Anda di halaman 1dari 9

TUGAS BAHASA JAWA

RANGKUMAN BAB “PIDATO”


(KELAS 9 SEMESTER 1)

Anggota Kelompok:

1. M. Rafi Adyatma R. (18)


2. M. Zaki Ferdiansyah (21)

DINAS PENDIDIKAN KOTA MALANG

SMPN 5 MALANG

TAHUN 2019
 Tegese pidhato

Pidhato utawa sesorah yaiku omongan/ucapan kang ditata kanthi apik lan disampekake
marang wong liya. Pidhato minangka salah sawijine ketrampilan lisan kanggo ngungkapake
isine pikiran, perasaan, gagasan, warta lan liya-liyane.

 Jenis-jenis Pidato (Sesorah) Adhedhasar

1. Pidhato pembukaan, yaiku pidhato ringkes kang disampekake pembawa acara utama
MC.
2. Pidhato pengarahan, yaiku pidhato kanggo ngarahake sawijine kagiyatan.
3. Pidhato sambutan, yaiku pidhato kang disampekake ing sawijine adicara tartamtu,
kanthi wektu kang mung sadhela, amarga sing menehi sambutan ora mung wong siji.
4. Pidhato peresmian, yaiku pidhato kang dilakokake dining wong kang dueni
pangaribowo kanggo ngresmekake samu barang.
5. Pidhato laporan, yaiku pidhato kang isine ngelaporake sawijining tugas utowo
kegiatan.
6. Pidhato pertanggung jawaban, yaiku pidhato kang isine sawijine laporan pertanggung
jawaban tugas utama/kagiyatan.

 Ancasing sesorah/tujuan sesorah

1. Atur Pambagyo = yaiku sesorah kanggo nampa rawuhe tamu kang ana ing acara
apa wae kayata acara syukuran,supitan,tanggap warsa(ulang tahun),pengantenan.
Artinya = adalah pidato untuk menerima kedatangan tamu di acara apa saja seperti acara
syukuran, khitanan, ulang tahun, pernikahan.

2. Atur kabar/paring informasi = yaiku sesorah kang aweh


kabar/informasi,umpamane acara rapat organisasi,promosi barang.
Artinya = adalah pidatountuk memberikan informasi, contohnya acara rapat
organisasi,promosi barang.
3. Atur pangajak = yaiku sesorah kang ancase supaya sing mirengaken percaya
banjur ketarik atine lan gelem nindakake apa kang diwedharake dening sing
sesorah,umpamane sesorah ing papan ibadah
Artinya = adalah pidato yang tujuannya supaya yang mendengarkan percaya langsung
tertarik hatinya dan mau melakukan apa yang dicontohkan dari yang berpidato.

4. Atur panglipur = yaiku sesorah kang aweh panglipur utawa nggedhekake atine
marang para sutresna sing lagi nandhang susah,umpamane sesorah ing sangarepe para
kadang kang lagi nandhang pancobaning urip arupa musibah bencana alam,kepaten lan
liya liyane.
Artinya = adalah pidato yang memberikan hiburan atau membesarkan hati orang yang
sedang terkena kesusahan, misalnya pidato didepan orang yang sedang dicoba hihupnya
berupa musibah bencana alam, kematian dan lain lain.

5. Atur panyarue/ngemutake= nelakake panemu kanthi dhasar-dhasar kang ganep


tumrap sawenehing ada ada, contone tontonan lumatar tv,panggoning hp lah internet kang
kurang becik tumraping bocah sekolah.

 Bab wigati nalika lagi sesorah(bab yang perlu diperhaikan saat pidato)

1. Basa
Basa kang digunakake kudu cocog karo sing diadhepi. Basa ngoko digunakake menawa
sing diadhepi iku bocah/luwih enom tinimbang sing sesorah. Basa krama digunakake
menawa ngadhepi wong sing luwih tuwa/wong sing kudu diurmati.

Artinya
Bahasa yang digunakan harus sesuai dengan yang sedang dihadapi. Bahasa ngoko
digunakan ketika yang dihadapi itu anak anak/lebih muda dari yang membaca pidato.
Bahasa krama digunakan ketika menghadapi orang yang lebih tua/orang yang harus
dihormati.
2. Busana
Menawa sesorah becike nggunakake busana kang becik lan sopan. Ana tetembungan
“ajining raga saka busana” kejaba kanggo ngormati sing padha mirengake uga bisa
kanggo njagani lan ngajeni awake dhewek. Busana uga kudu kaleresan karo kahanan lan
tujuan.

Artinya:
Ketika berpidato alangkah baiknya menggunakan pakaian yang baik dan sopan. Ada
peribahasa “ajining raga saka busana”termasuk untuk menghormati yang pendengar dan
juga bisa menjaga dan menghargai diri sendiri. Pakaian juga harus sesuai dengan situasi
dan tujuan.

3. Swara
Swara kang kepenak dirungokake iku aja keseron utawa aja lirih banget. Anggone
ngucapake kudu jelas,ora kecepeten saengga apa kang diwedharake gampang dingerteni
karep,irama ora lugu kaya wong maca buku.

Artinya :
Suara yang enak didengerin itu tidak terlalu keras atau terlalu kecil suaranya. Dalam
mengucapkan harus jelas,tidak terlau cepat sehingga apa yang disampaikan mudah
dipahami maksudnya,dalam berpidato jangan terlalu sering baca buku.

4. Solah bawa(sikap)
Wong sesorah iku kudu mantep lan tatag, madhep marang pamriksa,aja
tumungkul,ndhingkluk lan aja ndangak.

