Anda di halaman 1dari 1

Warga Krebet Ngecor Dalan

Minggu Pahing, 29 Mei 2011, warga pandhukuhan II Krebet, desa Gotakan, Panjatan, Kulon
Progo ngecor dalan tumuju makam Krebet kang dawane udakara 200 meter. Miturut dukuh
ketua RT dukuh Krebet, bapak Sunarto kang ditemui penulis ngendikakake, kegiatan iku bias
kasembadan amarga adreng niate warga kang prihatin meruhi kahanan. Sasuwene iki dalan
tumuju makam pancen isih wujud lemah lempung, yen ngepasi udan mesthi maluh lan
ngrekasakake sapa wae sing liwat. Apa maneh yen tumuju ana warga sing sripah, warga sing
ngusung jenazah apadene asung pambela sungkawa sing arep layat mesthi rekasa ngliwati
dalan mau. Mula kanthi swadaya warga bias tuku bkoral lan pasir wedhi. Dene semen
kabiyantu saka pemerintah kabupaten Kulonprogo awujud 24 sak.
[Sumarno]

Anda mungkin juga menyukai