanthi menehi
samubarang marang wong liya; saka Presiden

258
Komite Olimpiade Internasional Thomas Bach sing
~ pangalembana.
PARIWARA [pariwᴐrᴐ] {TAr}: salah sawijine klas tembung
aran sing mujudake aran saka wara-wara, pitutur;
sarana kanggo iklan /~ uga tansaya akeh.
PARKIR [parkIr] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
sing nyatakake kahanan kang nuduhake panggon
kanggo mandhegake kendharaan utawa nyeleh
kendharaan kanggo sawetara wektu; ana sing ~
kendharaan kanthi sembarangan.
PARO [paro] {Tkh}: se-~ [səparo] {TKh}: salah sawijine klas
tembung kahanan kang nuduhake samubarang sing
ditugel dadi loro; cacahing kaca disuda kari ~.
PARPOL [parpɔl] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
dicekak kang nyatakake jenenge organisasi politik;
Ora mung ~ lan para calon pemimpin dhaerah
PARTAI [partai] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake pakumpulan wong kang nduweni
gagasan kang padha; Kadher ~ Gerindra.
PAS [pas] {TKh}: ~-~ -an [pas-pasan] {TPg.TKa}: salah
sawijine klas tembung panggawe sing nyatakake
katrangan marang kahanan wong sing ora sugih;
apamaneh tumrap warga sing uripe tansah ~.

259
PASA [pↄsↄ] {TKh}: salah sawijine klas tembung kahanan
kang nerangake wulan suci kanggo wong kang
agamane islam; ngadhepi wulan ~ lan bada ( Iedul
Fitri).
PASAL [pasal] {TAr}: ~-~ [pasal-pasal] {TAr}: salah sawjine
klas tembung dwilingga aran kang nuduhake
bageyan saka bab sajrone undhang-undhang;
kabeh nuduhake alasan, ~ lan ayat-ayat sing
dianggo gondhelan.
PASANG [pasaŋ] {TKr. TPk}: salah sawijine klas tembung
kriya jinis pakaryan tanduk sing mujudake tumindak
nata utawa ngetrapake; ~ pariwara entuk keplok
tanpa tombok; 1. N-~ [masaŋ] {TKr. TPk}: salah
sawijine klas tembung kriya jinis pakaryan tanduk
sing mujudake tumindak nggawe; ~ akun ing twitter,
facebook, uga instagram; 2. ~an [pasaŋan] {TAr}:
salah sawijine klas tembung aran kang nuduhake
anane bab kang sarimbit, sajodho; ~ kontestan loro
yaiku; 3. pa- ma- ~ [pəmasaŋan] {TAr.TSe}: salah
sawijine klas tembung aran jinis tembung sesulih
kang nyulihi wng sing ngetrapake, nata, ngedekake
samubarang; ~ iklan.
PASAR [pasar] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake panggonan wong bakulan utawa

260
kabeh tumindak sing ana proses tawar lan
penawaran modhal; Pemerintah uga bakal ngedol
valuta asing menyang ~ dhuwit lan ngawasi
pembelian valas.
PASCA [pasca] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
sing nyatakake wektu kedadeyan kang wis
rampung; pemulihan ~ gempa ing Palu-Donggala.
PASOK [pasɔɁ] {TAr}: ~-an [pasoɁan] {TAr}: Tembung aran
sing nyatakake sawijine jinise barang kang wis
cumepak; Rantai ~ lan permintaan kabar dora.
PASRAH [pasrah] [TKr. TKh]: salah sawijine klas tembung
kriya sing kalebu jinis tembung kahanan kang
nuduhake menehake sakabehane samubarang;
Jepang ~ bongkokan tanpa syarat, nandhani akhire
Perang Donya II.
PATAH [patah] {TKh}; ka~ [kapatahe] {TKh}: salah sawijine
klas tembung kahanan kang nuduhake teges
pancen wis dhasare; ~ tansah sinau.
PATHOK [paṭok] {TAr}: N-~ [maṭoɁ] {TKr.TPk}: salah
sawijine klas tembung kriya sing nyatakake
pakaryan tanduk kang nuduhake pakaryan sing
nuruti kekarepane marang sawijne kahanan; ora ~
ekspektasi nilai tukar rupiah.

261
PATING [patIŋ] {TPg}: sawijine klas tembung panggawe
sing nyatakake panggandheng kang ana ing
sangarepe tembung kang ateges pratingkah; hoaks
~ jredhul kaya diumbar.
PATITIS [patitis] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nuduhake kahanan langsung tepat
sasaran, cetha lan terang; minangka komandan,
presiden mesthi kepengin pasukane luwih kompak,
luwih gesit, luwih cepet lan ~ anggone makarya.
PATIYA [patiyɔ] {TPg}: salah sawijine tembung panggawe
sing nyethakake tembung katrangan kang netepake
samubarang kang ora sepira; ora ~ nggatekake seni
lan surasane.
PATUT [patut] {TKh]: ke-~-an [kəpatutan] {TAr]: Tembung
aran kang nuduhake kacocogan; apa prinsip-prinsip
kemanusiaan lan ~ wis ora dipretung lan diinggirak.
PAWITAN [pawitan] {TAr}: ~-e [pawitane] {TAr}: salah
sawijine tembung aran sing mujudake aran saka
dhuwit utawa barang sing dianakake nalikane arep
bebakulan; wani dhuwite kanggo ~.
PAYU [payu ] {TAr}: salah sawijine tembung aran kang
nerangake samubarang kang wis laku didol;
Semono uga filem komedi, ana siji sing ~, ya

262
amarga pancen apik lan lucu; Pe-~-an-e [pəpayɔne]
{TKh}; Iku dadi jalaran mlorode ~ buku.
PEBRUARI [pɛbruari] {T.Ar}: salah sawijine klas tembung
aran kang nuduhake jinise sasi; mangsa panen ( ~
-Mei) kanthi asil 60-65% saka total prodhuksi.
PECAH [pəcah] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nerangake kahanan kang semrawut,
rusak; Iku mau gara-gara utang sing mlembung,
sedhela maneh bakal ~.
PECUT [pǝcUt] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nduweni titikan minangka tumindak kang bisa
digirekake supaya bisa mempeng nalika nggayuh
kapenginan; Bab mau pancen wis bisa dadi ~
marang para nom-noman berbakat.
PEDHANG [pəḍaŋ] {TAr}: salah sawijine tembung aran
kang nuduhake gegaman landhep; mitontonake
bukti yen ~ hukum landhep banget ngungkuli peso
cukur.
PEDHOT [peḍɔt] {TKr}: di-~ [dipeḍɔt] {TKr}: salah sawijine
klas tembung kriya sing ateges tumindak kanggo
nugel, megat, misah kang mungguh ings sawijine
bab; kabar dora kudu sacepete ~.
PEJABAT [pəjabat] {TAr}: tembung aran sing nyatakake
sesulih kang nyulihi pegawe pamarintah kang

263
nduweni jabatan penting; dheweke ngaku anake
salah sawijining ~.
PEKSA [pəksↄ] {TKh}: 1. peksan [pəksan] {TKh} : salah
sawijine klas tembung kahanan kang nuduhake
tumindak sing kurang becik; yaiku kudu kanthi
fokkus marang ngundhakake kesejahteraan petani
minangka pelaku utama; ora kanthi cara ~ utawa
tekanan; 2. ke- ~ [kəpəʔsͻ] {TKh}: salah sawijine
klas tembung kahanan kang nuduhake kudu
ditumindakake; ana surat kabar sing ~ kukut.
PELABUHAN [pεlabuhan] {TAr}: salah sawijine klas
tembung aran kang nuduhahake arane panggonan
mangkat lan mulihe kapal; nggawe ~.
PELAKU [pəlaku] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake pawongan kang nglakoni tumindak;
yaiku kudu kanthi fokkus marang ngundhakake
kesejahteraan petani minangka ~ utama; ora kanthi
cara peksan utawa tekanan.
PEMERINTAH [pamɘrɛntah] {TAr}: salah sawijine klas
tembung aran sing nuduhake organisasi kang
nduweni kakuwasaan, nggawe lan ngecakake
undhang-undhang; ~ wis kerja keras ngawekani
amblege rupiah.

264
PENAK [pɜnaɁ] {TKh}: ke-~ [kəpɜnaɁ] {TKh}: Tembung
kahanan kang nuduhake rasa seneng, ora rekasa;
Honggo bisa nikmati urip ~ ing njaban negara.
PENCAK [pǝncaɁ] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
bab olahraga kanthi cara tangkis-tinangkis; kaya ~
silat, jet ski, balap sepedha down hill, paralayang,
lan Wushu.
PENDHIDHIK [pənḍiḍiʔ] {TAr}: 1. ~-an [pənḍiḍiʔan] {TAr}:
salah sawijine klas tembung aran kang mujudake
lembaga ngeluwa wentah; Jenenge ~-an iku kanggo
sangune nglakoni urip; 2. ~ -e [pənḍiḍikane] {TKr}:
salah sawijine klas tembung kriya kang nuduhake
panggon lembaga nggula wentah; Patang bab mau,
sing paling penting : pendhidhikan sing bermutu
kanggo tembe mburine bangsa.
PENDHUDHUK [pənḍuḍUɁ] {TAr}: ~-e [pənḍuḍUɁe] {TAr}:
salah sawijine klas tembung aran kang nuduhake
kumpulan para masyarakat kang sapanggon;
kepriye Indonesia? Gunggung pendhudhuke akeh
banget (luwih saka 260 yuta jiwa).
PENGALAMAN [pəŋalaman] {TAr}: salah sawijine klas
tembung aran kang nuduhake asil saka tumindake
pawongan; Saka ~ puluhan taun.

265
PENGARUH [peƞaruh] {TKr}: ~-e [pɘƞaruhe] {TKr. TPr}:
salah sawijine klas tembung kriya sing nyatakake
proses saka samubarang cilik neng gedhi semono
uga suwalike; bakal gedhe ~ kanggone skala
ekonomi makro.
PENGIN [pəŋin] {TKr}: 1. ke-~ [kəpɛŋin] {TKr.TPk}: salah
sawijine klas tembung kriya jinis tembung
pakaryan kang nuduhake apa-apa kang dikepengini;
sing ~ basa dhaerahe ora ilang; 2. di-~-i [dipeŋini]
{TKr}: salah sawijine klas tembung kriya kanggo
nuduhake bab kang dikarepake; sing ~ dudu
tetandhingan; 3. Pe-~-an [pəpeŋinan] {TAr}: salah
sawijine klas tembung aran kanggo nuduhake bab
kang dikarepake; ~ kita mono mujudake pesta
demokrasi
PENJAJAH [pɘnjajah] {TAr}: salah sawijine klas tembung
aran kang nuduhahake ngoyk panguripane liyan;
nalika jaman ~.
PENTING [pəntIng] {TKh}: 1. ~-e [pəntIƞe] {TAr}: salah
sawijine klas tembung aran sing kalebu jinis
tembung sesulih pitakon kang nuduhake kahanan
kang perlu banget; Kita ngrasakake, saiba ~ guru
ing kemajuwaning bangsa Jepang sing ajur lan
kalah perang; tur maneh Jepang ora duwe SDAsing

266
cukup; 2. Ke-~-an [kǝpǝntiƞ] {TAr}: salah sawijine
klas tembung aran kang nuduhake kabutuhan kang
prelu banget; nafsu ~ pribadi lan golongan.
PENYAKIT [peñakit] {TAr}: ~-e [pəñakite] {TKr}: salah
sawijine klas tembung aran kang nuduhake
panggonan; senajan ~ -e wis genah nanging durung
ana perbaikan.
PERAK [peraɁ] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang digunakake kanggo medhali; Indonesia oleh
posisi 2 (11 emas, 12 ~ lan 28 perunggu).
PERAN [pǝran] {TPg}: salah sawijine tembung panggawe
sing nyethakake tembung katrangan kang
meranake sandiwara; yen ngrembug bab filem, wis
mesthi magepokan karo seni ~, perekaman, uga
publikasi.
PERANG [pəraƞ] {TKr.TKh}: salah sawijine klas tembung
kriya sing kalebu jinis kahanan kang nuduhake
kahanan padu antarane negara, suku marang
negara utwa suku liyane; bangsa Jepang sing ajur
lan kalah ~; 1. ~-an [pɛraŋan] {TAr}: salah sawijine
klas tembung aran sing mujudake aran saka
bageyan; Nanging malah maca ~ komentare; 2. Sa-
~-an [saɁpɛraŋan] {TAr}: salah sawijine klas
tembung aran sing mujudake aran saka sabageyan

267
bab wae; ~ ngandharake yen perang gedhe; 3. Pa-
~-an [papraɳan] {TKr}: salah sawijine klas tembung
kriya jinis tembung perdagangan narkoba akehe
diayahi kanthi ~ ; 4. Di-~ [dipɛraŋ] {TKr.TPk}: salah
sawijine klas tembung kriya kanggo nuduhake
samubarang kang didadekake bebagean;...basa
bisa ~ dadi telu; 5. Sa-~-an [saperaŋan] [TKh]:
salah sawijine klas tembung aran jinis tembung
wilangan kang nuduhake anane princinan dadi
bageyan; ~ ana sing migunakake jalur pangiriman
berantai.
PERCAYA [percɔyɔ] {TKr}: di-~ [dipercɔyɔ] {TKr. TPr}: salah
sawijine klas tembung kriya sing nyatakake proses
kalebu kriya tanggap kang nyatakake keyakinan
marang sawijine bab kang miturute bener; dimen
kita bisa ~ marang kabar.
PERDULI [pǝrduli] {TKr.TKh}: salah sawijine tembung kriya
sing nyatakake kahanan pangrasa kang ora menehi
kawigaten; Gempuran informasi dora (hoaks) wis
tekan taraf mirisake, merga serangane ora ~.
PERI KEMANUSIAAN [pəri kəmanusiaan] {TAr}: ber-~
[bər-pərikəmanusiaan] {TKr. TPk}: salah sawijine
klas tembung kriya sing nyatakake pakaryan
tanggap tarung kang nuduhake pakaryan nduweni

268
perikemanusiaan; ora mokal kesimpulane sok kaya
ora ber- ~.
PERIKSA [pəriksa] {TKr}: ~-em--an [pəməriksaan] {TAr}:
salah sawijine klas tembung aran kang nuduhake
cara utawa proses mriksa; Honggo wis bola-bali
mangkir saka panggilan kanggo ngayahi ~
PERINGKAT [pɘriƞkat] {TAr}: salah sawijine tembung aran
kang nuduhake mundhake samubarang neng sing
luwih apik; mempertahankan ~ negara kita ing level
PBB positif.
PERKARA [pərkɔrɔ] {TAr}: salah sawijine klas tembung
aran kang nuduhake bab kang dadi masalah;
nanging uga seneng merkarakake ~ cilik sing ora
pantes diperkarakake; 1. di- ~ -ake [dipərkaraɁake]
{TKr. TPk}: salah sawijine klas tembung kriya sing
nyatakake pakaryan tanggap kang nuduhake anane
perkara nanging uga seneng merkarakake perkara
cilik sing ora pantes ~; 2. m-~-ake [mərkarakake]
{TKr. TPk}: salah sawijine klas tembung kriya sing
nyatakake pakaryan tanggaap kang ndadekake
perkara; nanging uga seneng ~ perkara cilik sing
ora pantes diperkarakake.
PERLU [pərlu] {TKr}: salah sawijine klas tembung kahanan
kang nuduhake kahanan samubarang kang kudu

269
ditindakake; mula ~ greget lan kemauan gedhe; Di-
~ -ake [diperlU?ake] {TKr.TKh}: salah sawjine klas
tembung kriya kahanan ngenani samubarang kang
dibutuhake; pembenahan pendhidhikan guru mutlak
~ supaya ngasilake guru-guru sing jempolan.
PERPRES [pǝrprɛs] {TAr}: salah sawijine klas tembung
aran kang dumadi saka tembung peraturan lan
presiden; sawise AG iki pemerintah kudu luwih
fokus ngembangake cabang OR Olimpiade laras
karo amanat ~ 95/ 2017 bab Prestasi Olah Raga
Nasional.
PERS [pɛrs] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran kang
arupa medhia kang nyengkuyung salah sawijine
kagiyatan; pangalembana lan acungan jempol mili
saka ~ lan tokoh donya.
PERTAMA [pərtama] {TAr}: ~-e [pərtamane] {TAr}: salah
sawijine klas tembung aran sing nyatakake tembung
wilangan kang nduwe makna kapisan, mulane lan
angka siji; Ketuhanan Kang Maha Esa dadi sila ~.
PERUNGGU [pǝruŋgu] {TAr}: salah sawijine klas tembung
aran kang digunakake kanggo medhali; Indonesia
oleh posisi 2 (11 emas, 12 perak lan 28 ~ ).
PESERTA [pǝsǝrta] {TAr}: salah sawijine klas tembung
aran jinis tembung sesulih kang nduweni titikan

270
arupa sapa wae kang melu kompetisi sajrone
kagiyatan; sukses minangka ~ .
PESO [peso] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran kang
nuduhake wesi tipis kanggo ngethok, ngiris, lsp;
pedhang hukum landhep banget ngungkuli ~ cukur.
PESTA [pistƆ] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kanggo salah sawijine kagiyatan; ~ olah raga paling
akbar sa Asia (Asia Games) XVIII wis purna.
PESTHI [pəsṭi] {BT}: di-~-ake [dipesthɛ?ake] {TKr.TPk}:
salah sawijine klas tembung kriya kanggo
nerangake pakaryan kang wis ditetepake; badan
bahasa wis ~ yen ana basa dhaerah 11
dipesthekake wis mati.
PETUGAS [pətugas] {TAr. TSe}: salah sawijine klas
tembung aran sing nyatakake sesulih kang
digunakake kanggo nyulihi pawongan kang nduweni
tugas ing bidhang tartamtu; kepara arep madulake
tumindake ~.
PIDANA [pidana] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
sing nyatakake bab ukuman kang mungguh ing
tumindak durjana lan kriminal; Direktorat Tindak ~
Siber Bareskrim Polri.
PIHAK [piha?] {TAr. TSe}: salah sawijine klas tembung aran
sing nyatakake sesulih saka pawongan kang lagi

271
rembugan; ana sawetara ~ sing madhakake
kondhisi wektu iki karo nalika krismon.
PIKIR [pikIr] {TAr}: 1. ~-e [pikire] {TAr}: salah sawijine klas
tembung aran kang nuduhake angen-angen
babagan tartamtu; bab elmu lan ~ penulis sing
kelangan pangaji awujud jatah royalty. 2. di-~
[dipikIr] {TKr. TPk}: salah sawijine klas tembung
kriya jinis tembung pakaryan kang angen-angen
babagan tartamtu; ora ~ ora diarah. 3. ~ -ane [mikIr]
(TKr): salah sawijine klas tembung kriya jinis
tembung pakaryan kang angen-angen babagan
tartamtu; luwih wening ~ ane. 4. di-~-ake [dipikirake]
{TKh}: salah sawijine klas tembung kahanan kang
nuduhake pamanggihe, panemu lan gagasane;
regenarasi pembaca wigati ~.
PIKUT [pikUt] {TAr}: N-~ [mikUt] {TKr}: salah sawijine klas
tembung kirya sing kalebu kriya tanduk nuduhake
polahe tangan kanggo nyekel kang mungguh ing
barang uga manugsa; pulisi wis ~ wong nem.
PILAR [pilar]{TAr}: salah sawijine klas tembung aran kang
nuduhake dhasar, pokok, sing bisa nguwatake;
tansah setya maos PS mujudake ~ utama sing
nyangga uripe majalah.

272
PILIH [pilIh] {TKr}: N-~ [milIh] {TKr.TBa}: salah sawijine klas
tembung kriya jinis tembung baliangga kanggo
nuduhake bab kang dadi panujuning ati; mula kubu
iki ~ pengusaha mudha; dadi instrumen ~ pemimpin;
2. ~-an [pilihan] {TAr}: salah sawijine klas tembung
aran kanggo nuduhake bab kang dadi panujuning
ati; para nom-noman sing ~ lan panemune;3. pe-~
[pəmilIh] {TAr. TSe}: salah sawijine klas tembung
aran jinis tembung sesulih kanggo nuduhake sapa
kang milih; kaya ~ kembar; ~ sing umure 17 – 38
taun; kaum milenial kagolong jenis ~ rasional; saka
gunggung ~;
PILKADA [pilkada] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang dicekak, tujuwane kanggo nuduhake aran
pamilihan kapala dhaerah; tahapan ~ wis mlebu
mangsa kampanye.
PIMPIN [pimpIn] {TKr}: Pa-~ [pǝmimpIn] {TAr}: salah
sawijine klas tembung aran kang nuduhake
pimpinan; para calon ~ dhaerah sing sibuk
nggunakake sakabehe funds and forces (daya lan
tenaga) kanggo nggayuh impene ing Pilkada.
PINDHO [pinḍo] {TAr.TWi}: salah sawijine klas tembung
aran kang nuduhake kaping loro; ora pisan ~.

273
PING [pIŋ] {TPg, TKa}: salah sawijine klas tembung
panggawe jinis tembung katrangan kang nuduhake
nikelake samubarang; ~ pindho. 1. Ka- ~ [kapIη]
{TPg, TKa}; salah sawijine klas tembung panggawe
jinis tembung katrangan kang nuduhake nikelake
saubarang; kemudharatan perang dagang njalari
nganti ~ pindho. 2. [pIŋ kᴐpaŋ kapIŋ] {TPg.TPd}:
salah sawijine klas tembung panggawe jinis
katrangan sing mujudake bola-bali nglakokake
sawijine bab utawa luwih saka sepisan anggone
nglakokake; sanadyan wis ~ maca.
PINGGIR [piŋgIr] {TKh}:salah sawijine klas tembung
kahanan kang nuduhahake manggon ing; ~ dalan.
PINTA [pinta] {TKr}: per-m-~-an [permintaan] {TAr}: salah
sawijine klas tembung aran kang nuduhake
panjalukan kang kudu diwenehi; ana ~ milliaran
rupiah saka Ketum Prabowo.
PINTER [pintər] {TKh}: 1. ka-~-ane [kapintərane] {TAr}:
salah sawijine klas tembung aran nuduhake kawruh
lan panemu kang diduweni dening pawongan;
njomplang bab wawasan lan ~.; 2. ke~ [kemintɘr]
{TKr}: salah sawijine klas tembung kriya nuduhake
aja sok nduweni kawruh lan panemu kang diduweni
dening pawongan; Nanging aja banjur ~

274
PIPA [pipↄ] {T.Ar}: salah sawijine klas tembung aran kang
nuduhake barang blombongan dalan; lagi ngisi
sebagiyan ~ (pipeline) distribusi.
PIRA [pirↄ] {BT}: 1. se-~ [sɘpirↄ] {TPg. TKa}: salah sawijine
klas tembung panggawe sing nyatakake katrangan
kang nuduhake marang kahanan sing ora sepira
fatal; nanging ora ~ krasa. 2. se-~-a [səpiroɔ] {TAr}:
salah sawijine kelas tembung aran jinis tembung
sesulih kang nuduhake tembung pitakon kanggo
nakokake cacahe, ukurane, regane, wektune lsp; ~
asile dodolan rak ya mung dadi bebathene
pembajak.
PIRANTI [piranti] {TKh}: salah sawijine tembung kahanan
sing nyethakake tembung katrangan kang nuduhake
kaperluan kang dibutuhake; bab ~ prodhuksi; ~-e
[pirantinɛ] {TAr}: salah sawijine tembung aran sing
nyethakake tembung katrangan kang nuduhake
kaperluan kang dibutuhake; ~ saben-saben bisa
ganti sing luwih anyar lan apik.
PISAN [pisan] {TAr.Twi}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake kaping siji; Ora ~ pindho. 1. Se-~-an
[səpisanan] {TPg.TKa}: salah sawijine klas tembung
kang nerangake pakaryan isih dilakoni ambal ping
siji; Nalika kababar ~. 2. ~-~ [pisan-pisan]

275
{TPg.TKa}: salah sawijine klas tembung panggawe
kang nerangake katrangan ngakokake tumindak
kaping siji; rakyat aja ~ milih calon sing
“ngrampok” dhuwite rakyat.
PIT [pit] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran kang
nuduhake sesebutan kendharaan; nampa suap
saka ~ Kadin Kesehatan Kabupaten Jombang.
PITURUT [piturUt] {TAr}: N-~ [miturUt] {TKr. TPk}: salah
sawijine klas tembung kriya jinis pakaryan tanduk
sing nduweni teges mirid saka pawongan tartamtu;
~ dheweke.
PLASTIK [plastik] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
sing nuduhake ubarampe utawa barang kang asipat
sintetis lan angel rusake; operasi ~ sing pancen
dilakoni.
PLEMBUNG [pləmbUŋ] {TKh}: N-~ [mlembUŋ] {TKh}: salah
sawijine klas tembung kahanan kang nerangake
samubarng kang dadi gedhe; jarene, negara iki wis
mancik ing krisis ekonomi sing luwih ndrawasi ing
taun 1997.
PLOROD [plↄrↄd] {TKh}: 1. ke-~ [kɘplↄrↄd] {TKh}: salah
sawijine klas tembung kahanan kang nerangake
sawijne bab sing lagi mudhun drajade; ajine Rupiah
tansah ~. 2. N-~-e [mɘlↄrↄde] {TKr. TKh}: tembung

276
kriya sing nyatakake kahanan eksprensial kang
nuduhake sawijine bab sing lagi anjlog; Bank
Indonesia uga aweh intervensi supaya ~ nilai
rupiah ora saya mbanget.
POJOK [pɔjɔ?] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nuduhahake pinggir; supaya kabar
saka ~ wetan pulo Jawa bisa tekan Batavia
POKOK [pɔkɔˀ] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
sing nuduhake samubarang kang inti; masalah
mendhasar pancen kudu diwiwiti saka ~
permasalahan iku dhewe
POLAH [polah] {TKr}: Saparipolahe [saɁparipolahe] {TKr}:
salah sawijine klas tembung kriya jinis pakaryan
tanggap sing mujudake tumindak kakehan reka
utawa pratingkah; nganti ~.
POLITIK [pɔlitik] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake cara tumintak sarjone tata negara;
suhu ~ saya panas.
POLRI [polri] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran kang
nuduhake arane cekakan saka kepolisian republik
Indonesia; Direktorat Tindak Pidana Siber
Bareskrim ~ uga mengidentifikasi 14 akun medsos.

