Anda di halaman 1dari 56

Wulan Kitab Suci Nasional

MARTOSAKEN KABAR KABINGAHAN


ING SATENGAHING LUNTURING
KAPITAYAN SAHA JATI DHIRI

“aku wus ngakoni katresnaning Allah marang aku,


lan iku aku percaya” (1Yoh. 4:16).

Sarasèhan Kitab Suci kanggé Diwasa


Komisi Kitab Suci Keuskupan Agung Semarang

LEMBAGA BIBLIKA INDONESIA


2020
Keterangan Gambar Sampul (logo BKSN-2020)
1) Sosok Perempuan: melambangkan
Umat Israel, sebagaimana para nabi yang
berkarya di masa pembuangan, seringkali
menggunakan gambaran feminin untuk
menyebut bangsa Israel, entah sebagai
perempuan, mempelai, maupun pe-
ngantin. Sosok ini juga mengacu pada
Gereja yang juga disebut sebagai Bunda
Gereja dan mempelai Kristus.
2) Pohon Gandarusa dan Kecapi Ter-
gantung: Dua simbol ini menggambar-
kan kesedihan dan krisis identitas bangsa
Israel dalam masa pembuangan ke Babel,
seperti diungkapkan dalam Mzm. 137:1-2:
“Di tepi sungai-sungai Babel, di sanalah
kita duduk sambil menangis, apabila kita
mengingat Sion. Pada pohon-pohon
Gandarusa di tempat itu kita meng-
gantungkan kecapi kita...”
3) Pohon Salib: Gambar Pohon gandarusa yang melingkar membentuk pohon
Salib Kristus di ujung kiri melambangkan dua hal: Pertama, krisis para Murid
karena mengalami peristiwa wafat Kristus, Guru-Nya di kayu Salib. Kedua,
namun justru Salib itu pulalah yang kemudian menjadi kekuatan iman bagi
para Rasul dan Gereja dalam menghadapi tantangan, penderitaan, dan krisis di
setiap zaman. Tampak dalam gambar, perempuan itu bukan hanya sekedar
meratap, tetapi juga mengulurkan tangan, memasrahkan dirinya pada misteri
Salib Kristus.
4) Latar Belakang: terdiri dari beberapa gambar, yakni: a) Kubur Kosong
melambangkan peristiwa di sekitar kebangkitan Kristus. Peristiwa
Kebangkitan ini menjadi titik balik bagi Para Murid yang sebelumnya
mengalami krisis menjadi diingatkan kembali bahwa penderitaan, wafat, dan
kebangkitan Kristus adalah satu rangkaian karya penyelamatan Allah. b) Di
belakang kubur kosong terdapat gambar danau Galilea: Menggambarkan
peristiwa panggilan para murid, secara khusus Petrus ketika diutus menjadi
penjala manusia. Di tepi Danau itu pula, sesudah kebangkitan-Nya, Yesus
mengutus Petrus untuk menggembalakan domba-domba-Nya. Dari manusia
lemah, para murid dimampukan oleh Allah untuk menjadi rasul. c) Pancaran
sinar berjumlah tujuh, melambangkan 7 karunia Roh Kudus sekaligus
peristiwa Pentakosta.
MARTOSAKEN KABAR KABINGAHAN ING SATENGAHING
3
LUNTURING KAPITAYAN SAHA JATI DHIRI

Cecala

Wonten unén-unén Jawi mekaten: “Ajining dhiri gumantung


saka kedaling lathi.” Menawi unén-unén wau dipun oncèki,
pranyata tingkah langkah saha tetembungan mujudaken
babaring isining manah. Dados punapa ingkang wonten
lebeting manah, ingkang dipun ayati, ingkang dipun ge-
gulang, lan dipun upiyakaken kababar ing tingkah langkah,
pangandikan, saha badhé ndayani saben tiyang anggénipun
makarya saha tumindak. Semanten ugi awakipun piyambak,
menawi ngayati, nggegulang, saha nggegesang iman kapi-
tayan Katulik, mesthipun awakipun piyambak ugi murup
ing pangertosan bab Katulik. Wiwit badhé nampi sakramén
Baptis, sakramén Ékaristi, saha sakramén Kasantosan, awak-
ipun piyambak sampun dipun gegulang ngayati gesang sacara
kristiani, gesang miturut tuladha Dalem Gusti Yésus.
Nanging nggegesang sarining iman kapitayan katulik saha
mujudaken ing tindak tanduk, pakaryan, pangandikan, saha
sikaping gesang, pranyata boten gampil. Malah kepara, wonten
sawetawis iman kapitayan saha jati dhirinipun warganing
Pasamuan Suci ngalami luntur. Wonten ingkang sampun
nampi sakramén Baptis nanging boten mangertos isinipun
iman kapitayan katulik kanthi saé, saéngga gesangipun boten
nedhahaken gesang sacara katulik. Wonten ingkang sampun
nampi sakramén Baptis nanging boten wantun ngetingalaken
katulikipun. Malah kepara, wonten ingkang boten ngakeni
dhateng Gusti Yésus ingkang rumiyin naté dados andel-
andelipun. Wonten ugi ingkang boten mreduli malih dhateng
agaminipun awit ingkang dipun padosi namung karemenaning
daging ngantos supé dhateng sangkan paraning gesang.
4 Wulan Kitab Suci Nasional 2020 - Dewasa Jawa

Ngadhepi lunturing iman kapitayan saha jati dhiri, awakipun


piyambak saged sinau saking tiyang Yahudi nalika gesang ing
tanah pambuangan saha saking para rasul ingkang dipun tilar
déning Gusti Yésus.
1. Nalikanipun padaleman Suci kalebur saha dipun
bekta dhateng tanah pambuwangan déning mengsah,
tiyang Yahudi sami kècalan pangandel saha rumaos
dados tiyang manca. Iman kapitayanipun ingkang
rumiyin makantar-kantar saha dipun ugemi ical
musna. Umat ing pambuangan rumaos katilar déning
Gusti. Mila para nabi saha pinituwanipun bangsa
mbudidaya neguhaken pengandelipun tiyang-tiyang
Yahudi, bilih Gusti Allah boten nilaraken nanging
paring pèmut supados gesangipun leres malih. Para
nabi ngandharaken bilih Gusti Allah boten badhé
nègakaken umatipun. Punapa ingkang dipun wartos-
aken déning para nabi manggihaken wohipun:
iman kapitadosanipun dhateng Gusti Allah ingkang
rumeksa saha Mahakuwaos, gesang ngrembaka.
Mila, sanadyan ing tanah pambuwangan, tiyang-
tiyang Yahudi tansah pitados dhateng Gusti Allah
ingkang wiwit jaman leluhuripun dados andel-an-
deling gesang.
2. Nalikanipun Gusti Yésus dipun cepeng saha dipun
salib, para murid Dalem rumaos kècalan cepenganing
gesang. Para rasul ajrih sanget dhateng tiyang Ya-
hudi. Nanging pranyata, Gusti Yésus wungu saking
séda saha ngetingali para rasul. Sasampunipun
sawetawis dipun ketingali, para Rasul lajeng tepang
malih kaliyan Gusti Yésus. Manahipun para rasul
lajeng makantar-kantar, murub malih kekiyatan lan
MARTOSAKEN KABAR KABINGAHAN ING SATENGAHING
5
LUNTURING KAPITAYAN SAHA JATI DHIRI

pangajeng-ajengipun. Para Rasul pitados bilih Gusti


Yésus ingkang séda sinalib, sugeng malih, ngasta
panguwaos tuwin kamulyan, nglenggahi dhampar
ing swarga, saha dados margining kawilujengan. Para
Rasul rumaos bombong saha mantep ngugemi iman
kapitayanipun bilih Gusti Yésus mila utusan Dalem
Gusti Allah kanggé nebus dosaning manungsa.
Saking tuladha pasujarahaning gesang tiyang Yahudi ing
pambuwangan saha para murid Dalem, awakipun piyambak
saged methik sarining lelampahan kanggé cepengan nga-
dhepi lunturing iman kapitayan saha jati dhiri. Sepisan,
Kasunyatan bab Gusti Allah. Awakipun piyambak nggadhahi
kapitadosan ingkang saétu dhateng Gusti Allah. Mila, saben
tiyang kedah mbudidaya sangsaya mangertosi saha ngayati
kanthi lebet pakaryan saha karsa Dalem Gusti. Kalih, jati
dhiri menggahing tiyang ingkang ngugemi kapitadosan. Jati
dhirinipun tiyang katulik kabangun saé menawi caket saha
mbudidaya saéstu mengertosi sinten to Gusti Allah ingkang
dipun pitadosi, punapa pakaryan Dalem, saha kados pundi
Gusti Allah makarya ing gesanging saben tiyang. Menawi
mangertos saéstu dhateng Gusti Allah, awakipun piyambak
sansaya kaèmperaken kaliyan Gusti Allah. Tiga, awakipun
piyambak ngudi gesang selaras kaliyan jati diri minangka
tiyang katulik. Tegesipun, tindak tanduk ing gesang dados
wedharan saking isining manah, isining kapitadosan dhateng
Gusti.
6 Wulan Kitab Suci Nasional 2020 - Dewasa Jawa

Lumantar Wulan Kitab Suci Nasional 2020, awakipun


piyambak dipun ajak nglelimbang kekerangipun Gusti Al-
lah ingkang dados andel-andel saha sumbering mangun
jati dhiri piyambak-piyambak. Awakipun piyambak saged
langkung mangertos lan ngayati iman kapitayan srana maos
saha nglelimbang kasunyatan ingkang kamot ing Kitab Suci.
Wonten sekawan pethikan Kitab Suci ingkang dipun pilih
ingkang saged nggambaraken wedharan pribadi Dalem
Gusti Allah. Waosan ingkang kapilih mila ingkang wonten
gandhèngipun kaliyan wedharan pribadi Dalem Gusti Allah
lumantar Gusti Yésus saha tiyang-tiyang ingkang ngugemi
kapitadosanipun dhateng Gusti:
I. 1Yohanes 4:7-21 ngandharaken bilih Gusti Allah
punika Gusti Allah ingkang mahatresna. Gusti Allah
punika Katresnan. Gusti Allah tansah nresnani ma-
nungsa saha katresnan punika kababa ring pribadi
Dalem Gusti Yésus.
II. Matius 25:31-46 ngandharaken bilih Gusti Yésus,
Putraning Manungsa, ngratoni swarga.
III. Lukas 5:1-11 ngandharaken bilih awakipun piyam-
bak punika tiyang dosa nanging pinilih kanggé mar-
tosaken kabar kabingahan Dalem.
IV. Kisah Para Rasul 2:37-47 ngandharaken bilih awak-
ipun piyambak dados wargaming Pasamuan Suci
ingkang pitados dhateng Sang Kristus.
Cecala punika dipun aturaken sadéréngipun pepanggihan
kapisan kawiwitan. Pangajapipun supados sadaya ingkang
ndhèrèk pepanggihan nggadhahi pangertosan ingkang sami
saha kabiyantu anggénipun nglelimbang saben pepanggihan.
MARTOSAKEN KABAR KABINGAHAN ING SATENGAHING
7
LUNTURING KAPITAYAN SAHA JATI DHIRI

Kagem kawigatosan pamugkas, bilih babagan Sarining Pang-


limbang BKSN engkang taun-taun sakderengipun dipun
satunggalaken kalian buku panduan umat, ing tahun 2020
punika bonten pun lebetaken, amargi ngemot isi engkang
kathah sanget. Pramila kagem pemandu engkang saget pun
unduh ngagem program QR code reader wonten ing barcode
punika:

https://bit.ly/GagasanPendukungBKSN2020
8 Wulan Kitab Suci Nasional 2020 - Dewasa Jawa

1 Gusti Allah punika Mahatresna


(1Yohanes 4:7-21)

Tujuaning Pepanggihan :
Sasampunipun pepanggihan, umat langkung saged:
1. Ngraosaken saha mindak-mindak kapitadosanipun bilih
Gusti Allah punika Mahatresna.
2. Ngraosaken bilih Gusti Allah tansah nresnani saben pri-
badi satunggal satunggalipun.
3. Mbudidaya gesang selaras kaliyan tuladha Dalem Gusti
ingkang tansah kasok katresnan sawetahipun.

