Anda di halaman 1dari 88

DIDI KEMPOT

1. Aduh Mana Tahan 29. Gawe Gelo


2. Aku Dudu Raja 30. Gusti Ora Sare
3. Ambyar 31. Iki Wek E Sopo
4. Anggar Bini 32. Ilang Tresnane
5. Angge-angge Orong-orong 33. Jambu Alas
6. Angin Wengi 34. Jamu Opo Jampi
7. Arum Dalu 35. Janda Baru
8. Awu Merapi 36. Kalung Emas
9. Bakso Sarjana 37. Kangen Nickerie
10. Bangjo Malioboro 38. Kangening Ati
11. Banyu Langit 39. Kapusan Janji
12. Bapak 40. Karindhangan (Prawan
13. Bayi Suci Kalimantan)
14. Bojo Gemati 41. Kembang Kocapan
15. Bojo Loro 42. Kere Munggah Bale
16. Bojo Napi 43. Ketaman Asmoro
17. Burungku Flu 44. Ketar-Ketir
18. Cidro 45. Kopi Lampung
19. Cinta Yang Sempurna 46. Kuncung
20. Cucak Rowo 47. Kusumaning Ati
21. Dalan Anyar 48. Layang Kangen
22. Dalan Tembus ( Cemoro 49. Lilo
Sewu Sarangan ) 50. Lingsa Tresna
23. Dolanan Dakon 51. Mati Lampu
24. Dudu Jodone 52. Merak Ati
25. Eling 53. Modal Dengkul
26. Eling Kowe 54. Nagih Janji
27. Empek-empek 55. Nanggap Campursari
28. Entenono 56. Nunut Ngiyup

i
57. Ojo Sujono
58. Pamer Bojo
59. Pantai Klayar
60. Parangtritis
61. Pasar Klewer
62. Pitik Kampung
63. Piye Makanine
64. Plong
65. Podho Pintere
66. Pokoke Melu
67. Sarinthol
68. Sekonyong-Konyong
Kodher
69. Senthir Lenga Patra
70. Sewu Kutho
71. Sri Minggat
72. Stasiun Balapan
73. Stasiun Balapan 2
74. Suket Teki
75. Tangise Ati
76. Taman Jurug
77. Tanjung Mas Ninggal Janji
78. Tanjung Perak
79. Tatu
80. Terkinthil-kinthil
81. Terlena
82. Terminal Tirtonadi
83. Trimo Ngalah
84. Yo Wis Yo Wis
85. Yuni

ii
iii
Aduh Mana Tahan

Aduh aduh aduh ruminten, percaya pada diriku


sumpah mati ku cinta kamu
bulan depan aku melamarmu
Gak lucu abang komar, gak salah tu
emangnya gampang nglamar
kerja dulu dong baru nglamar
Aduh duh kamu hai abang komar
Apa gak salah akan mau melamar
Hanya sama minten ai ai kucinta berat
Kalau minten tolak aduh duh bisa sekarat
Aduh bang komar pemuda tampan
Kerjalah dulu kalau mau pacaran
Percayalah minten abang tunggu panggilan
Gajinya selangit aduh duh banyak obyekan
Aduh aduh aduh bang komar sadarlah jangan menghayal
banyak sarjana pengangguran
nunggu panggilan sampai ubanan
Aduh ruminten gadis pujaan
Apa ruminten cari jutawan
Bukannya Ruminten ay ay mata duitan
Yang penting abang aduh duh punya kerjaan
Jikalau cinta telah menyatu
Pahit empedu terasa madu
Marilah kita ay ay saling mengikat
Aku tak mau aduh duh si cinta kilat
Aduh bang komar kusayang kamu
Aduh ruminten kucinta kamu

1
Aku Dudu Raja

Aku pancen wong sing tuno aksoro


Ora biso nulis, ora biso moco
Nanging ati iki isih nduwe roso
Roso tresno koyo tumprape manungso
Aku pancen uwong cilik ra koyo rojo
Biso mangan wae aku uwis trimo
Nanging ati iki isih nduwe roso
Jroning batin sak tenane pengen kondho

Reff : Pupus godhong gedhang


Ajang pincuk saiki wis ra kelingan
Biting pringe garing
Mbok apusi awakku yo nganti gering
Klaras godhong gedhang
Sing tak gagas saiki wis ra kelingan
Tiwas ketiwasan
Melu nandur tresno aku ra keduman

Aku pancen wong sing tuno aksoro


Ora biso nulis, ora biso moco
Nanging ati iki isih nduwe roso
Roso tresno koyo tumprape manungso

Aku pancen uwong cilik rakoyo rojo


Biso mangan wae aku uwis trimo
Nanging ati iki isih nduwe roso
Jroning batin sak tenane pengen kondho

2
Ambyar

Wis kebacut ambyar remuk sing ning ati


Opo ngene iki sing jenenge korban janji
Wis ambyar aku kudu kepiye
Metu ngendi supoyo ketemu kowe
Wis kebacut ambyar tresnaku kesasar
Seneng karo kowe selak nggonku milih pacar
Wis ambyar loro sing tak rasakke
Kowe lunggo ninggalke aku ning kene
Wis kebacut ambyar, ambyar koyo ngene
Manise janjimu jebule mung ono lambe
Wis kebacut ambyar, ambyar koyo ngene
Ning opo kowe tego nyekso aku koyo ngene
Sopo sing ra gelo
Yen digawe kuciwo
Ambyar
Wis kebacut ambyar tresnaku kesasar
Seneng karo kowe selak nggonku milih pacar
Wis ambyar loro sing tak rasakke
Kowe lunggo ninggalke aku ning kene
Wis kebacut ambyar, ambyar koyo ngene
Manise janjimu jebule mung ono lambe
Wis kebacut ambyar, ambyar koyo ngene
Ning opo kowe tego nyekso aku koyo ngene
Sopo sing ra gelo
Yen digawe kuciwo
Ambyar

3
Anggar Bini

Kudu lilo, yen to aku anglemboro


Panyuwunku puji lan pangestumu diajeng
Lilo pisah sak untoro ora dadi opo
Lungaku iki minongko kanggo tembe ing mburi...
Adus kringet kuwi uwis mesti
Loro lopo tak lakoni
Amung siji dadi panyuwunku
Tansah elingo mring aku...
Nanging ngopo kedadean ra tak nyono-nyono
Sliramu tego anggar bini karo priyo liyo...
Aduh Gusti gek dosaku opo..?

4
Angge-Angge Orong-Orong

Netes banyune moto Aku nangis ketiban ondho


Rondo tak kiro perawan
Bareng wis kawin anake sak kandang
Pancen aku wis rondo
Aku rondo anakku limo
Nanging aku sih biso
Diwolak walik koyo nggoreng telo
Sapi manak larang regane
Anak limo bedo bapak e
Angge-angge orong-orong
Ora melok nggawe melok momong
Rondo randane ompong
Nduwe anak sak gede kingkong
Angge-angge orong-orong
Ora melok nggawe melok momong
Anak limo akeh mangane
Penting mbok'e enak rasane
Eling jaman semono
Wayah kawin nanggap bal-balan
Tamune rame tenan
Nganti sing ndelok akeh sing pingsan
Amplop e akeh tenan Oleh duit karung-karungan
Wong sing podo kondangan
nganti akeh sing podo kelangan
Perawan rondo podo wae
Nadyan ompong enak rasane
Angge-angge orong-orong
Ora melok nggawe melok momong
Pitik karo anak e Kabeh mau dadi resikone

5
Angin Wengi

Keroso sepi rasa ning atiku


Urip dewe ning kene tanpo tresnamu
Pirang sasi suwene ora ketemu
Ra ono liyane sing tak tunggu tunggu

Koyo ngene wong yen nandang rindu


Saben wengi mripat iki angel turu
Umpomo kangenku kelakon entuk jantu
Rasane aku koyo ketiban daru

Angin wengi gawanen kangenku


2x
Gawanen kangenku kanggo slirane
Lintang luku sawangen awakku
Ning kene aku ngenteni tekane

Wes seprene ra ono kabare


Kangen ngenteni tekane

Kangen ngenteni tekane

6
Arum Dalu

Pupur lan gincu nambai ayu


Akeh priyo sing gandrung sliramu
Senadyan uwis ngerti, ngerti sliramu
Kembang arum ndalu
Soko kulino tresnaku ono
Pingin ngentaske kowe soko ino
Senadyan diomong tonggo dadi gunjingane konco
Tresnaku ra luntur kanggo sliramu
Kabeh wis pancen pestiku
Urip karo sliramuJodo kuwi soko Gusti
Manungso sing nglakoni
Aduh Gusti Moho Kuoso
Mugi kerso paring pirso
Kerso maringi pepadang
Tresnaku lan tresnamu
Tresnaku lan tresnamu
Tresnaku lan tresnamu
Soko kulino tresnaku ono
Pingin ngentaske kowe soko ino
Senadyan diomong tonggo dadi gunjingane konco
Tresnaku ra luntur kanggo sliramu

7
Awu Merapi

Neng ngendi kudu lunga


Nggoleki kenya sing tak tresna
Nalika putihe awu tiba
Tilas lakumu saya ora ketara

Neng ngendi kudu mlaku


Nuruti kareping atiku
Tak gegem gegayuhan lan impenku
Senajan abot sikilku tak nggo lumaku
Mawa sing abang ing pucuk merapi
Udan awu seprene sing dadi seksi
Setu pahing sing dadi pangeling eling
Eling sliramu nalika tak sanding
Uwis sewindu aku nggoleki sliramu
Rina wengi... ora ketemu
Ning ngendi papan lan dunungmu
Yen ketemu eba bungahing atiku

Yen ketemu eba bungahing atiku

8
Bakso Sarjana

Anakku wedok lulus sekolah


Nangis karepe pingin kuliah
Mugi gusti Alloh paringo berkat
Marang kulo tiyang alit sing mboten gadah
Naliko bayi biyen tak kudang
Rino wengi tak gadang gadang
Senajan wong tuamu dudu juragan
Mung wong cilik bakul bakso kelilingan
Oalah nduk kowe duweku donga lan puji
Wong tuamu moco tulis ora ngerti
oalah nduk karepmu wis tak turuti
Yen kuliah ning kutho sing ati-ati
Atiku bungah krungu kabare
Koyo wong sing menang lotre
Anakku wedok sing ayu dewe
Sing tak gadhang-gadhang wis klakon karepe
Anak bakul bakso lulus kuliahe
Anakku

9
Bangjo Malioboro

Lampu bangjo ing prapatan Malioboro..