277
POLWAN [pɔlwan] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
sing nyatakake sesulih kang nyulihi polisi wadon;
aweh pangancam marang ~ nalika kena razia.
POPULAR [pɔpulɛr] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nuduhake kasuwur utawa kondhang;
pengaruh ing serial ~ donya Games of Thrones.
PORTAL [portal] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
sing mujudake aran saka situs web sing nyedhiani
tautan; bisa nduwe ~ berita dhewe.
POSISI [posisi] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nerangake sawijine kalungguhan sing
wis mapan sadurunge; njalari ~ rupiah gampang
kena tekanan saka faktor external.
POSITIF [pↄsitif] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan sing nuduhake sawijne kahanan becik;
mempertahankan peringkat negara kita ing level
PBB ~.
POTRET [potrɛt] {TAr}: N-~ [motrɛt] {TKr. TPk}: salah
sawijine klas tembung kriya sing nyatakake
pakaryan kang njupuk gambar kanthi nggunakake
sumunare cahya; Ana sing ngoberake ~.
PRAKIRAAN [prakiraan] {T.Kh}: salah sawijine klas
tembung kahanan kang nerangake pawongan sing
nduweni pandhangan kedadeyan sangarepe;

278
malah sasi Maret 2018 iki disebut puncak panen
sing jembare 2,25 yuta hektar lan ~ prodhuksi.
PRAKTIS [praktis] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nuduhake gampang; komputer sing ~
bisa digawa lelungan.
PRAYOGA [prayogɔ] {TAr}: ~-e [prayogɔne] {TKr}: salah
sawijine tembung kriya kang nuduhake panglimbang
kang becik; ~ bisa aweh lelipuran sing pantes.
PRAYOGA [prayogɔ] {TKr.TKh}: salah sawijine klas
tembung kriya sing nyatakake kahanan kang
nuduhake panglimbang kang becik; mbok menawa
sesidheman wae luwih ~.
PRENE [prene] {TPg.TKa}: se- [səprene] {TPg.TKa}: salah
sawijine kelas tembung panggawe jinis katrangan
kang nerangake wektu kang lagi dumadi; sawise
terbit maneh taun 1949 engga ~.
PRESIDEN [prɛsidɛn] {TAr}: salah sawijine klas tembung
aran kang nuduhake jeneng kepala negara,
lembaga, utawa liyane; calon ~ Jokowi anjangsana
menyang pesantren Tebu Ireng.
PRESMA UGM {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake cekakan presdiden mahasiswa
Universita Gajah Mada; solah bawane ~ nalika
pirembugan, maremake.

279
PRESTASI [prestasi] {TAr}: salah sawijine klas tembung
aran kang nuduhake bakat kang wis diasah kanthi
tumemen; lan penghargaan atas suksese negara
kita saka segi ~ lan penyelenggaraan. 1. ~-e
[prestasinɛ] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake bakat salah sawijine pawongan
kang wis diasah kanthi tumemen; kawigaten kita
utamane kudu marang atlet nom-noman sing isih
bisa mundhak ~. 2. ber-~ [bǝrprestasi] {TKr}: salah
sawijine klas tembung kriya kang nuduhake bakat
sing diduweni pawongan; kita acungi jempol marang
kawigaten pemerintah lan para sponsor sing wis
paring hadiah lan bonus marang para atlet ~ .
PRESTISIUS [prestisius] {TKh}: salah sawijine klas
tembung aran kang kang nuduhake bakat kang wis
diasah kanthi tumeme; ajang sing luwih ~ kayata
Olimpiade Tokyo (2020).
PRETUNG [pretUŋ] {TAr}: di-~ [dipretUŋ] {TKr. TPk}: salah
sawijine klas tembung kriya sing nyatakake
pakaryan tanggap kang nuduhake petungan,
digatekake; apa prinsip-prinsip kemanusiaan lan
kepatutan wis ora ~ lan diinggirake?
PRIBADI [pribadi] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake sesebutan sipat pawongan

280
minganka awake dhewe; nafsu kepentingan ~ lan
golongan. .
PRIGEL [prigǝl] {TKh}: salah sawijine tembung kahanan
kang nerangake tumindak trampil; Nyandhingake
seni lan dagang amrih mlaku bebarengan pancen
kudu pinter lan ~. Ka-~-ane [kaprigǝlan] {TPg}:
salah sawijine tembung panggawe sing nyethakake
tembung katrangan kang nerangake tumindak
trampil lan kreatif; semono uga bisa tansah
ngundhakake ka-~-ane tim kreatif.
PRIHATIN [prihatIn] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nuduhake kahanan ati kang lagi
sedhih; kita mung bisa ~ merga para penegak
hukum ora mung ora. N-~-ake [mrihatinake] {TKh}:
salah sawijine klas tembung kahanan sing
nyatakake adjektiva nuduhake pangrasa kang
nyedihake lan nguciwakake; anane bencana urut-
urutan sing ~ banget.
PRING [prIŋ] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran kang
nuduhahake jinise wit; ngasilake kayu kaya sengon,
~ utawa liyane.
PRINSIP [prinsip] {TAr}: ~ - ~ [prinsip-prinsip] {TAr}: salah
sawijine klas tembung dwilingga aran kang
nuduhake bebener sing dadi pokok dhasaring

281
pamikiran; apa ~ kemanusiaan lan kepatutan wis
ora dipretung lan diinggirake?
PRODHUKSI [prↄḍuksi] {TAr}: ~-e [proḍuksine] {TKr. TPr}:
salah sawijine klas tembung kriya sing nyatakake
proses kang nerangake asil saka pakaryane ; sukur
bage yen ongkos ~ sebagiyan gedhe dibayar
nganggo rupiah.
PRODHUKSI [prɔḍuksi] {TAr}: salah sawijine tembung aran
kang nuduhake proses ngasilake barang; mula
nduwe srana kanggo ngrancang ~ sing luwih gedhe
maneh. 1. ~-e [prɔḍuksine] {TAr}: salah sawijine
tembung aran kang nuduhake proses ngasilake
barang kang diproses karo pawongan; Dene beya
~-ne, uga ngandelake gajine para dhosen ing ora
mingsra. 2. ~-en [prɔḍusɛn] {TAr}: salah sawijine
tembung aran kang ngasilake barang; ~-en filem
mbaleni maneh tumindak sing wis cetha njalari tuna.
PRODUK [proḍuk] {TAr}: N-~-i [mroḍuksi] {TKr. TPr}: salah
sawijine klas tembung kriya sing nyatkakae proses
kang kalebu kriya tanduk nuduhake kagiyatan
kanggo ngasilake barang lan jasa kang migunani;
dienggo dolanan kanggo nggawe ~ kabar hoaks.
PRODUKTIFITAS [prↄdhuktifitas] {T.Kh}: salah sawijine klas
tembung kahanan kang nuduhake asil kerja; cara

282
sing paling apik kanggo ndhongkrak ~ lan prodhuksi
pangan.
PROGRAM [program] {TAr}: salah sawijine klas tembung
aran sing nuduhakearan rancangan ngenani upaya;
sajake iki sing kudune dadi salah sijine ~
pamarentah.
PROMOSI [prɔmɔsi] {TAr}: salah sawijine klas tembung
aran kang nuduhake carane ngenalake samubarang;
mutasi lan ~ pejabat eselon dhaerah sarta
pengadaan barang lan jasa.
PROSEDUR [prɔsədur] {TAr}: salah sawijine klas tembung
aran kang nuduhake metodhe kanggo ngrampungke
perkara; apa keadilan hukum mung mligi soal ~?
PROSEDURAL [prɔsədural] {TAr}: salah sawijine klas
tembung aran kang laras karo prosedhur; kita
sadhar yen secara hukum ~, vonis ksb mbok
menawa pancen bener.
PROSES [prɔses] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake urutane laku kang kudu dilakoni;
kandhidhat sing dibekuk KPK wektu ~ Pilkada isih
berlangsung.
PROTELON [prɔtəlɔn] {TAr}: ~-e [prɔtəlɔne] {TAr}: salah
sawijine klas tembung aran kang nuduhake dalan

283
kang ngepang telu; umure durung nganti rong ~
Mbah Saulina.
PROVOKASI [provokasi] {TAr}: salah sawijine klas
tembung aran sing nyatakake tumindak kanggo
nuwuhake kekisruhan kang ndadekake pecahe
rakete hubungan; hoaks lan ~ sing ora aweh
ruwangan kanggo akal sehat.
PROYEK [prↄye?] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake sawijne pakaryan sing gedhi
banget; kaya ta kanthi ngerem impor ~ infrastruktur
sing akeh.
PT [pt] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran kang
nuduhake serikat dagang winates; PT TPPI (PT
Trans Pasific Petrochemical Indotama)
PUAS [puwas] {TKh}: pe-~ [pǝmuas] {Tar}: salah sawijine
klas tembung kang nuduhake sesebutan kanggo
kahanan kang bisa agawe pawongan seneng merga
wis kaeturutan kepenginane; kesejahteraan lan
keadilan wis dibajak kanggo ~ nafsu.
PUBLIK [publik] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake samubarang kanthi umum; nanging
uga mbingungake ~.

284
PUCUK [pucUk] {TAr}: Salah sawijine klas tembung aran
kanggo nuduhake kalungguhsane pawongan;
Najwa Sihab ngundang ~ pimpinan mahasiswa..
PULIH [pulIh] {TKr}: Pe-~-an [pǝmulihan] {TAr}: salah
sawijine klas tembung aran sing nyatakake proses,
cara tumindak kanggo bisa bali ing awale; repot
banget ngurusi ~ pasca gempa.
PULISI [pulisi] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran sing
nyatakake badan pamrentah kang nduwe jejibahan
kanggo njaga keamanan lan ketertiban; Sak ora-
orane ~ wis mikut wong nem.
PULO [pulo] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran kang
nuduhake aran lemah utawa daratan kang
dikupengi banyu; kreteg Suramadu sing
nggandhengake ~ Medura lan ~ Jawa.
PULUH [pUlUh] {BT}: ~-an [pUlUhan] {TAr.TWi}: salah
sawijine klas tembung aran kang nuduhake
wilangan samubarang; Nuswantara ana ~.
PUNAH [punah] {TKh}: ~-e [punahe] {TKh}: salah sawijine
klas tembung kahanan kang nuduhake kahanan
kang sirna utawa ilang samubarange; ana mawarna
sebab sing njalari ~ basa-basa mau.
PUNCAK [puncak] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nerangake samubarang ing bageyan

285
paling ndhuwur ; malah sasi Maret 2018 iki disebut
~ panen sing jembare 2,25 yuta hektar lan prakiran
prodhuksi.
PUNGKAS [pungkas] {BT}: 1. ~-an [pungkasan]
{TPg.TKa} : salah sawijine kelas tembung
panggawe jinis katrangan kang nuduhake katrangan
wektu wiwit plastik tuku; ora liya wiwit ~ Februari
wingi, toko lan swalayan kang maune nyedhiyani
kanthong plastik gratis, saiki ana pangajine 2. ~
-ane [puŋkasan] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang keri dhewe; ~ kita aturake sugeng
mahargta Natal 2015 lan taun anyar 2016.
PUNGKUR [puƞkUr] {BT}: ke- ~ [kepuƞkUr] {TPg. TKa}:
salah sawijine klas tembung panggawe sing
nyatakake katrangan kanggo nerangake jaman
biyen utawa jaman sing wis dumadi; tekanan
marang kurs rupiah sing wis kedadeyan wiwit taun
~.
PUNJER [punjer] {TKh}: N-~-ake [munjerakɛ] {TKr}: salah
sawijine klas tembung kriya jinis tembung pakaryan
kanthi nuduhake bab apa wae kang dadi inti; kita
kudu ~ prestasi ing atlet yunior sing mangsa
keemasan prestasine isih dawa.

286
PURNA [purna] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nuduhake rampunge prakara; pesta
olah raga paling akbar sa Asia (Asia Games) XVIII
wis ~ .
PUSA [pusɔ] {TKh}: salah sawijine klas tembung kahanan
kang nuduhake kahanan kang ora ana pametune,
utawa bubrah; wis mesthekake yen ana basa
dhaerah 11 dipesthekake wismati, ~ , punah utawa
ilang.
PUSAT [pusat] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake punjere pakaryan; ~ informasi
harga pangan strategis nasional nyathet.
PUTRA [putrͻ] {TAr.TSe}: salah sawijine klas tembung aran
jinis tembung sesulih kang nyulihi anak, turunan;
pelanggan sing pamit mundur merga yuswa sepuh,
~ wayah adhakane ora gelem mbacutake.
PUTRI [putrI] {TAr.TSe}: salah sawijine klas tembung aran
jinis tembung sesulih kang nuduhake sebutane
bocah wadon enom; sing isih taruna lan wis
nggulawenthah ~.
PUTU [putu] {TAr}: ~-e [putune] {TAr}: salah sawijine klas
tembung aran kang nudhake anake anak; apa
maneh kok mulangake marang anak ~.

287
PUTUS [putus] {TKh}: ~-an [putusan] {TAr}: salah sawijine
klas tembung aran kang nuduhake asil mutusake;
pengadilan nibakake ~ (vonis) paukuman 1 wulan
14 dina.

288
Q
Qurban [kUrban] {TAr}: salah sawijine kelas tembung aran
kang dadi tumbal saka panguwase jaman sing ora bener;
tegese kita wani ~.

289
R
RACAK [racaʔ] {TKh}: ~-e [racaʔe] {TKh}: salah sawijine
klas tembung kahanan kang nerangake lumakune
samubarang; beda karo surat kabar umum sing ~
uripe gumantung akeh sethithike iklan.
RADA [rɔdɔ] {TPg}: salah sawijine klas tembung kahanan
kang nuduhake sathithik-sathithik kadunungan sipat
kang kasebut ing tembung candhake; sing ~ cedhak
lan sejalur.
RAGA [rↄgↄ] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran kang
nuduhake badan wadhage manungsa; pesta olah ~
paling akbar sa Asia (Asia Games) XVIII wis purna.
~-e [rↄgↄnɛ] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake badan wadhage
manungsa(dheweke); nggayuh prestasi sing luwih
gedhe ing Olah ~ .
RAGAD [ragad] {TAr}: ~-e [ragade] {TAr}: salah sawijine
klas tembung aran kang nuduhake aran prabeya
kang dianggo ngadani samubarang; pancen rekasa
tur ~-e larang.
RAHASIA [rahasia] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake sawijie bab kang disengaja
disingitake supay ora diweruhi wong liya; wis dudu
~.
290
RAI [rai] {TAr}: Pra-~-an [praɛnan] {TAr}: salah sawijine klas
tembung aran sing nuduhake perangane endhas
sing ngarep kang pertama dideleng; ~ bengep
sebab ditempilingi uwong.
RAIH [raih] {TKr}: Pe-~ [pǝraih] {TAr}: salah siji klas
tembung kang nuduhake anane pawongan kang wis
nggayuh saperangan bab; hadiahe wis mlebu ing
rekeninge para ~ medhali.
RAJA [raja] {TAr}: -em-~ [rəmaja] {TAr}: salah sawijine klas
tembung aran kang nuduhake bocah umur welasan
taun; ya banjur dadi karemane remaja.
RAK [rak] {TPg}: salah sawijine tembung panggawe sing
nyethakake tembung panggandheng kang
nuduhake pancen mula; ~ ya wis puluhan taun
olehe mubeng minger ing donyaning film.
RAKYAT [ra?yat] {TAr}: Salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake wong kang mapan lan dadi wargane
negara tartamtu; kanggo kemajuan ekonomine ~.
RAMAL [ramal] {TKr}: N-~-ake [ʔramalake] {TKr}: salah
sawijine klas tembung kriyan jinise pakaryan kang
nudhake anane elmu pethek utawa wewecan; ora
bisa ~ kapan lan ing ngendi dumadine lindhu lan
tsunami.

291
RAME [rame] {TKh}: ~-~ [rame-rame] {TPg.TKa}: salah
sawijine klas tembung panggawe jinis katrangan
sing mujudake katrangan anggone nglakoni
sawijining bab kuwi bebarengan; mula sakehing
perusahaan uga ~ nggrengsengake olehe ngiklan
liwat dunia maya.
RAMPOK [rampɔʔ] {TAr}: N- ~ [ŋrampɔʔ] {TKr.TPk}: salah
sawijine klas tembung kriya jinis pakaryan kang
nuduhake nglakoni tumindak nyolong kanthi peksa
samubarang kang ora hake; ~ dhuwite rakyat.
RAMPUNG [rampUŋ] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nuduhake sawijine perkara kang wis
mari ditindakake; bisa uga masalah iki bisa ~ luwih
saka sak generasi; 1. Ka-~-an [karampuŋan] {TAr}:
salah sawijine klas tembung kahanan kang
nuduhake sawijine perkara kang wis mari
ditindakake; Kamangka masalah ~ prabeya
kesehatan kudu enggal dirampungake; 2. Di-~-ake
[dirampUŋake] {TKr}: salah sawijine klas tembung
kriya sing nuduhake sawijine perkara kang wis mari
ditindakake; Kamangka masalah karampungan
prabeya kesehatan kudu enggal ~. 3. N-~-i
[ngrampuŋi] {T.Kr}: salah sawijine klas tembung
kriya kang ndudhake cara kanggo mutusake

292
prekara; tudhuhan tanpa bukti kuwat ora bakal bisa
~ masalah.
RANA [rᴐnᴐ] {TKr}: M~-mrene [mrᴐnᴐ-mrene] {TKh}: salah
sawijine klas tembung kahanan sing mujudake
kahanane wong sing bola-bali wira-wiri; banjur
nggolek iklan ~.
RANCAG [rancag] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan sing nuduhake kahanan kang gancang,
gancar, utawa enggal rampung; awit wiwit kelairane
(2014) sistem tanggung renteng oancen durung
lumaku ~.
RANCANG [rancaŋ] {TAr}: N-~ [ŋrancaŋ] {TKr}: salah
sawijine tembung kriya sing nyethakake pakaryan
kang dilakokake kanggo prodhuksi; mula nduwe
srana kanggo ng~prodhuksi sing luwih gedhe
maneh.
RANGKAH [raŋkah] {TAr}: salah sawijine tembung aran
kang nerangake pager kanggo watesan; ora maido
yen masyarakat ya akeh sing luwih seneng nonton
filem gaweyan njaban ~.
RANGKET [raŋkət] {TKr}: N- ~ [ŋraŋkət] {TKr. TPk}: salah
sawijine klas tembung kriya sing nyatakake
pakaryan tanduk kang nuduhake pakaryan dipala,

293
digebugi; hukum krasa empuk banget lan
lentur nganti kangelan ~ koruptor
RANTAI [rantai] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
sing nyatakake ikatan kang mungguh ing sawijine
bab; ~ pasokan lan permintaan kabar dora.
RANTAS [rantas] {TKh}: N-~-i [mrantasi] {TKr. TPk}: salah
sawijine klas tembung kriya sing nyatakake
pakaryan kang ngrampungi prekara; Yen dipikir,
cara kanggo ~ perkara ing “jaman now” pancen
beda banget karo jaman (semo)now.
RANTAS [rantas] {TKr}: N-~ [brantas] {TKr.TPk}: salah
sawijne klas tembung kriya jinis pakaryan kang
nuduhake tumindak ngilangi utawa ngedhekake
tumindak ala; penegak hukum ~ korupsi.
RASA [rↄsↄ] {TKh}: 1. K- ~ [krↄsↄ] {TKh}: salah sawijine
klas tembung kahanan kang nuduhake kahanane
samubarang saka sawijne prekara; kanggone wong
cilik (rakyat jelata) sing tansah ~ mung reregan saya
mundhak. 2. N- ~ [ŋrɔsɔ] {TKr. TPk}: salah sawijine
kls tembung kriya sing nyatakake pakaryan tanduk
kang nanggepi rasa; kadhang kala kita ~, apa sing
diajokake kaya-kaya sok kurang mlebu ngakal. 3. N-
~-ake [ƞrasa?ake] {TKr. TPk}: salah sawijine klas
tembung kriya sing nyatakake pakaryan tanggap

294
kang nerangkae marang sawijne prekara sing
durung tau dialamai; durung tau kita ~ reregan iku
mudhun. 4. ~-e [rasane] {TKh}: salah sawijine klas
tembung kahanan sing nuduhake kahanan sing
ditamakake ing ilat, awak, ati; ~ kok mung tansah
saya rekasa. 5. Pa- ~ -ne [pərasaane] {TAr}: salah
sawijine klas tembung aran kang nuduhake
pangrasa; ~ wong awam mau "kalah manut hukum.”
RASIO [rasio] {TAr}: salah sawijne klas tembung aran kang
nuduhake perbandingan antarane samubarang
kang bisa didadekake angka; UU keuangan negara
wis nggarisake yen ~ utang dibandhing PDB
maksimum 60%.
RATA [rɔtɔ] {TKh}: ~ - ~[rɔtɔ- rɔtɔ] {TKh}: salah sawijine klas
tembung kahanan kang nuduhake kahanan meh
padha utawa imbang jumlahe ; kandhidhat
Gubernur ~ ngentekake dhuwit.
RAWAN [rawan] {TAr}: ~-e [rawane] {TAr}: salah sawijine
klas tembung aran kang nuduhake papan
panggonan kang oraaman lan bebaya; ya mung
Kalimantan sing tingkat ~-e luwih endhek.
RAWAT [rawat] {TKr.TPk}: di-~ [dirawat] {TKr. TPk}: salah
siji klas tembung kriya kang nuduhake pakaryan
kang wujud reresik utawa ngrumat saperangan

295
perkara; agendha telu iku tetep bisa ~ lan
diterusake.
RAWAT [rawat] {TKr} pe-~ [pǝrawat] {TAr}: salah sawijine
kelas tembung aran kang nuduhake wong kang
pagaweyane ngrumat wong lara neng rumah sakit;
dokter, dokter gigi, ~, akuntan.
RAYA [raya] {TKh}: salah sawijine klas tembung kahanan
kang nuduhake kedadeyan ing mangsa panen; telu,
panen ~ mundur, prodhuksi pari pancen sangisore
perkiraan.
REALISTIS [rɛalistis] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nduduhake apa kang satemene
kedaden; mundhake rega ker-tas sing kawawas ora
~ maneh.
REBUT [rəbUt] {TKr}: 1. N-~ [ŋrəbUt] {TKr}: salah sawijine
klas tembung kriya jinis tembung baliangga kanggo
njupuk kanthi peksa; yen para kontestan kudu bisa
~ swarane. 2. ~an [parəbutan] {TAr}: salah sawijine
klas tembung aran kanggo nuduhake bab kang
direbut; mula dadi ajang ~ suwara
REGA [rɘga] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran sing
nuduhake ajine barang kanthi wujud dhuwit; yen kita
ngrembug ~ sawijining barang. 1. ~-e [regane] {TAr}:
salah sawijine klas tembung aran kang nuduhake

