Anda di halaman 1dari 45

i

KATA PENGANTAR

Saos syukur marang Gusti Allah ingkang sampun paring rahmat


lan karunia marang kita supaya kita bisa ngrampungake buku Niki
sing judhule “Geguritan”. Buku niki ngandhut sawijine karya sastra
(puisi) Jawa kang endah kanthi cara anyar kang nedahake rasa seneng,
wedharing basa kang jumbuh karo kaendahaning rasa nanging ora
katuntun dening paugeran guru gatra, guru wilangan lan guru lagu
tartamtu kang beda. saka sipat tembang macapat lan sapanunggalane

Dikarepke buku niki wis samesthine saget kanggo nyedhiyani


lan menchi informasi kanggo Masyarakat. Kita ngerteni buku iki isih
adoh saka sampurna, mulane, kritik lan saran sing mbangun saka
kabeh pihak tansah kita arepke lan enteni kangge nambah
kasempurnaan saka buku iki. Akhiripun, kita maturnuwun sanget karo
kabeh sing wis melu ing persiapan buku iki saka wiwitan nganti
rampung. Muga- muga Allah meridhai usaha kita. Aamiin

Klaten, 22 Maret 2023

ii
Daftar Isi
MANTANKU................................................................................................1
BULUSKU....................................................................................................2
SEGO GORENG...........................................................................................3
AKU KOE LAN SEGORO...........................................................................4
KOWE...........................................................................................................5
SAYANGKU.................................................................................................6
KATRESNANKU.........................................................................................7
KONCO FUTSAL.........................................................................................8
BANJIR.........................................................................................................9
LINTANG...................................................................................................10
LATO LATO...............................................................................................11
BENCANA BANJIR...................................................................................12
BOLPEN.....................................................................................................13
ENDAHE ALAM........................................................................................14
VELG..........................................................................................................15
KONCO FUTSAL.......................................................................................16
GADJAH MADA........................................................................................17
INTAN.........................................................................................................18
TRESNA SALAWASE...............................................................................19
SANDALKU...............................................................................................20
KANGMAS.................................................................................................21
AKU YAIKU GEGURITAN......................................................................22
LAGU..........................................................................................................23
SAWISE......................................................................................................24
KUCINGKU ...............................................................................................25

iii
AKU
Aku ya aku

Aku ora bisa dadi kuwe opo maneh dek e

Kowe lan dek e ora mungkin bisa dadi aku

Sak ser leh mu arep mbiji aku

Amerga aku ora mungkin bisa dadi wong liya

Apa meneh kaya wang liya

Aku ora pingin dadi...

Aku yo aku

Aku ora bisa etok-etok dadi wong liya

Aku ora pingin kaya wong liya

Aku ora bakal ngrubah sapa aku

Gur kanggo nunjukne aku sapa

Nek gelem tampa aku apa apane

Utawa lunga aja nyedak aku

iv
By Yety Anggriini

v
MANTANKU

Mantanku....

Putih lan duwur kui ciri khasmu

Kumis tipis sek mbok nduweni

Nambahi kegantenganmu

Awakmu sedengan, ora lemu lan ora kuru

Naliko ketemu awakmu atiku rasane dadi ra karuan

Esemanmu marakke atiku bungah

Lungamu marakke atiku susah

Koe kui ibarat bintang sing ono ing saben wengi

Endah naliko disawang, nanging ra iso dinduweni

Senajan aku wes ra iso ndueni awakmu

Sak orane aku wes tau ngukir cerito bareng awakmu

Agnia Fatin Nur A

1
BULUSKU

BULUSKU...

Kewan sing sabar banget

Kewan khusus

Kewan sing pinter banget

BULUSKU...

Sampeyan duwe omah ing pundhak sampeyan

Omah sing tansah digawa menyang ngendi wae

Nalika ana mungsuh mung ndhelik

Akhdan Fadhil Bintang P

2
SEGO GORENG

Asalmu Seko Sego seng digoreng.

Diwenehi Akeh bumbu dadi citarasa.