Nganti wengi aku dhewekan no kono..
Lalu lintas pating sliwer maneko warno
Dho ra ngerti rasane ati ing dhodho

Malioboro seksenono lelakonku


Nganti sprene tresnaku ro sliramu
Tansah tak siram tetesing eluhku
Nganti suk kapan sliramu eling aku

Wis meh pirang-pirang sasi


Aku tansah ngenteni
Wis meh pendhak lingsir wengi
Aku tansah memuji

Sawetoro telung minggu


Aku krungu kabarmu
Yen sliramu ninggal aku
Oleh gantine awakku

Karo priyo seje


sing bagus lan nduwe
Bedo karo aku sing koyo ngene
Malioboro seksenono lelakonku
Nganti sprene tresnaku ro sliramu
Tansah tak siram tetesing eluhku
Nganti suk kapan sliramu eling aku

10
Banyu Langit

Sworo angin angin sing ngeridu ati


Ngelingake sliramu sing tak tresnani
Pingin nangis ngetoke eluh neng pipi
Suwe ra weruh senadyan mung ono mimpi
Ngalemo ngalem neng dadaku
Tambanono roso kangen neng atiku
Ngalemo ngalem neng aku
Ben ra adem kesiram udan ing dalu

Reff : Banyu langit sing ono dhuwur khayangan


Watu gedhe kalingan mendunge udan
Telesono atine wong seng kasmaran
Setyo janji seprene tansah kelingan
Ademe gunung merapi purbo
Melu krungu swaramu ngomongke opo
Ademe gunung merapi purbo
Sing ning langgran Wonosari Jogjakarta
Janjine lungane ra nganti suwe-suwe
Pamit esuk lungane ra nganti sore
Janjine lungane ra nganti semene suwene
Nganti kapan tak enteni sak tekane

11
Bapak

Rambut wis ra ireng


Wis malih rupane
Ireng dadi putih saikine
Dino tambah dino
Umur tambah tuwo
Nanging koyo-koyo ora diroso
Ngadeg dadi jagad
Nyonggo piringe anak
Mempeng kerjo ora mikir rogo
Paribasan umur
Wis akeh cacahe
Nganti bingung anggonku ngitunge
Bapak...bapak... tekadmu kuwi tak puji
Bapak...bapak... kowe koyo senopati
Bapak...bapak... panasmu ngungkuli geni
Bapak...bapak... keno angin soyo ndadi
Senajan uwis tuwo Nekad mempeng kerjo
Nyambut gawe kanggo nguripi kluargo
Bapak... snajan umurmu wis tuwo
nanging tekadmu biso dadi tulodho
aku anakmu mung biso memuji
Mugo-mugo bapak tansah pinaringan
bagas waras saking gusti kang moho kuwoso
kulo pak, anak sampean

12
Bayi Suci

Alis lan pipimu, Isih ono mripatku..


Wengi kuwi
Kowe lungo nilapake aku..

Anakku cah ayu


Bayi suci aranmu..
Lintang ayu
Tyas prastri angger anakku..
Sawetane endahing gunung lawu
Saiki adoh romo lan ibu..
Pancen wis ginaris anakku
Titi wanci semono umurmu..
Tangising swaramu
Isih ono kupingku..
Aduh gusti, kulo lilo
Sedoyo sampun pesti..

13
Bojo Gemati

Padang njingglang lampu merkuri


Bojoku sayang tur pancen gemati
Yo pinter ngaji sholat ra lali
Karo aku tansah ngajeni
Omah kayu kamare siji
Latar sing reget tansah disaponi
Ning ati ayem rasane tentrem
Sopo wonge sing ora seneng
Saben ndino kebak tresno
Yen lungo ra tau sujono
Saben ndino mulih kerjo
Blonjo piro mesti ditompo

14
Bojo Loro

Kroso sepet empinge mlinjo


Sirah mumet dhik nduwe bojo loro
Mikir sing enom mikir sing tuwo
Ro karone podo le tresno
Cekut cekut mumet temenan
Ati bingung dik le mbagi katresnan
Butuhe akeh duwit pas pasan
Tanggal enom wis kebingungan

Mrono mrene saben ndino


Iki mrene sesuke mrono
Bojo enom mung sedhelo
Bojo tuwo nggondeli clono

Mrono mrene saben ndino


Iki mrene sesuke mrono
Bojo enom mung sedhelo
Bojo tuwo nggondeli clono

15
Bojo Napi

Salahku uwis tak tebus ning kono


Pirang taun tak lakoni, ing kunjoro
(Tresnamu ra malih), setyo nganti aku mulih
Wong ayu tresnamu pancen ra pamrih..

Ora salah, anggonku milih sliramu


Nganti seprene nyatane setyo lan tuhu
(Kanthinen tanganku), kanthi tulusing atimu
Tambanono roso kangen ning atiku..

Ora malih tak sawang atimu


Tanpo isin kok tompo ikhlas tekaku
Senajan ono sing moh nyawang rupaku
Mung sliramu sing gawe bungah atiku..

16
Burungku Flu

Loro tenan
Meneng wae nglentruk ora doyan mangan
Loro tenan Ra gelem ngadeg
Ra gelem manggung aduh sayang
Lemes tenan
Tak elus-elus malah mlungker ono kandhang
Loyo tenan
Iki piye, iki piye, piye sayang

Bukan burung sembarangan


Kalo nanti salah makan
Itu burung kesayangan
Bukan burung-burungan

Waduh ciloko
Kudune tak pakani kroto
Kok tak wenehi rendang
Waduh lemes lemes

Bukan burung-burungan
Manuke Mas Poniman

17
Cidro

Wis sakmestine ati iki nelongso


Wong seng tak tresnani mblenjani janji
Opo ora eling naliko semono
Kebak kembang wangi jroning dodo

Kepiye maneh iki pancen nasibku


Kudu nandang loro kaya mengkene
Remuk ati iki yen eling janjine
Ora ngiro jebulmu lamis wae

Gek opo salah awakku iki


Kowe nganti tego mblenjani janji
Opo mergo kahanan uripku iki
Mlerat bondo seje karo uripmu

Aku nelongso mergo kebacut tresno


Ora ngiro saikine cidro

18
Cinta Yang Sempurna

Koyo lintang ning langit


Tresnaku lan tresnamu Ra bakal biso ilang
Senajan wis ganti jaman
Matur nuwun duh Gusti
Seneng rasaning ati
Priyo sing tak tresnani
Tansah setyo ngancani
Aku dudu pujonggo Sing pinter gawe crito
Nduweku yo mung tresno
Tulus sing ono dodo
Roda roda sing mlaku Ngelingake sliramu
Tanganku ning pundakmu
Ning ngopo kowe mlayu
Lalekno awakku
Yen kuwi apik kanggone uripmu
Wis rasah ngomongake tresno
Tresno sing tulus yen gawe gelo lalekno
Wis aku tak lungo Nglalekke tresno
Tresnamu selawase
Nganti ilang nyawaku Ojo nganti lali
Nglalekake roso tresnaku
Nganti ilang nyawaku
Aku ora lilo
Yen ono wong liyo ning atimu

19
Cucak Rowo

Kucoba coba melempar manggis


Manggis kulempar mangga kudapat
Kucoba coba melamar gadis
Gadis kulamar janda kudapat

Iki piye iki piye iki piye


Wong tuwo rabi perawan
Prawane yen bengi nangis wae
Amargo wedi karo manuke

Manuke manuke cucak rowo


Cucak rowo dowo buntute
Buntute sing akeh wulune
Yen digoyang ser-ser adhuh enake

Jamane jamane jaman edan


Wong tuwo rabi perawan
Prawane yen bengi nangis wae
Amargo wedi karo manuke

Manuke manuke cucak rowo


Cucak rowo dowo buntute
Buntute sing akeh wulune
Yen digoyang ser-ser adhuh enake

20
Dalan Anyar

Kembang tebu sing kabur kanginan


Saksi bisu sing dadi kenangan
Prasetyamu kui mung kiasan
Tresnamu saiki wis ilang

Ning dalan anyar kowe karo sopo


Aku ngerti dhewe neng ngarepe moto
Ning dalan anyar kowe karo sopo
Ning kulon Terminal Kertonegoro Ngawi

Kembang tebu sing neng sawah nggrudo


Ora garing senadyan mongso ketiga
Tansah eling jamane semono
Neng kulon Terminal Kertonegoro

Neng dalan anyar kowe karo sopo


Aku ngerti dhewe neng ngarepe moto
Neng dalan anyar kowe karo sopo
Neng kulon Terminal Kertonegoro

21
Dalan Tembus ( Cemoro Sewu Sarangan )

# Mental-mentul cemoro kegowo angin


Manuk jalak podo ngoceh wanci injing
Kenal pisan selawase mesti eling
Soyo cedak bebasan wong sing nyanding

Dalan tembus cemoro sewu sarangan


Munggah medun karo nyawang tetanduran
Karanganyar-Magetan wis ra krenggosan
Paribasan sak kedet metro wis tekan

# # Woh wohan sing do gemandul


Tidak bohong pancen leres (memang betul)
Mbun sing netes ono ing rambut
Howo adem sing digowo kabut
Dalan tembus dadi kenangan
Cemoro sewu sarangan
Nalikaning gek mbiyen isih pacaran

Mbun sing netes ono ing rambut


(Howo adem) sing digowo kabut
Dalan tembus dadi kenangan
Cemoro sewu sarangan
Nganti seprene neng ati tansah kelingan