296
niali dhuwit sawijine kahanan; sing ~ tansah laras
karo anane inflasi. 2. Re-~-n [rɘrɘgan] {TAr}: salah
sawijine klas tembung aran kang nuduhake macem-
macem rega saka prodhuk; durung tau kita
ngrasakake ~ iku mudhun.
REGEJEG [rəgəjəg] {TKr}: ~-an [rəgəjəgan] {TKr. TPk}:
salah sawijine klas tembung kriya jinis pakaryan
tanggap tarung sing mujudake tumindak padu utawa
tukaran; apa paedahe ~ ing dunia maya iku.
REGENERASI [rɛgənarasi] {TKr.TKh}: salah sawijine klas
tembung kriya jinis tembung kahanan kang
nuduhake gantine generasi siji menyang liyane; ~
pembaca.
REGUDUG [rəgudUg] {TKr. TPk}: salah sawijine klas
tembung kriya jinis pakaryan tanduk sing mujudake
tumindak kang obah bebarengan; padha mak ~
masang akun ing twitter.
REHNE [rɛhne] {TPg.TPd}: salah sawijine klas tembung
panggawe jinis tembung panggandheng kanggo
nggandheng ukara; ~ Indonesia wis mardika, PS
ganti berjuwang nguri-uri basa lan budaya Jawa.
REKAM [rəkam] {TKr}:1. Di-~ [dirəkam] {TKr. TPk}: salah
sawijine klas tembung kriya sing nyatakake
pakaryan kang nuduhake proses nglebokake ana

297
ing pita swara, film, lsp; trekahe nom-noman
kasebut ~ dening salah sawijining warga. 2.~-an
[rəkaman] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
sing nyatakake barang kang mawujud kang
nerangake asile saka anggone rekaman; anane ~
video sing kawentar.
REKAM [rɘkam]{TKr}: ~-an [rɘkaman] {TAr}: salah sawijine
klas tembung aran kang nerangake asile saka
anggone rekam; sacara mligi masang cuwilan ~
ngepasi Obed aweh ukara-ukara panutup.
REKASA [rekↄsↄ] {TPg. TKa}: salah sawijine klas tembung
panggawe sing nyatakake katrangan kang
ngandharake sawijine kahanan sara; rasane kok
mung tansah saya ~.
REKENING [rekǝnIη] {TAr}: ~ -e [rɛkǝnIηe] {TAr}: salah siji
tembung aran kang nuduhake piranti kang dienggo
ngirim prabeya marang wong liya, uga bisa dingo
nyimpen; hadiahe wis mlebu ing ~ para peraih
medhali.
RELATIF [relatif] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan sing nuduhake kahanan kang ora mutlak;
kanthi mbayar iuran sing ~ ora patiya larang.
RELAWAN [relawan] {TAr}: salah sawijine klas tembung
aran sing nyatakake wong-wong kang nindakake

298
pakaryan kanthi ikhlas lan tanpa pamrih; para ~,
anggota TNI-Polri sarta aparat pemerintah.
REM [rem] {BT}: nge-~ [ƞɘrem] {TKr. TPk}: salah sawijine
klas tembung kriya sing nyatakake pakaryan tanduk
kang nuduhake sawijne tindakan kanggo nggawe
samubarang lumaku lirih; kaya ta kanthi ~ impor
proyek infrastruktur sing akeh nggunakake barang
modhal.
REMBAKA [rembɔkɔ] {TKh}: 1. N-~ [ŋrəmbᴐkᴐ] {TKr. TPr}:
salah sawijine klas tembung kriya jinis proses kang
nuduhake bab kang saya akeh; cara kanggo
nyebarake pawarta tansaya ~; 2. ~-e [ŋrəmbakane]
{TAr}: salah sawijine klas tembung aran kang
nuduhake bab kang ngrembaka; ~ teknologi. 3. N-~-
ake [ŋrembakaʔake] {TKh}: salah sawijine klas
tembung kahanan kang nuduhake kahanan kang
kabuka kanthi amba; ~ wawasan ngenani kahanan
geografis bumi lan samodra Nuswantara.
REMBUG [rǝmbUg] {TKr. TPk}: salah sawijine klas
tembung kriya sing nuduhake pakaryan nggunem
perkara kanthi tujuwan mupakat; 1. ng-~ [ŋrǝmbUg]
{TKr}: salah sawijine klas tembung kriya sing
nuduhake pakaryan nggunem perkara kanthi
tujuwan mupakat; yen kita ~ bab mbangun

299
kesadharan urip sehat; 2. di-~ [dirǝmbUg] {TKr}:
salah sawijine klas tembung kriya sing nuduhake
dikenani guneman, utawa digunem; konsep dana
kasarasan saka rokok iku sabenere masalah sing
wis lawas ~; 3. pi- ~ -an [pirɘmbugan] {TKr}: salah
sawijine klas tembung kriya kang nuduhake
kagiyatan ing pasamuan; luwih saka 80% sing
ngandhakake yen solah bawane Presma UGM
nalika ~, maremake.
RENCANA [rencↄnↄ] {TAr}: salah sawijine klas tembung
aran kang nuduhake bab kang bakal dilakoni
(cengkorongan); sarta infrastruktur terkait kanggo
penyelenggaraan Olimpiade sing mesthi dadi
bagian sing nyawiji karo ~ gedhe iku.
RENDHENG [rəndhəƞ] {TKh}: ~-an [rəndhəŋan] {TKh}:
salah sawijine klas kahanan kang nuduhake wektu
udan-udanan; mangka biyasane panen mangsa ~
bisa nyerap 65% saka target setaun.
RENGGA [rǝŋga] {TAr}: N-~-i [ŋrǝŋgani] {TKr}: salah
sawijine tembung kriya kang nuduhake samubarang
kang perlu dijaga; kejaba saka iku, wiwit jumedhul
klompok-klompok anyar sing wiwit melu ~
donyaning prodhuksi filem.

300
RENTAK [rǝntaʔ] {TAr}: se-~ [sǝrǝntak] {TKh}; salah
sawijine klas tembung kahanan kang nuduhake
kahanan nindakake pakaryan kanthi bebarengan;
pilkada ~ 171 dhaerah iki nggayuh 18 Trilliun.
RENTAN [rəntan] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nuduhake kahanan kang
gampang kapribawan samubarang ngawatirake; 16
ana ing kondhisi ~ (ndrawasi), basa 2 ngalami
kemunduran.
RENTENG [rɛntɛŋ] {TAr, TWil}: salah sawijine klas tembung
aran jinis tembung wilangan sing awujud reroncen;
sistem tanggung ~ pancen durung lumaku rancag
REPOT [rɛpɔt] {TKh}: salah sawijine klas tembung kahanan
sing nyatakake akehe panggawean kang kudu
ditanggap lan digarap; lagi ~ banget ngurusi
pemulihan pasca gempa.
REPUBLIK [republiɁ] {TAr}: salah sawijine klas tembung
aran sing nyatakake wujude pamrentahan kang
dipimpin presiden; ora kaya lagi urip ing ~ hoaks.
RESIK [rǝsiɁ] {TKh}: salah sawijine klas tembung kahanan
sing nuduhake ora anane samubarang kang
ndadekake reged; media massa sing ~ temenan
tanpa hoaks.

301
RESMI [rǝsmi] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake bab samubarang kang wis
ditetepake dening pamarintah; ana biaya politik sing
~.
RETI [rəti] {BT}: 1. ngreti [ŋrəti] {TKr}: salah sawijine klas
tembung kriya sing nyatakake pakaryan kang
nerangake paham ngenani samubarang bab; rasa
pengin ~ sing kuwat marang para murid; 2. Ma-~-i
[maŋrəteni] {TKr}: salah sawijine klas tembung kriya
sing nyatakake pakaryan kang nerangake pakaryan
meruhi samubarang; bisa ~ sawernaning isine
jagad.
REWANG [rewaŋ] {TKr}: N-~-i [ŋrewaŋi] {TKr. TPk}: salah
sawijine klas tembung kriya sing nyatakake
pakaryan tanduk kang nuduhake pakaryan
mitulungi; sapa wae sing ~ kadurjanan senajan
mung sakkecap.
RIBA [riba] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran kang
nerangake luwihan dhuwit utang; kamangka, yen
kita petung luwih njlimet, utang iku nduweni
konsekuwensi, yaiku kudu dibayar (disaur),bisa uga
gegandhengan karo ~ (bunga sing ngluwihi wates).
RILIS [rilis] {TKr}: N-~ [ŋrilis] {TKr}: salah sawijine klas
tembung kriya sing kalebu kriya tanduk kang

302
nuduhake pernyataan resmi ; Kem Kominfo ~ ana
hoaks wolu sing sumebar.
RINCI [rinci] {TKh}: salah sawijine klas tembung kahanan
kang nuduhake kahanan kang jangkep; luwih ~,
RISIKO [risiko] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake akibat kang kurang nyenengake
saka tumindak kang bebaya; ing Nuswantara
pancen nduweni ~ kena lindhu lan (saperangan)
uga tsunami.
RIYAYA [riyↄyↄ] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nerangake dina bagyane wong kang
ngenut agama Islam; utawa dina ~ kurban,
RODHA [rɔḍa] {TAr}: salah sawijine tembung aran kang
nuduhake samubarang kang bisa ngglindhing;
ananging, kaya ~ kang tansah ngglindhing,...
ROKOK [rɔkɔɁ] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
sing awujud gulungan mbako sing diwungkus
kertas; pilihan Presiden Jokowi bab cukai ~ dadi
solusi sing bisa kita benerake.
RONG [rɔŋ] {TAr. TWi}: salah sawijine klas tembung aran
sing nyatakake wilangan kang nuduhake kanggo
wilangan ana ing ngarep; umure durung nganti ~
protelone Mbah Saulina.

303
RONTOG [rɔntog] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nuduhake samubarangkang gogrog;
sing mbaka siji padha~.
RUGI [rugi] {TAr}: ng-~-ake [ŋrugɛ?ake] {TKr}: salah
sawijine klas tembung aran kang nuduhake ilange
dhuwit utawa modhal kang wis ditandur; bab iki ~
penulis.
RUGI [rugi] {TKh}: ke- ~ -an [kərugian] {TAr}: salah sawijine
klas tembung aran kang nuduhake bab rugi; kasus
korupsi penjualan kondensat kanthi ~ negara
nggayuh Rp 35 Trilliun.
RUJUK [rujUɁ] {TKr}: Sa-~ [sarujUɁ] {TKr. TPk}: salah
sawijine klas tembung kriya jinis pakaryan tanduk
sing mujudake tumindak kang wis mupakat; yen ~
ya aweh pangalembana.
RUMAH [rumah] {TAr}: salah sawijine tembung aran kang
ngarani papan kanggo nganakake sawijine
pakaryan; ing taun 1962 nalika kita uga dadi tuan ~
.
RUMANGSA [rumɔŋsɔ] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kriya jinis tembung kahanan kang nuduhake wis
ngakoni/ krasa sajrone ati: N-~-i [ŋrumɔŋsɔni] {TKr}:
salah sawijine kelas tembung kriya kang nerangake

304
rumangsane pawongan ngenani kaluputan; gelema
ng~i yen kleru.
RUNGU [ruŋu] {TKr.TKh}: salah sawijine klas tembung kriya
jinis tembung kahanan kang nuduhake tumindak
nampa swara lantaran pangrungu; ora pisan pindho
kita ~.
RUNYAM [runyam] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan sing ruwet; permasalahan saya dadi ~.
RUPIAH [rupiyah] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
sing nuduhake satuwan dhuwit saka negara
Indonesia; bakal luwih migunani yen dhuwit ~ mau
diganti wujud emas.
RUSAK [rusaɁ] {TKh}: 1. N-~ [ŋrusaɁ] {TKr. TPk}: salah
sawijine klas tembung kriya sing nyatakake
pakaryan tanduk kang nggawe rusak; sing ~ wit
duren nampa paukuman mlebu bui. 2. paN-~
[pəŋrusaɁ] {TAr. TSe}: salah sawijine klas tembung
aran sing nyatakake sesulih kang nyulihi wong sing
penggaweyane ngrusak; sing ~ wit duren, maling
sandhal jepit lan maling woh kakao telung iji.
RUT [rUt] {TWi}: di-~ [dirUt] {TKr. TPk}: salah sawijine klas
tembung kriya sing nyatakake pakaryan tanggap
kang nuduhake pakaryan ditaleni singset; tilas ~ PT
TPPI.

305
RUTIN [rutin] {TAr}: salah siji klas tembung aran kang
nuduhake aran wektu pakaryan kang nyethakake
rasa tlaten; isih ditambah bencana sing ~ kaya
banjir bandhang.
RUWANG [ruwaƞ] {TAr}: ~-an [ruwaŋan] {TAr}: salah
sawijine klas tembung aran sing nyatakake
panggonan kang bisa dipangggoni; ora aweh ~
kanggo akal sehat.
RUWED [ruwəd] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nerangake kahanan kang kisruh;
karan lumrah yen apa wae masalahe bangsa kita
sing pancen akeh, bisa dadi saya ~.
RUWET [ruwεt] {TKh}:salah sawijine klas tembung kahanan
kang nuduhahake ora beres; ~ lan macet ing pintu
tol.

306
S
SABAR [sabar] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nerangake sipat kang becik lan ora
grusah-grusuh; mula kanggone wong sing
berpenghasilan cukup lan luwih ~ sethithik, mesthi
luwih seneng nglumpukake dhuwit dhisik.
SABEN [sabən] {TPg.TAa}: salah sawijine klas tembung
panggawe jinis ancer-ancer sing nduweni teges
angger; ~ weruh pawarta kanthi irah-irahan
nyleneh.
SADHAR [saḍar] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nuduhake kahanan rumangsa utawa
eling marang samubarang; 1. ka-~-an [kasaḍaran]
{TAr}: salah sawijine klas tembung aran sing
nuduhake kahanan wis bali sadhar; sabanjure ~
gaya urip sehat; 2. N-~-i [nyaḍari] {TKr}: salah
sawijine klas tembung kriya sing nuduhake
tumindak sadhar; sateruse pemerintah AS kudu ~
yen cukai rokok ora bisa dadi solusi pembiayaan
BPJS kesehatan
SADHAR [saḍar] {TKr. TKh}: salah sawijine klas tembung
kriya sing nyatakake kahanan kang nuduhake
kelingan maneh marang samubarang; kita ~ yen

307
secara hukum prosedural, vonis ksb mbok menawa
pancen bener.
SADHENGAH [saḍeŋah] {T.Ar}: salah sawijine klas
tembung aran kang nuduhake panggonan kang
dituju; kalebu nyebarake foto sing isine info panen
ing ~ lokasi.
SADHIYA [saḍiyↄ] {TKr. TKh}: salah sawijine klas tembung
kriya sing nuduhake kahanan wis siyap
cumanthaka; -um-~ [sumaḍiyↄ] {TKr}: salah sawijine
tembung kriya sing nuduhake kahanan wis siyap
cumanthaka; dhana sing ~ tansah entek lan minus.
SAENGGA [saɛƞgↄ] {TPg. TPd}: salah sawijine klas
tembung panggawe sing nyatakake panggandheng
kang nuduhake asil; ~ sabisa bisa kita kudu ora
kena nyimpen rupiah.
SAIBA [saibɔ] {TPg}: salah sawijine klas tembung
panggawe kang nuduhake katrangan ngenani
samubarang bakal luwih; kita ngrasakake, ~
pentinge guru ing kemajuwaning bangsa Jepang.
SAIKI [saiki] {TPg. Tka}: salah sawijine klas tembung
panggawe sing nyatakake katrangan kang
nerangake wektu kang lagi dumadi; ~, senajan
statuse pelarian, Honggo bisa nikmati urip

308
SAING [saIŋ] {TKr}: ~-an [saIŋan] {TKr}: salah sawijine
kelas tembung kriya kang nuduhake jor-joran rebut
unggul utawa menang; sakehing wacan cetak
bakale kalah ~ karo sing online.
SAINS [sains] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran kang
nuduhake ilmu pengetahuan; yen kejaba
ngoptimalake pemanfaatan ~lan teknologi.
SAIYEG [saiyəg] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nuduhake bab kang disarujuki;
dadi,kabeh ~ saekapraya ngupaya amrih bisa urip
kanthi siyaga.
SAJAK [sajaɁ] {TPg}: ~ -e [sajaɁe] {TPg. TKa}: salah
sawijine klas tembung panggawe sing nyatakake
katerangan kanggo nuduhake panganggep
mungguh, katone kaya; ~, ancaman hukum agama
mau wis ora ana tilase.
SAK [saɁ] {TPg,TPd}: salah sawijine klas tembung
panggawe jinis tembung panggandheng kang
nuduhake katrangan samubarang; isih ~ nduwure
HET.
SAKA [ sↄkↄ ] {TPg. TAa}: salah sawijine klas tembung
panggawe jinis tembung ancer-ancer kang
nerangake asal; ~ pengalaman puluhan taun.

309
SAKIT [sakIt] {TKh}: salah sawijine klas tembung kahanan
sing nuduhake kahanan ora waras; pe-~ [pǝňakIt]
{TAr}: salah sawijine klas tembung aran sing njalari
lara; utamane kanggo ngobati ~ katastrofik.
SALAH [salah] {TKh}: Ny- ~ [ŋalah] {TKr}: salah sawijine
klas tembung kriya kang nuduhake bab kang ora
pener; akeh sing kelu ~ gunakake wewenange
minangka kepala dhaerah.
SALAM [salam] {TAr} : Se- ~ -an [səsalaman] {TKr} : salah
sawijine klas tembung kriya sing nyatakake salam-
salaman karo wong liya; silaturahim karo para
sedulur, mitra rowang lan sapa wae, ~ , apura
ingapura, nglebur dosa setahun kepungkur.
SAMBANG [sambaŋ] {TKr}: salah sawijine kelas tembung
kriya kang nuduhake nemoni pawongan; marang
Presiden RI nalika ~ menyang kampuse.
SAMBI [sambi] {TKr}: ~-in- [sinambi] {TKr. TPk}: salah siji
klas tembung kriya kang nuduhake pakaryan
saliyane pakaryan utama; keplok mawurahan ~
ngadeg.
SAMBUNG [sambUŋ] {TPg}: ~-an [sambuŋan] {TPg}: salah
sawijine klas tembung aran kang digunakake
kanggo bab kang ana sesambungane; wiwitane
kanthi ~ internet. N- ~ [ñambUη] {TKr} salah

310
sawijine klas tembung kriya kang nuduhake
pakaryan kang nglakoni sesambungan marang
liyane; antusiasme kasebut terus ~ marang ajang
Asian Para Games.
SAMODRA [samodrɔ] {TAr}: salah sawijine klas tembung
aran kang nuduhake anake ambyu kang amba
utawa segara ; ngrembakake wawasan ngenani
kahanan geografis bumi lan ~ Nuswantara ing
sakabehing kalangan warga.
SAMUBARANG [samubaraŋ] {TAr.TWi}: salah sawijine klas
tembung aran jinis wilangan sing mujudake aran
saka apa wae, sawenehing barang sakabehe; ~
sing manganggo internet wis mbladrah.
SANADYAN [sanadyan] {TPg}: salah sawijine klas tembung
panggawe jinis tembung panggandheng kang
nggandhengi tembung kosokbalen; ~ wiwitane
bukune kurang narik ati.
SANAK [sanaʔ] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake kulawarga sing wis rada adoh;
kelangan ~ kadang uga panggaotan.
SANDANG [sandaȠ] {TAr} : N-~ [nyandaȠ] {TKr} : salah
sawijine klas tembung aran sing nyatakake klambi;
lumrahe padha ~ luwih apik, mangan luwih enak.

311
SANDHAL [sanḍal] {TAr]: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake samubarang kanggo lemek sikil
kang bisa dianggo mlaku; maling ~ jepit.
SANDHANG [sanḍaŋ] {TAr}: salah sawijine klas tembung
aran sing nuduhake samubarang kang dianggo; n-~
[nanḍaŋ] {TKr}: salah sawijine klas tembung kriya
sing nuduhake pakaryan nglakoni utawa nemahi
samubarang; yen kita ~ pacoban kanthi nandhang
lara.
SANDHING [sanḍIŋ] {TKh}: N-~-ake [nyanḍIŋake] {TKr}:
salah sawijine tembung kriya kang nuduhake
samubarang kang disandhingake, jejer; ~ seni lan
dagang amrih mlaku bebarengan pancen kudu
pinter lan prigel.
SANDIWARA [sandiwɔrɔ] {TAr}: salah sawijine klas
tembung aran sing nyatakake kedadeyang politik
lan sapiturute kang ora tumemen lan ora bener;
saiki, ~ konyol Ratna Sarumpaet.
SANG [saȠ] {TPg} : salah sawijine klas tembung panggawe
jinise tembung panggandheng sing nyatakake ibu;
mijil saka guwa garbane ~ biyung.
SANGGA [sɔŋgɔ] {TAr}: 1. ~-n [saŋgan] {TAr}: salah
sawijine klas tembung aran kang nerangake
samubarang kang dipikul; ora nggawe utang

312
maneh, ben ~ kita saya entheng; 2. N-~ [ñaŋga]
{TKr.TKh}: salah sawijine klas tembung kriya jinis
tembung kahanan kang gelem mertahanake;
pemasang iklan, pilar paling wigati sing ~
lumakuning surat kabar.
SANGKA [saŋka] {TKr}: ter- ~ [tərsaŋka] {TKr. TKh}: salah
sawijine klas tembung kriya sing nyatakake kahanan
kang nuduhake diduga; Honggo minangka ~ kasus
korupsi.
SANGSAYA [saƞsaya] {TKh}; Ka-~-e [kasangsayane] {TKr}:
salah sawijine klas tembung kriya kang nuduhake
sipat kang rekasa; isih anget manget-manget, ~
sedulur-dulur ing Lombok, NTB, sawise ketaman
lindhu.
SANGU [saŋu] {TAr}: ~-e [saŋune] {TAr}: salah sawijine
klas tembung aran kang nuduhake samubarang
kang digawakake kanggo ngelakokake lelampahan;
jenenge pendhidhikan iku kanggo ~-e nglakoni urip.
SANTRI [pəsantrɛn] {TAr}: pe-~-en [pəsantrɛn] {TAr}: salah
sawijine klas tembung aran kang nuduhake jeneng
panggonan para santri sinau ngennai agama; Ing
wulan Mei 2014, calon presiden Jokowi anjangsana
menyang ~ Tebu Ireng.