Wekdalipun Pepanggihan : 90 Menit

Sarining Panglimbang :
• Gusti Allah punika Mahatresna. Awakipun piyambak
pitados sawetahipun bilih Gusti Allah Mahaasih lan Ma-
hatresna. Awakipun piyambak, satunggal-satunggalipun,
dipun tresnani déning Gusti Allah. Inggih krana katresnan
Dalem Gusti Allah, iman kapitadosan kita tuwuh sansaya
lebet. Katresnan Dalem Gusti Allah katingal ing pribadi-
nipun tiyang ingkang sami tresna-tinresnan. Tandhanipun
tiyang tresna-tinresnan inggih punika: sepisan, tiyang ing-
kang nresnani tansah mbudidaya supados ingkang dipun
tresnani ngraosaken kabagyan lan kabingahan; kalih, rila
ngurbanaken dhiri pribadinipun lan punapa kèmawon
kanggé ingkang dipun tresnani.
MARTOSAKEN KABAR KABINGAHAN ING SATENGAHING
9
LUNTURING KAPITAYAN SAHA JATI DHIRI

• Katresnan Dalem nglangkungi katresnanipun manungsa


kaliyan sesaminipun. Saking kasok tresnanipun dhateng
manungsa, Gusti Allah ngersakaken saben manungsa
manggih kawilujengan saha dipun cawisi Kratoning
swarga. Ing seratipun St. Yohanes ingkang sepisan bab
4: 7-21, dipun andharaken bilih katresnan Dalem Gusti
mangèjawantah srana ngutus Putra Dalem rawuh ing
donya, “supaya kita urip ana ing ngarsa Dalem.” Ingkang
dipun wastani “gesang” déning St. Yohanes sanés gesang
limrah ing donya, nanging gesang langgeng ing swarga.
Gesang langgeng ing swarga nggadhahi teges: gesang ing-
kang rinoban ing katresnan langgeng déning Gusti Allah.
Mila kabegjan ingkang badhé dipun tampi dening tiyang
ingkang pitados inggih kabegjan ingkang sampurna awit
kepareng nyawang Gusti Allah sawetahipun, Gusti Allah
ingkang nitahaken saha nresnani. Mila, ngrasuk gesang
langgeng ateges “manunggal kaliyan Sang Kristus lan
ndhèrèk ngraosaken kamulyan Dalem.”
• Gusti Allah ngersakaken sadaya manungsa manggihaken
gesang langgeng saha manunggil ing katresnan Dalem.
Mila, Gusti Yesus dipun utus rawuh ing donya saperlu
medharaken katresnan Dalem Gusti. Nanging, manungsa
sejatinipun boten pantes manunggil kaliyan Gusti Allah
amargi dosa. Dosa ingkang cumondhok ing manungsa
dados pepalang anggenipun badhé nyaketi Gusti Allah.
Mila rawuh Dalem Gusti saperlu ngluwari saha nebus
manungsa saking panguwasaning dosa. Lelabet Dalem
Gusti Yésus dhateng manungsa dipun sokaken tun-
tas ngantos dumugining séda. Gusti karsa séda ing
pamenthangan kanggé nglebur dosaning manungsa. Sé-
da Dalem Gusti Yésus nglebur dosaning manungsa lan
10 Wulan Kitab Suci Nasional 2020 - Dewasa Jawa

rah Dalem nucèkaken awakipun piyambak (Mat 26:28).


Krana séda Dalem, dosaning manungsa sampun lebur.
Mila, awakipun piyambak dipun keparengaken nampi ge-
sang langgeng ing swarga punika awit saking asih tresna
Dalem ingkang tanpa timbang. Gesang langgeng ingkang
kacawisaken mujudaken nugraha agung saking Gusti
Allah.
• Saben tiyang ingkang ngraosaken saétu katresnan Dalem
Gusti Allah temtu badhé mbudidaya nresnani sesamini-
pun. Saben tiyang kedahipun tansah mbudidaya nresnani
Gustinipun ingkang sampun paring nugraha tirah-tirah.
Nanging, wonten sawetawis pitakènan: kados pundi ca-
ranipun nresnani Gusti Allah ingkang boten katingal?
Awakipun piyambak boten saged nyumerepi Gusti sacara
wantah nanging saged ngraosaken pakaryan Gusti Allah
ingkang tansah ngreksa tuwin njagi saben dintenipun.
Sejatinipun, Gusti Allah rawuh lan makarya wonten ti-
yang ingkang sami tresna tinresnan, lung tinulung, bantu
binantu, saha pakaryan saé sanésipun. Mila leres ngen-
dikanipun St. Yohanes, “Yèn wong kandha, jaré tresna
marang Allah, nanging kok sengit marang seduluré, iku
wong goroh. Sing ora tresna karo seduluré, kang disu-
murupi, ora bakal bisa tresna marang Allah, kang ora
disumurupi” (1Yoh 4: 20) lan “Sing sapa tresna marang
Allah, uga kudu tresna marang seduluré” (1 Yoh 4: 21).

Pambuka
Kidung Pambuka
Kidung Pambuka saking Kidung Adi no. 410 utawi 413 utawi pangarsaning
pepanggihan nyawisaken kidung pambuka ingkang laras kaliyan kawontenan
MARTOSAKEN KABAR KABINGAHAN ING SATENGAHING
11
LUNTURING KAPITAYAN SAHA JATI DHIRI

Tandha Salib lan Salam


P Konjuk ing Asma Dalem Hyang Rama saha Hyang Putra
tuwin Hyang Roh Suci.
U Amin
P Mugi Gusti tansah manunggila
U Kaliyan kula sadaya.

Atur Cecala
(Pangarsaning pepanggihan maosaken sarining pepanggihan. Sasampuni-
pun punika, pangarsaning pepanggihan ngaturaken cecala ing ngandhap su-
pados umat mangertosi tujuaning pepanggihan).

Bapak, ibu, lan para sadhèrèk ingkang kinasih ing Gusti, su-
geng (siang, sonten, dalu). Berkah Dalem. Dinten punika,
awakipun piyambak miwiti Wulan Kitab Suci Nasional srana
mirengaken tuwin ngresepaken Sabda-sabda Dalem Gus-
ti. Tahun punika mundhut irah-irahan: Martosaken Kabar
Kabingahan ing Satengahing Lunturing Iman Kapitayan
saha Jati Dhiri. Pangajabipun kanthi pepangihan punika,
awakipun piyambak saged mirengaken saha ngraos-ngraos-
aken kabar kabingahan Dalem, langkung-langkung meng-
gahing tiyang-tiyang ingkang nembé ngalami lunturing iman
kapitayan tuwin jati dhiri. Ingkang badhé dipun lelimbang
inggih punika kekeran katresnan Dalem Gusti saha jati dhiri
minangka putra-putri Dalem. Mugi-mugi srana ndhèrèk pe-
panggihan sadangunipun Wulan Kitab Suci Nasional punika,
awakipun piyambak saged cawé-cawé caos pitulungan kanggé
para sadhèrèk ingkang nembé ngalami lunturing iman kapi-
tayan saha jati dhiri supados manggihaken margi luwaripun.
Kanthi punika, dipun pilihaken pethikan saking 1 Yoh 4: 7-21
ingkang ngandharaken bilih Gusti Allah punika mahaasih.
12 Wulan Kitab Suci Nasional 2020 - Dewasa Jawa

Sembahyang Pambuka
P Suwawi sami munjuk. Gusti ingkang maha asih, kawula
munjuk sembah nuwun tuwin muji sokur awit sadaya ka-
mirahan Dalem ingkang sampun kepareng kawula tam-
pi, langkung-langkung sampun kepareng ngraosaken ka-
tresnan Dalem ingkang tanpa upami. Sapunika, kawula
badhé mirengaken saha nglelimbang Sabda Dalem ing-
kang ngemot kekeran aji: Gusti Allah Mahatresna. Mugi
karsaa ngutus Hyang Roh Suci madhangi manah lan
budi kawula supados saged langkung ngresepaken Sabda
Dalem saha wantun mujudaken katresnan Dalem ing ge-
sang kawula. Lantaran Sri Yésus Kristus, Putra Dalem,
Pangéran kawula, ingkang kaliyan Gusti manunggil ing
Hyang Roh Suci, gesang tuwin mengku keprabon ing
salami-laminipun.
U Amin.

Nglelimbang Sabda Dalem


Maos Sabda Dalem
Pangarsaning pepanggihan nyuwun utawi milih sawetawis umat ingkang
rawuh kanggé maosaken Sabda Dalem ing ngandhap. Saben ayat dipun waos
gentosan, swantenipun sora, saha las-lasan. Déné umat sanésipun kasuwun
mirengaken kanthi saéstu utawi ingkang ngasto Awakipun piyambakb Suci
saged maos wonten ing batos.