Dalan tembus cemoro sewu sarangan

22
Dolanan Dakon

yo prokonco dolanan dakon


watu item cacahe pitu
mbok paijem nangalun-alun tuku apel
nggo pakan bajing

Ndek cilik aku dolanan


Dolanan karo konco lawas
Neng latar dolanan nekeran
Nek kalah koplok-koplokan

Yen bengi dolan nang prapatan


Teng teng crit
Ngombe ciu lawaran gojekan
Sing ora mutu contohe
sing koyo ngene

23
Dudu Jodone

Tak lilakno, tak lilakno nadyan aku gelo


Yen pancen ra jodone arep dikapakke
Mbok dipekso ora biso
Malah dadi abot sangganing ati

Sak lawase tak ugemi mung sawiji


Tresnaku iki lambe tekan ati
Nanging aku ugo ngerti ngrumangsani
Sopo sliramu lan sopo aku iki
Yo wis lumrahe wong tuwamu ora setuju

Tak lilakno, tak lilakno nadyan atiku loro


Yen pancen ra jodone arep dikapakke
Mbok dipekso ora biso
Malah dadi abot sangganing ati

24
Eling

Elinga kakang dudu kula bli demen


Wis langka jamane maning
Sejen bengen sejen kiyen

# Yen pancen kowe isih duwe roso sayang


Muliho neng omah wae
Anak bojomu ngenteni

## Kula kakang sebenere masih sayang


Tapi nggo apa langka gunane
Sing wis yo uwis ojo dieling-eling
Kanggo ngopo ra ono gunane
Bati gawe dosa Bati gawe dosa
Bathi nggawe dosa Bathi nggawe dosa

Elinga kakang dudu kula bli demen


Wis langka jamane maning
Sejen bengen sejen kiyen

ulang # , ##

25
Eling Kowe

Jangkrik ngere ing tengah wengi


Nambahi kangenku
Samben wengi ora biso turu
Mung eling awakmu

# Tilpun muni tak akan


Cah ayu kuwi dudu suaramu
Atiku tambah nelongso
Sok kapan aku biso ketemu
Sliramu

# # Aku pingin nyawan cahaya ning bulan


Aku pingin tansah andung katresnan
Aku pingin nyawan kebyare lintang
Aku pingin lungguh sesandingan
Aku pingin karo kowe

Aku eling kowe

Suara tansah ngelingake aku


Kèk opo dosanku
Yèn ono sala lan luputku
Kuwi kabeh salaku

Aku kangen kowe

26
Empek-empek

Empek-empek dik, dari palembang


Nganti tuwek, sliramu tak sayang-sayang
Senajan ono widodari sing karipan
Nggoda aku, ora bakal menggok ndalan

Empek-empek mas, gurih rasane


Pengen sing teles, nopo sing garing wae
Ora pantes, yen disawang tanggane
Wong wis tuwek, koyo bocah enom wae

Lemak nian oi
O ya

Plastik gulo dik, taline karet


Tambah tuwo, tresnaku semakin lengket
Plastik gulo dik, gulane pasir
Sopo wonge, atine sing ra kuatir
Percoyo dik, aku tansah setiyo
Yen ora setiyo, kangmas tak tinggal lungo
Ning endi

27
Entenono

Layangmu tak tompo wingi kuwi


Wis tak woco opo karepe atimu
Trenyuh ati iki moco tulisanmu
Ra kroso netes eluh ning pipiku

Umpomo tanganku dadi suwiwi


Iki ugo aku mesti enggal bali
Ning kepriye maneh mergo kahananku
Cah ayu entenono tekaku

Ra maido sopo wong sing ora kangen


Adoh bojo pingin turu angel merem
Ra maido sopo wing sing ora trenyuh
Ra kepethuk sawetoro pingin weruh
Percoyo aku, kuatno atimu
Cah ayu entenono tekaku

28
Gawe Gelo

Koyo wong wuto sing ilang tekane


Mlakumu ing wengi kuwi
Opo sing kok karepake
Naliko aku ngerti
Sliramu cidro janji
Ngapusi awakku

Rasane ati iki


Koyo ra percoyo
Kowe ngimpi opo
Rasane kepingin njerit
Nangisi tresnaku
Nangisi nasibku

Kowe gawe gelo, kowe gawe loro


Nglarani atiku, nglarani uripku
Gawe gelo aku, opo to salahku
Kowe ngapusi aku

Kowe gawe gelo, kowe gawe loro


Nglarani atiku, nglarani uripku
Gawe gelo aku, opo to salahku
Kowe gawe gelo

29
Gusti Ora Sare

Bejo, ciloko, soro lan mukti


wis ginaris kang dumadi
Lara ati iki, kowe sing natoni
Ben tak tampa lelakon iki
Gusti ra sare, tansah ngulatke
Tutugno anggonmu ngece
Ati seje lambe, sing kok ucapake
Ora nyono ngene dadine
Gusti ora sare, ngerti sak kabehe
Gusti ora sare, ngerti sak kabehe
Sing salah aku, opo kowe
Sing salah aku, opo kowe

Gusti ora sare, ngerti sak akehe


Gusti ora sare, ngerti sak akehe
Sing salah aku opo kowe
Gusti ora sare, ngerti sak kabehe
Gusti ra sare
Gusti ora sare, ngerti sak kabehe
Sing salah aku opo kowe…
Gusti ra sare
Gusti ora sare, ngerti sak kabehe
Aku opo kowe sing salah
Gusti ora sare, ngerti sak kabehe

30
Iki Wek E Sopo

Wong yen lagi gandrung


Ra perdhuli mbledhose gunung
Wong yen lagi naksir
Ra perdhuli yen perang nuklir
Nadyan lagi bokek
Direwangi nretek-nretek
Jarene wis jodho
Opo-opo duweke wong loro
Wong yen lagi kepikat
Ra perdhuli ndunyo kiamat
Wong yen lagi nyenengi
Ra perdhuli lagi inflasi
Nadyan ra duwe duwit
Direwangi kredat-kredit
Jarene wis jodo
Opo opo kudu wong loro
Irung mbangir yo duwekmu
Lambe tipis yo duwekmu
Janggut nyatis yo duwekmu
Bangkekane, yo duwekmu

Mestine ono sing duwe 4x

31
Ilang Tresnane

Tak trima trimake


Yen pancen ngono karepe
Tenane batinku ora nglila ake
Ning nyatane kudu koyo ngene
Mugo mugo bener pilihane
Wis ilang tresnane
Wis lali piye sumpahe naliko kae
Ning saiki kok ngene dadine
Tresname jebul mung ono lambe
Mung ono lambe

Reff : Tak trima trimake


Yen pancen ngono karepe
Tenane batinku ora nglilakake
Ning nyatane kudu koyo ngene
Mugo mugo bener pilihane

Wis ilang tresnane


Wis lali piye sumpahe naliko kae
Ning saiki kok ngene dadine
Tresname jebul mung ono lambe
Mung ono lambe
Klopo sing tak tandur
Limang taun sing kepungkur
Uwis thukul godonge wis dadi janur
Janur sing semampir ono ing ngarep omahmu
Nanging sing nyanding kowe dudu awakku, dudu aku…

32
Jambu Alas

Kelingan manis eseme


Trus kelingan ramah gemuyune
Tresno lan kasih, kasih sayange
Karep atiku klakon dadi bojone
Sayange wes nduwe bojo
Nanging aku, aku wes kadung tresno
Nelongso rasaneng ati
Yen aku ra klakon melu nduweni

Reff: Jambu alas kulite ijo


Sing digagas wes duwe bojo
Ada gula ada semut
Durung rondho ojo direbut

Sumpah ning batin


Yen kula tidak dikawin
Tekade ngati Ora bakal luruh ganti
Sumpah wis janji Arep sehidup semati
Seneng lan sedih Bareng-bareng dilakoni

Jambu alas nduk Manis rasane


Snajan tilas
Tak enteni rondhone

33
Jamu Opo Jampi

# Jamu, mas… jamu, mas…


Janji mau ketemu
Jampi, dhik… jampi, dhik…
Janji menehi pipi
Jangan lagi cuman pipi, Yang lain juga tak beri
Asal kangmas ra mblenjani, Janjinya hanyalah mimpi
Di siang hari… mimpi di siang hari
Jangkrik, mas… jangkrik, mas…
Jangan lirak-lirik
Janda, dhik… janda, dhik…
Jangan suka menggoda
Janganlah suka menggoda, lirik sini lirik sana
Lupa yang di sebelahnya, terus maunya gimana
Maunya apa? Kangmas manut-manut saja
Reff : Jarene… jamane jaman edan
Katanya… yen nggak ngedan ketinggalan
Jarene… si emas masih bujangan
Nyatanya… bojo loro masih kurang
Ono manuk kuntul, dhik, kok nggondhol pemehan
Itu tidak betul, dhik, Cuma percobaan…
(Lho lho lho… lho kok ngono?)
ulang # Reff
Ono manuk kuntul, dhik, kok nggondhol pemehan
Itu tidak betul, dhik, Cuma percobaan… 3×

34
Janda Baru

Deg-degan dik..dik…
Deg-degan dik..dik…
Deg-degan, jantungku deg-degan
Nalikane aku krungu kabare
Ora nyono aku ora nglegewo
Opo bener sliramu uwis pisahan

Tratapan mas.. mas…


Tratapan mas.. mas…
Tratapan, jantungku tratapan
Ora ngiro kepanggih kalih sampeyan

Tak kiro sampeyan isih bujang


Alah jebulane sampeyan dudo anyaran

Gethuk dik..Gethuke teloYen wis pethuk dik..