Seng marakne rasane enak temen

Ora perlu larang – larang

Regane Amung sepuluh ewu

Gawe weteng dadi wareg

Kuwi sing di sebut Sego goreng

Alfin Nur Akbar

3
AKU KOE LAN SEGORO

Guyune suryo nyopo awakku

Ing pinggiran segoro nunggu sliramu

Krungu swara nyanyian peksi

Nyanyian arupo kidung

Kidung bab aku lan koe

Tanpo gusar jangkahku gede

Gedhene jangkahku nduweni arti

Ari kanggo aku lan koe

Percoyo aku bakal bali

Bali ono ing segoro atimu

4
Anggita Ayu Pratiwi

KOWE

Kowe teka neng uripku

Gawe bungahe atiku

Lakumu kui gawe

Atiku seneng

Tekan saiki aku

Raiso lali karo lakumu

Seng marai bungahe ati

Nanging lungamu

Marai gawe lara atiku

Kepiye carane ben aku

Isoh lali karo lakumu

Seng marai bungahe atiku

5
Aprillia Indy Rahmawati

SAYANGKU

Wong ing atiku

Ayu tenan esemu

Nganti kegugah atiku

Awan bengi mikir sliramu

Cah ayu neng ati

Ojo nganti sliramu nglarani

Amung sliramu seng tak nanti

Seko awan tekan bengi

Sak jerone segoro

Kalah karo sliramu seng ugo dadi bahagio

Ojo koe gudo wong lio

Mergo atiku rabakal lilo

6
Bhara Sakty Putra Y

KATRESNANKU

Ulatanmu nyentuh jiwa kanti Membawa


Meski koe ora due roso
Ngentenimu kroso menyiksa
Ana rasa seng pengen diungkapne

Ana kesah seng pengen tak bagi


Tentang ati seng pengen dueni
Aku gur isoh meneng kanti saiki
Mergo sadar diri

Aku iling mripat iku werna coklat kaya madu.


Isa nggawa aku mabur
Menyang langit kapitu
Langit data peteng

Ora ana candra apa meneh Kartika


Atiku kaya bawara sing lemah e nela nela
Maruta....
Kandhakna yen aku isih tresna

Bintang Mutiara Enjelita

7
BASKET

Ning tengah arena pertandingan atiku dek dekan

Suwara suporter kaya Bayu liwat

Marahi loro marahi semangat

Tibo Tangi Kula rasake

Cidro sue kumat Meneh

Ananging menawa menang nemtremke pikir kan bungahke ati

Aning mawa kalah

Ati cidro percayadiri ilang

Kalah gawe rasa wegah demek bal

Aning kanca nyemangati

Mulai saka awal

Mulai demok bal

Mulai Soko sitik sitik

Darmawan Ponco Atmojo

8
BANJIR

Oh Banjir....

Tekamu dadakan

Kabeh uwong ora ngerti

Tekomu merga udan tangis

Ngrasakno uripe sak iki

Amergo ulahe dhewe biyen

Sing ora peduli karo alame

Pancen manungso angel kandanane

Buru sakiki krasa balesane....