313
SAPA [sɔpɔ] {TAr. TSe}: salah sawijine klas tembung aran
sing nyatakake sesulih minangka tembung
panyilah/pitakon kanggo nakokake jenenge wong; ~
wae sing ngrewangi kadurjanan senajan mung
sakkecap.
SARANA [sarɔnɔ] {TAr} : salah sawijine klas tembung aran
sing nyatakake sarana utawa alat transportasi; ~
lalu-lintas mudhik kaya dalan tol, angkutan umum
lsp; pra-~ [prasarͻnͻ] {TAr}: salah sawijine kelas
tembung aran kanggo nyebutake apa-apa sing
dinggo lantaran (sarat, piranti); nyiapake ~ lan ~.
SARAS [saras] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan sing nuduhake kahanan ora lara; ka-~-an
[kasarasan] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
sing nuduhake kahanan saras; ~ pancen krasa
larang regane.
SAREH [sarɛh] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan sing nerangake bab kudu sabar anggone
ngadhepi samubarang; kudu kanthi ~ ngadhepi
anjloge nilai rupiah iki.
SARTA [sartɔ] {TPg.TPd}: alah sawijine klas tembung
panggawe jinis tembung panggandheng kang
nggandheng rong bab kang meh padha; promosi

314
pejabat eselon dhaerah ~ pengadaan barang lan
jasa.
SARU [saru] {TKh}: paN-~-e [pañaruwe] {TAr}: salah siji
klas tembung aran kang nuduhake paring argument
utawa panemu marang liyan; nanging ~ mau kudu
asipat membangun.
SARUJUK [sarujUɁ] {TKr}: 1. di-~-i [disarujuɁi] {TKr} salah
siji klas tembung kriya kang nuduhake oleh
pasetujonan marang wong liya; saka pagu
anggaran Rp. 855,5 miliar sing ~ dening DPR. 2.
Pa- ~ -an [pasarujuɁan] {TAr}: salah siji klas
tembung aran kang nuduhake wujud pasetujonan;
Indonesia uga kasil oleh ~ bisnis lan investasi.
SASAR [sasar] {TKr. TPk}: salah sawijine klas tembung
kriya sing nuduhake pakaryan nyimpang saka dalan
utawa nyimpang saka bebener; ~-ane [sasarane]
{TAr}: salah sawijine klas tembung aran sing
nuduhake samubarang kang dadi tujuwan; lan iku
ateges ora pas ~.
SASI [sasi] {TAr}: se-~ [səsasi] {TAr}: salah sawijine klas
tembung aran kang nerangake wektu suwene
sawulan, 30 dina; salah sijine lumantar sisipan
Narayana sing sowan para maos ~ kaping pindho.

315
SASTRA [sastra] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake kawruh bab tetulisan; uga akeh sing
mbukak fakultas ~ dhaerah.
SAT [sat] {TKh}: ka-~-an [kasatan] {TKh}: salah sawijine
klas tembung kahanan kangnerangake ora anane
utawa kentekan banyu; kobongan alas, ~ banyu
ngombe lan pertanian.
SAUR [saUr] {TKh}: 1. Di-~ [disaUr] {TKr, TPr}: salah
sawijine klas tembung kriya jinis tembung proses
kang nuduhake gantenan barang; utang iku
nduweni konsekuwensi, yaiku kudu dibayar (~). 2.
Ny-~ [ñaUr] {TKr, TPk}: salah sawijine klas tembung
kriya jinis tembung pakaryan kang nerangake
gantenan saka samubarang kang nate dijaluk;
tinimbang nikmati barange dhisik lagi ~ kanthi rega
dhuwur.
SAWIJI [sawiji] {TAr. TWi}: ~ -ning [sawijinIƞ] {TAr, TWi}:
salah sawijine klas tembung panggawe sing
nyatakake wilangan kang nuduhake jumlah; yen kita
ngrembug rega ~ barang.
SAYA [sↄyↄ] {TPg. TKa}: salah sawijine tembung panggawe
sing nyatakake katrangan kang nerangake sawijine
bab sing tambah mundhak; anane mung ~
mundhak, utawa inflasi.

316
SEBAB [səbab] {TPg.TKa}: salah sawijine klas tembung
panggawe jinis tembung katrangan kang nuduhake
sababe samubarang; Ana mawarna ~ sing njalari
punahe basa-basa mau.
SEBAB [səbab] {TPg.TPd}: N- ~ -ake [ñəbabake]
{TPg.TPd}: salah sawijine klas tembung panggawe
jinis tembung panggandheng kang nggandhengi
tembung kang dadi jalaran; Sangsaya majuning
teknologi uga ~ PS kudu ngadhepi sakehing tanta-
ngan sing ora entheng.
SEBAR [səbar] {TKh}: Di-~ [disǝbar] {TKr, TPr}: salah
sawijine klas tembung kriya kang nuduhake proses
samubarang kang disasawur ana ing ngendi-endi;
kabar mau ~ tanpa nuduhake/nawakake solusine.
SEBAR [səbar] {TKr}: 1. N-~ [ñəbar] {TKr}: salah sawijine
klas tembung kriya sing kalebu kriya tanduk
nuduhake tumindak mratakake utawa nyawurake
kang mungguh ing sawijine bab; kanthi ~ informasi-
informasi palsu. 2. N-~-ake [ñəbarake] {TKr}: salah
sawijine klas tembung kriya sing kalebu kriya tanduk
nuduhake tumindak mratakake utawa nyawurake
kang mungguh ing sawijine bab; 14 akun medsos
sing dinuga ~ hoaks. 3. Pe-~[pǝñəbar] {TAr}: salah
sawijine klas tembung aran sing nuduhake wong

317
sing tumindak mratakake utawa nyawurake kang
mungguh ing sawijine bab; wong nem ~ hoaks. 4. ~-
um- [suməbar] {TKr}: salah sawijine klas tembung
kriya sing nuduhake asile bab sing wis disawurake
lan dimratakake kang mungguh ing sawijine bab;
ana hoaks wolu sing ~ sawise lindhu.
SEBAR [səbar] {TKr}:1. -in-~ [sinəbar] {TKr}: salah sawijine
klas tembung kriya sing nyatakake pakaryan kang
nuduhake proses samubarang kasawur ana ing
ngendi-endi; sidane si murid kapacak fotone lan ~
tekan ngendi-endi; 2.~-um [suməbare] {TKr}: salah
sawijine klas tembung kriya sing nyatakake
pakaryan kang nuduhake proses samubarang
kasebar ana ing ngendi-endi; ya saka ~ video
kasebut.
SEBUT [səbUt] {TKh}: 1. di- ~ [disəbUt] {TAr}: salah
sawijine klas tembung aran kang nuduhake bab
kang diarani; malah sasi Maret 2018 iki ~ puncak
panen sing jembare 2,25 yuta hektar lan prakiran
prodhuksi. 2. di-~-ake [disəbUtake] {TKr}: salah
sawijine klas tembung kriya jinis tembung tanggap
kang nuduhake pakaryan dicritakake; ~ ana 81,7 %
generasi milenial. 3. Ka-~ [kasəbUt] {TPg}: salah
sawijine klas tembung panggawe sing nyatakake

318
ancer-ancer kang nduduhake apa kang wis
disebutake; saking santere pawarta ~, maneka
medhia massa cetak lan elektronik banjur melu
mbiwarakake.
SECARA [sɘcↄrↄ] {TPg.TKa}: salah sawijine klas tembung
panggawe sing nyatakake karangan marang
sawijine kahanan; katone usaha mau lagi sithik asile
~ langsung.
SEDHELA [səḍɛlɔ] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nuduhake kahanan kang ora suwe;
iku mau gara-gara utang sing mlembung, ~ maneh
bakal pecah.
SEDHERHANA [sɘḍɘrhana] {TKh}: salah sawijine klas
tembung kahanan sing nerangake samubarang sing
asipat prasaja; nanging sabenere ora mung ~ kaya
ngono thok.
SEDHIA [sǝḍiɔ] {TKr, TKh}: N- ~ -ake [ñǝḍiaɁake]
{TKr.TPk}: salah sawijine klas tembung kriya jinis
pakaryan kang nerangake pakaryan nyepakake
kabutuhan kang dibutuhake utawa diperlokake;
kudu ~ dhuwit selangit.
SEDHIH [seḍih] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan sing nyatakake pangrasa kang sengsara
lan duka; negara kita lagi ~ amarga anane bencana.

319
SEGI [segi] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran kang
nuduhake cara kepriye ndeleng samubarang; lan
penghargaan atas suksese negara kita saka ~
prestasi lan penyelenggaraan.
SEHAT [sehat] {TAr}: salah sawijine klas tembung kahanan
kang nuduhake kahanan kang adoh saka penyakit;
Masalah sing meh padha yen kita ngrembug bab
mbangun kesadharan urip ~; 1. ke-~-an [kǝsehatan]
{TAr}: salah sawijine klas tembung aran kang
nuduhake samubarang bisa diarani sehat; program
Badan Penyelenggara Jaminan Sosial (BPJS) ~; 2.
ke-~-ane [kǝsehatane] {TAr}: salah sawijine klas
tembung aran kang nuduhake samubarang bisa
diarani sehat; layanan ~ dadi rujukan penyakit
katastrofik.
SEHAT [sɛhat] {TKh}: salah sawijine klas tembung kahanan
sing nyatakake becik lan normal samubarang kang
mungguh ing perangane awak lan batin; ora aweh
ruwangan kanggo akal ~.
SEJAHTERA [səjahtəra] {TKh}:ke- ~-an [kəsəjahtəraan]
{T.Kh}: salah sawijine klas tembung kahanan kang
nuduhake kahanan samubarang kang aman,
tentrem; yaiku kudu kanthi fokkus marang

320
ngundhakake ~petani minangka pelaku utama; ora
kanthi cara peksan utawa tekanan.
SEJARAH [səjarah] {TAr}: ~-e [səjarahe] {TAr}: salah
sawijine klas tembung aran kang nerangake
sarasilah, mbiyene, asal mulane; tamat ~.
SEJATI [səjati] {TAr}: ~-e [sejatine] {TPg}: salah sawijine
klas tembung panggawe jinis tembung ancer-ancer
kang nggambarake sanyatane; Kondhisi ngono mau
~ -ne wis suwe banget.
SEKOLAH [səkɔlah] {TKr}:1.~-an [səkɔlahan] {TAr}: salah
sawijine klas tembung aran sing nyatakake sesulih
kang nyulihi papan pawitan luhur; njaluk pangapura
marang guru lan pihak ~. 2.~-e [səkɔlahe] {TAr}:
salah sawijine klas tembung aran sing nyatakake
sesulih kang nyulihi papan pawitan luhur; nalika
arep mbacutake ~.
SEKTOR [sɛʔtor] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kag nuduhake lingkungan sawijine panggon
makarya utawa lingkungan tertamtu; utamane ing ~
pertambangan lan perkebunan.
SELAK [sɛla?] {BT}: di-~ [disəla?] {TKr.TPk}: salah sawijine
klas tembung kanggo nuduhake pakaryan ora
gelem ngakoni samubarang; ora bisa ~. Di-~-i
[disɛlaki] {TKr. TPk}: salah sawijine klas tembung

321
kriya jinis tembung pakaryan kang nuduhake
tumindak kang ora gelem diakoni; nanging ora bisa
~ yen reregan barang.
SELEH [sɛlɛh] {TKh}: salah sawijine klas tembung kahanan
sing nyatakake kahanan kang mari ngrenggep
pangkat, lsp; ya tangeh lamun bakale ~.
SEMANA [səmɔnɔ] {TPg}: salah sawijine klas tembung
panggawe jinis klas katrangan kang nerangake bab
kang kaya mangkana; nanging wektu ~, buku lan
barang liyane
SEMANGAT [sǝmaηat] {TAr}: Pe- ny- ~ [pǝñǝmaηat] {TAr}:
salah sawijine klas tembung kang nuduhake
panyengkuyungan tumrap wong liya; ~ persatuan
sing dibangun sasuwene agendha telu iku tetep
bisa dirawat lan diterusake.
SEMANGAT [səmaŋat] {TKh}: ~ -e [səmaŋate] {TKh}: salah
sawijine klas tembung kahanan kang nerangake
rasa seneng lan nafsu; Soetomo nggugah ~ kaum
pribumi.
SEMBARANG [səmbaraŋ] {TKh}:~-an [səmbaraŋan] {TKh}:
salah sawijine klas tembung kahanan sing
nyatakake kahanan kang dianggap remeh; ana sing
parkir kendharaan kanthi ~.

322
SEMENE [sɘmene] {TPg. TWi}: salah sawijine klas
tembung panggawe sing nyatakake wilangan saka
sing biyasane dituku; biyasane dhuwit ~ cukup
kanggo blanja sedina.
SEMINAR [səminar] {TAr}: salah sawijine klas tembung
aran kang nuduhake kagiatan akademik; ora perlu
teori ndakik-ndakik ing meja ~.
SEMONO [səmↄnↄ] {TPg,TKa}: salah sawijine klas
tembung panggawe jinis tembung katrangan kang
nerangake bab kang kaya mangkono; nanging
beras ~ mau ora cukup kanggo ngoreksi kegagalan
pasar.
SEMPYOK [səmpyͻʔ ]{TKh}: ka-~ [kasəmpyͻʔ] {TKh}:
salah sawijine klas tembung kahanan kang
nuduhake katute samubarang ing sawijine kahanan;
PS wis tau ~ aradan moneter taun 1997-1998.
SEMU [səmu] {TKh}: N-~-ni [ñəmᴐni] {TKr.TPk}: salah
sawijine klas tembung kriya jinis pakaryan tanduk
sing mujudake tumindak menehi pitutur sarana
pasemon lan uga malehake; yen ora sreg ya banjur
~ kanthi sawernaning tetembungan.
SEMU [sɘmu] {TKh}: pa-~-an [pasɘmɔn] {TAr}: salah
sawijine klas tembung aran kang nuduhake aweh
sasmita; Sanadyan ta tetep ana sing aweh pa~-an

323
marang sakehing pangalembana kanggo Obed
kasebut.
SENADYAN [sənadyan] {TPg}: salah sawijine klas tembung
panggawe jinis tembung panggandheng kang
nduweni teges senajan; ~ palsu sing penting entuk
rega murah.
SENAJAN [sǝnajan] {TPg, TPd}: salah sawijine klas
tembung panggawe jinis tembung panggandheng
kang nduweni teges senadyan; yen ~ kita kebak
kesuksesan nganti oleh pangalembana saka
ngendi-endi.
SENENG [sənəŋ] {TKr.TKh}: salah sawijine klas tembung
kriya jinis kahanan kanggo nuduhake samubarang
kang dhemen sarta bungah;..bocah-bocah luwih ~
ngunakake basa nasional (Indonesia). 1. ñ~ake
[ñɘnɘŋake] {Tkr}: salah sawijine kelas tembung
kriya jinis kahanan kang nuduhake swasana
bungah; uga ora ñ~ake. 2. ~ -ane [sənəŋane]
{TKr.TKh}: salah sawijine kelas tembung kriya jinis
kahanan kang nuduhake swasana bungah ing
tumindake; ~ sing praktis-praktis.
SENGGOL [sɛŋgͻl] {TKr}: N-~ [ñɛŋgͻl] {TKr.TKh}: salah
sawijine klas tembung kriya jinis tembung kahanan

324
kang nuduhake kahanan katut sathithik; isih kurang
~ marang open-open basa Jawa.
SENGIT [səŋit] {TKh}: tembung kahanan sing nyatakake
kahanan kang ora ngresepake; rumangsa
dhendham lan tambah ~ apa ora.
SENGKUYUNG [sǝŋkuyuŋ] {TKr}: pa-~ [pañǝŋkuyuŋ] {TKr}:
salah sawijine tembung kriya kang nuduhake
pakaryan kang disengkuyung; pengalaman, uga
maneka pa-~ liyane wis ora kapetung gedhene.
SENGKUYUNG [səŋkUyUŋ] {TKh}: N-~ [ñəŋkuyUŋ]
{TKr.TPk}: salah sawijine kelas tembung kriya jinis
pakaryan kang nuduhake pakaryan sing dilakoni
bebarengan, ndukung; lingkungan sakiwa tengene
kurang ~ kupiyane PS mau.
SENGON [sɘngon] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhahake salah sijine jinise wit;ngasilake
kayu kaya ~, pring utawa liyane.
SENGSARA [səngsↄrↄ] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nerangake kahanan kang ora
kepenak; ~ rakyat mbiji pemerintah kasil.
SENI [sǝni]{TAr}: salah sawijine tembung aran kang
nuduhake asil pakaryan pawongan; bab logika lan ~
ora patiya berduli. 1. ~-e [sǝnine] {TAr}: salah
sawijine tembung aran kang nuduhake asil

325
pakaryan pawongan; saengga ora bisa
ngemungake bab ~-newae,... 2. ~-mane [sǝnimane]
{TAr}: salah sawijine tembung aran kang nerangake
pawongan kang bisa ngasilake pakaryan; nanging,
suwening suwe, saperangan pelaku perfileman (ya
~-mane, ya pebisnise).
SENJATA [sənjata] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
sing nyatakake piranti kang dianggo perang; isu ksb
wus berkembang hebat lan dadi ~ kanggo nyerang
petahana.
SENSITIF [sɜnsitif] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nuduhake gampang nuwuhake rasa
mangkel; para penegak hukum ora mung ora ~
SENSITIVITAS [sɜnsitivitas] {TAr}: salah sawijine klas
tembung aran kang nuduhake bab kang cepet
mbangkitake rasa mangkel; mbutuhake banget ~
dhuwur saka penegak hukum.
SEPEDHA [sǝpeḍa] {TAr}: salah sawijine klas tembung
aran kanggo srana transportasi samubarang kang
nduweni ban loro, setir, sadhel, rante, lan dilakokake
kanthi cara dipancal; sebagiyan gedhe medali emas
kita mung saka nomor-nomor cabang non
Olimpiade kaya pencak silat, jet ski, balap ~ down
hill, paralayang, lan Wushu.

326
SEPEDHA MOTOR [səpɛḍa mɔtɔr] {TAr}: salah sawijine
klas tembung aran kang nerangake jinise
kendharaan; dhasare, akeh banget barang sing
ditawakake secara kredhit: omah, mobil, ~, lsp.
SEPRENE [səprene] {T.Kh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nuduhake wektu; ~, penyerapan lagi
oleh 145.641 ton, ±5,3% saka target
SEPTEMBER [sɛptɛmbǝr] {TAr} salah sawijine klas
tembung aran kang nuduhake aran sasi saka
sataun, yaiku ulan kang nomer sanga; Asian Games
18 rampung tanggal 2 ~.
SEPUH [səpUh] {TKh}: Tembung kahanan kang nuduhake
umure kang luwih (ora enom maneh); sawijining
wanodya kaduk ~. 1. ka-~-an [kasəpohan] {TAr}:
salah sawijine klas tembung aran kang nuduhake
golongane wong-wong tuwa; .prihatine kalangan ~
sing kepingin basa dhaerahe ora ilang. 2. ~-e
[səpuhe] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nuduhake pawongan umur kang
luwih (ora tuwa maneh) urip tentrem nikmati
dina ~.
SERAGAM [səragam] {TAr}: salah sawijine klas tembung
aran kanggo nuduhake wujud samubarang; sing
meh ~ saindenging donya.

327
SERAKAH [sǝrakah] {TKh}: Ka-~-an [kasǝrakah] {TAr}:
salah sawijine klas tembung aran kang nuduhake
sipat srakah kang dilakokake dening pawongan; wis
nyata yen ~ wis ngejur lan ngrusak moral lan akal
warase pejabat.
SERANG [səraŋ] {TKr}: 1. N-~ [ñeraŋ] {TKr}: salah sawijine
klas tembung kriya sing nyatakake tumindak kanggo
nrajan lan nempuh kang mungguh ing sawijine bab;
senjata kanggo ~ petahana; 2. ~-ane [səraŋane]
{TAr}: Tembung kriya sing nyatakake jinise tumindak
kanggo nrajang lan nempuh kang mungguh ing
sawijine bab ; merga ~ ora perduli lan ora ngenal
apa wae.
SERAP [sərap] {T.Kr} : 1. Pa- ~ -an [panyərapan] {TKh}:
salah sawijine klas tembung kahanan kang
nerangake sawijine pakaryan; ~ gabah/ beras
dening Bulog uga durung signifikan. 2. N- ~[nyərap]
{TKr. TPk}: salah sawijine klas tembung kriya jinis
tembung pakaryan kang ndudhake pakaryan
nyesep asil panen; mangka biyasane panen
mangsa rendhengan bisa ~ 60-65% saka target
setaun.
SERENTAK [sərəntaʔ] {TKr}: salah sawijine klas tembung
kriya kang nuduhake kagiyatan dilakoni kanthi

328
bebarengan; Bab iki gegandhengan karo irama
tandur ~ sing ngasilake panen sing ajeg.
SERET [sərət] {TKh}: 1. ~-e [sərəte] {TKh}: salah sawijine
klas tembung kahanan kang nerangake kahanan
sing kurang nyenengake; dhuwure rega uga bisa
kagambarake saka ~ penyerapan beras dening
Bulog. 2. N-~ [ñɘrɘt] {TKr. TPK}: salah sawijine klas
tembung kriya sing nyatakake pakaryan tanduk
kang bisa nggawa samubarang marang bab sing
ala; kelakon ~ nilai rupiah nganti nyedhaki 15.000
per US dollar.
SERTA [sartɔ] {TPg}: ke- ikut- ~ -an [kǝikutsertaan] {TAr}:
salah sawijine klas tembung arang kang nuduhake
tumindak melu sajrone nglakokake pakaryan
tertamtu; pilkada sing menganulir ~ khandhidhat.
SETU [sǝtu] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran kang
nuduhake aran dina sawise dina jemuwah lan
sadurunge dina minggu; Asian Para Games
rampung ~ bengi 13 Oktober 2018.
SETYA [sətyͻ] {TKr. TKh}: salah sawijine klas tembung
kriya jinis tembung kahanan kang nuduhake rasa
mantep ing pasuwitane, ora gelem nglungani
bendarane; tansah ~ maos PS.

329
SIAP [siyap] {TAr}: 1. N- ~ -ake [nyiapakə] {TKr} : salah
sawijine klas tembung kriya sing nyatakake
pakaryan kang nuduhake kasiapan babagan
tartamtu; ~ sarana lalu-lintas mudhik kaya dalan tol,
angkutan umum lsp. 2. di- ~ -ake [disiapake] {TKr}:
salah sawijine klas tembung kriya jinis pakaryan
kang nuduhake pakaryan nyedhiani kabutuhan kang
dikarepake lan dibutuhake; biaya politik sing ~ liwat
APBD.
SIBER [sibər] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran sing
nyatakake sistem komputer lan infotmasi kang
dumunung ana ing internet; Direktorat Tindak
Pidana ~ Bareskrim Polri.
SIBUK [sibug] {TKr}: salah sawijine klas tembung kriya
kang nuduhake kahanan kang akeh kudu dilakoni;
ora mung parpol lan para calon pemimpin dhaerah
sing ~.
SIDA [sidɔ] {BT}: ~-ne [sidane] {TKr. TPk}: salah sawijine
klas tembung kriya jinis pakaryan kang nuduhake
pakaryan kang wis kelakon temenan; Sidane bocah-
bocah ora bisa basa dhaerah.
SIDHANG [siḍaŋ] {TAr}: 1. di- ~ [disiḍaŋ] {TKr. TPk}: salah
sawijine klas tembung kriya sing nyatakake
pakaryan tanggap kang nuduhake pawongan sing

330
dirembug ing pengadilan amarga nglakoni sawijining
tumindak; maling woh kakao telung iji liyane sing ~
maneh ng pengadilan. 2. di- ~ -ake [disiḍaŋake]
{TAr}: salah sawijine klas tembung aran kang
nuduhake pawongan sing disidhang; Mbah Saulina
ora pantes
SIDHEM [siḍəm] {TKh}: se-~-an [sesiḍəman] {TKh}: salah
sawijine klas tembung kahanan sing nyatakake
kahanan kang digawe wadi lan ora dikandha-
kandhakake; mbokmenawa ~ wae luwih prayoga.
SIGNIFIKAN [signifikan] {TKh}: salah sawijine klas
tembung kahanan kang nuduhake bab kang ana
munggahe cepet; penyerapan gabah/ beras dening
Bulog uga durung ~.
SIGRA [sirgɔ] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran kang
nuduhake bebarengan nindakake samubarang;
nalika lagi wae nandhang bebendu, kabeh ~ nyinau.
SIJI [siji] {TAr. TWi}: salah sawijine klas tembung aran jinis
tembung wilangan kang nuduhake bab kang cacahe
siji; banjur, geneya panen durung bisa ngudhunake
rega beras? Jalarane : ~-e [sijine] {TAr. TWi}: salah
sawijine klas tembung aran jinis tembung wilangan
kang nuduhak jumlahe wilangan; Gus Solah,salah ~

331
-ne pangarsa Ponpes Tebu Ireng paring atur yen
Indonesia iku masalahe akeh bangt.
SILA [sila] {TAr}: salah sawijine embung aran sing
nyatakake aturan kang dadi pedoman; Ketuhanan
Kang Maha Esa dadi ~ pertamane.
SILAT [silat] {TAr}: salah sawijine tembung aran kang
nuduhake kaprigelan mbela diri; ~ lidhah lan adu
argumentasi para ahli hukum.
SILATURRAHIM [silaturrahim] {TAr}: salah sawijine klas
tembung aran kang nuduhahake sesrawungan karo
wong liya;mudhik kumpul sedulur lan ~
SILUMAN [siluman] {TAr.TSe}: salah sawijine klas tembung
aran jinis sesulih kangg nyulihi dana sing ora katon,
pepindhan saka lelembut; Dana ~ diwetokake para
kandhidhat.
SIMPEN [simpɘn] {BT}: N-~ [ñimpɘn] {TKr.TPk}: salah
sawijine klas tembung kriya sing nyatakake
pakaryan tanduk kang nuduhake tumindak
njaga/nggawa samubarang; saengga sabisa bisa
kita kudu ora kena ~ rupiah ing mangsa sing suwe.
SIMPUL [simpUl] {TAr}: ke-~-e [kəsimpulane] {TAr}: salah
sawijine klas tembung aran kang nuduhake dudutan
saka maneka pamawas; ora mokal ~ sok kaya ora
ber-perikemanusiaan lan ora ber-perikeadilan.