Ayo gek ndang ngopo

Tuku duku mas..Neng kutho Semarang


Lagi ketemuLha kok wani pegang-pegang

Sabtu dik.. Maleme mingguDuh wong ayu


Ojo gawe gelo atiku

Menyang Solo mas tuku selendang biru


Ojo sembrono nadyan aku janda baru

35
Kalung Emas

Kalung emas sing ono gulumu


Saiki wis malih dadi biru
Luntur koyo tresnamu
Luntur koyo atimu
Saiki kowe lali karo aku

Kalung emas kuwi mbiyen tak tuku


Tak pasrahke mung kanggo sliramu
Gedhe roso tresnaku
Yo mung kanggo sliramu
Ra nyono kowe lali karo aku

Loro atiku, atiku keloro-loro 2×


Rasaning nganti tembus ning dhodho

Nangisku iki mergo kowe sing njalari


Kebangeten opo salahku iki
Opo dosaku iki



36
Kangen Nickerie

Spesial kanggo dulur-dulurku, sing ono Nickerie


Tak nyanyike lagu iki, kangen sliramu
Sepine wengi iki
Neng kene aku ngenteni
Kesuwen-suwene wis pirang sasi
Ning Nickerie kowe ra bali
Opo aku salah
Naliko urip sak omah
Rembulan sing ngilo ono segoro
Padhangono ati kulo
Pujaan hatiku ra teko-teko
Ning Nickerie lali kulo
Opo aku salah
Naliko urip sak omah
Aku nangis, aku kangen
Janjine biyen kowe seneng
Ning Nickerie tak enteni
Gek muliho neng kene aku ngenteni
Rembulan sing ngilo ono segoro
Padhangono ati kulo
Pujaan hatiku ra teko-teko
Ning Nickerie ndang muliho
Opo aku salah
Naliko urip sak omah
Aku nangis, aku kangen
Janjimu biyen kowe seneng
Ning Nickerie tak enteni
Ning muliho aku ngenteni
Ning Nickerie gek enggal bali
Ye, he, matur nuwun.

37
Kangening Ati

Sewengi aku ora biso turu


Klisikan atiku ora karuan
Mung tansah kelingan
Kelingan esem mu
Nalikane ketemu sliramu

Sedino rasane koyo setaun


Rino lan wengi mung tansah ngalamun

Wis tak lali-lali


Ora biso lali
Malah chumantel ono ing ngati
Kangening atiku
Yen adoh karo sliramu
Wong ayu geghantilaning atiku
Mesemo yo nimas
Sak ithik aku wes lego
Kanggo nambani
Kangenku ning dhodho
Rungokno swaraning atiku
Mung tansah pingin ketemu
Rungokno getaring jantungku
Kangenku yo mung sliramu

38
Kapusan Janji

Pa : Nengopo ono tresno, Yen kudu pisah?


Nengopo kowe seneng, Yen gawe susah?
Lungamu gawe gelo, Nyikso atiku loro
Aku wong isih urip, Mbok anggep wes tanpo nyowo
Pi : Nengopo kowe janji, Yen mung ngapusi?
Nengopo kowe nong ati, Yen mung ngelarani?
Tresnamu uwes ilang, Garing kegowo angin
Yen ngerti koyo ngene, Kenal kowe ora pengen
Pa : Marane ati iki, Nganti kapan ora ngerti
Seprene ra ono wong… Sing nambani
Pi : Larane ati iki… Nganti kapan ora ngerti
Marine yen kowe bakal… Ngugemi janjimu
Pa : Nengopo ono tresno? Yen kudu pisah?
Nengopo kowe seneng, Yen gawe susah?
Pi : Tresnamu uwes ilang, Garing kegowo angin
Yen ngerti koyo ngene, Kenal kowe ora pengen
Pa : Marane ati iki, Nganti kapan ora ngerti
Seprene ra ono wong… Sing nambani

Pi : Larane ati iki… Nganti kapan ora ngerti
Marine yen kowe bakal… Ngugemi janjimu



39
Karindhangan ( Prawan Kalimantan )

# Rino wengi tansah kelingan


Prawan ayu Kalimantan
Bantal guling tak sayang-sayang
Nganti koyo wong kedanan
Rancak liwat kasubarang
Dalam hati tarasa supan
Kumaharap minta ditagur
Gasan ubat karindhangan
** Saben dino aku ngalamun
Tekan omah atiku bingung
Jane tresno ra wani nembung
Rasane koyo wong ling-lung
## Hiring kiwa bahiring kanan
Paksa mata suruh bapajam
Bamalaman kada taguring
Kaingatan si rambut panjang
Reff : Adhuh uma abah, adhuh
Satiap malam ulun tabayang
Hati dandaman
Apakah kawa ulun manyandang
Adhuh uma abah, adhuh
Ulun takutan ulun takutan
Disambat urang awak nangganal
Masih mambujang
$ Beninge banyu Kalimantan
Biyen sing tak ombe, sayang
Ngelingake naliko biyen kenalan
ulang # , ## , Reff , $ , ** , ##
Kaingatan si rambut panjang

40
Kembang Kocapan

Sepiro lawase urip kang nandang prihatin


Ngrungkepi gegayuhaning ati
Lelaku nisto ing sak bendinane
Meres kringet mekso rogo

Mugo-mugo Gusti kersa paring idi


Ilang panalongso tembe mburine
Urip tentrem ayem adoh ing panandang
Iba bungahe ati iki

Yo wis ben saiki dadi kembang kocapan


Ning aku ora bakal loro ati
Yo wis ben saiki akeh konco podho ngino
Ning aku ora bakal nelongso

Margo piye maneh, aku wong ora duwe


Rekasa kuwi sak pantese
Ning aku percoyo ora bakal sak lawase
Rekasa kuwi ono watese

41
Kere Munggah Bale

Nok Sri Mulyani


Sakiki urepmu soyo mukti
Nyandang nganggo ora ngucewani
Mergo saiki wis dadi penyanyi
Nok Sri Mulyani
Gayamu jan koyo selebriti
Mulo saiki kowe wis lali
Karo aku sing dadekke penyanyi
Eling-eling
Kowe biyen dodol sego kering
Bareng saiki dadi wong kondhang
Kowe njur lali karo kahanan
Eling-eling
Kowe biyen dodol sego kucing
Bareng saiki dadi wong gedhe
Kowe koyo kere munggah bale
Nok Sri Mulyani
Senadyan saiki kowe wis lali
Nanging tetep tak dongakake
Mugo mugo ra bali dadi kere
Nok Sri Mulyani
Biyen omahmu ora mbejaji
Setan wae mlebu ora wani
Ning saiki wis apik koyo loji
Nok Sri Mulyani
Kowe saiki cidro ing janji
Janjimu biyen ra bakal lali
Karo aku sing dadekke penyanyi

42
Ketaman Asmoro

Saben wayah lingsir wengi


Mripat iki ora biso turu
Tansah kelingan sliramu
Wong ayu kang dadi pepujanku

Bingung rasane atiku


Arep sambat nanging karo sopo
Nyatane ora kuwowo
Nyesake atiku sansoyo nelongso

Wis tak lali-lali


Malah sansoyo kelingan
Nganti tekan mbesok kapan nggonku
Mendem ora biso turu

Opo iki sing jenenge


Wong kang lagi ketaman asmoro
Prasasat ra biso lali
Esuk awan bengi tansah mbedo ati

43
Ketar-Ketir

Ketar ketir, ati tansah ketar-ketir


Yen tak pikir, aku koyo lampu senthir
Kelap-kelip, mobat-mabit
Yen lagi keterak angin sing semribit

Dhik, aku gelo


Sliramu sing tak tresnani jebul mentolo
Dhik, sliramu pamit arep lungo
Jroning ati rasane keloro-loro

Nadyan tak penggak, tetep ra biso


Yen tak gagas, lungamu njur golek opo
Tak enteni dhik, kapan tekamu
Mbok nganti mbesok putih rambutku

Ketar ketir, ati tansah ketar ketir


Yen tak pikir, aku koyo lampu senthir
Kelap-kelip, mobat-mabit
Yen lagi keterak angin sing semribit
Dhik, aku gelo
Sliramu sing tak tresnani jebul mentolo

44
Kopi Lampung

Secangkir wedang kopi


Kopi lampung niku kopi asli
Gula batu nopo gula tebu
Sruput-sruput ing wanci telu

Wancine udan grimis


Soyo wengi yo soyo mriwis
Gerimis kok ra uwis-uwis
Terus kelingan kowe wong manis
Ha.eh ha.eh Uha . Uha

Merak – Bakahuni
Numpak kapal, kapale feri
Adoh-adoh kowe tak parani
Mugo-mugo kowe ra lali

Merak – Bakahuni
Numpak kapal, kapale feri
Aku cinta setengah mati
Kelingan yen ngudhek kopi

Ko ke wedang, wedange kopi


Gelar kloso ing wayah wengi
Aku cinta setengah mati
Yen ngudhek kopi

45
Kuncung

Cilikanku rambutku dicukur kuncung (cung)


Kathokku soko karung gandum
Klambiku warisane mbah kakung
Sarapanku sambel korek sego jagung

Kosokan watu ning kali


Nyemplung ning kedhung (byur)
Jaman dhisik durung ungsum sabun
(Pabrike rung dibangun)
Andhukku mung cukup andhuk sarung
Dolananku montor cilik soko lempung
Bis holobis kuntul baris, rekasane sak iki wis
Bis holobis kuntul baris
Gek gegere gek ndang uwis
Tanggal limolas padhang njingglang
Mbulane bunder (ser) 2x
Aku dikudang suk yen gedhe dadi dhokter
(sing ngudang mbokne)
Tanggal limolas padhang njingglang
Mbulane bunder (sleser)
Bareng wis gedhe, aku disuntik bu dhokter
Hono coroko doto sowolo
Iki cerito jaman semono
Podho joyonyo mogo bothongo
Iki cerito soko wong tuwo



46
Kusumaning Ati

Kusumaning ati
Dhuh wong ayu kang tak anti-anti
Mung tekamu biso gawe
Tentrem ning atiku

Biyen nate janji


Tak ugemi ora bakal lali
Tur kelingan jeroning ati
Sak bedhahing bumi

Kadung koyo ngene


Sak iki piye karepe
Malah mirangake
Manis pambukane
Kok pahit tibo mburine
Malah ngangelake
Amung pamujiku
Mugo-mugo ra ono rubedho
Sak pungkure
Nggonmu lungo
Ora kondo-kondo