Mulo iku ayo podho tobat

Ojo Guang sampah Sembarangan

Dak dadi banjir bandang

Nanging udan deres Yo dadi kendala

9
Davina Alya Alzzety

LINTANG

Tekamu ing wayah wengi

Kelap – kelip ana ing lagit

Ing netro katon endah

Agawe ati sumringah

Tekamu sing ora nentu

Ana ing wulan Januari

Cakrawala katon peteng

Nutupi cahyamu

Senadyan tekamu wengi

Mancarke cahya

Ngumbar kalem ing ati

Lintang tak tunggu tekamu

Deni Lestari

10
LATO LATO

Bentuke sampeyan kalebu rong bal

Diikat ing mburi tali sing padha

Ora asing karo wong tuwa

Amarga sampeyan wis ana ing kono

Sampeyan ngerti-ngerti dadi viral

Akeh wong saiki ngerti

Ora ngerti asale saka ngendi

Saiki akeh pedagang sing dodolan

Lato-lato jenengmu

Saiki swaramu tansah keprungu

Kanthi warna-warna sing lucu

Aku uga kelingan masa lalu

11
Diah Siti Sholehah

BENCANA BANJIR

Teka mu ora duga duga

Udan deres marai kali mbludak

Kang dadi perkarane tekane banjir

Sawah sawah kebak banyu

Uga dalan kang kanggo lewat bocah sekolah

Uga Lan wong kang pada golek rejeki

12
Elang Panji Dirgantara

BOLPEN

Wujudmu tabung lan dowo

Tintamu kang apik nggo nulis

Lagi tuku anyar, awakmu langsung ilang

Digoleki ngendi – ngendi ora ketemu

Tumbas melih, awakmu lagi ketemu

Lagi ketemu tapi tansah keroso

Sing anyar resik tapi kok miris

Mbendino ono tapi terus ngilang

Sing marai atiku terus lesu

Opo meneh nek yo ora kamu

Mbendino keno terus dadi loro

Mbendino loro terus dadi nangis

Uwes sabar tapi kok njaluk dibalang

Iki dirasakake kanthi dangu

Kok yo terus malah nesu

13
Erwin Haidar Satrio W

ENDAHE ALAM

Saben dina yen weruh alam

Rasane ayem lan seneng

Sakwise nyawang alam atiku dadi bungah

Ijo-ijo sesawangan gawe ati bungah

Kaendahan alam kudu dilestarike

Amarga wujud ciptaan kang kuasa

14
Fatya Alifah Zahra

VELG

Bentukmu bunder...

Warnamu putih

Merkmu RCB

Marai seneng ati yen disawang

Tapi marai atiku loro

Mergotur regomu sak yuto

Tur rakeno di towo

Mergo awakmu iku longko

Ananging akeh sek goleki

Lan kegowo mimpi

15
Fauzi Abdilah Afta

KONCO FUTSAL

Terry, Putra, Ogii, Pais, lan Aku

tunggal desa tunggal komplek

Bocah limo ngepuh kringet

bal bunder ganti di oper

disadhuk mlebu kiper

Mainmu apik

tendhanganmu hebat

untung aku mau mbok operi

bombong atiku nduwe kanca kowe

16
Hanief Sholehudin W

GADJAH MADA

Mung kowe penginku

Mung kowe tujuanku

Langkah demi langkah bakal tak lakoni

Kabeh alangan bakal tak adhepi

Esuk,awan,wengi aku sinau

Sakdurung turu aku sinau

Tangi turu aku sinau

Kanggo opo?

Kanggo nentoake cita-citaku

Gusti...

Kabulno donga bapak ibuku

Paringono Rido awak warasku

Supaya aku bisa bakti neng sekolah

Gadjah Mada..

17
10 huruf sing ono neng saben sujudKu

Ifana Wine Thalia H S

INTAN

Barang larang ana ing jagat

Werna ngilat resik ing mripat

Angel kang golek

Seneng kang nemu

Endahe wujudmu

Nggugah jiwa abhinaya

Teges kang becik

Nuwuhake berkah kanggo urip

Duwene wong sing kabegjan

Ora sembarang ana ing papan

18
Intan

TRESNA SALAWASE

Aku jaluk ngapura

Yen tansah tak celuk jenengmu

Ing donga-dongaku

Saumpama mengko

Tanganku loro

Wis ora bisa nulis geguritan

Yakinna......

