Anda di halaman 1dari 6

Page 1 of 4

LKPD

Pakaryan 2

LEMBAR KERJA PESERTA DIDIK

“Teks Deskripsi Busana Adat Jawa”

Nama : Wiji Alvivira Anggita Dewi

No. Absen : 33

Kelas : XII Busana 1

Kompetensi Dasar Indikator Pencapaian Kompetensi


3.4 Memahami isi teks deskriptif tentang 3.4.1 Peserta didik dapat mengaitkan relevansi
pakaian adat Jawa nilai-nilai pitutur luhuryang terkandung
dalamteks deskriptif pakaian adat Pati
dengan kondisi masyarakat saat ini
4.4 Menanggapi isi dan menceritakan 4.4.1 Peserta didik dapat menulisteks deskriptif
kembali teks deskriptif tentang pakaian adat Patimenggunakan ragam dan
pakaian adatJawa unggah-ungguh bahasa
Pitedah kang mirunggan:

Gladhen katindakaken kanthi individu


Nomor absen Ganjil ngandharaken busana adat Pati (Kakung)
Nomor absen Ganep ngandharaken busana adat Pati (Putri)
Para siswa kanthi individu ningali video busana adat Pati lumantar link ingkang sampun sumadya,
Pakaryan kalajengaken njangkepi teks ngenani pitutur luhur kang wonten ing teks “Busana Adat Pati”, nuli ng
Para siswa lajeng ndamel seratan teks deskripsi busana adat Pati adhedhasar video busana Pati nuli nggayuta
Tugas saged dipunketik utawi seratanasta
Menawi sampun, asil pakaryan saben kelompok dipun-upload lumantar Microsoft Teams supadosdipunbiji
A. Nemtokaken Pitutur Luhur teks Deskripsi Busana Adat Pati

BUSANA ADAT PATI


(AGEMAN KAKUNG)

Pemerintah Kabupaten Pati nyenyuwun sedaya ASN wonten lingkup Pemkab Pati
nedahaken busana adat Pati. Busana adat Pati ingkang dipunsebataken inggih menika pakaian batik
Bakaran. Wonten tindak lanjut saha kalebet wonten Peraturan Bupati Nomor 54 tahun 2019
perkawis busana adat Pati.
Busana adat Pati kaperang wonten busana ageman kakung lan putri. Kawiwitan saking
busana adat kakung, saking nginggil, inggih menika (1) Iket/uket/ikat Panutup mustaka menika
anggenipun ngagem kanthi kiyat, supados boten sami uwal. Makna saking panutup mustaka
menika dipunartosaken bilih (2) kenceng menika kakung anggadhahi pamikiran ingkang tetep
wonten ati .Sasampunipun ngagem menika, wonten (3) Atela menika sami kaliyan ageman
sanesipun. Kancing ingkang dipunwangun saking nginggil dumugi ngandhap lurus, menika kadhang
kelintu kaliyan beskap. Makna saking ageman menika (4) menawi ngagem busana anggadhahi
derajad / kedudukan inggil wonten ing bebrayan . Dipunlajengaken ngagem (5) Celana. Piyantun
Pati bilih ngagem busana menika ingkang kakung langkung dipunjangkepi ageman menik, amargi
nedahaken bilih piyantun kakung kedah langkung rikat anggenipun tumindak. Ageman salajengipun
inggih menika Batik (6) jarik Motif Parang Menika ugi khusus saking tlatah Pati piyambak. Kain
menika asli saking Kecamatan (7) Juwana kang sampun misuwur. Motifipun kathah sanget lan
corakipun khas, warni dhasaripun cemeng kaliyan pethak. Makna saking kain menika (8) piyantun
kakung menika kedhah nutup auratipun lan sigap utawi cekap wonten ing wektu utawi wekdal
wonten pundi mawon.. Ingkang ageman kakung pungkasan, inggih menika (9) Canela / selop
(canthelana jroning nala/ pikiran). Ageman menika dipunagem paling ngandhap, lan maknanipun
(10) sak mangke menembah dhateng Gusti Maha Kuwasa piyantun menika kedhah lerese
pramila kedhah ngagem selop ing ngandhapipun.

B. Nyerat Teks Deskriptif Busana Adat Pati

Pendamelan menika kanthi individu!


1. Cobi damel seratan teks deskripsi busana adat Pati adhedhasar video busana Pati
nuli nggayutaken langkah-langkahipun!
2. Dipunwigatosaken, absen Ganjil nyerat teks deskripsi busana adat Pati (Kakung);
dene absen Ganep nyerat busana adat Pati (Putri) nuli nggatosaken unggah-
ungguhbasa (ragam Krama)!

Teks Deskripsi :

Busana Adat Kakung Kutha Pati

Busana adat jawa saking tlatah kutha pati kagem kakung antawisipun
ikat/iket/uket, atela, jarik, celana, sarta canela/selop.
Ikat/iket inggih menika udheng ingkang dibentuk samangkana rupa ingkang
dadosaken panutup mustaka. Caranipun ngagem iket kedhah kenceng supados
iketanipun mboten gampang ucul, maknanipun inggih menika manungsa gadhah
pemikiran mboten gampang mundhut kaputusanipun tanpa pratimbangipun ingkang
mateng. Selajengipun atela inggih menika busana nginggil/ klambi ingkang werni cemeng.
Klambi kejawen punika kaya beskap sanuli dipepaki kalih benik ing wonten siseh kiwa lan
tengen menika wonten jarik ingkang asalipun saking pati ingkang gadhah motif perang
saking bakaran, juwana. Caranipun ngagem jarik astanipun dilebetipun wonten jarik
banjur ditekuk ing nginggil, tumpal menika kedhah wonten tengah banjur dirapikaken
nalika pengen kenceng diparingi stagen/sabukwerni cemeng amargi dipadukaken kalihan
jarik.
Selajengipun wonten celana menika wernanipun cemeng ingkang gadhahi makna
kalih piyantun kakung menika kedhah nutup auratipun saha celana menika maknanipun
tiyang menika sigap utawi cekap wonten ing wektu utawi wekdal wonten pundi mawon.
Selajengipun ingih menika selop/canela werni cemeng kang anggadhahi makna kedhah
resik wonten kersanipun Gusti Allah.
Nilai ingkang saged dipunpethik inggih menika sedaya kedhah njaga busana adat
Jawa Kutha Pati iki supaya saged lestari ngantos anak-putu.

*********************Sugeng Makarya*********************

Anda mungkin juga menyukai