SUMBERING KATRESNAN (1Yohanes 4:7-21)


7
Para kinasih, aku kudu padha tresna-tinresnan, awit
katresnan iku asalé saka Allah, lan sing sapa tresna iku
asalé saka Allah lan mangerti marang Allah. 8Sing sapa ora
tresna, ora mangerti marang Allah, awit Gusti Allah iku
katresnan. 9Iya ing kéné mangéjawantahé katresnan Dalem
MARTOSAKEN KABAR KABINGAHAN ING SATENGAHING
13
LUNTURING KAPITAYAN SAHA JATI DHIRI

Allah ana ing aku, déné Gusti Allah wus ngutus Putra
Dalem ontang-anting rawuh ing donya, supaya aku padha
urip karana Panjenengané. 10Mangkéné iki lenggahing ka-
tresnan: ora kok aku sing tresna dhisik karo Gusti Allah,
nanging Panjenengané tresna dhisik karo aku, lan ngutus
Putra Dalem dadi bebanten nglabuhi dosaku. 11Para kina-
sih, yèn samono gedhéné tresnaning Gusti Allah marang
aku, aku uga kudu padha genti tresna-tinresnan. 12Gusti
Allah, durung tau ana wong weruh; yèn aku padha déné
tresna-tinresnan, Gusti Allah tetep nunggal ana ing aku, lan
tresna ana ing aku dadi sampurna. 13Iki kang dadi titikané:
yèn aku nunggal ing Allah lan Allah nunggal ing aku, yaiku
déné Panjenengané wus dhangan maringaké Roh Dalem.
14
Déné aku, kang padha nyipati, saiki uga awèh paseksèn,
yèn Hyang Rama wus ngutus Putra Dalem jumeneng Pane-
busing jagat. 15Sing sapa ngakoni, yèn Gusti Yésus iku Pu-
traning Allah, Allah tetep nunggal ing wong mau, lan wong
mau nunggal ing Allah. 16Lan aku, aku wus ngakoni katres-
naning Allah marang aku, lan iku aku percaya. Gusti Allah
iku katresnan: lan sing sapa tetep manunggal ing katresnan,
tetep manunggal ing Allah, lan Allah manunggal ing wong
mau. 17Ing kéné lenggahing tresna nyata sampurna ana
ing aku, déné aku padha percaya penuh marang dinaning
Pengadilan, awit kaya déné Panjenengané semono uga aku
anggonku ana ing donya kéné. 18Wedi iku ing weweng-
koning tresna ora ana, nanging tresna sampurna ngilangi
rasa wedi, awit anané rasa wedi iku ana paukuman sing
diwedèni, lan isih wedi iku durung sampurna ing tresna.
19
Ayo, aku iki padha tresna, awit Gust iwis ndhisiki tresna
marang aku. 20Yèn wong kandha, jaré tresna marang Al-
lah, nanging kok sengit marang seduluré, iku wong goroh.
Sing ora tresna karo seduluré, kang disumurupi, ora bakal
bisa tresna marang Allah, kang ora disumurupi. 21Iya, mula
iki dhawuh kang dak tampa saka Panjenengané: Sing sapa
tresna marang Allah, uga kudu tresna marang seduluré.
14 Wulan Kitab Suci Nasional 2020 - Dewasa Jawa

Necep Sabda
Menawi karaos saé saha mingunani tumrap ingkang rawuh, Sabda Dalem
saged dipun waos malih. Sadéréngipun dipun waos malih, pangarsaning
pepanggihan maosaken pitakènan-pitakènan ing ngandhap. Sasampunipun
punika, saraséhan kawiwitan. Menawi miturut wawasanipun pangarsaning
pepanggihan umat badhé dipun damel kelompok-kelompok, kasumanggak-
aken.

1. Gusti Allah ingkang kados pundi ingkang dipun tepang-


aken déning Yohanes? (ay. 8)
2. Kados pundi caranipun Gusti Allah nresnani manungsa?
(ay. 9-10)
3. Punapa sebabipun awakipun piyambak kedah tresna dha-
teng sesami? (ay. 11, 19)
4. Punapa dhasaripun bilih katresnan saged mbèngkas
sawarnining raos ajrih? (ay. 18)
5. Punapa ingkang kedah dipun tindakaken kanggé nang-
gapi katresnan Dalem Gusti ingkang sampun karaosaken?
(ay. 21)

Neges Sabda
Pangarsaning pepanggihan caos sawetawis katrangan menggahing waosan
ingkang dipun lelimbang. Menawi dipun penggalih migunani, pangarsaning
pepanggihan saged nambahi katrangan ingkang kapundhut saking Gagasan
Pendukung.

1. Pethikan Sabda Dalem ingkang nembé dipun lelimbang


ngandharaken bilih Gusti Allah punika Katresnan. Pu-
napa ingkang dipun serat St. Yohanes punika sanés sadre-
mi reroncèning tembung-tembung nanging kasunyatan
menggahing pribadi Dalem Gusti Allah. Gusti Allah bo-
ten namung nresnani utawi kagungan katresnan, nanging
Gusti Allah punika Katresnan. Gusti Allah lan Katresnan
punika satunggal. Katresnan punika Gusti Allah, Gusti
MARTOSAKEN KABAR KABINGAHAN ING SATENGAHING
15
LUNTURING KAPITAYAN SAHA JATI DHIRI

Allah punika Katresnan. Gusti Allah nresnani manungsa


kanthi sawetahipun, lan punika boten namung salah satu
tunggaling pakaryan Dalem. Pakaryan Dalem Gusti Al-
lah namung satunggal inggih punika pakaryan katresnan.
2. Gusti Allah medharaken katresnanipun dhateng ma-
nungsa kanthi rila srana ngutus Gusti Yésus, supados
manung-sa manggihaken gesang langgeng lan manunggil
ing katresnan Dalem. Nanging, manungsa sejatinipun bo-
ten pantes manunggil kaliyan Gusti Allah amargi dosa.
Dosa ingkang cumondhok ing manungsa dados pepa-
lang anggenipun badhé nyaketi Gusti Allah. Mila rawuh
Dalem Gusti saperlu ngluwari saha nebus manungsa
saking panguwasaning dosa. Lelabet Dalem Gusti Yésus
dhateng manungsa dipun sokaken ngantos tuntas. Gusti
karsa séda ing pamenthangan kanggé nglebur dosaning
manungsa. Dosaning manungsa sampun lebur krana séda
Dalem. Mila, awakipun piyambak dipun keparengaken
nampi gesang langgeng ing swarga punika awit saking asih
tresna Dalem ingkang tanpa timbang. Awakipun piyam-
bak nampi nugraha agung inggih punika gesang langgeng.
3. Awakipun piyambak sampun kepareng ngraosaken ka-
tresnan Dalem Gusti. Minangka gentosipun, awakipun
piyambak kedah gentos tresna-tinresnan. Punapa sebab-
ipun kedah tresna-tinresnan? Gusti Allah ingkang kita
tresnani inggih Gusti Allah ingkang kasok tresnanipun
dhateng manungsa. Menawi pitados dhateng Gusti Allah
ingkang mahatresna, awakipun piyambak kedahipun ge-
sang kados tuladha Dalem, inggih punika tresna dhateng
sesami. Awakipun piyambak pitados bilih katresnan sejati
asalipun saking Gusti Allah ingkang ngersakaken kawilu-
jeng-aning manungsa. Amargi sampun dipun tresnani dé-
ning Gusti, awakipun piyambak kedah nresnani sesami.
16 Wulan Kitab Suci Nasional 2020 - Dewasa Jawa

Nresnani dhateng sesami saged mawujud menawi awak-


ipun piyambak sampun ngraosaken katresnan Dalem
Gusti
4. Tresna dhateng Gusti manggih kasampurnanipun me-
nawi awakipun piyambak pitados saéstu dhateng dinten
ing wancinipun ngasta pangadilanipun. Menawi ngraos-
aken saétu dhateng katresnan Dalem Gusti saha mbudi-
daya kanthi gumolonging manah srana nresnani sesami,
awakipun piyambak boten prelu was sumelang ngadhepi
pangadilaning Gusti. Raos ajrih dhateng dhawahipun
pangadilan saking Gusti badhé ical, amargi tindak tan-
dukipun selaras kaliyan karsa Dalem. Awakipun piyam-
bak kepèngin, bilih ing nalikanipun pangadilaning Gusti
dipun dhawahaken, Gusti Allah maringaken nugraha
gesang langgeng. Menawi awakipun piyambak sampun
mbudidaya nyelarasaken dhiri kaliyan karsa Dalem,
temtu ing wancinipun pangadilan badhé pinanggih Gusti
ingkang mahaasih. Nanging,menawi ing salami gesang
boten nresnani Gusti Allah kanthi gumolonging manah,
tentu ingkang medal inggih raos ajrih nampi pangadilan-
ing Gusti.
5. Gusti Allah boten naté nresnani manungsa sasampunipun
dipun tresnani déning manungsa. Gusti Allah boten naté
nengga awakipun piyambak nresnani, lajeng nembé Pan-
jenenganipun nresnani. Katresnan Dalem Gusti Allah ka-
babar krana agung asih Dalem dhateng manungsa. Mila,
menawi tresna dhateng sesami, sejatinipun awakipun pi-
yambak mbudidaya caos tanggapan dhateng katresnan
Dalem Gusti ingkang sampun katampi. Katresnan dha-
teng sesami lajeng dados atur puji panuwun dhateng ka-
mirahan Dalem Gusti. Menawi wonten pawongan ing-
kang nggadhahi pemanggih bilih piyambakipun sampun
MARTOSAKEN KABAR KABINGAHAN ING SATENGAHING
17
LUNTURING KAPITAYAN SAHA JATI DHIRI

nresnani Gusti sawetahipun, nanging taksih sengit dha-


teng sesami, punika namung jejer apus-apus. Boten badhé
kalampah saged tetiyang nresnani Gusti Allah ingkang
boten katingal, yèn boten nresnani sesami.

Ngemban Sabda
Pangarsaning pepanggihan ngaturaken bundhelaning panglimbang:

• Pawarta gambira menggahing titah: Gusti Allah punika


saéstu Mahatresna. Gusti Allah kasok katresnanipun kan-
thi sampurna dhateng manungsa lan ngersakaken ma-
nungsa nampi nugraha gesang langgeng ing swarga ma-
nunggil kaliyan Hyang Rama. Gusti Yésus, Putra Dalem
ontang-anting dados tandha yekti katresnan Dalem. Gusti
Yésus ngrilakaken sugengipun kanggé ngluwari manung-
sa saking blengguning dosa supados pantes nampi kabeg-
jan langgeng.
• Jati dhirinipun awakipun piyambak: Jati dhirinipun war-
ganing Pasamuan Suci lair saking pangandelipun dhateng
Gusti Allah ingkang mahaasih. Umumipun, tiyang ing-
kang pitados punika nggadhahi teges tiyang ingkang
ngrasuk kasunyatan lan punapa kèmawon ingkang gayut
kaliyan kasunyatan ingkang dipun rasuk. Supados saged
pitados saétu dhateng Gusti, awakipun piyambak kedah
nggadhahi pangertosan ingkang leres menggahing Gusti
Allah
• Ngudi cara gesang: Punapa ingkang saged dipun tindak-
aken minangka tanggapan dhateng katresnan Dalem Gus-
ti? Ingkang saged dipun tindakaken inggih punika nresnani
sesami. Katresnan sejati mawujud ing pakaryan ingkang
boten mètang bathi lan rugi, boten namung kedalipun
tembung nanging tindak tanduk. Katresnan nuwuhaken
18 Wulan Kitab Suci Nasional 2020 - Dewasa Jawa

raos begja kanggé sesaminipun saha wantun ngrilakaken


dhiri kanggé ingkang dipun tresnani.
Pangarsaning pepanggihan maosaken pitakènanipun lan caos kalodhangan
dhateng umat supados paring wangsulan (dipun watesi sawetawis umat).

1. Punapa ingkang sampun kita raosaken menggahing


kasaénan Dalem Gusti Allah ingkang ngutus Putra Da-
lem ontang-anting ngantos séda sinalib?
2. Punapa ingkang saged dipun tindakaken kanggé nang-
gapi katresnan Dalem Gusti Allah ingkang sampun kita
tampi?
Pangarsaning pepanggihan maosaken pitakènanipun lan caos kalodhangan
dhateng umat supados paring wangsulan ingkang sampun dipun larasaken
kaliyan pengalamaning gesang.