Sakjroning ati

Tresnaku wis ngrembaka

19
Kessa Putri Saharani

SANDALKU

Tansah setia ngancani saben langkahku

Tansah tetek nyonggo abot e awaku

Tansah sabar rikala koe tak butuhke

Ra ngagas opo wae kahanan e

Awakmu panggah ngancani aku sak lawas e

20
Malik Fajar Muhammad

KANGMAS

Duh sliramu kangmas

Seng takes tresoni

Saben ndino aku among mikirke sliramu

Rino wengi mung mikirke sliramu

Wes kadung jeru roso iki marang sliramu

Saben ndino kelingan sliramu gae aku raiso turu

Umpomo bengi kae awakdewe kae ra

Bubar mesti awakdewe iso bareng nganti saiki

Aku sadar yen koe lungo mergo salahku dewe

Aku njaluk ngapuro

Kek ono kesempatan kanggo ndandani kabeh

Aku tresno ro koe mas

21
Meilina Nurhayati

AKU YAIKU GEGURITAN


Aku iki geguritan

Isi mustokoku ruang imajinasi

Tumpukan literasi lan imajinasi

Ngelintasi cakrawala lan narasi

Lenang manis melankolis

Seneng aksara lan nulis

Paras sawo matang

Di rajam mbolang menantang

Sadam, jenenge

Kumpulan dongo ana ning donyo

Tansah sabar lan tegar

Saka sakkabehe laying qada lan qadar

Penulis kara grapyak

Risalah sluas abadi

Ora pantang lemah lan nyerah

Seko takdir seluruh penjuru arah


22
Moch. Sadam Ibrahimovic

LAGU

Swaramu pancen nyenengke

Opo meneh dirungoke pas turu

Marahi uwong dadi ngantuk

Senajan lagune ngancani wong turu nyebabke wong isoh


marai turu angle

Muh. Fadhil Ananda

23
SAWISE
Awale tak pikir salawase

Jebule sementara

Awale ngira sasi Iki paling ayu

Akeh perkara sing nggawe aku nyerah

Selawase Iki sing tak tunggu tunggu

Mung sedih lelakonku mung njukut

Luka Dudu Tresna sing di karepke

Utawa kebahagiaan sing tansah tak enteni

Ojo nyalahke deweke

Sing ninggalne Kowe

Nanging dadi ke pelajaran Ben isoh luwih

Introspeksi ngadep i akhire pelajaran

Nuwun Sewu menawi mboten saged ngertos Raos

Amaraga saiki aku pengen

Tansah Menag i egoku bakal

Mandeg lan nglirikne Kowe

Kanggo kaping pindho crita Iki rampung

24
Ing pungkasan Maret...

Muh. Halim
Pratama

KUCINGKU
Kucingku...

Awakmu lemu

Wulumu alus

Tingkahmu lucu

Kucingku...

Aku tresno marang awakmu

Saben wektu koe ngancani aku

Koe tansah nyenengke awakku

Kucingku...

Koe kucing klanenanku

Susah seneng karo awakmu

Ojo ninggalke aku

Mergo kancaku mung awakmu

25
Nafisa Chonsa Nischa P

OBAT

Obat marai kuat

Obat marai sehat

Bentukmu bunder

Anakmu kanggo ngobati

Ngrawat lan mareni

Dayamu tansah manjur

Marai sehat

Obat iku kancane dokter

Obat sahabatku

26
Nadya Amanda Aurellia

UDAN

Awan petheng ing langit sore iki

Tondo arep tekone awakmu

Gemruyuhe angin anggawe ndredek atiku

Mudunmu ngalir deres ngantem bhumi

Amargo awakmu

Ora ono lemah garing

Ora ono tanduran seng kengelaken

Kabeh dibanjiri ademmu

Tekamu anggawe berkah alam samesto

27
Nazaila Alizha N Q

SIMBOK KU

Simbok...

Sopo kang biso ngerti aku

Kejobo simbokku..

Saben dino saben wektu

Simbok tansah ndidik aku

Saben Simbok duko marang aku...

Loro tenan rosone atiku

Simbokku....

Aku njaluk restu

Supoyo anggonku sinau

Biso migunani kanggo masa depanku

Simbok

Aku tresno marang simbok

Tanpo simbok aku dudu opo opo...

Amergo simbok ..aku ono ning dunyo

28
Matur nuwun simbokku

Aku tresno marang simbok

Niken Ayu Wulandari

KANGEN

Kangen ora ana tanpa alesan

Mung bisa di rasa tanpa ketemu

Aku kangen tanpa alesan

Rasa bali merga alesan

Jawaban kanggo kabeh penantian

Ati sing ngenteni kepastian

Anget ngrangkul ing rangkulan

Ilang no kabeh keraguan

Tresno kaya mung angen-angen

Ilang ora bertuan

Ndhelik neng ruang kehaluan

Urip krasa sepi

Macet ing kesunyian

Ngerep-arep dikabulkan kabeh impian

29
Bebas saka rasa kangen

Lali kabeh kehaluan

Safina Nur Fadhilah

MUSUHKU

Musuhku.....

Raimu peteng dedet koyo tengah wengi

Saben ketemu utawa nyawang sliramu

Rasane pengen nguncali sepatu ning raimu

Dudu perkoro gede ning masalah

Tapi ajur e roso iki

Rabakalan aku ngapurani sliramu

30
Shela Mita Nur L

LANGIT

Wahai langit

Kenopo koe endah banget?