47
Layang Kangen

Layangmu tak tompo wingi kuwi


Wis tak woco opo karepe atimu
Trenyuh ati iki moco tulisanmu
Ra kroso netes eluh ning pipiku

Umpomo tanganku dadi suwiwi


Iki ugo aku mesti enggal bali
Ning kepiye maneh mergo kahananku
Cah ayu entenono tekaku

Reff : Ra maido sopo wong sing ora kangen


Adoh bojo pingin turu angel merem
Ra maido sopo wong sing ora trenyuh
Ra kepethuk sawetoro pengin weruh
Percoyo aku, kuatno atimu
Cah ayu entenono tekaku

48
Lilo

Sak rambut wae aku ora lilo


Endahe katresnan mung tekan semene
Sumandhing ning uripku dadi panglipur atiku
Ilang ratanku ilang

Sewu janji sing tak tandur ning ati


Entek mati kesiram panasing ati
Sopo wonge ora loro ugo keronto-ronto
Tresnamu jebul tresno palsu

Lilo lilo aku lilo


2x
Yen toh sliramu tego medhot tresno

Timbang mung nggedowo loro


Lilo atiku pisah karo sliramu
Mugo mugo wae cukup tekan semene
Medhot tresno timbang loro ati

49
Lingsa Tresna

Sindhap… sing ono rambutku iki


Isih biso tak kramasi
Nanging yen ngramasi loro ati
Ora gampang koyo mijet wohing ranti

Lingso… sing ono rambutku iki


Isih biso tak petani
Nanging yen ngramasi loro ati
Ora gampang koyo mijet wohing ranti

Endahe ombak segoro


Parangtritis sakidule Yogjo
Eling aku tansah eling
Senajan kowe ra eling

Reget… sing ono kulitku iki


Isih biso tak resiki
Nanging yen ngresiki ati iki
Ora gampang koyo mijet wohing ranti

50
Mati Lampu

Pet lampune mati


Peteng ndhedhet omah iki..
Pet mati lampune
Teplok-teplok diuripke..
Nyamuk-nyamuk podho nyanyi
Wing nguwing terus nyakoti..
Tak enggati ketatap korsi
Adhuh biyung sikilku mlenthung..
Pet lampune mati
Bocah cilik podho wedi..
Pet mati lampune
Thole nangis nggoleki mbok’e..
Mbah putrine grayah-grayah
Mbah kakunge pengen ngopi..
Mlaku ngarep kleru mburi
Grayah-grayah.. ngutahke kopi..
Pet lampune mati..
Paling enak sing lagi pacaran
Lampune mati, malah su-sunan..
Paling enak sing lagi sun-sunan
Mati lampune pet.. mati-matian..
Anget tenan mati lampu
Anget tenan mati lampune..
Byar lampune padhang
Sing pacaran dho konangan..
Byar lampune padhang
Sing sun sunan ketok tenan..

51
Merak Ati

Pisan kepethuk dheweke


Atiku rasane seje
Nyawang esem ning pipine
Solah lan bawane sopo sing ra mikirake

Bareng kepethuk banjure


Soyo tambah nggemesake
Sajak koyo ngawe-awe
Manis polapane tansah nggodha klageane

Ning nggon moto ning nggon ndhodho ning nggon roso


Rasane koyo ngene
Ning nggon moto ning nggon ndhodho ning nggon roso
Rasane koyo ngene
Esuk awan sore…
Mung katon eseme
Mbengi tansah ngimpi dheweke

Pawakane merak ati


San donya ono siji
Atiku ra iso lali… ora iso lali
Marang wong kang dadi ati

52
Modal Dengkul

Pi : Modalmu mung modal dengkul yo mas


Koyo rokok mbako semprul
Kabeh kowe yo mung nggabrul
Tenane kowe pancen gemendhul

Pa : Mengko yen wis klakon kumpul yo dhik


Tak tukokke sing gemandhul
Gelang kalung emas wungkul
Sing gedhe-gedhe saknggone pak dul

Pi : Lagi kenal kok kowe wis wani ngrangkul


Pa : Wani wae wedi yen sliramu ucul
Pi : Lagi kenal kok kowe wis wani nusul
Pa : Wa wa wani wae mergo lambemu sing nggandul

Pi : Modalmu mung modal dengkul yo mas


Koyo rokok mbako semprul
Kabeh kowe yo mung nggabrul
Tenane kowe pancen gemendhul

Pi : Lagi kenal kok kowe wis wani ngrangkul


Pa : Wani wae wedi yen sliramu ucul
Pi : Lagi kenal kok kowe wis wani nusul
Pa : Wa wa wani wae mergo lambemu sing nggandul

Pa : Senadyan bondho dengkul


Aku iki joko jujur

53
Nagih Janji

Udan eluh tumetes ing wayah wengi


Kroso trenyuh rasane atiku iki
Iki tenan opo yo mung ono ngimpi
Ra tak nyono sliramu kok krosoo bali

Ora salah yen sliramu nagih janji


Mung tekamu kok yo ora wingi-wingi
Aku bungah neng kudu kepiye iki
Saikine aku uwes entuk ganti

Wes ono sisihanku seng klebu jroning atiku


Sak suwene sliramu ninggalke aku
Ojo kok salahke aku, ojo nesu karo aku
Wong tuaku wes kebacut entuk mantu

54
Nanggap Campursari

Sasi ngarep ayo rabi yo dhik yo


Konco-konco diulemi
Nanggap orkes campursari
Sedino punjul sewengi
Tamune ben seneng ati

Mengko yen listrike mati yo dhik yo


Nyewo disel opo aki
Joget terus sampe pagi
Jogetan karo penyanyi
Yen wis rampung disangoni

Sing nyanyi ayu-ayu


Yen aku mlirik, kowe ojo cemburu
Sing mlirik mung mripatku
Ning atiku mung kanggo sliramu

Tresno ditambah tresno


Candakane mestine kuwi roso
Roso ditambah roso
Candakane mestine kuwi kerso
Kerso ditambah kerso
Candakane mestine kuwi nyoto
Nyoto ditambah nyoto
Nyoto-nyoto wong loro pancen tresno

55
Nunut Ngiyup

Nunut ngiyup, kulo nunut ngiyup


Udan lali ra nggowo payung
Teng tritis kulo nggih purun
Teng emper kulo nggih purun
Sak derenge matur nuwun
Nunut leren, kulo nunut leren
Ajeng mantuk sampun kewengen
Udane ra leren leren
Banyune netes ning genteng
Leren kulo nunut leren
Langite peteng ndedet
Howone adem banget
Mbok kulo dijak mlebet
Kersane tambah anget
Semarang kaline banjir
Arep nyabrang wedi kintir
Nopo kulo angsal mampir
Kenthongan ampun dititir
Kali cilik niku kalen
Jaman cilik konco langen
Nopo sampean kesupen
Kulo badhe nderek leren

56
Ojo Sujono

Aku wis ngaku salah kondho sak nyatane


Soko ati ra mung ono lambe
Geni sing neng ati enggal disirami
Yo ben adem koyo dek wingi
Mbok wis ojo sujono ojo nyikso rogo
Tresno kuwi mesti ono godho
Mowo sing nang dodo
Enggal dileremno
Yo ben tentrem koyo dek semono

reff :
Ronce-ronce melati benange nglawe
Pupus klopo sing ngelingke
Nganti tuwo aku isih tresno kowe
Senadyan ono godho sepiro akehe

57
Pamer Bojo

Koyo ngene rasane wong nandang kangen


Rino wengi atiku rasane peteng
Tansah kelingan kepingin
Sedelo wae uwis emoh tenan

Cidro janji tegane kowe ngapusi


Nganti seprene suwene aku ngenteni
Nangis batinku nggrantes uripku
Teles kebes netes eluh neng dhodhoku

Dudu klambi anyar sing neng njero lemariku


Nanging bojo anyar
sing mbok pamerke neng aku
Dudu wangi mawar
sing tak sawang neng mripatku
Nanging kowe lali ngelarani wong koyo aku

Nengopo seneng aku yen mung gawe laraku


Pamer bojo anyar neng ngarepku

58
Pantai Klayar

Tulung sawangen
Sawangen aku sing nandhang rindu
Oh tulung muliha senajan sedela, aku wis lila

Samar, ati iki samar


Yen nganti kowe lali
Janjimu ning Pantai Klayar
Samar, ati iki samar
Yen nganti kowe tega
Ninggal aku ganti pacar, ou-oo

Sedela wae aku ora bisa


Aduh kowe ningapa ninggalke lunga
Sekedhep netra aku ora lila
Yen kowe nganti gandheng karo wong liya, ou-oo

Birune segara Kutha Pacitan


Nyimpen janjimu seprene ra bisa ilang
Birune segara Kutha Pacitan
Pantai Klayar sing nyimpen sewu kenangan, Ou-oo
Ouoo

59
Parangtritis

Rasane kepengin nangis


yen kelingan parangtritis
Rasane koyo diiris
Naliko udah gerimis rebo wengi malem kemis
Ra nyono ra ngiro
janjimu jebul mung lamis

Parangtritis
Neng kono ono wong manis
Yen eling kowe reneo gelis
Parangtritis
Neng kono ono wong manis
Yen eling aku kepengin nangis

Ombak gedhe katon ngawe-awe


Nelongso neng ati rasane
Ombak gede sing dadi seksine
Isih kelingan tekan seprene

60
Pasar Klewer

Singasaren Coyudan dadi pusat pertokoan


Wayah sore rame tenan
Cilik gedhe podho kumpul
Rambut dawa nganti gundhul
Persis koyo warung gaul

Ireng putih nganti pirang


Dho melu modhel sekarang jarene kemajuan
Dandane gal-ugalan polahe ora karuan
E.. e.. e.. koyo wong edan

Ning Pasar Klewer Kutha Sala


Jare blanja pamite kok ngumbah mata
Pasare e.. e.. e.. rame tenan
Dhesek-dhesekan nanging nganti grayangan

Ning Pasar Klewer Kutha Sala


Kowe rugi tiwas teka ora blanja
Pasare komplit tenan
Pengin opo ning kana mesthi ono

