Anda di halaman 1dari 1

Assalamualaikum wr.

wb

Ingkang kula hormati Bp. Dukuh

Ingkang kula hormati Bapak RT, Bapak/Ibu ugi sedaya rencang kaneman ingkang kula
tresnani.

Sakderengipun kula aturaken dalu sugeng pepanggihan. Kula ngaturaken maturnuwun sanget
dhumateng sedoyo ingkang sampun rawuh wonten ing mriki.

Wonten ing dalu puniko dipun wontenaken acara pentas seni saking rencang kaneman. Lan
acara puniko sekalian menyambut tahun 2016. Mugi Bapak lan Ibu sedoyo ingkang sampun
rawuh wonten mriki saget memahami bilih acara meniko namung latihan. Boten saget
menawi kados tanggapan. Pramilo saking meniko mbok bilih sakmangke wonten klenta
klentunipun utawi wonten ingkang boten nuju prono dhumateng Bapak lan Ibu sedoyo kulo
sak rencang nyuwun agenging pangapunten.

Ugi kulo sebagai wakil sedoyo kaneman nyuwun dukungan saking Bapak/Ibu sedoyo, mugi
acara meniko saget mlampah kanthi lancar lan boten wonten alangan setunggal punopo.

Kula sak rencang nyuwun donga pangestu mugi-mugi ing wekdal samangke kulo sak rencang
saget langkung maju langkung rukun lan langkung sae sak sedayanipun.

Mbok bilih saking kula cekap semanten wonten kalepatanipun kulo nyuwun agunging
pangapunten.

Akhir salm wassalamualaikum wr. wb

Anda mungkin juga menyukai