1. Punapa titikanipun tiyang-tiyang ingkang nembé ngalami


lunturing iman kapitayan saha jati dhirinipun?
2. Punapa dayanipun katresnan Dalem Gusti kanggé tiyang-
tiyang ingkang nembé ngalami lunturing iman kapitayan
saha jati dhirinipun?
3. Kados pundi caranipun martosaken kabar kabingahan
Dalem Gusti dhateng tiyang-tiyang ingkang nembé nga-
lami lunturing iman kapitayan saha jati dhirinipun?

Sembahyang Umat
Sasampunipun mirengaken Sabda Dalem, umat kasuwun paring tanggapan
srana nyawisaken sembahyangan. Sembahyangan saged awujud sembah
puji, puji sokur, panyuwunan, lan sanésipun. Menawi wekdal cecawis sem-
bahyangan sampun cekap, pangarsaning pepanggihan miwiti sembahyangan
umat. Sembahyangan saged dipun aturaken sacara spontan utawi dipun waos.
Menawi wekdalipun longgar, sadaya umat dipun caosi kalodhangan kanggé
ngunjukaken sembahyangan. Menawi sampun rampung, sembahyangan
umat katutup mawi sembahyang Rama Kawula
MARTOSAKEN KABAR KABINGAHAN ING SATENGAHING
19
LUNTURING KAPITAYAN SAHA JATI DHIRI

Panutup
Sembahyang Panutup
Pangarsaning pepanggihan manunggilaken manahipun umat ing sembahyang
panutup kanthi panyuwunan supados saged nindakaken karsa Dalem kanthi
saéstu.

P Suwawi sami munjuk.


Gusti Allah ingkang Mahaasih, kawula munjuk sembah
nuwun awit sampun kepareng mirengaken saha nglelim-
bang Sabda Dalem. Kawula nyuwun, mugi karsaa ngutus
Hyang Roh Suci supados nuntun kawula anggènipun mu-
judaken katresnan Dalem dhateng sesami kawula. Lan-
taran Sri Yésus Kristus, Putra Dalem, Pangéran kawula,
ingkang kaliyan Gusti manunggil ing Hyang Roh Suci,
gesang tuwin mengku keprabon ing salami-laminipun.
U Amin.

Tandha Salib
P Konjuk ing Asma Dalem Hyang Rama saha Hyang Putra,
tuwin Hyang Roh Suci
U Amin

Lagu Penutup
Kidung Panutup saking Kidung Adi no. 415 utawi 426 utawi pangarsaning pe-
panggihan nyawisaken kidung panutup ingkang selaras kaliyan kawontenan.
20 Wulan Kitab Suci Nasional 2020 - Dewasa Jawa

2
Gusti Yésus: Putraning Manungsa,
Pangéraning Swarga
(Matius 25:31-46)

Tujuaning Pepanggihan :
Ing gesanging umat tuwuh :
1. Pangertosan saha kapitayan bilih Gusti Yésus jumeneng
Putraning Manungsa ingkang badhé nindakaken pa-
ngadilaning ing dinten pungkasaning jaman kanthi adil.
2. Niat saha pambudidaya kanggé mujudaken dados abdi-
abdi ingkang setya tuhu dhateng Gusti Allah.
3. Sikap sumadiya saha mreduli dhateng sadhèrèk ingkang
sanget mbetahaken pitulungan minangka tandha kasetyan
tuhu dhateng Gusti Yésus ingkang jumeneng Putraning
Manungsa.

Wekdalipun Pepanggihan : 90 Menit

Sarining Panglimbang :
• Gusti Yésus asring dipun sebat Putraning Manungsa ka-
dos ingkang sinerat ing Matéus bab 8:20. Sakawit seba-
tan Putraning Manungsa kawedhar ing Kitabipun Nabi
Danièl nalika Nabi Danièl dipun ketingali déning Gusti
(Dan. 7:13-14). Putraning Manungsa inggih punika priba-
di ingkang asalipun saking ngaluhur, saking swarga, lan
boten dipun lairaken saking donya. Putraning Manungsa
nampi panguwaos tuwin kamulyan saking Gusti Allah,
saha nguwaosi kraton ingkang boten badhé sirna. Kraton-
ipun langgeng salaminipun. Putraning Manungsa, inggih
MARTOSAKEN KABAR KABINGAHAN ING SATENGAHING
21
LUNTURING KAPITAYAN SAHA JATI DHIRI

Sri Yésus Kristus, lenggah ing dhamparing swarga, ngra-


toni sadaya titah, lan kamulyanipun tanpa wasana. Inggih
Sri Yésus punika ingkang dipun weca déning Kitab Nabi
Danièl. Panguwaosipun langgeng lan ing dinten pungkas-
aning jaman badhé ngadili kanthi adil.
• Awakipun piyambak, para murid Dalem Gusti, kalebet
ingkang pitados dhateng Gusti Yésus ingkang jumeneng
Putraning Manungsa. Awakipun piyambak pitados bilih
Gusti Yésus ingkang ngratoni swarga. Menawi pitados
dhateng kekeran punika, kedahipun awakipun piyambak
ngrumaosi minangka abdi-abdi Dalem ingkang setya lan
tansah sumadiyo lelados. Kados pundi caranipun ngladosi
Gusti? Sang Kristus ingkang nglenggahi panguwaos ing
swarga, karsa ngrucat kaluhuran, mundhut sipaté abdi.
Mila Sang Kristus saged dipun panggihi wonten ing
tiyang-tiyang ingkang papa: nandhang sangsara, ngalami
karibetan, lan sèkèng. Lung tinulung, bantu binantu, saha
nggatosaken para sadhèrèk ingkang papa saged kanggé
mujudaken pakaryan ingkang dipun ditindakaken Sang
Kristus. Ing dinten pangadilan, Sang Kristus badhé ngadili
adhedhasar tumindakipun saben manungsa dhateng para
sadhèrèk wau.
• Mila, boten wonten cara sanés anggénipun nanggapi ka-
tresnan Dalem Gusti kejawi mbudidaya nggatosaken para
sadhèrèk ingkang mbetahaken pitulungan. Ngladosi para
sadhèrèk wau saged dados tandha kasetyan kita dhateng
Sang Kristus. Namung émanipun, awakipun piyambak
asring kangèlan anggènipun nyumerepi Sang Kristus ing
pribadi - pribadi ingkang nembé nandhang kekirangan.
Wonten prekawis - prekawis ing mempalangi saéngga
awakipun piyambak boten saged ngraosaken rawuh Da-
lem Sang Kristus ing tiyang-tiyang punika. Mila, awak-
22 Wulan Kitab Suci Nasional 2020 - Dewasa Jawa

ipun piyambak kedah mbudidaya caket kaliyan Sang


Kristus. Menawi sesambetanipun kaliyan Sang Kristus
raket, temtu awakipun piyambak saged ngraosaken rawuh
Dalem saha langkung nggatosaken para sadhérèk ingkang
nandhang kekirangan.

Pambuka
Kidung Pambuka
Kidung Pambuka saking Kidung Adi no. 400 utawi 403 utawi pangarsaning
pepanggihan nyawisaken kidung pambuka ingkang laras kaliyan kawontenan

Tandha Salib lan Salam


P Konjuk ing Asma Dalem Hyang Rama saha Hyang Putra
tuwin Hyang Roh Suci.
U Amin
P Mugi Gusti tansah manunggila
U Kaliyan kula sadaya.

Atur Cecala
(Pangarsaning pepanggihan maosaken sarining pepanggihan ingkang kamot
ing nginggil. Sasampunipun punika, pangarsaning pepanggihan ngaturaken
cecala ing ngandhap punika supados umat mangertosi tujuaning pepanggi-
han)

Bapak, ibu, lan para sadhèrèk ingkang tinresnan ing Gusti,


sugeng (siang, sonten, dalu). Berkah Dalem. Langkung ru-
miyin, mangga sami muji sokur ing ngarsa Dalem Gusti, awit
sampun pinaringan bagas-sarasing jiwa-raga saéngga ing din-
ten punika saged kempal nunggal mirengaken Sabda Dalem.
Minggu kapengker, awakipun piyambak sampun nglelimbang
MARTOSAKEN KABAR KABINGAHAN ING SATENGAHING
23
LUNTURING KAPITAYAN SAHA JATI DHIRI

kekeran bilih Gusti Allah punika Mahaasih. Awakipun pi-


yambak pitados saha sampun ngraosaken katresnan Dalem
Gusti. Kita dipun timbali mujudakan kapitadosan dhateng
Gusti ing gesang saben dintenipun. Katresnan dhateng se-
sami mujudaken pangèjawantahanipun raos puji sokur awit
sampun kepareng nampi nugraha Dalem.
Ing pepanggihan punika, awakipun piyambak badhé mireng-
aken saha nglelimbang sabda Dalem ingkang kapethik saking
Injilipun St. Mateus 25:31-46 ingkang ngandharaken Gusti
Yésus jumeneng Putraning Manungsa ingkang ngratoni
Kratoning Swarga. Gusti Yésus ngasta panguwaos saha ing
pungkasaning jaman badhé ngadili kanthi adil. Mila, mangga
sami nyawisaken manah lan budi supados pantes mirengaken
sabda Dalem Gusti.

Sembahyang Pambuka
P Suwawi sami munjuk.
Dhuh Gusti Allah ingkang Mahakuasa tuwin langgeng,
kawula muji sokur ing ngarsa Dalem sampun dhangan
ing penggalih nimbali kawula saha nuntun kawula pi-
tados dhateng Putra Dalem Gusti Yésus Kristus ing-
kang jumeneng andel-andel kawula. Inggih, krana Pan-
jenenganipun, kawula katuntun ing margi nuju dhateng
kabegjan langgeng. Mugi karsaa ngutus Hyang Roh Suci
nuntun kawula amrih saged mangertosi saha nindakaken
dhawuh Dalem ingkang sinerat ing Kitab Suci. Lantaran
Sri Yésus Kristus, Putra Dalem, Pangéran kawula, ing-
kang kaliyan Gusti manunggil ing Hyang Roh Suci, ge-
sang tuwin mengku keprabon ing salami-laminipun.
U Amin.
24 Wulan Kitab Suci Nasional 2020 - Dewasa Jawa

Nglelimbang Sabda Dalem


Maos Sabda Dalem
Pangarsaning pepanggihan nyuwun utawi milih sawetawis umat ingkang
rawuh kanggé maosaken Sabda Dalem ing ngandhap. Saben ayat dipun waos
gentosan, swantenipun sora, saha las-lasan. Déné umat sanésipun kasuwun
mirengaken kanthi saéstu utawi ingkang ngasto Awakipun piyambakb Suci
saged maos wonten ing batos.