61
Pitik Kampung

Go wareng, bertik kampung


Jago wareng nguber-uber pitik kampung
Go wareng, bertik kampung
Jago wareng nguber-uber pitik kampung

Pi : Mas, mbok jangan begitu


Ojo grusa-grusu, malu ah malu mas
Yen krungu koncoku
Malu… malu, malu malu malu…

Pa : Dhik… nyedhako aku, ojo mloya mlayu


terus nglimpekke aku

Tak lelo lelo ledhung
halah gandrung aku gandrung
Senajan kowe wong kampung

Reff : Iwak ingkung, mas jago wareng


Aku iki isih seneng urip ijen
Iwak ingkung, dhik, dhodhone menthok
Wis pantese wong lanang gandrung wong wedok
Iwak ingkung, mas, kanggo bancakan
Aku iki durung wani pacaran
Iwak ingkung, dhik, pitike kampung
Leganono atiku sing nandang wuyung

Go wareng, bertik kampung


Jago wareng nguber-uber pitik kampung 4×

62
Piye Makanine

Piye makanine, piye makanine piye makanine


Golek duwit angel, kok ngajak rabi wae
Piye makanine, piye makanine piye makanine
Sabaro disik, aku durung nyambut gawe
[ Piye makanine, piye makanine, piye makanine ]
Piye makanine, piye makanine piye makanine
Urip dewe wae, rasane koyo ngene
Piye makanine, piye makanine piye makanine
Yen nekat rabi, mengko kepiye anake
[ Piye makanine, piye makanine, piye makanine ]

reff:
Oek-oek anake nangis, njaluk jajan ra uwis-uwis
Golek duwit senen kemis, sopo wonge sing ora miris
Sol sepatuku nganti tipis, nglamar kerjo ra uwis-uwis
Ngalor-ngidul ora digubris, wangsulane lowongan habis
[ Piye makanine, piye makanine,
piye makanine, piye makanine ]

Golek duwit angele koyo ngene


Sabar dhisik, aku durung nyambut gawe
Rabine diundur wae, yen wis teko rejekine
Mesakke mengko anake
reff:
[ Piye makanine, piye makanine
piye makanine, piye makanine ]

63
Plong

Plong rasane njero dadaku


Rasane mak plong lego atiku
Wis ora nyut-nyut sirahku
Saiki aku wis ora ngelu
Plong rasane njero dhodhoku
Rasane mak plong lego atiku
Wis ora dag-dig-dug jantungku
Saiki aku uwis ketemu
Rasane he he he, yo mak plong
Rasane kepiye, plong plong plong
Rasane koyo ketiban ndaru
Lintang kamulyan nibani dadaku
Sing lali wis eling karo aku
Gelem mulih gelem bali ning omahku
Njanur gunung rasane nggumun setaun
Ora rugi rino wengi nggonku nyuwun
Matur nuwun pancen kuwi sing tak suwun
Rasane, yo mak plong
Rasane, plong plong plong
Rasane koyo ketiban ndaru
Lintang kamulyan nibani dhadhaku
Sing lali wis eling karo aku
Gelem mulih gelem bali ning omahku
Rasane, yo mak plong
Rasane kepiye, yo mak plong
Plong

64
Podho Pintere

Jaman dhisik isih cilik dijodokke,


Wedi dadi prawan kasep alesane..
Ning saiki jamane wis tambah maju,
Lanang wadon podho sregep ngoyak ilmu..

Jaman dhisik wong wadon sabane pawon,


Pingin nyekel buku wae ora klakon..
2x
Ning saiki jamane uwis merdeko,
Lanang wadon drajate wis podho..

Mbak Erna dadi sarjana muda,


Mbak Nur lulus titel insinyur..
Mbak Yuni tegas dadi ABRI,
Mujudake cita-cita Kartini..

Mujudake cita-cita Kartini..

65
Pokoke Melu

Pokoke melu… (melu sopo) Yo melu kowe…


Pokoke melu… (melu ngopo) Yo ngopo wae
Emoh ditinggal dewe, aku pingin ngetutke
Emoh ning omah dewe, melu pokoke melu
Pokoke melu (melu ngendi) Ning endi wae
Pokoke melu (melu piye) Yo piya piye
Dolan kok mangkat dewe, lungo kok dewe-dewe
Piye biyen janjine, Melu pokoke melu, melu melu melu

# Gek ndang adus dhik, adus kramas dhik


Nganggo sampo opo nganggo sabun
Panas-panas mbok ojo ngelamun
Ojo was-was kowe ojo bingung
Gek ndang dandan dhik, gek ndang macak dhik
Ayo tak jak kowe ojo bingung
Panas-panas mbok ojo ngelamun
Ngono wae kowe kok mutung
Pokoke melu (melu sopo) Yo melu kowe
Pokoke melu (melu ngopo) Yo ngopo wae
Emoh ditinggal dhewe, aku pingin ngetutke
Emoh ning omah dhewe
Melu pokoke melu pokoke melu
Pokoke melu (melu ngendi) Ning endi wae
Pokoke melu (melu piye) Yo piya-piye
Dolan kok mangkat dhewe
Lungo kok dhewe-dhewe
Piye biyen janjine melu
Pokoke melu melu melu melu
ulang #

66
Sarinthol

Mencap-mencep kemayune
Medok-medok pupurane
Abang mbranang bengesane
Dandan diayok ayokke
Sarinthol lali bojone
Megal-megol kemayune
Mlakune digawe-gawe
Sarinthol aduh manise
Ambune aduh wangine
Saiki lali bojone
Thol sarinthol
Mbok yho eling ling ling ling
Mbok eling asal-usulmu
Thol sarinthol
Ojo ngono no no no
Bareng kenal lampu disco
Rambutmu biyen sak bokong
saiki malah dipotong
Sarinthol mulih ko salon
Dandan menor moblong-moblong
Sarinthol sobone disco
gedhek-gedhek gela gelo 5x

67
Sekonyong-Konyong Kodher

Cintaku sekonyong-konyong kodher


Karo kowe cah ayu sing bakul lemper
Lempermu pancen super resik tur anti laler
Yen ra pethuk sedina ning sirah nggliyer

Cintaku sekonyong-konyong kodher


Paribasan durung ndemok wani panjer
Modal bensin seliter motorku tak stater
Tak ampiri ayo tak jak muter-muter

(Tiwas aku dandan mlithit


rambutku lengone pomit
Malah kowe lunga plencing
ora pamit mit mit mit mit)

Reff: Bir… temulawak


Nggonku mikir ning awak nganti rusak
Rusak… njobo njero
Sing tak pikir jebule koyo ngono

Kembang jambu gogrok dipangan uler


Cintaku sekonyong-konyong kodher
Uler keket mlakune klogat-kloget
Jabang bayi jebul aku keno pelet

68
Senthir Lenga Patra

Warunge dibuka (byak)


Ditata sendhok cangkire
Panas kebul-kebul
Nyamleng tenan wedang rondhene
Peteng remeng-remeng
Manis-manis pelayane
Senthir lenga patra
Sing dipikir kok ora rumangsa

Esemane bakule gawe bingung atiku


Lirikane mripate gawe mriyang awakku
Iki piye, iki piye, iki piye (piye, piye, piye)
Senthir lenga patra
Sing tak taksir kok ora rumangsa
Halah senthir lenga patra
Tiwas naksir ora bisa nggawa

69
Sewu Kutho

Sewo kutho uwis tak liwati


Sewu ati tak takoni
Nanging kabeh
podho ra ngerteni
Lungamu ning endi
Pirang tahun aku nggoleki
Seprene durung biso nemoni

Wis tak coba nglalekake


jenengmu seko atiku
Sak tenane aku ora ngapusi
Isih tresno sliramu

Umpamane kowe uwis mulyo


Lilo aku lilo
Yo mung siji dadi panyuwunku
Aku pengin ketemu
Senajan sak kedheping moto
Kanggo tombo kangen jroning dhodho

Senajan wektumu mung sedhela


Tak nggo tombo kangen jroning dhodho
Senajan sak kedheping moto
Tak nggo tombo kangen jroning dhodho

70
Sri Minggat

Sri, kapan kowe bali?


Kowe lungo ora pamit aku
Jarene ning pasar, pamit tuku trasi
Nganti saiki kowe durung bali

Sri, opo kowe lali?


Janjine sehidup semati
Aku ora nyono kowe arep lungo
Loro atiku, atiku loro

Ndang balio, Sri


Ndang balio…
Aku loro mikir kowe ono ning endi
Ndang balio, Sri
Ndang balio…
Tego temen kowe minggat ninggalke aku
Yen pancene Sri, kowe eling aku
Ndang balio, aku kangen setengah mati

71
Stasiun Balapan

Ning stasiun Balapan


Kutho Solo sing dadi kenangan
Kowe karo aku
Naliko ngeterke lungamu
Ning stasiun Balapan
Rasane koyo wong kelangan
Kowe ninggal aku
Ra kroso netes eluh ning pipiku
Daah… dadah sayang
Daah… selamat jalan

Janji lungo mung sedhelok


Jare sewulan ra ono
Pamitmu naliko semono
Ning Stasiun Balapan Solo
Jare lungo mung sedhelok
2x
Malah tanpo kirim warto
Lali opo pancen nglali
Yen eling mbok enggal bali
Ning Stasiun Balapan
Kutho Solo sing dadi kenangan



72
Stasiun Balapan 2

Tak tunggu ning Stasiun Balapan


Tekamu ra ngerti nganti sok kapan
Kebangetan tenan opo uwis ra kelingan
Naliko biyen kowe pamitan

Kroso nratap saben ono sepur liwat


Aku nangis tenane wis ora kuwat
Ngenteni tekamu ning kene tak tunggu
Tak tunggu nganti sak tekamu

Mulih… mulih gek ndang mulih


Mulih… mulih gek ndang mulih

Reff : Mulih ning opo ra gelem mulih


Opo kowe saiki wis entuk sulih
Saiki wis ora kelingan
Naliko kowe pamitan
Pamitmu lungo mung sak awan
Mulih ning opo ra gelem mulih
Sopo wonge atine ora sedhih
Saiki kowe ra kelingan
Naliko mbiyen pamitan
Pamitmu ning Stasiun Balapan