332
SINAU [sinau] {T.Kr}: 1. pa-~-an [pasinaↃn] {TKh}. salah
sawijine klas tembung kahanan kang nuduhake
samubarang bisa digunakake pathokan; kahanan
sing uwis dadi ~. 2. N- ~ [ñinau] {TKr.TPs}: salah
sawijine klas tembung kriya jinis proses kang
nuduhake proses kanggo ngerteni; ora duwe karep
~ basane.
SING [sIƞ] {TPg. TPi}: salah sawijine klas tembung
panggawe sing nyatakake panyilah, nduweni teges
ingkang, kanggo nerangake tembung utawa ukara
sadurunge sing gumathok; saiki ing wektu ~ padha.
SINGAPURA [singapura] {TAr}: salah sawijine klas
tembung aran kang nuduhake jeneng salah sawijine
negara; yen soal ujian Indonesia jaman saiki
dibandhingake karo Thailand, ~ lan Malaysia, kita
luwih gampang
SINGID [singId] {TKr}: ~-an [siŋidan] {TKr.TPk}: salah
sawijine klas tembung kriya jinis tembung pakaryan
kang nuduhake tumindak ora gelem ngetok; para
pamonge ~ menyang luwar kota.
SIPAT [sipat] {TAr}: 1. ~-e [sipatɛ] {TAr}: salah sawijine klas
tembung aran kang nuduhake wataking utawa ciri
bab tartamtu; yen tumpuan prestasi ing cabang non
Olimpiade ~ mung sawetara. 2. a-~ [asipat] {TAr}:

333
salah siji klas tembung aran kang nuduhake aran
kapribaden saperangan bab; nanging panyaruwe
mau kudu ~ membangun.
SIPAT [sipat] {TKh}: ~ -e [sipate] {TPg. TKa}: salah sawijine
klas tembung panggawe sing nyatakake katrangan
marang sawijine kahanan; ewa semono pemerintah
yakin yen gejala anjloge rupiah iki ~ mung
sawetara.
SISIH [sIsIh] {TPg.TAa}: salah sawijine klas tembung
panggawe jinis tembung ancer-ancer kang
nuduhake dumunung ing iringan samubarang; basa
dhaerah sing wis pusa rata-rata ing tlatah
Indonesia ~ wetan.
SISIP [sIsIp] {TAr}: ~-an [sisipan] {TKh}: salah sawijine klas
tembung kahanan kang nerangake panggonan sing
ana ing jero; salah sijine lumantar ~ Narayana.
SISTEM [sistǝm] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake prosedur utawa proses sistematis; ~
pengolahan data jaman semana durung kaya saiki.
SISWA [sIswɔ] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake sebutane pawongan kang sinau ing
bangku sekolahan; luwih saka amung “~”.

334
SITHIK [sithIk] {TKh}: se-~ [səṭiṭiʔ] {TKh}: salah sawijine
klas tembung kahanan kang nuduhake cacahe
samubarang kang ora akeh; ~ banget.
SITHIK [siṭiɁ] {TPg. TKa}: salah sawijine klas tembung
panggawe sing nyatakake katrangan marang
sawijine asil saka pakaryan; katone usaha mau lagi
~ asile secara langsung.
SITUASI [situasi] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
sing nyatakake bab kang gayut karo kahanan; lagi
ana ing ~ darurat hoaks.
SITUS [sitUs] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran sing
mujudake aran saka panggonan kang sumedya
kanggo lambang sawijine inkripsi; maneka ~ iku
banjur. ~-~ [sitUs-sitUs] {TAr}: salah sawijine klas
tembung aran sing mujudake aran saka panggonan
kang sumedya kanggo lambang sawijing inkripsi
kang cacahe luwih saka siji; ~ kasebut nggawe
pawarta sing narik kawigaten.
SIYAGA [siyɔgɔ] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nuduhake cumawis sadurunge
kedadeyan; sinau, ~ ngadhepi bebendu.
SIYAM [siyam] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhahake nindakake pasa; sugeng ngayahi
ibadah ~.

335
SIYAP [siyap] {TKr}: per- ~-an [pǝrsiyapan] {TKr}: tembung
kang nggambarake proses gae nyepakake
samubarang; nanging kanyatan yen kita durung
duwe ~.
SKALA [sɘkala] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake sawijine pathokan kanggo ngukur
sawijine kahanan; bakal gedhe pengaruhe
kanggone ~ ekonomi makro.
SKI [ski] {TAr}: salah sawijine tembung aran kang nuduhake
salah sawijine olahraga ing gunung salju; Olimpiade
kaya pencak silat, jet ~ , balap sepedha down hill,
paralayang, lan Wushu.
SLAMET [slamǝt] {TKh}: ka-~-an [kaslamətan] {TKh}: salah
sawijine klas tembung kahanan kang nuduhake
sipat adoh saka bebaya; uga gladhen njaga ka-~-an
nalika dumadi lindhu, tsunami.
SLAMET [slamɘt] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nuduhake adoh saka bebaya; muga-
muga ing taun candhake kita bisa ~ lan luwih
sejahtera. N- ~ -ake [ñlamətake] {TKr}: salah
sawijine klas tembung kriya kang nuduhake proses
nulungi saka bebaya; malah, sing kaprenah tangga
wae, jenenge bisa ~ saka tilang.

336
SMA {TAr}: salah sawijine klas tembung aran kang
nuduhake cekakan saka Sekolah Menengah Atas;
ngungkuli bocah sekolah SD, SMP, uga ~/SMK.
SMARTPHONE [smartphon] {TAr}: salah sawijine klas
tembung aran kang nuduhake rupane barang
elektronik; tujuwan bisa dibukak ing ~.
SMK {TAr}: salah sawijine klas tembung aran kang
nuduhake cekakan saka Sekolah Menengah
Kejuruan; ngungkuli bocah sekolah SD, SMP, uga
SMA/~.
SMP {TAr}: salah sawijine klas tembung aran kang
nuduhake cekakan saka Sekolah Menengah
Pertama; ngungkuli bocah sekolah SD, ~, uga
SMA/SMK.
SOAL [soal] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran kang
nuduhake bab sing kudu diprantasi; apa keadilan
hukum mung mligi ~ prosedur? [soal-soal] {TAr}:
salah sawijine klas tembung aran sing kalebu jinis
panuduh kang nuduhake sklompok pitakonan kang
nuntut anane jawaban lan liya-liyane ; yen
dibandhingake ~ ujian taun saiki karo 40 – 50 taun
kepungkur, katon yen ~ jaman kepungkur luwih
abot.

337
SOK [sɔɁ] {TKh}: salah sawijine klas tembung kahanan
kang nuduhake sipat gumedhe; ora mokal
kesimpulane ~ kaya ora ber-
perikemanusiaan. [sɔɁ-sɔɁ] {TPg.TKa}: salah
sawijine klas tembung panggawe jinis tembung
katrangan kanggo nerangake samubarang kang
arep nglakoni pakaryan; ...malah ~ bocah-bocah
“mlumpat”.
SOLAH [solah] {TPg. TKa}: salah sawijine klas tembung
panggawe jinis tembung katra ngan kang nuduhake
obahing awake; luwih saka 80% sing ngandhakake
yen ~ bawane Presma UGM nalika pirembugan,
maremake.
SOPUTAN [sɔputan] {TAr}: salah sawijine klas tembung
aran sing nyatakake jenenge gunung kang ana ing
Sulawesi; gunung ~ (Sulut) erupsi.
SOSIAL [sosial] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake sesrawungan; kudune perkara sing
nduweni dimansi ~.
SOWAN [sͻwan] {TKr.TPk}: salah sawijine klas tembung
kriya jinis tembung pakaryan kang nuduhake mara
utawa teka; salah sijine lumantar sisipan
Narayana sing ~.

338
SPEKTAKULER [spektakulɛr] {TKh}: salah sawijine klas
tembung kahanan sing mujudake kahanan kang
narik kawigaten; katon ~.
SPEKULASI [spɛkulasi] {TKr.TKh}: salah sawijine klas
tembung kriya sing nyatakake kahanan ekpresional
kang nerangake marang sawijine tumindak sing
sakarepe dhewe; Menkeu wis ngancam bakal
menindhak aksi ~ sing saya ngrusak nilai tukar
rupiah.
SRANA [srᴐnᴐ] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
sing mujudake aran saka apa-apa sing dianggo
lantaran utawa piranti; kanggo nggolek dhuwit ~
iklan.
SRAWUNG [srawUŋ] {TKr}: salah sawijine klas tembung
kriya sing nduweni teges barung; ora ~.
SREG [srəg] {TPg.TKa}: salah sawijine klas tembung
panggawe jinis katrangan sing nduweni teges trep,
cocok banget, wis mungguh; yen ora ~ ya banjur
nyemoni kanthi sawernaning tetembungan.
SROBOT [srobot] {TKr}: 1. N~ [nyroboT] {TKr}: salah
sawijine klas tembung kriya sing nyatakake
kahananan kang nuduhake kahanan kang ora
sakmesthine; pakulinan ngebut, ~, parkir

339
sembarangan, saya nambahi ruwete kahanan ing
dalan.
STATUS [status] {TAr}: ~ -e [statuse] {TPg.TKa}: slah
sawijine klas tembung panggawe jinis katrangan
kang nyatakake ngenani kalungguhane pawongan;
utamane sing ~ incumbent- terlibat korupsi.
STOK [stɔk] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran kang
nuduhake wujud barang sing disimpen; Iki bisa
dideleng saka ~ awal Bulog taun 2018 sing mung
kari 700.000- 800.000 ton beras.
STRATEGIS [stratəgis] {TAr}: salah sawijine klas tembung
aran kang nuduhake papan panggonan sing
gampang ditemoni; Pusat Informasi Harga Pangan
~ Nasional nyathet.
SUAP [suwap] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kanggo mbingkem salah sawijine pawongan supaya
bisa nutupi prekara kanthi cara kang kasalah;
Cabub sing diusung PDIP lan PKB iki ditangkep
merga nampa ~ 4,1 M.
SUCI [suci] {TKh}: salah sawijine klas tembung kahanan
kang nuduhahake resik; wulan ~
SUDA [sudɔ] {TKh}: ~-ne [sudane] {TKh}: salah sawijine
klas tembung kahanan kang nuduhake kahanan

340
kang kalong utawa ora mundhak samubarange;
kayata, siji :saya ~ penuture.
SUDA [sudͻ] {TKh}: di-~ [disudͻ] {TKh}: salah sawijine klas
tembung kahanan kang nuduhake ukuran kang
saya dientekake; cacahing kaca ~ kari separo.
SUGENG [sugɘŋ] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kanggo ngucapake slamet;~ ngayahi
ibadah Siyam
SUGIH [sugIh] {TKh}: salah sawijine klas tembung kahanan
kang nyatakake duwe bandha akeh, sarwa
kacukupan; gedhene gumantung ~ mlarate calon
lan kondhisi dhaerahe.
SUHU [suhu] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran kang
nuduhake ukuran kahanane samubarang: ~ politik
saya panas.
SUK [suʔ] {TPg}: salah sawijine klas tembung panggawe
jinis tembung panguwuh kang nuduhake wektu kang
isih mbesuk; ancase, amrih bisa jaga-jaga yen ~
dumadi maneh.
SUKARELA [sukarela] {TKr. TKh}: salah sawijine klas
tembung kriya sing nyatakake kahanan ekspresional
ngenani tumindak saka kemauan diri pribadine
dhewe; para eksportir becik banget yen kanthi ~
gelem nukarake.

341
SUKSES [suksɛs] {TKh}: ~ -e [suksɛse] {TAr} salah siji klas
tembung aran kang nuduhake aran nalika wis kasil
nggayuh gegayuhan; diakoni ~ banget dening para
delegasi.
SUKSES [sukses] {TKr, TPk}: salah sawijine klas tembung
kriya jinis tembung pakaryan kang nuduhake
kagiyatan kang ngasilake bab sing nyenengake;
Yen beras regane murah ateges pemerintah ~
mimpin negara.
SUKU [suku] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran kang
nuduhake status soial; manut ~ lan dhaerahe.
SUKUR [sUkur] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nuduhake rasa panuwun; ~ bage
yen.
SUKUR [sukUr] {TKh}: tembung kahanan kang nuduhake
rasa panuwwun; ~ bage yen.
SULAWESI [sulawəsi] {TAr}: salah sawijine klas tembung
aran sing nyatakake jenenge pulo kang dumunung
ing Indonesia; Donggala ing ~ Tengah.
SULTENG [sultǝη] {TAr}: salah siji klas tembung aran kang
nuduhake aran papan panggonan ing pulo
Sulawesi; saka bencana sing ngenani warga ing
Lombok lan ~.

342
SUMBANGSIH [sumbaŋsIh] {TAr}: ~-e [sumbaŋsIhe] {TKr.
TPk}: salah sawijine kelas tembung kriya jinis
pakaryan kang nuduhake pakaryan panyumbange
kanggo ngundhakake sumber dhaya manusia; ~
pawongan lan klompok sing gumregah kepengin
ngundhakake kaprigelane liyan.
SUMBUT [sumbUt] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nuduhake cocoge upaya lan asile;
oleh-olehane ora ~ karo ragad operasional.
SUMPAH [sumpah] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake pranyatan kang diucapake
nganggo paksasining Pengeran; ~ atas nama
Tuhan sing Maha Kuwasa.
SUNDHUL [sunḍUl] {TAr}: salah sawijine klas tembung
aran kang nuduhake kahanan nganti nggepok wates
dhuwur tertamtu; ndedel ~ langit.
SUPAYA [[supↄyↄ] {TPg,TPd}: salah sawijine klas tembung
panggawe jinis tembung pangandheng kang
nuduhake bab kang kudune bisa luwih apik; mula
jajaran kabinet bidhang ekonomi mesthi kerja keras
~ bisane beras murah nalika wulan pasa lan bada.
SURABAYA [surɐbɐyɐ] {TAr}: salah sawijine klas tembung
aran kang nuduhake jenenge kutha; Bareng Jepang
mlebu ~, PS dibrangus jalaran dianggep wani.

343
SURASA [surɔsɔ] {TAr}: ~-e [surasane] {TAr}: salah
sawijine klas tembung aran jinis tembung sesulih
kang nyulihi maksuding layang, tetmbungan lsp; ~
trep karo padinane nom-noman.
SURAT [surat] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake samubarang kang awujud medhia
tulis kanggo menehi warta, informasi marang
pawongan tartamtu; ~ kabar.
SUSAH [susah] {TKh}: ora ~ [ora susah] {TPg.TKa}: salah
sawijine klas tembung panggawe jinis katrangan
sing nduweni teges ora perlu utawa tanpa nganggo;
~ ngeklik pawartane.
SUSUL [susUl] {TKr}: di-~ [disusUl] {TKr}: salah sawijine
klas tembung kriya kang nuduhake pakaryan
ditututi; Lindhu wis namani pulo Sulawesi, di-~
tsunami.
SUSUN [susun] {TAr}: N-~ [ñusun] {TKr}: salah sawijine
klas tembung kriya jinis pakaryan kang nuduhake
pakaryan nata samubarang; ~ strategi.
SUSUT [susUt]{TKh}: salah sawijine klas tembung kahanan
kang nuduhake saya sudane samubarang;
sangsaya ~.
SUWARA [suwɔrɔ] {TAr }: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake hak medharake panemu; ngrebut ~

344
rakyat; 2. ~e [swarane] {TAr}: salah sawijine klas
tembung aran kang nuduhake sing nduweni swara;
~ para milenial; 3. N-~ [ñuwↄrↄ] {TKr}:tembung kriya
sing nyatakake pakaryan kang ngetokake swara;
saiki masyarakat bisa bebarengan ~.
SUWE [suwɛ] {TKh}: salah sawijine klas tembung kahanan
kang nerangake wektu kang ora sedhela; nanging
ya rada ~; 1. ~-~ [suwɛ- suwɛ] {TPg.TKa}: salah
sawijine klas tembung panggawe jinis katrangan
sing nduweni teges tambah suwe tambah...; ~ dadi
saerat-erat; 2. Sa-~-e [sasuwene] {TAr}: salah siji
klas tembung kang nuduhake wektu lumakune
saperangan perkara; semangat persatuan sing
dibangun ~ agendha telu iku; 3. ~-ing-~ [suweniŋ]
{TKh}: salah sawijine tembung kahanan kang
nerangake wektu kang ora sedhela; Nanging, ~.
SUWUN [suwUn] {BT}: N-~ [nyuwUn] {TKr.TPk}: salah
sawijine klas tembung kriya jinis pakaryan kang
nidakake njaluk samubarang; kita tansah ~.
SWASANA [swasɔnɔ]{TAr}: salah sawijine tembung aran
kang nerangake kahanan ing sakupenge; ~ lan
papan sing trep.

345
SWASTA [swasta] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake ora dadi wewengkon pamrentah;
lembaga ~.
SYARAT [syarat] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kalebu jinis tembung panuduh kang nuduhake
samubarang dibutuhake kanggo ngandharake
maksud; Jepang pasrah bongkokan tanpa ~.

346
T
TA [tɔ] {TPg}: salah sawijine klas tembung aran jinis sesulih
kanggo ngantebake nyatane gagasan kang
kawedharake; Kaya ~ dol tinuku.
TAGIH [tagIh] {TKr}: di-~ [ditagIh] {TKr, TPk}: Salah sawijine
klas tembung kriya jinis proses kang nuduhake
proses panjaluk; lan ~ harian.
TAHAN [tahan] {BT}: 1. ~-e [tahane] {TKh}: salah sawijine
klas tembung kahanan kang nuduhake kahanan
betah utawa tegel; diuji daya ~, 2. Pe-~-a [petahan]
{TAr}: Tembung aran sing nyatakake sesulih wong
kang nduwe lan isih duweni jabatan utawa
kalungguhan; senjata kanggo nyerang ~; 3.
memper-~-kan [mɘmpɘrtahankan] {TKr. TPk}:
tembung kriya sing nyatakake pakaryan tanduk
kang nerangake marang tumindak amrih ora owah
saka kahanan awale; Fitch Ratings lagi wae ~
peringkat negara kita.
TAHAP [tahap] {Tar}: ~an [tahapan] {TAr}: salah sawijine
klas tembung aran kang nuduhake tingkatan saka
panggaweyan kang dilakoni; ~ Pilkada wis mlebu
mangsa kampanye.
TAKON [takon] {TKr}: salah sawijine klas tembung kriya
sing kalebu jinis tembung pakaryan kang nuduhake

347
njaluk katrangan ngenani samubarang supaya
diwangsuli; kaisar Hirohito ~ marang andhahane.
TAMAN [taman] {TAr}: Salah sawijine klas tembung aran
kang nerangake panggonan kang isine maneka
warna; mbukak ~ baca ing omahe; ~-an [kətaman]
{TKh}: salah sawijine klas tembung kahanan kang
nuduhake bab kang wis ditindakake; sawise ~-an
lindhu.
TAMAT [tamat]{TKh}: salah sawijine klas tembung kahanan
kang nuduhake enteke, rampunge sawijine bab; ~
sejarahe.
TAMBA [tϽmbϽ] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
sing digunakake kanggo sarana marasake; kadhang
mbutuhake usada (~, obat).
TAMBAH [tambah] {TAr}: salah sawijine tembung aran
kang nerangake tumindak wuwuhi supaya saya
akeh; ~ akeh; 1. di- ~ [ditambah] {TKr}: salah
sawijine klas tembung kriya kang nuduhake
tumindak ngluwihi samubarang saengga luwih akeh
saka sadurunge; isih ~ Gubernur Jambi Zumi Zola;
2. di-~-i [ditambahi] ] {TKr,TPk}: salah sawijine klas
tembung kriya kang jinis tembung pakaryan kang
nuduhake tumindak kanthi diwuwuhi supaya
mundhak akeh maneh; isih terus ~ penumpange; 3.

348
N-~ [nambah] {TKr}: salah sawijine tembung kriya
sing menehi luwih akeh; ~ wawasan; 4. N-~-i
[nambahi] {TKr, TPk}: salah sawijine klas tembung
kriya jinis pakaryan nuduhake menehi saya akeh;
ora malah ~ gedhene prabeya; 5. ~-an [tambahan]
{TAr}: salah sawijine klas tembung aran kang
nuduhake anane pawuwuhan; dadi program ~an.
TAMBANG [tambaŋ] {TAr}: Per-~-an [pǝrtambangan] {TAr}:
salah sawijine klas tembung aran kang nuduhake
bab sing sesambungan karo tambang; sektor ~ lan
perkebunan.
TAMPA [tɔmpɔ] {TKh}: 1. di-~ [ditampa] {TKr}: salah
sawijine klas tembung kriya kang kalebu jinis
tembung pakaryan kanggo nuduhake pakaryan
nampa; Sing ~ minangka mahasiswa; 2. N-~
[nɔmpɔ] {TKr}: salah sawijine klas tembung pakaryan
kang entuk samburanag saka wong liya; ~ suap3.
An-~ [nɔmpɔ] {TKr}: tembung kriya sing nyatakake
pakaryan kang entuk samburanag saka wong liya;
wegah ~ bocah kasebut.
TAMPIL [tampIl] {TKr}: salah siji klas tembung kriya kang
nuduhake pakaryane pawongan kang maju ing
papan ngarep supaya bisa disawang dening wong

349
liya; Para atlet nasional ing Games loro mau ~
mabyor.
TAMTU [tamtu] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nerangake samubarang kang mligi;
1. ~-in- [tinamtu] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nerangake samubarang kang mligi;
saka dhaerah ~; 2. ta-~ [tartamtu] {TPg, TKa}: salah
sawijine klas tembung panggawe jinis tembung
katrangan kang nerangake samubarang kang mligi;
mbutuhake prabeya ~.
TANAGA [tanɔgɔ] {TAr} Sala sawijine klas tembung aran
kang nuduhake kekuwatan; daya lan ~.
TANAH [tanah] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake suwijine palemahan, tlatah, laladan;
nanging jeneng tresna ~ wutah getih; Yen ing ~
Arab; kaya banjir bandhang, kasatan, ~ longsor, lsp.
TANDHA [tanḍɔ] {TAr}: N-~-i [nandhani] {TKr}: salah
sawijine klas tembung kriya sing kalebu jinis
tembung pakaryan sing nuduhake pakaryan niteni
samubarang supaya beda karo siji lan sijine; ~
akhire Perang Donya II.
TANDHANG [tanḍaŋ] {TKr}: 1. N-~ [nanḍaŋ] {TKr}: salah
sawijine klas tembung kriya kang nuduhake
pakaryan kang nemahi; ~ bebendu; 2. paN-~

350
[pananḍaη] {TAr}; nampa ~ saka anane bencana
alam.
TANDHES [tanḍǝs] {TKr}: N-~ [nanḍǝs] {TKr}: salah
sawijine klas tembung kriya kang nuduhake
tumamahe tekan ing dhasar; sing n-~ ing ati.
TANDHING [tanḍIη] {TKr}: 1. te-~-an [tǝtanḍiηan] {TKr}:
salah sawijine klas tembung aran kang nuuduhake
anane acara arupa tandhing, tumbukan; acara ~; 2.
per-~-an [pǝrtanḍiηan] {TAr}; salah sawijine klas
tembung aran kang nuuduhake anane acara arupa
tandhing; rumangsa bergairah ngeloni ~.
TANDUR [tandUr] {TKr}: 2. n-~- [nandUr] {TKr, Pkr}: salah
sawijine klas tembung kriya jinis pakaryan kang
nuduhahake tuminda tetanem; Kesane, Landa
(Daendels) pinter ~; 2. di-~-i [ditandUri] {TKr}: becik
banget ~ wit-witan.
TANGAN [tangan] {TAr}: 1. pe-~-an [pənaɳanan] {TAr}:
salah sawijine klas tembung Aran kang nuduhake
penggawe kang ditindakake; mbutuhake ~
paripurna; 2. ~-e [taŋane] {TAr}: salah sawijine klas
tembung aran sing nyatakake barang mawujud kang
nerangake anggotane badan sing dianggo nyekel; ~
nuding-nuding.