PANGADILAN PUNGKASAN
(Matius 25:31-46)
31
Yèn ing mengko Putraning Manungsa rawuh nga-
gem kamulyan Dalem, sarta ginarebeg déning kabèh
para malaékat, Panjenengané bakal mapan lenggah ana
ing dhamparing kamulyan. 32Lan kabèh bangsa bakal
diklumpukaké ana ing ngarsa Dalem. Ing kono wong-
wong bakal kapisah siji lan sijiné, kaya pangon anggoné
misah wedhus gèmbèl sing wadon karo wedhus bérok
lanangané; 33wedhusé gèmbèl bakal didhèwèkaké ana
ing sisih tengen, lan wedhusé bérok ana ing sisih kiwa.
34
Ing kono Sang Prabu bakal ngandika marang sing
mlumpuk ana ing sisih tengen: Mara, para binerkahan ing
Ramaku, tampanana warisaning kraton, kang wus cinawis-
aké ngentèni kowé wiwit tancebing jagat. 35Awit nalika Aku
luwé, kok wènèhi mangan, kasatan, kok wènèhi ngombé,
aku dadi wong manca, kok ajak mampir. 36Aku kawudan,
kok wènèhi sandhang, lara, kowé sing ngopèni, dikunjara,
lan kowé teka niliki. 37Lan para suci mau bakal padha saos
wangsulan: Gusti, kala punapa kula sumerep Panjenengan
kaluwèn, lan nyaosi dhahar, utawi kasatan lan nyaosi
ngunjuk? 38Kala punapa kawula sumerep Panjenengan dados
tiyang manca, lan kawula aturi mampir, kawudan lan kawula
saosi ageman? 39Kala punapa kawula sumerep Panjenengan
gerah utawi kakunjara, lan kawula sowan tuwi? 40Déné
MARTOSAKEN KABAR KABINGAHAN ING SATENGAHING
25
LUNTURING KAPITAYAN SAHA JATI DHIRI

Sang Prabu bakal mangsuli: sayekti ing pangandikaku: apa


kang wus kok tindakaké marang salah sawijining sedulurku
kang sudra papa iki, iku kok tindakaké marang Aku.
41
Tumuli Panjenengané bakal ngandika marang sing
mlumpuk ana ing sisih kiwa: Minggata saka ngarsaku,
é wong kena musibat, menyang geni langgeng, kang wus
cinawisaké kanggo sétan sabegondhalé. 42Awit nalika Aku
luwé, ora kok wènèhi mangan, kasatan, ora kok wènèhi
ngombé. 43Aku dadi wong manca, ora kok jak mampir,
kawudan, ora kok wènèhi sandhang. Aku lara lan ana ing
pakunjaran, kowé ora teka niliki. 44Lan ing kono wong-
wong mau uga bakal padha genti nyuwun pirsa: Gusti,
kala punapa kawula sumerep Panjenengan kaluwèn, kasa-
tan, dados tiyang manca, utawi kawudan, utawi gerah,
utawi kakunjara, lan kawula boten tetulung? 45Déné Pan-
jenengané bakal mangsuli: sayekti ing pangandikaku: Apa
kang ora kok tindakaké marang salah sawijining sedulurku
kang sudra-papa iki, iku uga ora kok tindakaké marang
aku. 46Lan wong-wong mau bakal padha mlebu ing pauku-
man langgeng, déné para suci mlebu ing urip langgeng.”.

Necep Sabda
Menawi karaos saé saha mingunani tumrap ingkang rawuh, Sabda Dalem
saged dipun waos malih. Sadéréngipun dipun waos malih, pangarsaning
pepanggihan maosaken pitakènan-pitakènan ing ngandhap. Sasampunipun
punika, saraséhan kawiwitan. Menawi miturut wawasanipun pangarsaning
pepanggihan umat badhé dipun damel kelompok-kelompok, kasumanggak-
aken.

1. Sinten ingkang dipun sebat Putraning Manungsa? (ay. 31)


2. Punapa ingkang dipun tindakaken Putraning Manung-
sa rikala pungkasaning jaman? Punapa ingkang dados
dhasaring Putraning Manungsa paring pangadilan? (ay.
31-33)
26 Wulan Kitab Suci Nasional 2020 - Dewasa Jawa

3. Sinten ingkang dipun kersakaken Gusti nalika ngendika


“wedhus gèmbèl” lan “wedhus bèrok”? Punapa ingkang
dipun tindakaken “wedhus gèmbèl” nalika gesang? Pu-
napa ingkang dipun tindakaken “wedhus bèrok” nalika
gesang? (ay. 35-36, 42-43)
4. Punpa ingkang dipun paringaken déning Gusti dhateng
wedhus ingkang wonten sisi tengen Dalem? Punapa ing-
kang dipun paringaken déning Gusti dhateng wedhus
ingkang wonten sisi kiwa Dalem? (ay. 34, 41)

Neges Sabda
Pangarsaning pepanggihan caos sawetawis katrangan menggahing waosan
ingkang dipun lelimbang. Menawi dipun penggalih migunani, pangarsaning
pepanggihan saged nambahi katrangan ingkang kapundhut saking Gagasan
Pendukung.

1. Kitabipun Nabi Danièl martosaken bilih Putraning Ma-


nungsa punika pribadi ingkang asalipun saking ngaluhur,
saking swarga, sanès pribadi saking donya (Dan. 7:13-
14). Gusti Allah maringaken panguwaos tuwin kamulyan
dhateng Putraning Manungsa. Panguwaos tuwin kamu-
lyanipun boten badhé sirna. Kratonipun boten kebawah
ing papan saha wekdal awit asipat langgeng. Putraning
Manungsa ingkang kaweca inggih Gusti Sri Yésus Kris-
tus. Panjenenganipun ingkang ngratoni jagat sawegung
lan ing pungkasaning jaman badhé paring pangadilan
dhateng sadaya titah. Panjenenganipun nemtokaken sin-
ten ingkang nampi nugraha kabegjan langgeng lan sinten
ingkang nampi pasiksan langgeng. Nanging, sanadyan
panguwaosipun kelangkung ageng, Putraning Manungsa
karsa tedhak lan katingal ing gesangipun tiyang papa. Ing
gesangipun tiyang-tiyang punika, Gusti Allah medhara-
ken pribadinipun. Mila menawi awakipun piyambak ng-
MARTOSAKEN KABAR KABINGAHAN ING SATENGAHING
27
LUNTURING KAPITAYAN SAHA JATI DHIRI

gatosaken saha nindakaken pakaryan kanggé tiyang-ti-


yang wau, awakipun piyambak ngluhuraken Gusti Allah.
2. Nalikanipun pungkasaning jaman, Sang Kristus, Putra-
ning Manungsa, rawuh ngasta kamulyan kairing déning
para malaékat Dalem. Panjenenganipun lenggah ing
dham-paring kamulyan saha jumeneng Sang Nata (ay. 34).
Sadaya bangsa dipun kempalaken lan nampi pangadilan.
Sanadyan kasebat para bangsa, nanging Sang Nata badhé
ngadili tiyang satunggal-satunggalipun. Mila sadaya ti-
yang ing saindhenging bangsa ngadhep pradhataning adil
ingkang kaasta déning Sang Nata. Lampahing pradha-
taning adil kagambaraken kados déné misahaken antawis-
ipun wedhus gèmbèl kaliyan wedhus bèrok. Wedhus gèm-
bèl dipun papanaken ing sisih tengen lan wedhus bèrok
ing sisih kiwa Dalem. Punapa ingkang dados dhasaripun
Sang Nata paring pangadilan? Sang Nata ngadili adhe-
dhasar tumindakipun manungsa rikala gesang ing donya.
Sang Nata paring gegambaran bilih tumindak saé inggih
punika tumindak ingkang nggatosaken tiyang-tiyang ing-
kang papa, kadosta: tiyang ingkang luwé, ngelak, kawu-
dan, sakit, tuwin ingkang kakunjara. Tiyang-tiyang wau
kalebet sadhèrèkipun Putraning Manungsa, Sang Nata
ingkang mengkoni Kratoning Swarga. Punapa ingkang
dipun tindakaken kanggé tiyang-tiyang wau, boten sanés
punika dipun tindakaken konjuk Sang Nata, Putraning
Manungsa.
3. Wedhus gèmbèl dados gegambaranipun tiyang ingkang
mursid tuwin burus, inggih punika tiyang ingkang tansah
nindakaken pakaryan ingkang saé tuwin leres selaras kali-
yan karsa Dalem Gusti. Kasaénan punika saged kapèrang
dados tiga :
28 Wulan Kitab Suci Nasional 2020 - Dewasa Jawa

a. Caos tedha dhateng tiyang ingkang luwé lan caos


unjukan dhateng tiyang ingkang ngelak kalebet ka-
saénan ingkang wigati awit wonten gandhèngipun
kaliyan kabetahipun manungsa ingkang pokok. Ti-
yang ingkang kekirangan tedha saha unjukan saged
nemahi sakit. Malah kepara menawi kelantur-lantur
anggénipun kekirangan, tiyang-tiyang wau saged
nemahi tiwas
b. Caos papan dhateng tiyang manca saha caos ageman
dhateng tiyang kawudan nggambaraken raos peduli
dhateng tiyang ingkang mbetahaken papan ngaso
saha tetulung supados tahan saking raos asrep lan
raos wedi.
c. Tuwi tiyang sakit lan kakunjara mujudaken cara
kanggé nuwuhaken raos suka gambira lan saged
kanggé ngènthèngaken raos panandhang.
Wedhus bèrok dados gegambaranipun tiyang-tiyang
ingkang nampi paukuman, ingkang boten naté mreduli
dhateng sesami, saha ingkang boten naté ngakeni ka-
tresnan Dalem Gusti. Gegambaranipun, tiyang-tiyang pu-
nika boten naté caos tedha dhateng tiyang ingkang luwé,
boten naté caos unjukan dhateng tiyang ingkang ngelak,
boten naté caos papan dhateng tiyang manca, boten na-
té caos ageman dhateng tiyang kawudan, boten naté tu-
wi dhateng tiyang ingkang nembé nandhang sakit lan
ingkang kakunjara
4. Tiyang-tiyang ingkang dipun papanaken ing sisih tengen
Dalem kasebat, “ingkang binerkahan déning Hyang
Rama”. Sadaya “ingkang binerkahan déning Hyang
Rama” kapapanaken ing Kraton Dalem ingkang sampun
kacawisaken wiwit tanceping jagat saha kepareng mlebet
MARTOSAKEN KABAR KABINGAHAN ING SATENGAHING
29
LUNTURING KAPITAYAN SAHA JATI DHIRI

ing gesang langgeng sareng kaliyan para suci. Déné,


ingkang dipun papanaken ing sisih kiwa Dalem, mlebet
ing latuning naraka ingkang sampun kacawisaken kanggé
sétan lan begundalipun. Ing kawitan, latuning naraka
dipun cawisaken kanggé setan lan para malaèkat ingkang
nyingkur Gusti Allah. Nanging amargi tindak tandukipun
manungsa rikala gesang boten mranani Gusti Allah, mila
manungsa ingkang tumindakipun kados sétan ugi nampi
pasiksan langgeng.