Artinya:
Orang berpidato itu harus mantap dan siap,menghadap ke pendengar, jangan menghadap
kebawah dan jangan menghadap keatas terus.
 Bab kang kudu disingkiri nalika sesorah

1. Polatan mbesengut(terlihat marah)


2. Gugup(nerveous)
3. Ngguyu sing digawe gawe(tertawa dibuat buat)
4. Sering ndeleng cathetan(sering melihat catatan)
5. Bola bali ngobahake tangan/sikil(terlalu sering menggerakan tangan/kaki)
6. Ngadeg kaku kaya wong baris(berdiri terlalu kaku seperti orang baris)
7. Karo mloka mlaku(sambil jalan jalan)
8. Tangan methentheng
9. Tangan mlebu sak klambi/kathok(tangan masuk ke saku baju/celana)
10. Ngupil

 Urutane sesorah

1. Salam pambuka
Isine ngucapake salam marang tamu kang rawuh kayata nuwun, kula nuwun,sugeng
siyang, sugeng sonten, sugeng ndalu utawa salam liyane

Artinya:
Isinya mengucapkan salam kepada tamu yang datang seperti selamat pagi,selamat siyang,
selamat malam, atau salam yang lainnya

2. Purwaka
Atur pakurmatan marang para tamu lan atur syukur marang Gusti dene isih bisa ketemu
kanggo nindhakake acara iku. Uga atur panuwun marang para tamu sing wis kersa
nglonggarake wektu rawuh ing acara iku

3. Isi/wignatining atur
Isine bab apa sing bakal diaturake manut marang acarane

4. Pangarep-arep
Isine bab sing disuwunake(diarep arep) saka sing kagungan kersa marang tamune
umpamane donga, pitutur lan sapiturute
Artinya:
Isinya bab yang diharapkan oleh yang punya keinginan kepada tamunya misalnya doa,
kata kata, dll

5. Panutup
Isine nyuwun pangapura menawa anggone nampa tamu utawa matur ana tetembungan
sing kurang becik lan solah bawa utawa tindak tanduk sing ora mranani penggalih.

Artinya:
Isinya meminta maaf jika dalam menerima tamu atau bicara ada kata kata yang kurang
baik dan sikap/tindakan yang tidak enak dihati.

 Contoh sesorah:

Assalamualaikum Wr.Wb

Nuwun, para pinesepuh ingkang satuhu luhuring kawruh,Bapak Kepala Desa


sapamongipun ingkang satuhu kinurmatan, Para Ketua RW saha Ketua RT ing
wewengkon desa Sukamulyamriki ingkang satuhu luhuring budi,Ketua BPD saha para
anggotanipun ingkang winantu ing bagya mulya. Mboten supe para kadang pengurus saha
anggota karang taruna ingkang kula tresnani.
Langkung rumiyin sumangga kita sesarengan ngonjukaken puji syukur dhumateng Gusti
ingkang Maha Agung nun inggih Allah SWT ingkang sampun paring pinten pinten
kanikmatan, karohmatan, kaberkahan, saha kasarasan dhumateng kita,saengga ing wekdal
menika kita saged makempal ing mriki kanthi boten wonten pambengan satunggal
menapa

Sagung para rawuh ingkang satuhu kinurmatan

Kula ingkang pitados dados sesepuhing para kadang pengurus karang taruna”Mugi
Rahayu” ing Desa Sukamulya, ngaturaken agunging panwun dumatheng sagung para
rawuh sedaya ingkang sampun kersa nglonggaraken wekdal netepi uleman kula kangge
ngrawuhi adicara menika.
Salajengipun kula ugi ngaturaken gungig panuwun dhumateng Bapak Kades ingkang
sampun paring idin kangge ngawontenaken adicara dinten menika.
Mboten supe kula ugi ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa pepidhan dhumateng
sagung para rawuh ingakng sampun kepareng paring pambiyantu awujud menapa
kemawon,ingkang sedaya kala wau andadosaken gancaring adicara dinten menika.
Bapak-bapak, Ibu-ibu, para rawuh sedaya kakung miwah putri ingkang satuhu luhuring
budi.
Minangka sesulihipun para kadang pengurus kula nyuwun gunging samodra pangeksami
mbok bilih anggenipun ngawontenakan adicara menika kathah kekiranganipun,kiranging
suba sita , kirang papan palenggahan saha ubarampe sanesipun, sepisan malih kula
nyuwun gunging samodra pangaksami.

Para pilenggah ingkang kinurmatan.

Panjenengan sedaya kula aturi rawuh ing ngriki amargi kula sekanca saking paguyuban
karang taruna badhe ngaturi priksa babagan program-program ingkang sampun karancang
ing taun menika. Salah satunggaling inggih menika ngugemi panyuwunipun para mudha
ing Desa Sukamulya ingkang kepengin nggadhahi lapangan olahraga bal-balan ingkang
sae supados saged kangge gladhen utawi latihan olahraga kanthi sekeca, sak saged-saged
nggadhahi lapangan ingkang selaraskalian standar nasional.
Pramila ing kalodhangan menika kula nggadhahi pangajeng-ajeng mugia pepanggihan ing
dalu menika saged kangge ajang pirembagan saha penggalihan kados pundi saenipun
supados pepenginanipun para mudha menika saged kasebadan. Utaminipun dhumateng
Bapak Kades saha ketua BPD ingkang kagungan wenang, kula nyuwun pamrayogi,
kawicaksanaan saha panyengkuyungipun. Wonten unen-unen”Anak polah Bapa
kepradhah” tegesipun menawilare nggadhahi pepenginan,tiyang sepuhipun kedah tumut
menggalihaken.
Kados namung semanten ingkang saged kula aturaken wonten ing ngarsa panjenengan
sedaya, bilih kathah atur kula ingkang mboten mranani penggalih,kula nyuwun agunging
samodra pangaksami.

Nuwun..... Wasalamualaikum Wr.Wb

Anda mungkin juga menyukai