351
TANGEH [taŋeh] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan sing nyatakake kahanan kang isih adoh
antarane utawa isih suwe; ya ~ lamun bakale seleh.
TANGGA [tɔnggɔ] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
jinis tembung sesulih kang nyulihi wong kang
dedunung ing sacedhake omah, desa, negara,
utawa liyane; kalebu ~ negara Asean.
TANGGAL [taηal] {TAr}: salah siji klas tembung aran kang
nuduhake aran wayah; ~ l 2 September.
TANGGAP [taŋgap]{TKr}: salah sawijine klas tembung kriya
kang nuduhake pawongan kang bisa nggape
kahanan tartamtu; luwih ~.
TANGGUNG [taŋgUŋ] {TKr}: salah sawijine klas tembung
kriya sing nuduhake pakaryan kang ditindakake
bebarengan; sistem ~ renteng; 1. N-~ [naŋgUŋ]
{TKr. TPk}: Tembung kriya sing nyatakake
pakaryan tanduk kang nuduhake pakaryan
nyangga; kudu melu ~ akibate; 2. di-~ [ditaŋguŋ]
{TKr}: salah sawijine klas tembung kriya kang
nuduhake kahanan disanggemi kabutuhane; Isih
ana biaya pilkada sing ~ calon.
TANGI [tangi] {TKr}: n- ~ [nənangi] {TKr}: salah sawijine
klas tembung kriya sing kalebu jinis tembung

352
pakaryan kang nuduhake nggugah ati marang
samubarang; kuwawa ~ rasa pengin ngerti.
TANGKEP [taŋkǝp] {TKr}: di-~ [ditangkǝp] {TKr}: salah
sawijine klas tembung kriya kang nuduhake
kahanan kena cekel dening aparat; sing uga ~ KPK.
TANI [tani] {T.Kr}: pe-~ [pətani] {T.Ar}: salah sawijine
tembung aran kang mligi ing pawongan sing nandur
pari; kesejahteraan ~ minangka pelaku utama.
TANPA [tanpɔ] {TKr}: Tembung kriya sing nyatakake bab
kang ora ana, ora nganggo; medhia ~ hoaks; ~
nggatekake saka negara ngendi wae asale;
tudhuhan ~ bukti kuwat ora bakal bisa ngrampungi
masalah.
TANSAH [tansah] {TPg, TKa}: Salah sawijine klas tembung
panggawe jinis tembung katrangan kang nuduhake
isih lumaku; kita kudu ~ eling; banjir lan tanah
longsor ~ nekani nalika mangsa rendheng.
TANSAYA [tansᴐyᴐ] {TPg.TKa}: salah sawijine klas
tembung panggawe jinis katrangan sing mujudake
tembung kanggo mratelakake kahanan mulur-
mungkreting wektu, akeh-sithiking cacah; ~ akeh.
TANTANG [tantaŋ] {TKr}: ~-an [tantaŋan] {TAr}: salah
sawijine klas tembung aran kang nuduhake

353
samubarang kang wis katantang; nduweni ~ yaiku
anane pembajakan.
TARAF [taraf] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran sing
nyatakake tingkat, wates kang duweni kriteria
tertamtu; wis tekan ~ mirisake.
TARGET [targɛt] {TAr}: salah sawijine klas jinis aran kang
nuduhake bab kang kudu digayuh; ngluwihi ~; ~-e
[targɛte] {TAr} salah siji klas tembung aran kang
nuduhake ancas panggayuhan; sakabehing ~ uga
melesat munggah.
TARIK [tarI?] {Tkr}: 1. N-~ [narIk] {TKr}: salah sawijine klas
tembung kriya jinis pakaryan kang nuduhahake
narik; sing uga ~ kawigaten kita; 2. ke-~ [ketarI?]
{TKr}: salah sawijine klas tembung kriya kang
nuduhake pakaryan ditarik kanthi ora disengaja; ~
banget karo gagasan anyar.
TARUNA [tarunɔ] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake wong kang isih enom; sing isih ~.
TARUNG [tarUŋ] {TKr}: pe-~-an [pərtaruŋan] {TAr}: salah
sawijine klas tembung arab kang nuduhake
pakaryan anane tetumbugan, utawa tarung; sing
diisi ~ gagasan idee; ora nganggep kontes politik
minangka ~.

354
TATA [tↄtↄ] {TKr}: salah sawijine klas tembung kahanan
kang nuduhake kahanan samesthine; becike
pemerintah banjur ~; 1. ~-an [tatanan]{TAr}: salah
sawijine klas tembung aran kang nuduhake
samubarang kang wis katata; kerusakan ~ nilai
kemanusiaan, 2. n~ [nƆtƆ] {TKr}; ~ langkah
ngrancang lan mbangun pusat olah raga
internasional. 3. ~-~ [tɔtɔ- tɔtɔ] {TKr}: salah sawijine
klas tembung kriya kang nuduhahake nyiapake
sawijine barang; gegandhengan ~ karo ngadhepi
bada.
TAU [tau] {TKr, TKh}: tembung kriya sing nyatakake
kahanan kang wis dilakokake lan dilampahi
kedadeyan sing durung dilakokake; durung ~ kita
ngrasakake ; wis ~ kasempyok.
TAUN [taUn] {TAr, TWi}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake wektu suwene 12 sasi; saka
pengalaman puluhan ~; se-~ [sətaUn] {TAr,TWi}:
salah sawijine klas tembung aran jinis tembung
wilangan kang nuduhake samubarang kang diitung
12 sasi; saka target ~; 85 ~.
TAWA [tɔwɔ] {TAr}: di-~-ake [ditawa?ake] {TKr}: Salah
sawijine klas tembung kriya jinis tembung tanggap
kang nuduhake diwenehi pilihan dupaya bisa dipilih

355
utawa dijupuk; sing ~; Gagasan, idee lan program ~
secara terbuka.
TEGAK [təgaɁ] {TKr}: pe-~ [pənəgaɁ] {TAr, TSe}: Tembung
aran sing nyatakake sesulih kang nuduhake
panyulih wong sing negakake; ing kasus iki ~
hukum krasa murah hati banget.
TEGAS [təgas] {TKr}: salah sawijine tembung kriya sing
kalebu jinis tembung kahanan kang nuduhake
omongan kang asipat jelas lan nyata; kanthi ~
ngandharake yen ing level Internasional.
TEGEL [təgəl] {TKh}: Tembung kahanan sing nyetakake
pangrasa kang ora nduwe welas; kanthi ~
didadekake bahan kanggo dolanan hoaks.
TEGES [ təgəs ] {TAr}: 1. a-~ [atəgəs] {TPg, TKa}: salah
sawijine klas tembung panggawe jinis tembung
katrangan kang nerangake sawijine bab; Yen beras
regane murah ~ pemerintah sukses mimpin Negara;
2. TEGES [tǝgǝs] {TKr}: salah sawijine tembung
kriya jinis tembung kahanan kang nerangake
kahanan utawa pamawas kang ora bisa diwolak-
walik maneh; Kudu kanthi ~ dikandhakake.
TEKA [tɘkↄ] {TKr, TPk}: salah sawijine klas tembung kriya
jinis pakaryan kang nuduhake dumugi ing sawijine
papan; tansah ~ nalika mangsa rendheng; 1. ~-e

356
[tɘkane] {TPg. TKa}: tembung panggawe sing
nyatakake katrangan kang nerangake asil sawijine
kahanan; yen lelara gampang ~; 2. ~-n [tǝkan]{TKr}:
salah sawijine tembung kriya kang nuduhake wis
ana ing papan kang dituju; saka ngisor ~ ing
ndhuwur.
TEKAK [təkaʔ] {TKr}: N- ~ [nəkaʔ] {TKr, TKh}: salah
sawijine klas tembung kriya jinis tembung kahanan
kang wis ora bisa diatasi maneh; sangsaya ~ gulu.
TEKAN [təkanan] {TKh}: 1~ -an [təkanan] {TAr}: salah
sawijine klas tembung aran kang nerangake
kedadeyan kang dilakoni ora ana dhasar legawa;
ora kanthi cara peksan utawa ~.
TEKNIK [tɛknik] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
sing mujudake aran saka metodhe utawa sistem
kanggo nggarap sawijine bab; ~ anyar sing katone
nyeleneh.
TEKNOLOGI [tekhnologi] {TAr}: salah sawijine klas
tembung aran kang nuduhake sarana apa wae kang
nggampangake panguripane manungsa;
pemanfaatan sains lan ~; bebarengan karo
ngrembakane ~.

357
TEKS [tɜks] {TAr}: Tembung aran kang nuduhake naskah
arupa tulisan; hukum mung dijejegake laras karo ~
formal.
TEKUK [tǝkUʔ] {TKh}: salah sawijine kahanan kang
nuduhake wujud didadekake luwih cilik, dilempit;
ana sing siluman sing gunggunge bisa tikel ~.
TELU [təlU] {TAr, TWi}: salah sawijine klas tembung aran
jinis tembung wilangan kanggo nuduhake wilangan
samubarang; bisa diperang dadi ~; 1. ~-ng [təlUŋ]
{TAr, TWi}: Tembung aran sing nyatakake wilangan
kang nuduhake wilangan ana ing ngarep; ~ iji liyane
disidhang maneh ing pengadilan; 2. ~-e [tǝlunɛ]
{TAr}; sing nomer ~; 3. Te-~-e [tətəlune] {TPg, TKa}:
salah sawijine klas tembung panggawe jinis
katrangan sing nduweni teges duwe perangan telu;
~ medhia sosial kasebut.
TEMAH [təmah] {TKh}: sa-~ [satəmah] {TKh}: salah
sawijine klas tembung kahanan kang nuduhake
wasana; ~ surat kabare kropos, banjur ambruk.
TEMBE [tǝmbe] {TPg, TKa}: Salah sawijine klas tembung
panggawe jinis tembung katrangan kang nerangake
wektu kang adoh saka saiki; mangsa ~ mburine; N-
~ [nəmbe] {TPg, TKa}: Tembung panggawe sing

358
nyatakake katrangan kang nuduhake lagi wae; kaya
sing ~ wae.
TEMBUNG [tǝmbUŋ] {TAr}: salah sawijine klas tembung
aran sing nuduhake satuwan paling cilik sajrone
ukara; te-~-an [tǝtǝmbUŋan] {TAr}: salah sawijine
klas tembung aran sing awujud tembung mawa
makna; nyemoni kanthi sawernaning ~.
TEMEN [təmən] {TKh}: 1. ~-an [təmənan] {TPg, TKa}:
Salah sawijine klas tembung panggawe jinis
tembung katrangan kang nerangake sabenere;
durung maton ~; 2. sa-~-e [satəməne] {TPg}: salah
sawijine klas tembung panggawe kang kalebu jinis
katrangan kang nuduhake wujude samubarag kang
kasat lan ora kasat mripat; Bocah Indonesia sing ~
bodho.
TEMPILING [təmpilIŋ] {TKr}: di-~-i [təmpiliŋi] {TKr}: salah
sawijine klas tembung kriya sing nyatakake
tumindak polahe tangan kang ngantem endhas;
diakoni minangka sebab ~ uwong.
TEMPUH [təmpUh] {TKr}: di-~ [ditəmpUh]{TKr}: salah
sawijine klas tembung kriya jinis tembung pakaryan
kang nuduhake pakaryan nuju samubarang;
Sakehing cara coba ~.

359
TEMU [təmu] {TKh}: N-~-ake [nǝmɔ?ake] {TKr, TPk}: Salah
sawijine klas tembung kriya jinis tembung pakaryan
kang nuduhake kabisan nggawe samubarang kang
anyar utawa durung tau ana; Angel ~ kulawarga
biyasa sing ora duwe utang.; 2. -in-~ [tinəmu] {TKr}:
Salah sawijine klas tembung kriya jinis tembung
proses kang nuduhake asale saka ora ana dadi ana;
~ njomplang bab wawasan lan kapinterane; 3. di-~-
ake [ditƏmokake] {TKr}: salah sawijine klas
tembung kriya yaiku upaya kanggo nggoleki; Saipul
Jamil uga ~ anane “suap”; 4. pa-~ [panəmu] {TAr}:
salah sawijine klas tembung aran kang nuduhake
pamanggih/ rerekan olehe nggagas samubarang;
durung ana ~ sing pas lan nyawiji; 5. pa-~-e
[panəmune] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
jinis tembung sesulih kanggo nyulihi wong sing
nduwe pamanggih/rerekan olehe nggagas
samubarang; lan ~ durung maton; 6. Sa-pa-~-an
[sapatǝmɔn] {TKr}; sing nomer telune yaiku ~
taunan 7. per- ~ -an [pǝrtǝmuan] {TKr}; ~ ing Bali
uga sukses.
TENAGA [tənɔgɔ] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake kekuwatane samubarang;
sakabehing daya lan ~.

360
TENAN [tǝnan] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nuduhake samubarang kang
tumemen; durung mudheng ~.
TENGAH [təngah] {TAr}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nuduhake samubarang kang
dumunung ing antarane rong panggonan; kita
manggon ing papan ~; 2. ~-~-e [tǝŋah-tǝngahe]
{TAr}; salah sawijine klas tembung aran sing
nyatakake kahanan kang nduweni makna daerah
sing adoh saka pinggir ing ~ para relawan; 2. pa-~
[panɘŋah] {TAr}: alah sawijine klas tembung aran
kang dadi watesan antarane rong kahanan;
minangka ~ sing obyektif.
TENGEN [təŋən] {TAr}: salah sawjine klas tembung
panggawe jinis katrangan kang nuduhake sisih; urip
bebrayan karo kiwa ~; ~-e [təŋəne] {TAr}: salah
sawijine klas tembung aran kang nuduhake
panggonan sacedhake; Generasi iku lair sakiwa ~
1980-an.
TENGKULAK [təŋkulak] {TAr}: salah sawijine klas tembung
aran kang nuduhake samubarang kang nduweni
nyawa; asil panen isih dadi buruane ~ pengusaha.
TENTREM [təntrəm] {TKh}: Tembung kahanan kang
nuduhake ora nduwe rasa was sumelang; urip ~.

361
TENTU [tǝntu] {TPg}: ke-~-an [kǝtentuan] {TAr}: salah
sawijine klas tembung aran kang nuduhake sawijie
bab kang wis ana utawa bab kang wis ditetepake,
digawe; durung ana ~ ing UU.
TEORI [teori] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran kang
nuduhake pamrayogi kang wis ditliti, asile panliten;
ora perlu ~ ndakik-ndakik.
TEPUNG [təpUŋ] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan sing mujudake kahanan tepung, wanuh,
wis sesrawungan, wis aruh-aruhan; ora ~ ora
srawung.
TERANG[tǝraŋ] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nuduhake bab kang diwedharake
kanthi cetha lan satemene; terus ~ dikandhakake; ~-
~-an [tǝraŋ- tǝraŋan]{TKr}: salah sawijine klas
tembung kriya jinis pakaryan kang nglakokake
tumindak kanthi gamblang lan sanyatane; kanthi
terbuka lan ~ nuding.
TERBIT [tərbIt] {TKr, TPk}: salah sawijine klas tembung
kriya jinis tembung pakaryan kang nuduhake
sawijine pakaryan nyetak buku; sing ~ saben
minggu.

362
TERJANGKAU [tərjangkaU] {TKh}: salah sawijine klas
tembung kahanan kang nerangake nile samubarang
kang bisa dituku sapa wae; ora ~.
TERUS [tərUs] {BT}: ora mandheg-mandheg; mawarna-
warna bencana, uwis, lagi lan bakal ~ ngenani
Indonesia; 2. sa-~-e [sateruse] {TKr }: salah sawijine
klas tembung kriya kang nuduhake kenceng, ora
menggok, banjur wae; lan ~ bocah-bocah luwih
seneng ngunakake basa nasional.; 2. di-~-ake
[ditǝrUsake] {TKr}: salah siji klas tembung kriya
kang nuduhake penggaweyan kang dibacutake; ~
ajang unjuk kemampuan.
TETEG [tətəg] {TKr}: N-~-i [nətəgi] {TKr, TPk}: salah
sawijine klas tembung kriya jinis pakaryan kang
nuduhake diketab-ketabake (diketogake) supaya
ilang regede; upaya ~ basa basa Jawa supaya tetep
lestari.
TETEP [tətəp] {TKh}: salah sawijine klas tembung kahanan
kang ora owah; rega beras isih ~ dhuwur; ~ luwih
larang dibandhing kenceng; babagan maca ~ ora
mundhak kekarepane.
THAILAND [tailan] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake jenenge salah sawijine negara; kita

363
kalah maju karo Vietnam, Singapura, Malaysia lan
Thailand.
THATHIT [ṭaṭit] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake gebyaring bledeg; Grengsenge
mung sagebyaring ~.
THITHIK [thithik] {TAr}: se-~ [sethithik] {TKh}: salah sawijine
klas tembung kang nggambarake kahanan kang
cacahe ora akeh; mbutuhake prabeya tinamtu sing
kadhang ora ~; ora ~ pawarta sing banjur dadi viral.
THOK [tↄ?] {TPg, TKaa}: tembung panggawe sing
nyatakake katrangan kang nuduhake ora ana liyane;
Nanging sabenere ora mung sedherhana kaya
ngono ~.
TIBA [tibɔ] {TKh}: N-~-ake [nibaɁake] {TKr, TPk}: Tembung
kriya sing nyatakake pakaryan tanduk kang
nuduhake pakaryan nyababake tiba utawa netepake
dudutan; pengadilan ~ putusan.
TIKEL [tikɘl] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran kang
nuduhahake tingkat-tingkat; wis ~ luwih ping pitune.
TILAS [tilas] {TAr}: ~-e [tilase] {TAr}: salah sawijine klas
tembung aran kang nuduhake sisa; ~ dirut PT TPPI;
ora ana ~ babar pisan.
TIMBANG [timbaƞ] {TAr}: -in-~ [tinimbang] {TPg, TPd}: ~
dirut PT TPPI; tembung panggawe sing nyatakake

364
panggandheng kang nduweni ancas mbedakake
perkara siji lan liyane; luwih akeh ngetokake dollar ~
ngisep devisa.
TIMBANG [timbang] {TAr}: 1. -in-~ [tinimbang] {TPg,TPd}:
salah sawijine klas tembung panggawe kang
nduweni ancas mbedakakke bab siji lan liyane;
guru-guru SMA wektu iku luwih becik ~ saiki; wis
tikel luwih ping pitune ~ jaman Daendels; 2. te-~-an
[tətimbaŋan]{TPg}:tembung panggawe sing
nyatakake katrangan kang nduweni ancas
mbedakakke bab siji lan liyane; isih kudu dadi ~
yaiku perlu apa orane sawijining bab digawe viral.
TINDAK [tinda?] {TKr}: 1. N-~ [mɘninḍa?] {TKr, TPk}: salah
sawijine klas tembung kriya sing nyatakake
pakaryan tanduk kang nuduhake sikap arep menehi
piweling; Menkeu wis ngancam bakal ~ aksi
spekulasi; 2. -um-~ [tuminda?] {TKr}: salah sawijine
klas tembung kriya kang nerangake apa kang
dilakoni; ~ sing wis cetha njalari tuna; 3. -um-~-e
[tuminda?e] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
sing nyatakake sesulih kang nyulihi tumindak saka
pawongan; Dene sabanjure, mbaleni ~ apa ora; 4.
N-~-ake [ninda?ake] {TKr}: salah sawijine klas
tembung kriya sing nyatakake pakaryan jinis tanduk

365
kang dilakoni salah sawijine pawongan tartamtu;
sing ~ dadi ngerti utawa ora; 5. di-~ [ditindak] {TKr}:
salah sawijine klas tembung kriya sing kalebu kriya
tanggap nyatakake tumindak kang dilakoni;
pelakune kudu ~ secara hukum.
TINGGAL [tinggal] {TKr}: N-~-ake [niɳgalake] {TKr}: salah
sawijine klas tembung kriya kang nuduhake
samubarnag kang dikerikake; wayahe negara kita ~
cara konvensional.
TINGGI [tiŋgi] {TKh}: salah sawijine klas tembung kahanan
kanggo nuduhake kahanan larang, dhuwur; biaya ~
saya katon cetha.
TINGKAT [tiŋat] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake tataran, undhag-undhangan; ing ~
internasional.
TINJAU [tinjau] {TKr}: di-~ [ditinjau] {TKr, TPr}: salah
sawijine klas tembung kriya jinis proses sing
nyatakake pakaryan tanduk kang nerangake proses
ngamati sawijne prekara; sing akeh nggunakake
barang modhal asal impor ~ lan ditungka.
TITIK [titik] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran kang
digunakake pathokan; ~ kritis cadhangan beras
kedadeyan saben 31 Desember; di-~ [dititIk] {TKr}:
salah sawijine klas tembung kriya kang nduuhake

366
pakaryan kang niteni samubarang; yen ~ sacara
geografis.
TIVI [tivi] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran sing
mujudake aran saka pesawat sing nampa gambar
giyaran; Sarana informasi ora mung ariwatri,
kalawarti, uga ~.
TIWAS [tiwas] {TKh}: salah sawijine klas tembung kahanan
kang tilar donya; kanthi nggawa kurban sing ~.
TLATAH [tlatah] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake papan panggonan: ing ~ sanegara.
TLITI [tliti] {TKr}: salah sawijine klas tembung kriya kang
nuduhake tansah ngati-ati; luwih ~; di-~ [ditliti] {TKr}:
tembung kriya sing nyatakake pakaryan kang
mriksa klawan titi; Jajal ~ ndhisik.
TOKOH [tɔkɔh] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
sing nyatakake pawongan kang nduwe kalungguhan
sajrone kedadeyan; marang ~ aktivis.
TOKYO [tokyo] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nerangake jenenge kutha ing Jepang;
Olimpiade ~.
TOL [tɔl] {TAr}: Salah sawijine klas tembung aran kang
nuduhake papan kang dianggo liwat kendharaan
kang nduweni ban kang cacahe papat utawa luwih;
dalan ~.

367
TOMBOK [tᴐmbᴐɁ] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
sing mujudake aran saka tambahan utawa
wuwuhan ing nalikane ijolan; entuk keplok tanpa ~.
TON [tↄn] {T.Ar, TWi}: salah sawijine klas tembung aran jinis
tembung wilangan kang nuduhake bobot
samubarang luwih saka 1000 kilo; ± 9 yuta ~.
TON [tɔn] {TKr}: 1. ka-~-e [katɔne] {TKh}: salah sawijine
klas tembung kahanan kang nuduhake samubarang
bisa diweruhi; ~ ngerti banget; 2. mi-~-ake
[mitɔntɔnake] {TKr, TPk}: salah sawijine tembung
kriya sing nuduhake pakaryan tanduk kang
nuduhake pakaryan nontonake samubarang; iki ~
bukti ; 3. peN-~ [pǝnɔntɔn] {TAr, TSe]; salah sawijine
klas tembung aran jinis tembung sesulih kanggo
ngarani pawongan kang lagi ndelok acara; awit
para ~ padha asung penyemangat: 4. N-~ [nɔntɔn]
{TKr}: tembung aran sing nyatakake pakaryan kang
ndeleng samubarang lumantar medhia elektronik;
akeh sing ~.
TONTON [tɔntɔn] {TAr}:nonton [nɔntɔn] {TKr. TPk}: salah
sawijine klas tembung kriya kang nuduhake
pakaryan ndeleng karo mripat; ~ filem ing bioskop.