Ngemban Sabda
Pangarsaning pepanggihan ngaturaken bundhelaning panglimbang :

• Pawarta gambira menggahing titah: Gusti Yésus ju-


meneng Sang Nata ingkang lenggah ing Kratoning swar-
ga. Gusti ngasta panguasa tuwin kamulyan, keprabon-
ipun lestantun salaminya, saha badhé ngadili manungsa
kalayan ke-kahing pangadilan. Sanadyan kaluhuran, ka-
mulyan, lan panguwaos dadi kagungan Dalem, éwa se-
manten Gusti Yésus karsa rawuh ing donya, malah kersa
sugeng kaya manungsa lan nggatosaken tiyang-tiyang ing-
kang alit, sèkèng, miskin, lan kekirangan.
• Jati dhirinipun awakipun piyambak: Awakipun piyam-
bak, murid Dalem Sang Kristus, ngakeni bilih Gusti Yésus
Kristus jumeneng Putraning Manungsa ingkang mengku
Kratoning swarga. Menawi awakipun piyambak ngakeni
kekeran punika, mila jati dhirinipun inggih punika ngga-
dhahi kapribadèn ingkang tansah setya dhateng Gusti
saha purun lelados dhateng sesami minangka tandha yek-
ti kesetyan dhateng Gusti.
• Ngudi cara gesang: Kapitadosan dhateng Gusti badhé
ndayani dhateng pambudaya manggihaken cara gesang
30 Wulan Kitab Suci Nasional 2020 - Dewasa Jawa

kristiani. Cara gesang kristiani inggih punika mujudaken


kasetyan sarta lelados. Mila cara gesang minangka jejering
abdi ingkang nindakaken kersanipun Gusti inggih punika
nggatosaken para sadèrèk ingkang nembé nandhang keki-
rangan. Lelados dhateng sesami, langkung-langkung ing-
kang kekirangan, saged dados tandha kasetyan awakipun
piyambak dhateng Gusti, Sang Nata.
Pangarsaning pepanggihan maosaken pitakènanipun lan caos kalodhangan
dhateng umat supados paring wangsulan (dipun watesi sawetawis umat)

1. Biasanipun, punapa ingkang njurung panjenengan sami


nalika caos pitulungan utawi kawigatosan dhateng sesa-
mi langkung-langkung ingkang kekirangan, alit, miskin,
lan sakit?
2. Sasampunipun maos pethikan Mateus 25: 31-46, punapa
kedhahipun ingkang dados panjurung anggénipun lela-
dos caos pitulungan utawi kawigatosan dhateng sesami
langkung-langkung ingkang kekirangan, alit, miskin, lan
sa-kit?
Pangarsaning pepanggihan maosaken pitakènanipun lan caos kalodhangan
dhateng umat supados paring wangsulan ingkang sampun dipun larasaken
kaliyan pengalamaning gesang.

1. Sinten ingkang kalebet tiyang-tiyang ingkang nembé


ngalami kangèlan, miskin, kakirangan, lsp ing sakiwa
tengen kita?
2. Punapa ingkang saged kula tindakaken kanggé mbiyantu
para sadhérék wau? Kados pundi caranipun?

Sembahyang Umat
Sasampunipun mirengaken Sabda Dalem, umat kasuwun paring tanggapan
srana nyawisaken sembahyangan. Sembahyangan saged awujud sembah
MARTOSAKEN KABAR KABINGAHAN ING SATENGAHING
31
LUNTURING KAPITAYAN SAHA JATI DHIRI

puji, puji sokur, panyuwunan, lan sanésipun. Menawi wekdal cecawis


sembahyangan sampun cekap, pangarsaning pepanggihan miwiti sem-
bahyangan umat. Sembahyangan saged dipun aturaken sacara spontan
utawi dipun waos. Menawi wekdalipun longgar, sadaya umat dipun caosi
kalodhangan kanggé ngunjukaken sembahyangan. Menawi sampun rampung,
sembahyangan umat katutup mawi sembahyang Rama Kawula

Panutup
Sembahyang Panutup
Pangarsaning pepanggihan manunggilaken manahipun umat ing sembahyang
panutup kanthi panyuwunan supados saged nindakaken karsa Dalem kanthi
saéstu.

P Suwawi sami munjuk.


Dhuh Gusti Allah ingkang Mahaasih tuwin mahatresna,
kawula munjuk sembah nuwun awit sampun kepareng
mirengaken saha nglelimbang Sabda Dalem. Karana Sab-
da Dalem, kawula langkung mangertos saha ngraosaken
jatininipun iman kapitadosan kawula, inggih punika bi-
lih Gusti Yésus jumeneng Sang Nata ingkang ngratoni
swarga. Mugi karsaa ngutus Roh Dalem madhangi man-
ah saha budi kawula supados tansah émut dhateng jati
dhiri kawula minangka abdi ingkang setya saha pupun
lelados dhateng sesami. Mugi kawula tansah saged mbu-
didaya nindakaken pakaryan ingkang saé, langkung-lang-
kung nggatosaken para sadhèrèk ingkang mbetahaken
pitulungan. Lantaran Sri Yésus Kristus, Putra Dalem,
Pangéran kawula, ingkang kaliyan Gusti manunggil ing
Hyang Roh Suci, gesang tuwin mengku keprabon ing sa-
lami-laminipun.
U Amin.
32 Wulan Kitab Suci Nasional 2020 - Dewasa Jawa

Tandha Salib
P Konjuk ing Asma Dalem Hyang Rama saha Hyang Putra,
tuwin Hyang Roh Suci
U Amin

Lagu Penutup
Kidung Panutup saking Kidung Adi no. 404 utawi 410 utawi pangarsaning
pepanggihan nyawisaken kidung panutup ingkang selaras kaliyan kawon-
tenan.
MARTOSAKEN KABAR KABINGAHAN ING SATENGAHING
33
LUNTURING KAPITAYAN SAHA JATI DHIRI

3
Gusti Nimbali Tiyang Dosa,
Nindakaken Ayahan Dalem
(Lukas 5:1-11)
Tujuaning Pepanggihan :
Ing gesanging umat tuwuh :
1. Pangertosan bilih Gusti Allah punika Gusti Allah ingkang
gesang saha maha rumeksa.
2. Raos nglenggana bilih awakipun piyambak punika kebak
dosa nanging nampi kepareng nampi ayahan Dalem ing-
gih martosaken katresnan Dalem Gusti dhateng sesami.
3. Kekajengan kanggé nindakaken ayahan martosaken
katresnan Dalem Gusti srana dados margining berkah
dhateng sesami.

Wekdalipun Pepanggihan : 90 Menit

Sarining Panglimbang :
• Carios timbalinipun para murid ingkang sepisanan ka-
lebet carios ngatingalipun ingkang mahaluhur (epifani)
nanging kalampahanipun prasaja sanget. Prastawa epi-
fani punika kawiwitan saking tepangipun Simon Pétrus
dha-teng Gusti Yésus minangka guru ingkang memucal
tiyang kathah. Saking kathahipun tiyang ingkang badhé
mirengaken, Gusti Yésus kapeksa minggah prau supados
saged memucal. Simon Pétrus ngrilakaken praunipun da-
dos papanipun Gusti Yésus lenggah. Sarampungipun mu-
cal, Gusti Yésus ngersakaken Simon Pétrus pados ulam
ing tengahing tlaga. Menggahing Simon Pétrus, dhawuh
34 Wulan Kitab Suci Nasional 2020 - Dewasa Jawa

Dalem punika aneh, boten limrah. Punapa malih sampun


sedalu natas, Simon Pétrus pados ulam lan boten angsal-
angsalan. Namung amargi, pekèwuh lan tandha urmat,
Simon Pétrus nyendikani dhawuh Dalem.
• Nalika sumerep ulam ingkang kajala, Simon Pétrus priksa
bilih Gusti Yésus punika sanès tiyang salimrahipun. Si-
mon Pétrus lajeng sujud konjem nyuwun supados Gus-
ti Yésus nebih. Simon Pétrus ngrumaosi dados tiyang
dosa lan boten pantes karawuhan Gusti. Ing prastawa
punika, Simon Pétrus sansaya mangertosi jati dhirinipun:
tiyang ingkang sèkèng lan kebak ing dosa. Nanging ka-
rana pangertosan punika, Simon Pétrus nampi timbalan
Dalem ndhèrèk Gusti Yésus saha dados tukang misaya
manungsa. Timbalan ingkang dipun tampi déning Simon
Pétrus njalari piyambakipun sansaya ngraosaken bilih ge-
sangipun sawetahipun ing pangreksa Dalem Gusti. Mila,
gesang sawetahipun kaunjukaken konjuk Gusti. Simon
Pétrus nilaraken sadaya gegadhahipun saha lajeng dados
murid Dalem.
• Awakipun piyambak saged sinau saking pribadinipun Si-
mon Pétrus bab iman kapitayanipun dhateng Gusti. Ing
ngarsa Dalem Gusti, Simon Pétrus nglenggana dhateng
sadaya dosanipun saha karsa nampi timbalan Dalem.
Éstunipun, Gusti sampun rawuh nimbali awakipun pi-
yambak, saha paring ayahan supados martosaken katres-
nan Dalem. Nglenggana dhateng kawontenan ingkang ke-
bak dosa saha pangreksa Dalem, dados dhasaring awak-
ipun piyambak nampi timbalan Dalem kanthi tulus lan
semangat. Awakipun piyambak munjuk sembah nuwun
amargi sanadyan boten pantes ing ngarsa Dalem nanging
dipun keparengaken dados utusan Dalem martosaken ka-
tresnan lan kasaénan Dalem Gusti.
MARTOSAKEN KABAR KABINGAHAN ING SATENGAHING
35
LUNTURING KAPITAYAN SAHA JATI DHIRI

Pambuka
Kidung Pambuka
Kidung Pambuka saking Kidung Adi no. 264 utawi pangarsaning pepanggihan
nyawisaken kidung pambuka ingkang laras kaliyan kawontenan

Tandha Salib lan Salam


P Konjuk ing Asma Dalem Hyang Rama saha Hyang Putra
tuwin Hyang Roh Suci.
U Amin
P Mugi Gusti tansah manunggila
U Kaliyan kula sadaya.

Atur Cecala
(Pangarsaning pepanggihan maosaken sarining pepanggihan ingkang kamot
ing nginggil. Sasampunipun punika, pangarsaning pepanggihan ngaturaken
cecala ing ngandhap punika supados umat mangertosi tujuaning pepanggi-
han)

Bapak, ibu, lan para sadhèrèk ingkang tinresnan ing Gusti,


sugeng (siang, sonten, dalu). Berkah Dalem. Mangga sami
muji sokur konjuk ing Gusti, krana sih nugraha Dalem saged
ndhèrèk pepanggihan punika. Kados ingkang kalampah
minggu kapengker, awakipun piyambak sampun nglelimbang
kekeran bab Gusti Yésus, Putraning Manungsa ingkang
jumeneng Sang Nata, lenggah ing Kratoning swarga.
Bapak, ibu lan para sadhèrèk, ing pepanggihan kaping tiga
punika, awakipun piyambak badhé nglelimbang bab dhiri
pri-badi ingkang kebak ing dosa nanging nampi ayahan
martosaken kabingahan Dalem. Pethikan saking St. Lukas
5:1-11 dados pancadan kanggé langkung mengertosi pribadi
36 Wulan Kitab Suci Nasional 2020 - Dewasa Jawa

Dalem Gusti Yésus dan kados pundi kawontenan gesangipun


piyambak-piyambak. Mangga sami mbikak manah lan budi
supados saged mirengaken Sabda-sabda Dalem.