Endah wernomu, uga endah bentuk awanmu

Dikancani angin sing hembuse banter

Uga dikancani manuk – manuk sing mabur duwur

Panggonanmu uga duwur neng duwur kono

Wahai langit

Duwurmu ora ditekanke karo alam

Koe ora tau ngomong, mung meneng

Koe gonku ngalamun nek lagi akeh masalah

Koe kui gonku gumantung kekarepan lan impian

Nek koe ngerti, aku mandang koe saben dina

Arepo ngono aku ora bosen

Koe tetep endah menawan neng njero atiku

31
Syaira Indah Aryani

CORONA

Tanpa diundang koe teko mrene

Anggowo penyakit mrana – mrene

Uga marakke lara sapa wae

Sekolah ditutup sak kabehe

Pasinaon liwat PJJ

Kahanan sangsaya ra karuan

Ana ngomah wae wes dadi kewajiban

Uga nglaksanaake protokol kesehatan

Nganggo masker lan uisuh asta sampeyan

Dhuh Gusti kang kuasa

Aku wes ora betah kaya mangkana

Tugas daring okeh e ra nyana-nyana

Sinyal hp uga ora ana

Anggone ngirim tugas marai muring murina

Dewe namung bisa sabar ngadepi wabah iki

Uga jupuk hikmah ing kahanan pandemi

32
Mugo Gusti kang murbeng enggal mberat virus iki

Rong taun pandemi covid pungkasan

Kahanan uga tambah sae Alhamdulillah

Aku wes isoh mlebu sekolah Ketemu konco kojah-kojah

Digladi guru kanthi sumringah Sifa Nabila

ALAM

Ing dino sing cerah

Adem banget ning ati

Aku nutup mripatku sedhela

Keprungu swarane sumilire angin

Munine alus banget

Aku mbukak mripat meneh lan beku

Ndeleng carane ayu esuk Iki

Nikmati suasana sing dakrasakake

Aku weruh klompok manuk

Mabur munggah Kana

Aku pancen matur nuwun banget

Matur nuwun kekasih

33
Tifatul Rizqi Nur A

BUKU

BUKU
Buku...
Kowe sumber ilmuku...
Tak bukak saben wektu...
Sabendino tak seleh ono ing njero tasku...

Kowe sing ngancani aku sekolah...


Nuntut ilmu seng faedah....
Tanpa kowe
Aku ibarat bleduk
Kang mobat-mabit kegowo silire angin...
Ngalor ngidul tanpo tujuan

Masio bentukmu ora sepiro apik


Nanging ilmu mu iku becik
Kanggo manugso kang urip ing dunyoo...

Suwun buku...
34
Koe wes gelem dadi si garane jiwoku...

Yukhi Bella Saputri

GAMAN CILIK

Jaman saiki wes gingsir


Nalika luwe, nunul kaca, jug ujug teka
Nalika muni ‘klunting’ mesem sumringah
Yo iki jaman ngabdi marang gaman
Samubarang ageming gaman cilik kui

Kairi-iris atiku
Nalika sliramu ngabdi marang gaman
Awaku bak nguyahi banyu segoro
Nduk... le....
Ojo dumeh, ojo mletre
Elingo lembu bakale mulih menyang kandange

35
Zalwa Alicia Ramadhany

SRENGENGE

Panas sunarmu

Madangi jagad raya

Ora kaya rembulan ing wengi

Kowe kudu lampu, nanging

Sunarmu madangi bumi,

Lan cahyamu tumeka kulite bumi

Ora ana cahyamu

Urip dadi peteng

Langit yo bakal peteng

Nanging, amarga cahyamu urip dadi Padhang njingglang

Atur panuwun amarga ana sunarmu

Tanpa kowe, menungso ora bakal bisa urip

36
Ora bakal bisa nglakokake apa-apa

Maturnuwun srengenge

Yovinda Nafiah A

KELASKU

Kelasku...

Panggonan anggonku golek ilmu

Kelasku...

Diwulang dening Bapak-ibu Guru

Kelasku...

Sinau, maca buku

Ing Panggonan iki

Aku diajari supaya karo wong tuwaku kudu bekti

Ing panggonan iki

Aku diajari marang kanca aja srei

Diparingi PR kanggo gladhen

Kanggo sangu urip ing tengahing bebrayan


37
Aku percaya...

Sanajan abot kudu dilakoni

Kabeh mau kanggo kepentingan pribadhi

kareben ngesuk dadi wong kang aji

miguna tumprap bangsa lan nagari

Bangunanmu....

kang megah Dadi tujuwane siswa-siswa

Sing arep golet ilmu kanggo sangu tuwa

Saben dina....

Aku tansah ana njero ruanganmu

Ngrungokake piwulange bapak ibu guru

Apa sing kudu digugu lan ditiru

Tambah dina tambah marem atiku

Sekolah neng SMA Negeri Satu Cawas

Sing kawentar gurune

Sing kawentar prestasine


38
-KARYA KELAS XJ-

BIODATA PENULIS

39
40

Anda mungkin juga menyukai