368
TOTAL [total] {TAr, TWil}: salah sawijine klas tembung aran
jinis tembung wilangan sing nuduhake cacah
sakabehe samubarang; saka ~ prabeya.
TRABAS [trabas] {TKh}: N-~ [nrabas]{TKr}:tembung kriya
sing nyatakake pakaryan kang nrajang tengah; ~
bangjo.
TRAJANG [trajaɳ] {TKr}: ke-~ [kǝtrajaɳ] {TKh} :
nempuh/nyerang/nrabas kantho ora sengaja;
sawise ~ bencana.
TRAMPIL [trampIl] {TKr}: salah sawijine klas tembung kriya
kang nuduhake cukat anggone nglakokake
samubarang; luwih ~.
TRANSAKSI [transaksi] {TAr}: tembung aran sing
nyatakake kahanan sawijne perekonomian; neraca
~.
TRAP [trap] {TAr}: N-~-ake [ngətrapake] {TKr}: salah
sawijine klas tembung kriya kanggo ngecakake
sawijine cak-cakan; rencana pemerintah kanggo ~
peta jalan strategi pembiayaan.
TRAUMA [trauma] {TAr}: Tembung aran sing nyatakake
kahanan mental lan jiwa kang ora normal amarga
anane cidera jasmani lan rohani; ngilangake ~
kurban.

369
TREKAH [trɛkah] {TKh}: ~-e [trɛkahe] {TKh}:tembung
kahanan sing nyatakake kahanan kang minangka
sarana kanggo nindakake; ~ nom-noman kasebut
direkam dening salah sawijining warga.
TRENYUH [trəñuh] {TAr}: Tembung aran sing nyatakake
kahanan ati kang lagi remuk; saya ~
TREP [trep] {TKh}: salah sawijine klas tembung kahanan
kang nuduhake ora luwih ora kurang, pas; elmu sing
disinaoni pancen ~; N-~-ake [ŋətrəpake]{TKr}: ~
teori mau kanthi konkrit.
TRESNA [trəsnɔ] {TKh}: Salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake wong kang nduweni rasa seneng;
nanging jeneng ~ tanah wutah getih; N-~-i
[nrəsnani] {TKr,TKh}: salah sawijine klas tembung
kriya jinis tembung kahanan kang nuduhake rasa
seneng, gati marang samubarang; ~ basane
dhewe.
TRILIUN [triliyUn] {TAr, TWi}: ~-an [triliyunan] {TAr, TWi}:
Tembung aran sing nyatakake wilangan kang
nuduhake angka nul cacahe rolas ing samburine
angka 1  999; nggayuh 18 ~.
TRIMA [trimƆ] {TKh}: N-~-ake [nrima?ake] {TKr}: tembung
kriya sing nyatakake pakaryan kang nampa klawan
panuwun; ora ~ tumindake gurune marang anake.

370
TSUNAMI [sunami] {TAr}: tembung aran sing nuduhake
kedadeyan nalika ombak ing segara kang dhuwur
tekan pesisir; lindhu lan ~ ing Palu-Donggala.
TUAN [tuwan] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran kang
nerangake arane samubarang kang nguwasai
dhaerah; dadi ~ rumah.
TUDING [tudIŋ] {TKr}: N-~ [nudIŋ] {TKr}: salah sawijine klas
tembung jinis pakaryan kang nguwenehi ancer-
ancer nuduhake samubarang; kanthi terbuka lan
terang-terangan ~; tangane ~.
TUDUH [tudUh] {BT}: 1. n-~-ake [nudUhake] {TKr.TPk}:
salah sawijine klas tembug kriya kang nuduhake
pakaryan menehi weruh; asile ~ yen mung ana; 2.
~-an [tuduhan] {T.Kr}: salah sawijine klas tembung
kriya kang nrugikake wong liya; ~ tanpa bukti; 3. n-
~-ake [nuduhake] {TKr}: salah sawijine klas
tembung kriya nyatakake pakaryan tanduk kang
menehi weruh; kabeh ~ alasan.
TUGAS [tugas] {TAr}: ~-e [tugase] {TAr}: salah sawijine klas
tembung aran kang nuduhake samubarang kang
wa0jib dirampungake; masa ~.
TUGEL [tugɘl] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhahake ceklek; ana kreteg sing ~.

371
TUHAN [tuhan] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake sawijine bab kang diyakini,
disembah dening manungsa minangka Kang Maha
Kuwasa; sumpah atas nama ~ sing Maha Kuwasa;
ke-~-an [ketuhanan] {TAr}: Tembung aran sing
nyatakake sipat lan kahanane wewujudan kang
dipercaya, dipuja lan disembah manungsa; ~ Kang
Maha Esa.
TUJUWAN [tujuwan]{TAr}: salah sawijine klas tembung
aran kang dilakoni kanthi kekerepan, kepinginan,
gegayuhan; kanthi ~ bisa dibukak ing smart-
phone saenggon-enggon.
TUKAR [tukar] {TKr, TPk}: tembung kriya sing nyatakake
pakaryan kang nuduhake rega kang dumnung ing
samubarang yen diijolake; nilai ~ rupiah ; n-~-ake
[nukarake] {TKr, TPk}: tembung kriya sing nyatakake
proses menehi samubarang amrih digabti karo
liyane; gelem ~ dhuwit.
TUKU [tuku] {TKr}: salah sawijine klas tembung kriya jinis
pakaryan kang ngepek hak kanthi ditukar nganggo
dhuwit; kanggo ~ dhukungan parpol; 1. -in-~ [tinuku]
{TKr}: salah sawijine klas tembung kriya jinis
pakaryan kang nglakokake tumindak tuku-tuku; dol
~ proyek jroning APBD; 2. te-~ [tətuku] {TAr}: salah

372
sawijine klas tembung aran kang nuduhake
pakaryan kang ditindakake dening pawongan;
kanthi cara urunan ~; 3. te-~-ane [tətukͻne] {TAr}:
salah sawijine klas tembung aran kang nuduhake
pakaryan kang ditindakake dening pawongan
kanggo ngolehake samubarang; daya ~
masyarakat.
TULAK [tula?] {TKr}: N-~ [nula?] {TKr}: salah sawijine klas
tembung kriya sing kalebu kriya tanduk nyatakake
tumindak kang ora bisa ditampa; kita kabeh ~
hoaks.
TULIS [tulis] {BT}: 1. ~-an [tulisan] {TAr}: salah sawijine klas
tembung aran kang nuduhake ginambar ukara;
basa ~; 2. pe-~ [pənulIs] {TAr}: salah sawijine klas
tembung aran kang nerangake pakaryan nulis; elmu
lan pikire ~; 3. nulis [nulIs] {TKr}: salah sawijine klas
tembung kriya kang nuduhake kagiyatan
nggambarake utawa nuwuhake pamikiran; ana sing
~.
TULIS [tulIs] {TKr}: N-~ [nulIs] {TKr. TPk}: salah sawijine
klas tembung kriya sing nyatakake pakaryan
nggambar utawa nggawe tembung nggunakake
piranti tulis; jurnalis Inggris Elizabeth Pisani kerep ~
warta.

373
TULUNG [tulUŋ] {TAr}; salah sijine klas tembung aran kang
nuduhake bab kang dibutuhake; Njaluk ~; N-~-i
[nuluηi] {TKr}: salah sijine klas tembung kriya kang
nuduhake pakaryan ngewangi, menehi samubarang
marang wong liya: kanggo ~ warga.
TUMBUH [tumbuh] {TKr. TKh}: salah sawijine klas tembung
kriya sing nyatakake kahanan ekspresional kang
nuduhake sawijine bab sing saya ngrembaka;
Perekonomian ~ 5% luwih.
TUMBUK [tumbuʔ] {TKh}: ~-an [tumbuʔan] {TAr}: salah
sawijine klas tembung aran kang nuduhake
kahanan bentu; ana ~ lempeng.
TUMPU [tumpu] {TAr}: ~-an [tumpuan] {TAr}: salah sawijine
klas tembung aran kang nuduhake bab apa wae
kang dadi dhasar; ~ prestasi ing cabang non
Olimpiade.
TUMRAP [tumrap] {TPg.TAa}: tembung panggawe sing
nyatakake ancer-ancer kang nerangake mungguh
ing; ~ warga sing uripe tansah pas-pasan.
TUNA [tunɔ] {TKr}: ka-~-an [kapitunan] {TKh}: salah
sawijine klas tembung kahanan kang ngalami
kerugian; penerbit lan percetakan sing ~.
TUNDHON [tunḍɔn] {TKr}: ~-e [tunḍɔne] {TKr}: Salah
sawijine klas tembung kriya kang nuduhake wong

374
kang nglakoni samubarang kanthi sengaja; sing ~
nyigar masyarakat.
TUNGGANG [tuŋgaŋ] {TKr}: di-~-i [dituŋgaŋi] {TKr}:
Tembung kriya sing nyatakake pakaryang kang
saemper karo dimunggahi; momentum apa wae
sing ~.
TUNTAS [tuntas] {TKh}: salah sawijine tembung kahanan
sing kaelbu adjektiva kang nuduhake samubarang
utawa kedadeyan kang wis rampung; pulisi ngusut ~
kasus hoaks Ratna Sarumpaet iki.
TUNTUT [tuntut] {TKr}: pe-~ [pənuntut] {TAr.Tse}: salah
sawijine tembung aran sing nyatakake sesulih kang
nyulihi wong sing penggaweyane nuntut; jaksa ~
umum.
TUR [tur] {TPg, TPd}: salah sawijine klas tembung
panggawe jinis tembung panggandheng kang
nggandhengi bab kang sajajar; ora gampang ~
alon-alon.
TURAH [turah] {TAr]: ~-~ [turah-turah] {TKh}: salah sawijine
klas tembung kahanan kang nuduhake samburang
kang sipate luwih utawa ora kurang; SDA-ne ~
TURUN [turun] {TKh}: salah sawijine klas tembung kahanan
kang nuduhake anane sesambung sedhulur saka

375
nenek moyang menyang anak putune; wis nduwe
anak ~.
TUTUP [tutUp] {TAr}: 1. pa-~ [panutUp]{TAr}: salah
sawijine klas tembung kriya kang nuduhake
pawongan kang mungkasi kagiyatan; ukara ~; 2. pe-
~-an [pǝnutupan] {TKr} salah sawijine klas tembung
kriya kang nerangake mungkasi sawijine kagiyatan;
acara ~ Asian Games.
TUTUR [tutUr]{TAr}; 1. n-~-ake [nutUrake]{TKr}: salah
sawijine klas tembung kriya kanggo nuduhake
omongan saka pawongan siji lan sisjine; ~ perkara;
2. paN-~ [panutUr] {TAr}: salah sawijine klas
tembung aran kang nuduhake ngandhakake
samubarang; saya sudane ~.
TUWA [tuwƆ] {TKh}: salah sawijine klas tembungkahanan
kang nuduhake umur; wis ~ uripe; ~-e [tuwane]
{TAr}: tembung aran sing nyatakake kahanan kang
nuduhake wong kang wis kliwat umur; wong ~ murid
TUWUH [tuwuh] {TAr}: N-~-ake [nuwuhake] {TKr}: salah
sawijine klas tembung kriya kang nuduhake saya
ngermabake samubarang tinimbang kang wiwitan;
jebulane ~ olok-olok.

376
TVRI [teveɛri] {TAr}: salah sawijine klas tembung kahanan
kang nerangake sawijine stasiun brita duweke
pemerintah; ~, Hotel Indonesia.
TWITTER [twittər] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
sing mujudake aran saka layanan jejaring sosial lan
mikroblog dharing sing bisa nggawe panganggone
kanggo ngirim lan maca pesen utawa tulisan abasis
teks nganti 140 karakter nanging nalika tanggal 7
November 2017 nambah nganti 280 karakter sing
dikenal kanthi sebutan ocehan; jalaran ing ~.

377
U
UBENG [ubəŋ] {TKr}: N-~ [mubəŋ] {TKr}: salah sawijine
klas tembung kriya jinis tembung pakaryan kang
nuduhake owah kanthi muteri punjer; ~ desa.
UCAP [ucap] {BT}: ~-an [ucapan] {TAr}: salah sawijine klas
tembung kang nuduhake wetune guneman;
mawarna ~.
UCUL [ucUl] {TKr, TKh}: Tembung kriya sing nyatakake
kahanan kang nuduhake uwal saka cencangan;
gampang ~
UDAKARA [udɔkɔrɔ] {TPg, TPd}: salah sawijine klas
tembung panggawe jinis tembung panggandheng
kanggo nggandhengi tembung/ukara siji lan sijine
kanthi ngira-ira; gunggunge kabeh ~ ana 100 yuta
jiwa.
UDHUN [uḍUn] {TKh}: ma- ~ [muḍUn] {TKr, TPk}: salah
sawijine klas tembung kriya jinis tembung pakaryan
ndadekake nile samubarang saya mengisor;
tambah ~; N-~-ake [muḍunake] {TKr, TPk}: salah
sawijine klas tembung kriya jinis tembung pakaryan
ndadekake nile samubarang saya mengisor; ~ rega
kertas.
UDI [udi] {TKr}: 1. ng~ [ŋudi] {TKr}: salah sawijine klas
tembung kriya kang nuduhake pakaryan kanthi cara
ngrembakake salah sawijine bab; ~ prestasine
378
kurang digatekake; 2. di-~ [diudi] {TKr}: salah
sawijine klas tembung kriya sing nuduhake
pakaryan kang gawe ketekane kang dijangka;
program BPJS tetep kudu ~.
UGA [ugↄ] {TPg, TPd}: tembung panggawe sing nyatakake
panggandheng kang nuduhake bab sing padha karo
sadurunge; Bank Indonesia ~aweh intervensi.
UJAR [ujar] {TAr}: ~-an [ujaran] {TAr}: Tembung aran sing
nyatakake tembung utawa ukara kang diucapake; ~
kebencian.
UJI [uji] {BT}: 1. di-~ [diuji] {TKr.TPk}: salah sawijine klas
tembung kriya kang nuduhakesawijine kagiyatan
kanggo ndheleng sapira kuwate kalawan
samubarang; ~ daya tahane; 2. ~an [ujiyan] {TAr.
TSe}: tembung aran sing nyatakake sesulih kang
nuduhake sawijine kagiyatan kanggo ndeleng
kekuwatane sawijine negara; ngadhepi ~ maneh.
UKARA [ukɔrɔ] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake reroncene tembung-tembung; ~
panutup.
UKUM [ukUm] {TAr}: 1. ~-an [ukuman] {TAr}: salah sawijine
klas tembung aran kanggo nyebutake sanksi kang
pantes kanggo wong sing tumindak durjana;
ancaman ~ donya (pakunjaran) lan neraka (akera);

379
2. pa-~-an [paukuman] {TAr}: Tembung aran kang
nuduhake kesalahan kang kudu ditebus; pengadilan
nibakake putusan (vonis) ~ 1 wulan 4 dina.
UMBAR [umbar] {TKr}: di-~[diumbar] {TKr}: Tembung kriya
sing nyatakake tumindak kang ora ndadekake
kaiket; mbebayani banget yen ~.
UMBUL [umbUl] {TKr.TPs}: N-~ [mumbUl] {TKh}: salah
sawijine klas tembung kahanan sing ngandharake
rega kang bakal mundhak akeh; reregan barang
bakal ~ ndedel.
UMUK [umU?]{TKh}: Salah sawijine klas tembung kahanan
kanggo nuduhake pakaryan kang ngunggulake
suwijine bab; yen Zaadit katon ~.
UMUM [umUm] {TKh}: 1. ~-e [umume] {TKh}: salah sawijine
klas tembung kahanan kang nuduhake lumrah
utawa kerepe dilakokake; ~ generasi milenial ora
nganggep kontes politik; 2. di-~-ake [diumumake]
{TKr, TPk}: salah sawijine klas tembung kriya jinis
tembung pakaryan kang nyebarake samburang
supaya bisa diweruhi wong umum; ~ secara resmi.
UMUR [umUr] {TAr}: 1. ~-e [umure] {TAr}: Salah sawijine
klas tembung aran kang nuduhake suwene anggone
urip; tambah ~; 2. ~-an [umuran] {TAr}: salah
sawijine tembung aran sing nyatakake kahanan

380
kang nuduhake suwene anggone urip; nom-noman
~ SMA.
UMYEG [umyəg] {TKh}: Salah sawijine klas tembung
kahanan kang nuduhake kahanan sing rame; wis
dadi viral sing ~.
UNDANG [undaŋ] {TKr}; ŋ-~ [ŋundaŋ] {TKr}: Salah sawijine
klas tembung aran kanggo nuduhake apa kang
direncanakake banjur diweruhi wong akeh saka apa
kang ditulis ing kertas undangan; Najwa Sihab ~
pucuk pimpinan mahasiswa.
UNDHAK [unda?] {BT}: 1. di-~-ake [diunda?ake] {TKr,
TPk}: salah sawijine tembung kriya sing nyatakake
pakaryan tanduk kang nuduhake nilai samubarang
saya dhuwur; pajak pengasilan impor ~; 2. N-~
[munḍa?] {TKh}: salah sawijine tembung kahanan
sing nuduhake sawijine barang lagi munggah
regane; saya ~; 3. N-~-ake [ŋunḍa?ake] {TKr}: salah
sawijine klas tembung kriya kang nuduhake
pakaryan ningkatake mutu utawa kuwalitas supaya
luwih apik; ~ kaprigelane; 4. ~-~-an [unḍak-
unḍakan] {TKr, TPk}: Salah sawijine klas tembung
kriya jinis pakaryan kang nuduhake pakaryan
ndadekake nile samubarang saya dhuwur;
minangka ~ reregan.

381
UNDHAMANA [unḍᴐmᴐnᴐ] {TKr}: N-~ [ŋunḍᴐmᴐnᴐ] {TKr}:
salah sawijine klas tembung kriya jinis pakaryan
tanduk sing mujudake tumindak nyrengeni kanthi
ngundhat-undhat; ana sing ~.
UNDUR [undUr] {TKr}: N-~ [mundUr] {TKr}; salah sawijine
klas tembung kriya kang nuduhake proses ngalih;
pamit ~.
UNGGAH [uŋgah] {TAr}:1. di-~ [diuŋgah] {TKr}: tembung
kriya sing nyatakake pakaryan jinis tanggap kang
nuduhake pakaryan ngunggah postingan; banjur ~
ing medhia sosiale; 2.Ka-~ [kauŋgah] {TKr}:
tembung kriya sing nyatakake pakaryan kang
nuduhake menawa wis diunggah; ~ ing medhia
sosial; 3. N-~ [ŋuŋgah] {TKr}: tembung kriya sing
nyatakake pakaryan kang nuduhake lagi nindakake
unggah; banjur ~ ing FB.
UNGGUL [unggUl] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nuduhake ngenani samubarang kang
luwih tinimbang liyane; SDM-e ~.
UNGKUL [uŋkUl] {TKh}: ŋ~i [ŋuŋkUli] {TKr}: salah sawijine
klas tembung kriya kang nuduhake tumindak kang
kudu luwih saka pepadhane; ~ bocah sekolah SD,
SMP, uga SMA/SMK.

382
UNI [uni] {BT}: 1. N-~ [muni] {TKr}; ora waton ~; 2. di-~-ake
[diunɛkake] {TKr, TPk}: salah sawijine klas tembung
kriya kang nuduhake pakaryan ngucapake
samubarang; ~ nganggo mawarna ucapan.
UNING [uniŋ] {TKr}: ~-ani [uniŋani] {TKr.TPk}: salah
sawijine klas tembung kriya jinis tembung pakaryan
kanggo nuduhake samubarang kang dikandhakake;
kaya wis kita ~ yen PS minangka beteng pungkasan
basa.
UPAMA [upama] {TPg, TPd}: salah sawijine klas tembung
panggawe jinis tembung panggandheng kang
tuladha kang dianggo nglambangake; Saka kuwi PS
ngaturake gunging panuwun tanpa ~; ~-e
[upamane] {TPg, TPg}: Salah sawijine klas tembung
panggawe jinis tembung panggandheng kang
tuladha kang dianggo nglambangake; masalah
utang negara ~.
UPAYA [upↄyↄ] {T.Kr}:: N-~ [ŋupɔyɔ] {TKr.TPk}: salah
sawijine klas tembung kriya jinis tembung pakaryan
kang nuduhake pakaryan ngrenahake sawijine bab
kang kepengin digayuh; ~ kanthi sakabehing daya.
URI [uri] {BT}: 1. di-~-~ [diuri-uri] {TKr, TPk}: salah sawijine
klas tembung kriya jinis tembung pakaryan kanggo
nuduhake samubarang kang ajeg, ora owah, dijaga,

383
utawa diterusake; tansah ~-~; 2. N-~-~ [ŋuri]
{TKr.TPk}: salah sawijine klas tembung kriya jinis
tembung pakaryan kang nuduhake upaya kanggo
mbuka, ngetokake apa kang wis ilang; berjuwang ~
basa lan budaya Jawa.
URIK [urIk] {TKh}: tembung kahanan sing nyatakake
kahanan kang nuduhake tumindak ngelongi utawa
ngakali dagangan; tumindak ~.
URIP [ urIp] { TKh }: salah: salah sawijine klas tembung
aran kang nuduhake samubarang kang isih guna
lan ana nyawane; ~ kepenak maneh; sangune
nglakoni ~; 1. ~-e [uripe] {TKh}: salah sawijine klas
tembung kahanan kang nerangake bab ana
nyawane; sing ~ tansah pas-pasan; 2. pa-~-an
[paɳuripan] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake proses kang njalari bisa urip; ~ ing
jaman kamardikan iki.
URUN [urUn] {TKr}: tembung kriya sing nyatakake
pakaryan kang melu ngusulake samubarang; melu
~ rembug.
URUS [urUs] {TKr}: 1. ~-an [urusan] {TAr}: Tembung aran
kang nuduhake bab kang diurus; kanggo
nggampangake ~; 2. N-~-i [ŋurUs] {TKr}: Tembung
kriya sing kalebu kriya tanduk nyatakake tumindak

384
kang mbutuhake paniti priksa; ~ pemulihan pasca
gempa.
URUT [urUt] {TKh}: ~-~-an [urUt- urUtan] {TAr}: tembung
kahanan sing nyatakake bab kang jejer ngarep buri
lelarikan; anane bencana ~ sing mrihatinake
banget.
USADA [usϽdϽ] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
sing digunakake tamba; kadhang mbutuhake ~.
USAH [usah] {TKr, TPk}: salah sawijine klas tembung kriya
jinis tembung pakaryan kang nuduhake prelu apa
ora tumindak kasebut; bocah-bocah ora ~ diajari
basa Indonesia.
USAHA [usaha] {T.Kr}: peN-~ [pəngusaha] {T.Ar}: salah
sawijine klas tembung aran kang nuduhake
pawongan kang ngolah usaha; ~ penggilingan ; 2.
pe-~-an [pərusahaɁan] {TAr}: salah sawijine klas
tembung aran sing mujudake aran saka organisasi
kang nduweni badhan ukum sing nganakake dol
tinuku utawa usaha; ~ media massa; ~-e [usahane]
{TAr}: salah sawijine klas tembung aran kang
nuduhake tumindak kang dilakoni kanggo nggayuh
apa kang dikaprepake; bebas njembarake ~.
USUNG [usUŋ] {TKr}: di-~ [diusuŋ] {TKr.TPs}: salah
sawijine klas tembung kriya jinis proses kang

385
nuduhake pepindhan anane dhukungan sajrone
golongan; cabub sing ~ PDIP lan PKB.
USUT [usUt ]{TKr}: N-~[ŋusUt] {TKr}: salah sawijine klas
tembung kriya sing kalebu kriya tanduk nuduhake
kagiyatan kanggo mriksa kang lumrahe ditindakake
dening pulisi; pulisi ~ tuntas.
UTAMA [utↄmↄ] {TPg, TPng}: Salah sawijine klas tembung
kahanan kang nuduhake samubarang kang pinunjul;
mujudake pilar ~; beras isih dadi komponen ~ uripe
warga klas ngisoran (rakyat jelata); 1. ~-e
[utamane] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nuduhake samubarang pinunjul; ~
yen dideleng saka reregan barang; 2. N-~-ake
[ŋutamaɁake] {TKr}: salah sawijine klas tembung
kriya kang nuduhake tumindak nggawe pinunjul
sawijine bab; Kudu ~ politik tanpa mahar; 3. di-~-
ake [diutɔmɔ] {TKr}: salah sawijine klas tembung
kriya sing kalebu kriya tanggap nuduhake tumindak
kang becik sanget, wigati; ~ bebener.
UTANG [utaƞ] {TAr}: salah sawijine tembung aran sing
nyatakake katrangan kang nerangake silihan;
mbayar ~ ing jangka panjang; pemerintah ~ beras.
UTAWA [utↄwↄ] {T.Pg,TPd}: salah sawijine klas tembung
panggawe jinis tembung panggandheng kang

386
nuduhake barang siji lan sijine bisa dipilih salah siji;
~ ± 9 yuta ton; uga ana gunung mbledhos ~ erupsi.
UU [u-u] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran kang
dicekak saka undang-undang, tujuwane kanggo
nuduhake sawijine peraturan negara kang digawe
dening pamarentah; durung ana ketentuan ing ~.
UWAL [uwal] {TKh}: salah sawijine klas tembung kahanan
kang nuduhake samubarang kang dipisah saka siji
lan sijine; bisa ~ saka dhampak bencana; ora bisa ~
karo ha-pe.
UWONG [uwↄŋ] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kanggo makili titah kang pinaringan budi mulyane
(manugsa); kamangka kabeh ~ duwe hak.
UWUH [uwUh] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran sing
nyatakake barang mawujud kang nuduhake arane
plastik kang nglumpuk; mbuwang ~ ing sadawaning
dalan.