Sembahyang Pambuka
P Suwawi sami munjuk.
Dhuh Allah ingkang Mahaasih, kawula munjuk sembah
sewu nuwun awit kepareng ngraosaken pangreksa saha
sih pitulungan Dalem ing gesang kawula saben dinten-
ipun. Kawula ugi munjuk sembah nuwun awit manah
kawula sampun katuntun saéngga saged manunggilaken
kekajengan saha iman kapitayan kawula kaliyan para
sadhèrèk kawula (salingkungan, sakomunitas) ing papan
punika. Kawula kepèngin mirengaken saha nglelimbang
Sabda Dalem. Mugi wontena dhanganing penggalih ng-
utus Hyang Roh Suci nuntun kawula amrih saged ma-
ngertosi saha nindakaken dhawuh Dalem ingkang sinerat
ing Kitab Suci. Lantaran Sri Yésus Kristus, Putra Dalem,
Pangéran kawula, ingkang kaliyan Gusti manunggil ing
Hyang Roh Suci, gesang tuwin mengku keprabon ing
salami-laminipun.
U Amin.

Nglelimbang Sabda Dalem


Maos Sabda Dalem
Pangarsaning pepanggihan nyuwun utawi milih sawetawis umat ingkang
rawuh kanggé maosaken Sabda Dalem ing ngandhap. Saben ayat dipun waos
gentosan, swantenipun sora, saha las-lasan. Déné umat sanésipun kasuwun
mirengaken kanthi saéstu utawi ingkang ngasto Awakipun piyambakb Suci
saged maos wonten ing batos.
MARTOSAKEN KABAR KABINGAHAN ING SATENGAHING
37
LUNTURING KAPITAYAN SAHA JATI DHIRI

GUSTI NIMBALI MURID PAPAT


SING SEPISANAN (Lukas 5:1-11)
1
Dhèk semana Gusti lagi jumeneng ana ing pinggir
tla-ga Génésarèt, wong-wong padha ngangseg nyedhak
arep ngrungu sabdaning Allah. 2Gusti pirsa prau loro
mèpèt ana ing pinggir tlaga; kang amèk iwak wis padha
mudhun lan lagi ngumbah jala. 3Gusti minggah ing salah
sawijining prau mau, duwèké Simon, banjut mundhut
supaya diedoh-aké saka ing pinggir sethithik. Karo lenggah
Gusti mucal wong akèh mau ana ing prau. 4Bareng Gusti
wus telas pangandikané, banjur dhawuh marang Simon:
Coba nengaha, lan jalamu kapyukna, golèk iwak. 5Simon
mangsuli: Kyai Guru, sampun kula labeti ngrekaos sedalu
muput, boten angsal punapa-punapa. Nanging margi Gusti
ingkang dhawuh, jala badhé kula kapyukaken. 6Lan bareng
mengkono, jebul olèh iwak akèhé ora karuwan, gèk jalané
be-dhah. 7Kancané, kang ana ing prau sijiné, nuli disasmitani
dikon nyedhak, mitulungi. Nuli banjur padha mara lan prau
loro diisèni nganti kaya arep kèrem-kèrema. 8Sumurup sing
mengkono mau, Simon Pétrus ngrungkepi jengku Dalem
Gusti Yésus sarta matur: Kula aturi nebih kaliyan kula,
Gusti, awit kula punika tiyang dosa. 9Rasané dhéwé lan uga
kanca-kancané kang padha mèlu ngalami olèh-olèhané jala
iku mau: sumlengeren. 10Semono uga Yakobus lan Yoanes,
anaké Zébédhéus, kang padha ngréwangi Simon. Gusti
Yésus banjur ngendika marang Simon: “Wis aja wedi,
wiwit samengko kowé bakal amèk ong”. 11Prau banjur
dientasaké, lan ninggal sakabèhé, kabèh nuli padha ndhèrèk
Panjenengané.

Necep Sabda
Menawi karaos saé saha mingunani tumrap ingkang rawuh, Sabda Dalem
saged dipun waos malih. Sadéréngipun dipun waos malih, pangarsaning
pepanggihan maosaken pitakènan-pitakènan ing ngandhap. Sasampunipun
punika, saraséhan kawiwitan. Menawi miturut wawasanipun pangarsaning
38 Wulan Kitab Suci Nasional 2020 - Dewasa Jawa

pepanggihan umat badhé dipun damel kelompok-kelompok, kasumanggaka-


ken.

1. Ing pundi kelampahanipun Simon Pétrus nampi ayahan?


(ay. 1)
2. Sasampunipun mucal, punapa dhawuhipun Gusti Yésus
dhateng Simon Petrus? Kados pundi tanggapanipun Si-
mon Pétrus dhateng dhawuh Dalem Gusti? (ay. 4)
3. Punapa ingkang kelampahan nalika Simon Pétrus
nindakaken dhawuhipun Gusti Yésus ngapyukaken
jalanipun?
4. Sareng mangertos jalanipun kebak ing ulam, punapa ing-
kang dipun tindakaken Simon Pétrus? (ay. 8)
5. Punapa ingkang dipun ngendikaken Gusti Yésus nalika
mireng aturipun Simon Pétrus? (ay. 10)

Neges Sabda
Pangarsaning pepanggihan caos sawetawis katrangan menggahing waosan
ingkang dipun lelimbang. Menawi dipun penggalih migunani, pangarsaning
pepanggihan saged nambahi katrangan ingkang kapundhut saking Gagasan
Pendukung.

1. Gusti Yésus paring piwucal dhateng tiyang kathah ing


tlaga Gènèsarét, ing tlatah Galiléa. Tiyang-tiyang sami
kepèngin mirengaken piwucal Dalem Gusti malah sami
kepèngin nyaketi Gusti. Tiyang-tiyang wau sami suk-suk-
an ngangseg ngantos Gusti boten saged lenggah kanthi
sekèca. Mila Gusti Yésus minggah ing prau lajeng memu-
cal saking prau.
2. Sasampunipun mucal, Gusti Yésus nyuwun dhateng Si-
mon Pétrus supados praunipun dipun giring ing tengah-
ing tlaga. Gusti Yésus nyuwun dhateng Simon Pétrus su-
pados ngapyukaken jalanipun, pados ulam. Kanggénipun
MARTOSAKEN KABAR KABINGAHAN ING SATENGAHING
39
LUNTURING KAPITAYAN SAHA JATI DHIRI

Simon Pétrus, dhawuh Dalem punika mokal kelampah.


Simon Pétrus sampun apal papan-papan ingkang wonten
ulamipun. Kejawi punika, sampun sedalu natas pados
ulam, boten angsal satunggal-satunggala. Gegambara-
nipun, ing wanci dalu kèmawon boten pikantuk ulam,
punapa malih ing wanci siyang. Saged kèmawon ing ba-
tosipun Simon Pétrus boten nyarujuki. Nanging amargi
mundhi dhawuh Dalem Gusti, Simon Pétrus nindakaken
dhawuhipun.
3. Éstu, Simon Pétrus lan kanca-kancanipun mbekta prau-
nipun dumugi tengahing tlaga saha lajeng ngapyukaken
jalanipun. Lajeng punapa ingkang kalampah? Dalem
Gusti Yésus yasa pangèram-èram. Pranyata, ulamipun
kathah sanget ngantos jalanipun bedhah. Simon Pétrus
lajeng ngundang prau sanèsipun supados mbiyantu saha
kaisi ulamipun. Simon Pétrus sakanca-kancanipun sami
ngungun priksa ulam ingkang kathah sanget punika:
déréng naté kapireng wartosipun bilih pados ulam ing
tlaga ing wanci siyang, asilipun kathah sanget, karana
dhawuh Dalem Gusti, Sang Guru
4. Sasampunipun dumugi ing dharatan, Simon Pétrus
nyaketi Gusti, sujud konjem sarwi munjuk, “Gusti, kula
aturi nebih kaliyan kula, Gusti, awit kula punika tiyang
dosa.” Nalikanipun badhé njala, Simon Pétrus munjuk
dhateng Gusti Yésus kanthi sebatan “guru”. Nanging
sasampunipun ngawuningani pangèram-èram Dalem
awujud ulam kathah, Simon Pétrus boten nyebat Gusti
Yésus kanthi sebatan “Gusti”. Pangèram-èram Dalem
Gusti nedahaken sinten to pribadi ingkang dipun adhepi
déning Simon Pétrus. Simon Pétrus rumaos boten pantes
celak kaliyan Gusti amargi kebak ing dosa.
40 Wulan Kitab Suci Nasional 2020 - Dewasa Jawa

5. Mireng unjuk aturipun Simon Pétrus, Gusti Yésus paring


pangandika, “Wis aja wedi, wiwit samengko kowé bakal
amèk wong.” Gusti Yésus ngersakaken Simon Pétrus su-
pados boten ajrih awit Gusti Allah sampun medharaken
kasunyatan Dalem ing pribadi Dalem Gusti Yésus. We-
dharan kamulyan Dalem punika boten kanggé damel raos
ajrih nanging dados ajakan ndhèrèk martosaken kabar
kabingahan sarana dados tukang misaya manungsa. Tu-
kang misaya manungsa punika mujudaken gegambaran
ayahan ingkang badhé dipun tampi déning Simon Pétrus,
inggih punika madosi saha ngajak tiyang dados murid
Dalem Gusti Yésus. Ayahan punika nampi kapenuhani-
pun sasampunipun Gusti mèkrad dhateng swarga. Para
murid Dalem lajeng sami martosaken pakaryan kawilu-
jengan Dalem Gusti dhateng tiyang-tiyang Yahudi tuwin
sanésipun. Ayahan martosaken kawilujengan Dalem
punika katindakaken dumugi pundi-pundi papan. Sada-
ngunipun tigang tahun, para murid gesang sesarengan
kaliyan Gusti Yésus, mengertosi langkung caket lan lebet
sinten Gusti Yésus punika, saha mangertosi karsa Dalem
Hyang Rama ing swarga.