73
Suket Teki

Aku tak sing ngalah


Trimo mudur timbang loro ati
Tak uyako wong kowe wis lali
Ora bakal bali

Paribasan awak urip kari balung


Lilo tak lakoni
Jebule janjimu jebule sumpahmu
Ra biso digugu
Wong salah ora gelem ngaku salah 2x
Suwe-suwe sopo wonge sek betah
Mripatku uwis ngerti sak nyatane
Kowe selak golek menangmu dewe
Tak tandur pari jebul tukule suket teki

74
Tangise Ati

Udan deres, wayahe wis wengi


Njur kelingan lungamu dhek wingi
Opo wis dadi gegarising pesthi
Kowe bakal cidro janji

Senajan uripku rekoso


Kabeh mau bakale tak tompo
Nuruti gedhang yuwoning rasa
Bebrayan urip klawan ndiko

Reff : Kowe lungo tanpo kabar nganti seprene


Laraning ati sing nyonggo aku dewe
Ora ngiro yen bakal ngene dadine
Wis wis yo wis
yen ngono yo wis tak lilakake

75
Taman Jurug

Ning kutha Sala


Mudha lan mudhi
Nyang Taman Jurug
ing pinggir Bengawan Solo
Mudha lan mudhi, awan lan wengi
Dha suka-suka nanging aja ngikat janji

Cahyane mbulan nrajang pucuking cemara


Angin kang teka
sasat nggawa gendhing tresna
Banyu bengawan sinorot cahyane mbulan
Lir sewu diyan alerep nggugah kenangan

Ngersakke apa mas, mung sarwa ana


Ning Taman Jurug, taman endhah kutha Solo
Papan kreasi, mudha lan mudhi
Sing tuwa-tuwa welinge aja nganti lali

76
Tanjung Mas Ninggal Janji

Bebasan koyo ngenteni


Udan ning mongso ketigo
Najan mung sedhelo ora dadi ngopo
Penting iso ngadhemke ati

Semono ugo rasane atiku


Mung tansah nunggu tekamu
Ra kroso setaun kowe ninggal aku
Kangen... kangen e atiku

Aku sik kelingan naliko nang pelabuhan


Kowe janji lungo ra ono sewulan
Nanging saiki
Wes luwih ing janji
Nyatane kowe ora bali-bali

Ning Pelabuhan Tanjung Mas kene


Biyen aku ngeterke kowe
Ning Pelabuhan Semarang kene
Aku tansah ngenteni kowe

77
Tanjung Perak

Tii tit tuiitttt… Damar mati muliho


Siti lungo pasar babi mati semar mendem
Do re mi sol jenang dodol geyal-geyol
Mi re... mi re... Tahu tempe nak rasane
Satu Nada Satu irama Satu lantunan Satu tujuan
Bernyanyi bersama
Waktu terang bulan, udara bersinar terang
Teranglah sekali di kota lah Surabaya
Belum berapa lama, saya duduk dengan bimbang
Datang kawan saya, MBAK ISMA itu namanya
Mari-mari-mari Kita pergi Tanjung Perak
Panggil satu taksi, kita soraklah bersorak
Taksi….
Tanjung Perak, tepi laut, Siapa suka boleh ikut
Sama bapak… Pak RT... Yo Pak RW...
Bapak Lurah.. Bapak Camat...
Monggo tindak ing Tanjung Perak
Tanjung Perak, tepi laut, Siapa suka boleh ikut
Bawa gitar kroncong piyul, Jangan lupa minum anggur
Tanjung Perak, tepi laut, Tanjung Perak, tepi laut
Tanjung Perak, tepi laut, Siapa suka boleh ikut
Sama bapak… Pak Andik, Pak Eko, Pak Kodir..
Wis to pokok e seneng-seneng kabeh
Nggowo gitar, Joget ning kono
Tanjung Perak, tepi laut, Siapa suka boleh ikut
Bawa gitar kroncong piyul
Jangan lupa minum anggur
Tanjung Perak, tepi laut, Tanjung Perak, tepi laut
Tanjung Perak… Yo jelas.. tepi laut….

78
Tatu

Senajan kowe ngilang, ra biso tak sawang


Nanging neng ati tansah kelingan
Manise janji, janjimu kuwi
Nglarani ati

Senajan aku lara, ning isih kuat nyonggo


Tatu sing ono dhodho
Perih rasane yen eling kowe
Angel tambane

Opo aku salah yen aku crito


Opo anane
Wong sing ning sandhingmu ben melu krungu
Piye tenane

Opo aku salah yen aku kondho


Opo anane
Ceritane tresno naliko biyen
Aku lan kowe

79
Terkinthil-kinthil

Terkintil-kintil
Cintaku terkintil-kintil
Tresnaku karo kowe ra bakal tak cuil-cuil
Ya ya ya ya
Opo tenan mas mana buktinya
Aku aku tak mau
Jo ojo kowe mung ngerayu

Suwer, dhik
Tresnaku ora tak ecer
Tenan mung kowe sing cemanthel
Suwer, dhik
Tresnaku ora tak ecer
Nek ra pethuk rasane koyo wong teler
Tresno mas kuwi ono neng dhodho
Ora cukup mung disawang karo moto
Ojo koyo neng lagi mangan tebu, mas
Entek legine trus kowe ninggal aku

80
Terlena

Tansah kagowo jroning atiku, setya tresnamu


Lilo legowo kabeh tresnaku, oh mring sliramu
Terlena, ku terlena
Tansah kelingan tan bisa lali setya lan janji
Lintang rembulan kang dadi seksi
Oh, anyekseni
Terlena, ku terlena

Reff : Nanging kabeh tondho tresna


Nora nate dadi rena
Malah sliramu gawe cidro
Biyen jare kondho setya
Nora bakal gawe gela
Malah saiki sajak lelewa
Adhuh kangmas gawe cuwa atiku

Nadyan kuciwa roso atiku marang sliramu


Nora kuwawa pancen tresnaku amung sliramu
Terlena, ku terlena
Terlena, ku terlena

81
Terminal Tirtonadi

Nalikane ing Tirtonadi


Ngenteni tekane bis wayah wengi
Tanganmu tak kanthi
Kowe ngucap janji
Lungo mesti bali
Rasane ngitung nganti lali
Wis pirang taun anggonku ngenteni
Ngenteni sliramu
Ning kene tak tunggu
Nganti saelingmu
Moso rendeng wis ganti ketigo
Opo kowe ra kroso
Nek kowe esih eling lan tresno
Kudune kowe kroso
Wis suwe, wis suwe, wis suwe
Kangen sing tak rasakke
Rasane, rasane, rasane
Rasane koyo ngene
Ning kene, ning kene, ning kene
Aku ngenteni kowe
Aku kangen
Kangenku mung kanggo kowe

82
Trimo Ngalah

Uwis tiba isih kok tibani andha


Uwis lara isih digawe lara
Rasa ati iki tansah dilarani
Nganti kapan aku ora ngerti

Uwis ngalah malah mung digawe susah


Uwis pasrah aku mung sarwa ngalah
Wong sing tak tresnani mung tansah nglarani
Ati iki nanging aku ra peduli

Bot abote seneng karo kowe


Nadyan lara nanging ora tak rasakke
Bot abote aku tresna karo kowe
Trimo ngalah tak enteni sak elinge

83
Yo Wis Yo Wis

Tak rewangi, urip rekoso


Koyo koyo nganti lali dino..
Nanging, kowe mung gawe gelo
Nglarani, atiku iki..
Sabendino, aku nerimo
Senajan aku kok siyo-siyo..
Nanging, yen terus koyo ngene
Sopo wonge sing kuat atine..
Yo wis yo wis, wis sak karepmu
Tak turuti, opo kekarepanmu..
Yo wis yo wis, wis sak karepmu
Aku lilo, senajan atiku gelo..
Yo wis wis yo wis..

84
Yuni

Duhai kembang pujaan hati


Sliramu kang tak anti-anti
Rino wengi kegowo ngimpi
Cintaku setengah mati
Aku iki dudo rong sasi
Opo kowe gelem tak rabi
Tak dadekke bojo ke siji
Yuni cah ayu wo ai ni
Yuni yuni si jantung hati (si jantung hati)
Yuni yuni sing tak tresnani (sing tak tresnani)
Yuni yuni nentremke ati (nentremke ati)
Yuni yuni wo ai ni
Yuni yuni cintaku suci (cintaku suci)
Yuni yuni lilo ngenteni (lilo ngenteni)
Yuni yuni gelemo rabi (gelemo rabi)
Yuni yuni wo ai ni