387
V
VALAS [valas] {TAr}: tembung aran sing nuduhahe valuta
asing; ngawasi pembelian ~.
VALUTA [valuta] {TAr}: tembung aran sing nuduhake piranti
pembayaran sing dijamin karo emas utawa perak
sing ana ing bank pamerintah; pemerintah uga
bakal ngedol ~ asing.
VIDEO [video] {TAr}: tembung aran sing nyatakake barang
mawujud kang nayangake gambar ing televisi utawa
rekaman gambar urip kang ditayangake lumantar
medhia elektronik; sumebare ~ kasebut.
VIETNAM [vietnam] {TAr}: salah sawijine klas tembung
aran kang nuduhake jeneng salah sawijine negara;
kita kalah maju karo ~.
VIRAL [viral] {TKh}: Salah sawijine klas tembung kahanan
kang nuduhake bab kang lagi rame dirembug; uga
wis dadi ~.
VONIS [vɔnis] {TAr}: salah sawijine tembung aran kang
nuduhake putusan hakim utawa ukuman; secara
hukum prosedural, ~ ksb; di-~ [divɔnis] {TKr, TPr}:
salah sawijine tembung kriya sing nyatakake
pakaryan tanggap kang nuduhake tumindak
ukuman: ~ mlebu pakunjaran.

388
W
WACA [wɔcɔ] {BT}: 1. N-~ [mɔcɔ] {TKr}: salah sawijine klas
tembung kriya jinis tembung pakaryan kang
nuduhake salah siji kagiyatan pasinaon; ~ buku; 2.
di-~ [diwɔcɔ] {TKr.TPk}: salah sawijine klas tembung
kriya kang nuduhake pakaryan maca samubarang;
aksara/gambar iku bisa ~; 3. ~-an [wacan] {TAr}:
salah sawijine klas tembung aran kang nuduhake
piranti kang bisa diwaca; maca buku lan ~ liyane; 4.
ka-~ [kawᴐcᴐ] {TKr.TKh}: salah sawijine klas
tembung kriya jinis tembung kahanan presentif sing
mujudake kahanan sawijine bab sing wis diwaca;
pariwara sing otomatis ~.
WADHAH [waḍah] {TAr}: di-~-i [diwaḍahi] {TKr,TPk}; salah
sawijine klas tembung kriya kang nuduhake
pakaryan nglebokake/nyimpen samubarang; kudu ~
ing bokor kencana.
WADUL [wadUl] {TKr}: N-~-ake [madUlake] {TKr}: tembung
kriya sing nyatakake pakaryan kang nyritakake
samubarang kang diweruhi; arep ~ tumindake
petugas.
WAE [wae] {TPg, TKa}: Tembung panggawe jinis tembung
katrangan kanggo nerangake kemawon
/ngemungake samubarang; nembe ~ kedadeyan;

389
menghalalkan cara apa ~; lagi ~ dumadi; ora ngenal
apa ~.
WAH [wah] {TPg, TPu}: salah sawijine klas tembung
panggawe jinis tembung panguwuh kang mujudake
sebawa nelakake gumun; irah-irahane ~ kok bareng
diwaca isine wooo...!
WAJAR [wajar] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang lumrah utawa kaya padatan; kanthi
rega ~.
WAJIB [wajIb] {TKh}: 1. di-~-ane [diwajIbane] {TKh}: salah
sawijine klas tembung kahnan kang nuduhake
sipate pakaryan kang kudu ditindakake; sing ~
marang instansi; 2. ke-~-an [kewajiban] {TKh}:salah
sawijine klas tembung kahanan kang nuduhahake
kabutahan; dadi kaya ~; 3. ku-~-an [kuwajiban]
{TAr}: Salah sawijine klas tembung aran kang
nuduhake sipate pakaryan kang kudu ditindakake; ~
kita; 4. N-~-ake [majibake] {TKr.TKh}: salah sawijine
klas tembung kriya jinis tembung kahanan kang
nuduhake kahanan kang kudu ditindakake; pemda
sing ~ karyawane rembugan nganggo basa
dhaerah.

390
WALI [wali] {TKr}: ~-~ [wola-wali] {TKr. TPk}: Tembung kriya
sing nyatakake pakaryan kang nuduhake ambal-
ambalan; wis ~ kita nggatekake pirembugan.
WALIK [walIk] {T.Kh}: su-~-e [suwalikə] {T.Kh}: salah
sawijine klas tembung kahanan kang nuduhake
kahanan kang ora kaya kanyatan; ~ yen beras
regane larang.
WALIKOTA [walikota] {TAr, TSe}: salah sawijine klas
tembung arang jini sesulih kang nyulihi sesebutan
wong kang dadi kepala wilayah kutha madya; ~
kajiret kasus korupsi.
WANCI [wanci]{TPg, TKa}: salah sawijine klas tembung
panggawe jinis tembung katrangan kang nerangake
wayah utawa wektu; ing ~ apa wae.
WANI [wani] {TKr}: salah sawijine klas tembung kriya jinis
tembung kahanan posisional sing mujudake
kahanane pawongan kang duwe kekandelan utawa
ora wedi: malah saben sapa sing ~; PS dibrangus
jalaran dianggep ~; tegese kita ~ qurban.
WANODYA [wanodyɔ] {TAr}: salah sawijine klas tembung
aran kang nuduhake jinis klamin wanita; sawijining
~ kaduk sepuh.
WAOS [waos] {TKr}: pa-~ [pamaos] {TAr}: salah sawijine
klas tembung aran sing mujudake aran saka

391
pawongan sing lagi maca; Kanthi ancas antuk ~
akeh; N-~ [maͻs] {TKr, TPk}: salah sawijine klas
tembung kriya jinis tembung pakaryan kang
nerangake kagiyatan ngunekake surasaning tulisan;
setya ~ PS.
WAPRES [wapres] {T.Ar}: salah sawijine klas tembung
aran kang nduweni posisi ngisore presidhen; kaya
ngendikane ~.
WARAS [waras] {TKh}: tembung kahanan sing nyatakake
baline kahanan awak neng kahanan sing sehat;
nanging baline ~ ora gampang; 1. ~-e [warase]
{TAr}: salah sawijine klas tembung kriya kang
nuduhake kahanan sehate wong suwiji; ngrusak
moral lan akal ~ pejabat; 2. ku-~-an [kuwarasan]
{TAr}: Tembung aran sing nyatakake kahanan sehat
kang diduweni manungsa; njaga ~.
WARGA [wargɔ] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nerangake golongan utawa jinise pakumpulan;
utamane ~ asli Indonesia; ~-e [wargane] {TAr}:
salah sawijine klas tembung aran kang nuduhake
gegolongan utawa klompok tartamtu; tur ~ saka
maneka etnis.
WARGANET [warganɛt] {TAr}: salah sawijine klas tembung
aran sing mujudake aran saka warga internet utawa

392
pawongan sing aktif nggunakake internet; ana
maneh ~ modhel liyane.
WARIS [warIs] {TAr}: ~-an [warisan] {TAr}: Salah sawijine
klas tembung aran kang nuduhake ngenanai barang
kang ditinggalake; utange negara sing minangka ~
rezim sadurunge.
WARNA [warnɔ] {TAr}: ma-~-~ [mawarnɔ warnɔ] {TPg,
TKa}: salah sawijine klas tembung panggawe jinis
tembung katrangan kang nerangake jinis kang
beda-beda; isih gampang owah saka pengaruh
sebab ~.
WARNA [warnɔ] {TKh}: ma-~ [mawarnɔ]{TPg, TPi}: salah
sawijine klas tembung panggawe jinis tembung
katrangan kang nerangake jinis kang beda-beda; ~
bencana, uwis, lagi lan bakal terus ngenani
Indonesia.
WARTA [wartɔ] {TAr}: 1. pa-~ [pawartɔ] {TAr}: Tembung
aran sing nyatakake kabar lan pakabaran kang
asipat faktual lan aktual; ~ bab penganiayaan; 2. pa-
~-ne [pawartane] {TAr}: salah sawijine klas tembung
aran sing nuduhake pawarta; ora susah ngeklik ~.
WASIS [ wasIs] {T.Kh}: 1. ka-~-an [kawasisan] {TAr}:
ngundhakake kaprigelan lan ~; 2. ka-~-ane
[kawasisanə] {T.Ar}: salah sawijine klas tembung

393
aran kang nuduhake kabisanne; ~ ngemonah rega
beras.
WASPADA [waspɔdɔ] {TKh}: salah sawijine klas tembung:
salah sawijine klas tembung kahanan nuduhake
kahanan bebaya kang kudu diawasi; luwih becik ~.
WATAK [watak] {TAr}: ~-ing [watakiŋ] {TAr}: salah sijine
tembung aran kang nuduhake kahanan solah
bawane, tindak-tanduke pawongan: ~ manungsa iku
tetep padha wae.
WATARA [watↄrↄ] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nerangake samubarang kang ora
selawase; sing ~ 1,3 – 1,5 yuta ton; sa-~ [sawətͻrͻ]
{TPg.TKa}: Salah sawijine klas tembung panggawe
jinis tembung katrangan kang nuduhake wektu kang
isih dikira-kira; ~ surat kabar cetak kepeksa tamat
sejarahe.
WATON [watɔn] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang dadi pathokan (dhasar), nerangake angger;
ora ~ muni; N-~ [matɔn] {TKr}: salah sawijine klas
tembung kriya kang nuduhake nggawe pathokan
(dhasar), nerangake angger; durung ~ temenan.
WAU [wau] {TAr}: N-~ [mau] {TAr}: salah sawijine klas
tembung aran kang nuduhake bab ing wektu
sadurunge; penunjukan Erick Thohir ~ pancen pas
banget.
394
WAWAS [wawas] {TAr}: ~-an [wawasan] {TAr}: salah
sawijine klas tembung aran kang nuduhake kawruh
kang akeh; ~ bab bencana.
WAYAH [wayah] { TPg, TKa}: salah sawijine klas tembung
kahanan kanggo nerangake wektu; ~ abasa Jawa;
~-e [wayahe] {TPg, TKa}: Salah sawijine klas
tembung panggawe jinis tembung katrangan kang
nuduhake mangsa; wis ~ negara kita ninggalake
cara konvensional.
WEBSITE [website] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake sistem kanggo ngakses, lan
ngundhuh data lumantar jaringan internet; PS nyoba
mbukak ~
WEDI [wǝdi] {TKh}: salah sawijine klas tembung kahanan
kang nuduhake kahanan ora wani; tanpa ~
ancaman; di-~-ni [diwǝdeni] {TKr}: salah sawijine
klas tembung kriya kang nuduhake kahanan ora
nduwe wani utawa ora diwaneni banget; sumpah
atas nama Tuhan sing Maha Kuwasa wis didekek
mburi tanpa ~.
WEGAH [wəgah] {TKh}: tembung kahanan sing nyatakake
swasana kang nuduhake nolak nrima murid; ~
nampa bocah kasebut.

395
WEKA [weka] {TKr}: N-~-i [ŋawekani] {TKr}: salah sawijine
klas tembung kriya kang nuduhahake wiwit;
pamerintah uga ~ bab mau.
WEKAS [wəkas] {TKh}: ~-ane [wəkasane] {TKh}: salah
sawijine klas tembung kahanan kang nerangake
wektu kang pungkasan; ~ cacahing kaca disuda kari
separo.
WEKTU [wəktu] {TAr}: Salah sawijine klas tembung
panggawe jinis tembung katrangan kang nuduhake
mangsa; nyelakake ~ kanggo maca; m- ~ [mɘktu]
{TAr}: tembung aran sing nyatakake katrangan
sawijne wektu jaman; ~ iku beras regane semene.
WENANG [wǝnaŋ] {TAr}: we-~ [wǝwǝnaŋ] {TAr}: salah
sawijie klas tembung kang nuduhake hak lan
kuwajiban kanggo nglakokake tumindak; nyalah
gunakake ~.
WENEH [wɜnɜh] {BT}: 1. di-~-i[diwɜnɜhi] {TKh}: salah
sawijine klas tembung kahanan kang nrima apa
samubarang saka wong liya; ~ pitutur; 2. sa-~
[sawɛnɛh] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake sekabehe; ~ hambatan non tarif uga
terus dipangkas.

396
WENING [wenIŋ] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nuduhake kahanan kang resik; luwih
~ pikirane.
WENTAR [wəntar]{TKh}: ka-~ [kawəntar]{TKh}; salah sijine
jinise tembung kahanan kang nuduhake bab
misuwur: video sing ~ bab nom-noman.
WERNA [wɘrna]{TAr}: Salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake corake rupa; ~ kuning; maneka ~
komentar; sa-~-ning [sawərnaning] {TAr}: salah
sawijine klas tembung panggawe jinis tembung
katrangan kang nuduhake maneka werna bab
utawa samubarang kang njalari; mangerteni ~ isine
jagad.
WERUH [wərUh] {TKr}: salah sawijine klas tembung kriya
jinis tembung kahanan posisional sing mujudake
kahanan bisa nggunakake pandelenge; saben ~
pawarta; N-~-i [ŋawəruhi] {TKr, TPk}: Tembung kriya
sing nyatakake pakaryan tanduk kang nuduhake
tumindak nyekseni; ~ perdhebatane.
WETAN [wetan] {TAr}:salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhahake pandom; kabar saka pojok ~ pulo
Jawa.
WETARA [wɘtↄrↄ] {BT}: sa-~ [sawɘtↄrↄ] {TPg, TKa}:
tembung panggawe sing nyatakake katrangan

397
kanggo nerangake saithik/ora gumathok; ana ~
pihak.
WETU [wǝtu] {TKr}: 1. di-~-ake [diwǝtoʔake] {TKr.TPk}:
salah sawijine klas tembung pakaryan jinis pakaryan
kang nuduhake nggawa samubarang lumaku saka
njero menyang njaba; sing ~ para kandhidhat ; 2.
pa-~ [pamətu] {TAr}: salah sawijine klas tembung
aran sing mujudake aran saka dhuwit oleh-olehane
anggone nyambut gawe; sing nduwe akun bakale
antuk ~ saka pengiklan; 3. pa-~-ne [pamətune]
{TAr}: salah sawijine klas tembung aran sing
nuduhake anane pametu; kanggo ngundhakake ~
iklan.
WICAKSANA [wicaʔsͻnͻ] {TKh}: ka-~-ne [kawicaksanane]
{TKr.TKh}: salah sawijine klas tembung kriya jinis
tembung kahanan kang nuduhake kaputusan kang
ditetepake dening pamarentah; ~ pamarentah
pusat.
WIGATI [wigati] {TKh}: 1. ka-~-an [kawigatɛn] {TAr}: salah
sawijine klas tembung aran sing mujudake aran
saka apa-apa sing dadi kaprihatinan lan
ditengenake; ana wae bab sing nuwuhake ~ linuwih;
2. Ka-~-ane [kawigatɛne] {TAr}: salah sawijing klas
tembung sing mujudake anane kawigaten;

398
nuwuhake ~ warganet; 3. ~-e [wigatine]{TAr}: salah
sawijine tembung kahanan kanggo nemtokake bab
kang paling utama; bab ~ sekolah.
WIGIH [wigih] {TKh}: ~-~ [wigah-wigIh] {TKh}: salah
sawijine klas tembung kahanan kang nuduhake rasa
ora kepenak anggone nglakoni samubarang; tanpa
~ lan isan-isin.
WIJI [wiji] {TAr}: N-sa-~ [ñawiji] {TKh}: salah sawijine klas
tembung kahanan sing nuduhake yen perkara wis
dadi siji; ana panemu sing pas lan ~.
WINGI [wiŋi] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran sing
nuduhake wektu kang metas kepungkur; Nganti
Oktober taun ~.
WIS [wIs] {TPg, TAc}: salah sawijine klas tembung
panggawe jinis tembung katrangan kang nerangake
rampung anggone tumindak; wis pas banget; sa-~-e
[sawisɛ] {TPg, TAc}; ~ ngliwati acara tetandhingan.
WIT [wIt] {TAr}: Tembung aran kang nuduhake tetuwuhan
mawa kayu; ngrusak ~ duren.
WIWIT [wiwIt] {TPg, TKa}: salah sawijine klas tembung
panggawe jinis tembung katrangan kang nuduhake
wektu kang dhisik; ~ ing maneka kalodhangan; 1.
a-~ [awIt] {TKr}: Salah sawijine klas tembung
panggawe jinis tembung katrangan kang nuduhake

399
wektu kang dhisik; ~ kelairane (2014); 2. di-~-i
[diwiwiti] {TKr}: Salah sawijine klas tembung kriya
kang nuduhake pakaryan ndhisekake samubarang;
kudu ~ saka pokok permasalahan iku dhewe.
WIYAK [wiya?] {TKh}: ka-~ [kawiya?] {TKh}: tembung
kahanan sing nyatakake kahanan kang dibuka
sarana disisihake ngiwa nengen; ora ~ amarga
durung jamane masyarakat nduwe daya.
WIYATA [wiyɔtɔ] {TAr}: pa-~-an [pawiyatan] {TAr}: salah
sawijine klas tembung aran kang nuduhake
padhepokan tartamtu minangka sarana panggula
wenthah; ing ~ luhur.
WN [WN] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran kang
nuduhake cekakan saka Warna Negara; ~
Indonesia.
WO [wo] {TPg.TPu}: salah sawijine klas tembung
panggawe jinis tembung panguwuh sing mujudake
wuwuhan kanggo mratelakake rasa nggumun
campur sedhih; irah-irahane waaah kok bareng
diwaca isine ~...!
WOH [wɔh] {TAr}: Tembung aran kang nuduhake pentil
kang wis tuwa; maling ~ kakao.
WOLU [wɔlu] {TWi}: Tembung aran sing kalebu tembung
wilangan kang nyatakake cacah 8; ana hoaks ~ sing

400
sumebar.; ~-ng [wɔlUŋ] {Twi}: Tembung aran sing
nyatakake wilangan kang nuduhake wilangan ana
ing ngarep; ~ taun maneh.
WONG [wɔng]{TAr}:tembung aran sing nyatakake sesulih
kang nyulihi manungsa utawa titahe kang
pinaringan budi; kanggone ~ sing berpenghasilan
cukup; 1. pa-~-an [pawɔŋan] {TAr}: salah sawijine
klas tembung aran kang nuduhake manungsa utawa
titahe kang pinaringan budi; nembung marang ~; 2.
~-~ [wɔŋ-wɔŋ] {TAr}: Tembung aran sing nyatakake
saklompok makhluk asil ciptaane Gusti kang nduwe
akal kang cacahe luwih saka siji; isih ana ~ sing
kanthi tegel; 3. ~-e [woŋe] {TAr}: salah sawijine klas
tembung aran sing nuduhake anane wong; dhasare
~ dhewe iku; 4. wong tuwa [wɔŋ tuwɔ] {TAr.TSe}:
salah sawijine klas tembung aran jinis tembung
sesulih kang nyulihi pawongan loro kang ngrawat
lan njaga anake(bapa,ibu); akeh ~ sing ora gelem.
WRAGAD [wragad] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake arane dhuwit kang dianggo sarana
nindakake bab politik; lha wong ~ politik iku saya
ndedel sundhul langit; N- ~ -i[ŋagadi] {TKr.TPk}:
salah sawijine klas tembung kriya jinis pakaryan

401
tanduk kang mbandhani sawijine pawongan kang
arep nindakake panggawean; ~ para calon.
WUJUD [wujUd] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
sing nuduhake barang katon; ~ emas; 1. ~-
e[wujude] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nuduhake wujud biaya sing oara ana
jluntrunge utawa dununge; ora katon ~; 3. N-~-ake
[mujUdtake] {TKr.TPk}: salah sawijine klas tembung
kriya jinis tembung pakaryan baliangga kang
nuduhake ndadekake samubarang sing durung ana;
~ pesta demokrasi; 4. a-~ [awujUd] {TPg} Bab elmu
lan pikire penulis sing kelangan pangaji ~ jatah
royalty.
WULAN [wulan] {T.Ar}: salah sawijine klas tembung aran
kang nuduhake wektu adhedhasar puterane
rembulan menyang bumi; Ngadhepi ~ pasa lan
bada; Juni 1998.
WULANG [ulaŋ] {TKr}: 1. N-~-ake [mulaŋakə] {TKr}: salah
sawijine klas tembung kriya jinis pakaryan kang
nuduhake tumindka ngajari utawa muruki sawijine
bab; ~ marang anak putune. 2. Di-~-ake
[diwulaŋake] {TKr}: salah sawijine klas tembung
aran kang nuduhake menehi sawijine bab kawruh;
di-~-ake ing sekolahan.

402
WUS [wus] {TPg}: salah sawijine klas tembung kriya sing
nyatakake tumindak kang rampung lan kalampahan;
~ berkembang hebat.
WUSHU [wushu] {TAr}: salah sawijine klas tembung aran
nuduhake kagiyatan beladiri saka Korea; snomor
cabang non Olimpiade kaya pencak silat, jet ski,
balap sepedha down hill, paralayang, lan ~.
WUTAH [wutah] {TKh}: salah sawijine klas tembung
kahanan kang nuduhake kahanan sing mawut saka
wadhahe; tanah ~ getih.

403
Y
YA [yɔ] {TPg}: salah sawijine klas tembung panggawe jinis
tembung panguwuh kang nuduhake yen tembung
kang an saburine kasebutdiantebake swasane;
pancene ~ ora ngarep-arep; asile dodolan rak ~
mung dadi bebathene pembajak.
YAIKU [yaiku] {TPg,TKa}: salah sawijine klas tembung
panggawe jinis tembung katrangan kang nuduhake
tembung kanggo mretelake teges; ~ kudu kanthi
fokus; ing pungkasane sasi iki, ~ 30 Maret; kaum
milenial ~ generasi sing wiwit nggunakake; cara
sing ampuh ~ nggunakake.
YAKIN [yakin] {T.Kh}: 1. N-~-ake [nyakinakə] {T.Kr}: salah
sawijine klas tembung kriya kang nuduhake salah
sawijine usaha pawongan supaya antuk
kapercayan; ngupaya ~ publik; 2. di-~-i [diyakini]
{TKr, TKh}: tembung kriya sing nyatakake kahanan
ekspresional kang nuduhake tumindak sing percaya
marang sawijine kahanan; Iku ateges perekonomian
Indonesia ~ isih sehat.
YEN [yɛn] {TPg, TPd }: salah sawijine klas tembung
panggawe jinis tembung panggandheng kang
nggandhengi samubarang; ~ beras regane murah; ~
solah bawane Presma UGM; ana sing ngritik ~

404
pertemuan iki mborosake; apa maneh ~ disusul
tsunami.
YUNIOR [yuniOr] {TAr}: atlet ~ sing mangsa keemasan
prestasine isih dawa.
YUSWA [yuswɔ] {TAr}: ~-e [yuswane] {TAr}: salah sawijine
tembung aran kang nuduhake umur; ~ wis 92 taun;
~ sepuh.
YUTA [yutɔ] {TAr, TWi}: salah sawijine klas tembung aran
jinis tembung wilangan kang nuduhake tataran
sajrone wilangan (satuwan yuta); gunggunge  100
~ jiwa; ± 9 ~ ton; sa-~ [sayutↄ] {TAr. TWi}: tembung
aran sing nyatakake wilangan kang digambarake siji
yuta; awit dhuwit ~ dina iki.

405

Anda mungkin juga menyukai