85

Anda mungkin juga menyukai

  • Kliping Tembang Dolanan Lan Tembang
    Kliping Tembang Dolanan Lan Tembang
    Dokumen22 halaman
    Kliping Tembang Dolanan Lan Tembang
    Ghina Ammas
    Belum ada peringkat
  • Lagu Kenangan Pa S
    Lagu Kenangan Pa S
    Dokumen9 halaman
    Lagu Kenangan Pa S
    fauzyar
    Belum ada peringkat
  • Lirik Lagu
    Lirik Lagu
    Dokumen43 halaman
    Lirik Lagu
    Adriana Munsain
    Belum ada peringkat
  • AJA
    AJA
    Dokumen13 halaman
    AJA
    A Firmansyah Hamid
    Belum ada peringkat
  • Lagu Print
    Lagu Print
    Dokumen14 halaman
    Lagu Print
    sugayray
    Belum ada peringkat
  • Lirik Lagu
    Lirik Lagu
    Dokumen67 halaman
    Lirik Lagu
    Ponti Ponti
    Belum ada peringkat
  • Dia
    Dia
    Dokumen39 halaman
    Dia
    Aby Na Najwa Tsabitha
    Belum ada peringkat
  • Lagu Lagu
    Lagu Lagu
    Dokumen19 halaman
    Lagu Lagu
    Roziah Ghazali
    Belum ada peringkat
  • KANGEN
    KANGEN
    Dokumen30 halaman
    KANGEN
    Uki Wulanggita
    Belum ada peringkat
  • Lirik Cover
    Lirik Cover
    Dokumen43 halaman
    Lirik Cover
    ganesa eka
    Belum ada peringkat
  • Lirik Lagu Daerah Sunda
    Lirik Lagu Daerah Sunda
    Dokumen9 halaman
    Lirik Lagu Daerah Sunda
    mamantara61
    Belum ada peringkat
  • Kumpulan Lirik Lagu Jadul PDF Free
    Kumpulan Lirik Lagu Jadul PDF Free
    Dokumen24 halaman
    Kumpulan Lirik Lagu Jadul PDF Free
    Wendy Pratama
    Belum ada peringkat
  • Kartonyono Medot Janji
    Kartonyono Medot Janji
    Dokumen16 halaman
    Kartonyono Medot Janji
    hana arie saputra
    Belum ada peringkat
  • Ziana Zain
    Ziana Zain
    Dokumen4 halaman
    Ziana Zain
    Christy Diana
    Belum ada peringkat
  • Lirik
    Lirik
    Dokumen57 halaman
    Lirik
    Yurenda Aurelia
    Belum ada peringkat
  • Rondo Kempling SURONO
    Rondo Kempling SURONO
    Dokumen19 halaman
    Rondo Kempling SURONO
    yudin herdiana
    Belum ada peringkat
  • Tembang Campursari
    Tembang Campursari
    Dokumen126 halaman
    Tembang Campursari
    lai_urf
    0% (1)
  • Geguritan XJ + Daftar Isi
    Geguritan XJ + Daftar Isi
    Dokumen45 halaman
    Geguritan XJ + Daftar Isi
    ifana Wine Talita Hilda Syifa
    Belum ada peringkat
  • Dokumen
    Dokumen
    Dokumen4 halaman
    Dokumen
    Mora Bastian
    Belum ada peringkat
  • 1 Medley
    1 Medley
    Dokumen9 halaman
    1 Medley
    Muhammad Lutfi Kibrananto
    Belum ada peringkat
  • Sesah Hilapna
    Sesah Hilapna
    Dokumen15 halaman
    Sesah Hilapna
    mono noke
    Belum ada peringkat
  • Lirik Lagu
    Lirik Lagu
    Dokumen42 halaman
    Lirik Lagu
    aurorablink
    100% (2)
  • Anoman Obong
    Anoman Obong
    Dokumen40 halaman
    Anoman Obong
    Yayuk
    Belum ada peringkat
  • BANYU LANGIT
    BANYU LANGIT
    Dokumen18 halaman
    BANYU LANGIT
    rhona
    Belum ada peringkat
  • Lirik Lagu
    Lirik Lagu
    Dokumen11 halaman
    Lirik Lagu
    angga hutama
    Belum ada peringkat
  • Lagu Pengakap
    Lagu Pengakap
    Dokumen12 halaman
    Lagu Pengakap
    rhah763334
    Belum ada peringkat
  • K Liping
    K Liping
    Dokumen11 halaman
    K Liping
    ジョー リッキー
    Belum ada peringkat
  • KOTA_SANTRI
    KOTA_SANTRI
    Dokumen21 halaman
    KOTA_SANTRI
    Salwa Annisa
    Belum ada peringkat
  • Kumpulan Geguritan Puisi Anak - Anak Spensabah
    Kumpulan Geguritan Puisi Anak - Anak Spensabah
    Dokumen19 halaman
    Kumpulan Geguritan Puisi Anak - Anak Spensabah
    Aryatmono Siswadi
    Belum ada peringkat
  • Lirik Lagu Buih Jadi Permadani - Exists
    Lirik Lagu Buih Jadi Permadani - Exists
    Dokumen39 halaman
    Lirik Lagu Buih Jadi Permadani - Exists
    MasAri Simbah Sulistiyo
    Belum ada peringkat
  • ASMARANDANA
    ASMARANDANA
    Dokumen17 halaman
    ASMARANDANA
    Garu
    100% (1)
  • 1
    1
    Dokumen25 halaman
    1
    domi jenali
    Belum ada peringkat
  • Sholawat Munjiyat
    Sholawat Munjiyat
    Dokumen10 halaman
    Sholawat Munjiyat
    Perpustakaan Kapuas
    Belum ada peringkat
  • Kasih Tak Sampai
    Kasih Tak Sampai
    Dokumen27 halaman
    Kasih Tak Sampai
    Warnet Jaynet
    Belum ada peringkat
  • Lirik Lagu
    Lirik Lagu
    Dokumen9 halaman
    Lirik Lagu
    Afla Zahira Siregar
    Belum ada peringkat
  • KETERANGAN
    KETERANGAN
    Dokumen9 halaman
    KETERANGAN
    Kristiawan Tri Wardana
    Belum ada peringkat
  • Berondong Tua
    Berondong Tua
    Dokumen37 halaman
    Berondong Tua
    Andin Rizqika Aliunputri
    0% (1)
  • B Ind
    B Ind
    Dokumen18 halaman
    B Ind
    Bernadus Dwi Yulianto
    Belum ada peringkat
  • Lirik Lagu
    Lirik Lagu
    Dokumen21 halaman
    Lirik Lagu
    Adi Soe
    Belum ada peringkat
  • Lirik-LAGU DANGDUT
    Lirik-LAGU DANGDUT
    Dokumen60 halaman
    Lirik-LAGU DANGDUT
    Abby Karna
    Belum ada peringkat
  • Pantun Cinta
    Pantun Cinta
    Dokumen38 halaman
    Pantun Cinta
    Arlen Orlando Lukas
    Belum ada peringkat
  • Puisi Les
    Puisi Les
    Dokumen10 halaman
    Puisi Les
    Nur Fadillah Gitri R
    Belum ada peringkat
  • Lagu Figura
    Lagu Figura
    Dokumen14 halaman
    Lagu Figura
    Hendrik Suriandjo
    Belum ada peringkat
  • Lirik Lagu Bacaan Pagi
    Lirik Lagu Bacaan Pagi
    Dokumen6 halaman
    Lirik Lagu Bacaan Pagi
    hayatsufi
    Belum ada peringkat
  • Lirik Lagu Ibuk
    Lirik Lagu Ibuk
    Dokumen9 halaman
    Lirik Lagu Ibuk
    willujengriskyananda1
    Belum ada peringkat
  • Cinta
    Cinta
    Dokumen10 halaman
    Cinta
    Bintang Hidayah
    Belum ada peringkat
  • MUZIK DUNIA
    MUZIK DUNIA
    Dokumen38 halaman
    MUZIK DUNIA
    Suhaimi Salleh
    50% (2)
  • Ketaman Asmoro
    Ketaman Asmoro
    Dokumen21 halaman
    Ketaman Asmoro
    Bintang Hidayah
    Belum ada peringkat
  • Pena Hitam
    Pena Hitam
    Dokumen41 halaman
    Pena Hitam
    Elton Genlet
    Belum ada peringkat
  • Bait I
    Bait I
    Dokumen16 halaman
    Bait I
    indah
    Belum ada peringkat
  • Bernyawa Yang Mati
    Bernyawa Yang Mati
    Dokumen23 halaman
    Bernyawa Yang Mati
    Syahril
    Belum ada peringkat
  • Goyang Nasi Padang
    Goyang Nasi Padang
    Dokumen15 halaman
    Goyang Nasi Padang
    GembelBerkainKafan
    Belum ada peringkat
  • Lirik Lagu
    Lirik Lagu
    Dokumen14 halaman
    Lirik Lagu
    trust copy
    Belum ada peringkat
  • Lirik Lagu Kantoi
    Lirik Lagu Kantoi
    Dokumen24 halaman
    Lirik Lagu Kantoi
    Kata Soal
    Belum ada peringkat
  • Puisi
    Puisi
    Dokumen4 halaman
    Puisi
    darmujianto
    Belum ada peringkat
  • GEGURITAN
    GEGURITAN
    Dokumen24 halaman
    GEGURITAN
    anescoey
    Belum ada peringkat
  • Lirik
    Lirik
    Dokumen50 halaman
    Lirik
    Wak Doj
    Belum ada peringkat
  • Diary Puisi: #3 Magnolia
    Diary Puisi: #3 Magnolia
    Dari Everand
    Diary Puisi: #3 Magnolia
    Penilaian: 4 dari 5 bintang
    4/5 (2)
  • Sajak Sang Pencari Inspirasi
    Sajak Sang Pencari Inspirasi
    Dari Everand
    Sajak Sang Pencari Inspirasi
    Penilaian: 4.5 dari 5 bintang
    4.5/5 (2)
  • Alona
    Alona
    Dari Everand
    Alona
    Penilaian: 3 dari 5 bintang
    3/5 (2)
  • pop indo hits
    pop indo hits
    Dokumen297 halaman
    pop indo hits
    hayu 86
    Belum ada peringkat
  • Song Pop, Keroncong, Kenangan
    Song Pop, Keroncong, Kenangan
    Dokumen343 halaman
    Song Pop, Keroncong, Kenangan
    hayu 86
    Belum ada peringkat
  • Song Islami
    Song Islami
    Dokumen28 halaman
    Song Islami
    hayu 86
    Belum ada peringkat
  • Song Malaysia
    Song Malaysia
    Dokumen40 halaman
    Song Malaysia
    hayu 86
    Belum ada peringkat
  • DANGDUT
    DANGDUT
    Dokumen53 halaman
    DANGDUT
    hayu 86
    Belum ada peringkat
  • Song Malaysia
    Song Malaysia
    Dokumen40 halaman
    Song Malaysia
    hayu 86
    Belum ada peringkat
  • Song Rhoma Irama
    Song Rhoma Irama
    Dokumen94 halaman
    Song Rhoma Irama
    hayu 86
    Belum ada peringkat
  • Song Islami
    Song Islami
    Dokumen28 halaman
    Song Islami
    hayu 86
    Belum ada peringkat