Ngemban Sabda
Pangarsaning pepanggihan ngaturaken bundhelaning panglimbang :

• Pangèram-èram Dalem ingkang kalampah ing tlaga Gè-


nèsarét nalikanipun Simon Pétrus pikantuk ulam kathah,
nedahaken bilih Gusti Yésus punika Gusti ingkang Ma-
hakuwaos. Gusti kagungan panguwaos “dhawuh” lan
sadhèngah titah mituhu dhateng dhawuh Dalem. Sana-
dyan agung panguwaosipun, Gusti Allah karsa ngrawuhi,
ngreksa, saha paring margi dhateng awakipun piyambak.
MARTOSAKEN KABAR KABINGAHAN ING SATENGAHING
41
LUNTURING KAPITAYAN SAHA JATI DHIRI

Panjenenganipun ingkang awakipun piyambak andel lan


pitadosi.
• Simon Pétrus nglenggana bilih gesangipun kebak ing
dosa. Mila nalika sujud ing ngarsa Dalem, Simon Pétrus
munjuk, “kula aturi nebih kaliyan kula, Gusti, awit kula
punika tiyang dosa.” Awakipun piyambak ugi saged sinau
saking sikapipun Simon Pétrus: ngrumaosi minangka ti-
yang dosa. Kasunyatanipun, awakipun piyambak malah
kerep dhawah ing dosa. Awakipun piyambak ugi ma-
ngertos bilih boten saged uwal saking dosa tanpa sih pitu-
lungan Dalem Gusti. Mila Simon Pétrus paring tuladha
dhateng awakipun piyambak supados tansah ngglenggana
dhateng dosa saha nyuwun pangapunten.
• Sanadyan kebak dosa, nanging Gusti Yésus boten métang
ageng aliting dosa. Malah kepara, Simon Pétrus nampi
timbalan luhur: ndhèrèk Gusti saha dados tukang misaya
manungsa. Timbalanipun Simon Pétrus inggih punika
martosaken pakaryan kawilujengan Dalem Gusti dhateng
sadaya manungsa. Ingkang dipun timbali martosaken pa-
karyan kawilujengan Dalem Gusti boten namung Simon
Pétrus nanging awakipun piyambak sadaya. Mila awak-
ipun piyambak ugi kedah sumadiya nampi ayahan punika.
Pangarsaning pepanggihan maosaken pitakènanipun lan caos kalodhangan
dhateng umat supados paring wangsulan (dipun watesi sawetawis umat)

1. Kapan tuwin kados pundi para pandhèrèk Dalem Gusti


saged ngraosaken bilih Gusti Allah punika mahakuwaos?
Wonten ing kawontenan punapa kita rumaos tiyang ing-
kang boten pantes tuwin dosa?
2. Punapa ingkang kedahipun dipun tindakaken minangka
tiyang dosa? Kados pundi sikapipun Gusti Allah manggihi
tiyang dosa?
42 Wulan Kitab Suci Nasional 2020 - Dewasa Jawa

Pangarsaning pepanggihan maosaken pitakènanipun lan caos kalodhangan


dhateng umat supados paring wangsulan ingkang sampun dipun larasaken
kaliyan pengalamaning gesang.

1. Punapa tegesipun “dados tukang jala manungsa” ing


jaman samangké punika?
2. Kados pundi awakipun piyambak anggénipun nindakaken
ayahan ingkang dipun paringaken déning Gusti?

Sembahyang Umat
Sasampunipun mirengaken Sabda Dalem, umat kasuwun paring tanggapan
srana nyawisaken sembahyangan. Sembahyangan saged awujud sembah
puji, puji sokur, panyuwunan, lan sanésipun. Menawi wekdal cecawis sem-
bahyangan sampun cekap, pangarsaning pepanggihan miwiti sembahyangan
umat. Sembahyangan saged dipun aturaken sacara spontan utawi dipun waos.
Menawi wekdalipun longgar, sadaya umat dipun caosi kalodhangan kanggé
ngunjukaken sembahyangan. Menawi sampun rampung, sembahyangan
umat katutup mawi sembahyang Rama Kawula
MARTOSAKEN KABAR KABINGAHAN ING SATENGAHING
43
LUNTURING KAPITAYAN SAHA JATI DHIRI

Panutup
Sembahyang Panutup
Pangarsaning pepanggihan manunggilaken manahipun umat ing sembahyang
panutup kanthi panyuwunan supados saged nindakaken karsa Dalem kanthi
saéstu.

P Suwawi sami munjuk.


Dhuh Allah ingkang Mahatresna, kawula munjuk
sembah séwu nuwun awit sampun kepareng mirengaken
saha necep Sabda Dalem. Mugi wontena dhanganing
penggalih ngutus Hyang Roh Suci saperlu nuntun ka-
wula ngambah margining leres saha langkung wantun
masrahaken jiwa raga kawula kanggé mekaring Kraton
Dalem. Mugi paringa pepadhang supados kawula lang-
kung mangertosi sadaya dosa kawula. Mugi kersaa ugi
kawula supados iman kapitadosan kawula sansaya min-
dhak-mindhak sampurna. Lantaran Sri Yésus Kristus,
Putra Dalem, Pangéran kawula, ingkang kaliyan Gusti
manunggil ing Hyang Roh Suci, gesang tuwin mengku
keprabon ing salami-laminipun.
U Amin.

Tandha Salib
P Konjuk ing Asma Dalem Hyang Rama saha Hyang Putra,
tuwin Hyang Roh Suci
U Amin

Lagu Penutup
Kidung Panutup saking Kidung Adi no. 388 utawi pangarsaning pepanggihan
nyawisaken kidung panutup ingkang selaras kaliyan kawontenan.
MARTOSAKEN KABAR KABINGAHAN ING SATENGAHING
45
LUNTURING KAPITAYAN SAHA JATI DHIRI

4
Ngraos Bombong
dados Tiyang Katulik
(Kisah Para Rasul 2:37-47)
Tujuaning Pepanggihan :
Sasampunipun pepanggihan, umat saged :
1. Mangertosi wontenipun kawontenan lunturing semangat
ngayati gesanging iman kapitayan.
2. Ngraosaken dayaning paguyuban.

Wekdalipun Pepanggihan : 90 Menit

Sarining Panglimbang :
• Para Rasul sami nindakaken ayahipun martosaken pakar-
yan kawilujengan Dalem Gusti Yésus dhateng tiyang-
tiyang Yahudi ing Yérusalèm. Sawetawis tiyang Yahudi
nampi pawartosipun para rasul lajeng nyuwun dipun bap-
tis. Para tiyang wau sami manunggil sabudi saéngga nu-
wuhaken Pasamuan Suci. Ing samangké paguyuban puni-
ka ngrembaka dumugi saindhenging jagat.
• Pasamuan Suci utawi umating Allah mujudaken panung-
galaning para murid Dalem Gusti ingkang gesangipun
adhedhasar para rasul. Mila, Pasamuan Suci mujudaken
panunggalanipun tiyang-tiyang ingkang pitados dhateng
Gusti Yésus Kristus, kanthi iklas manunggil sabudi saha
sesarengan ngayati minangka murid Dalem Gusti. Krana
Sakramen Baptis, awakipun piyambak dipun tunggilaken
kaliyan Sang Kristus saha kalebetaken ing warganing Pa-
samuan Suci. Kanthi mekaten, awakipun piyambak ngra-
46 Wulan Kitab Suci Nasional 2020 - Dewasa Jawa

suk jatining diri minangka pendherek Dalem Gusti saha


warganing Pasamuan Suci.
• Waosan ingkang badhe dipun lelimbang nggambaraken
kados pundi gesanging pasamuan suci sepisanan. Pasa-
muan Suci ingkang kabangun adhedhasar piwulangipun
para rasul ngetingalaken cara gesang ingkang mirunggan:
bènten kaliyan masarakat umumipun. Cara gesangipun
Pasamuan Suci kawitan ngetingalaken sipat-sipat ingkang
mirunggan, inggih punika.
a. Mempeng ndhèrèk piwulangipun para Rasul: Pasa-
muan Suci tansah mirengaken warisan pangandika
Dalem Gusti Yésus lumantar piwucalipun para ra-
sul. Pangajabipun inggih punika supados iman kapi-
tayanipun sansaya dipun teguhaken.
b. Manunggil ing gesang ingkang rukun ing pasamuan.
Tiyang-tiyang ingkang pitados dhateng Sang Kristus
manunggil sabudi ing pasamuan saha sugengipun
tansah tresna-tinresnan.
c. Tansah ndhèrèk bojana lan nindakaken sembahyang-
an kanggé mèngeti kekeran pakaryan kawilujengan
Dalem Gusti srana nuntasaken sugengipun ing kayu
salib
d. Nggatosaken sesaminipun. Warganing Pasamuan
Suci sami ngrilakaken barang-barang gegadhahipun
kanggé mbiyantu sesami ingkang mbetahaken. Ba-
rang-barang gegadhahipun dipun unjukaken kanggé
karaharjaning sesami.
e. Kebak ing kabingahan. Warganing Pasamuan Suci
tansah ngraosaken kabingahan awit sampun ke-
pareng nampi kabar kabingahan Dalem Sang Kris-
tus. Gesangipun sampun dipun tebus. Mila, puji
MARTOSAKEN KABAR KABINGAHAN ING SATENGAHING
47
LUNTURING KAPITAYAN SAHA JATI DHIRI

sokur saha atur panuwun ingkang tansah dipun un-


jukaken kagem Gusti.
• Menawi saged nuladha punapa ingkang dipun tindakaken
déning Pasamuan Suci sepisanan, awakipun piyambak
badhé ngraos bombong minangka tiyang katulik. Awak-
ipun piyambak kepareng tepang raket kaliyan Gusti Yésus
ingkang kuwaos menggahing pejah gesanging manungsa
saha suwarga-donya. Menawi tepang kanthi lebet dhateng
pribadi Dalem Gusti, temtu lajeng mangertos sinten to
awakipun piyambak punika. Awakipun piyambak sam-
pun mratèlakaken dhiri dados murid-murid Dalem Gusti.
Kapitadosan dhateng Gusti punika ingkang paring daya
kekiyatan kanggé ndhèrèk martosaken kabar kabingahan
Dalem Gusti

Pambuka
Kidung Pambuka
Kidung Pambuka saking Kidung Adi no. 200 utawi pangarsaning pepanggihan
nyawisaken kidung pambuka ingkang laras kaliyan kawontenan

Tandha Salib lan Salam


P Konjuk ing Asma Dalem Hyang Rama saha Hyang Putra
tuwin Hyang Roh Suci.
U Amin
P Mugi Gusti tansah manunggila
U Kaliyan kula sadaya.
48 Wulan Kitab Suci Nasional 2020 - Dewasa Jawa

Atur Cecala
(Pangarsaning pepanggihan maosaken sarining pepanggihan ingkang kamot
ing nginggil. Sasampunipun punika, pangarsaning pepanggihan ngaturaken
cecala ing ngandhap punika supados umat mangertosi tujuaning pepanggi-
han).

Bapak, Ibu, lan para sadhèrèk ingkang kinasih ing Gusti, su-
geng… (siyang, sonten, dalu). Berkah Dalem. Mangga sami
munjuk sembah nuwun ing ngarsa Dalem Gusti awit sampun
maringaken wekdal mirunggan ing Wulan Kitab Suci punika.
Awakipun piyambak sampun ngraosaken pangreksa Dalem
Gusti, kacetha, sampun nglampahi sesarengan sekawan pe-
panggihan. Sawetawis ngémut-émut tigang pepanggihan ing-
kang sampun kalampah. Sepisan, awakipun piyambak pita-
dos bilih Gusti Allah punika mahatresna. Kalih, awakipun
piyambak sampun mratèlaken dhiri dados pandhèrèk Dalem
Gusti Yésus, inggih Putraning Manungsa ingkang lenggah
ing Kratoning swarga. Tiga, awakipun piyambak ugi ngraos-
aken minangka tiyang dosa nanging kepareng nampi timba-
lan kanggé martosaken katresnan Dalem Gusti.
Ing dinten punika, awakipun piyambak badhé nglelimbang
jati dhiri minangka warganing Pasamuan Suci ingkang da-
dos papanipun Gusti Allah ngetingalaken sih katresnan
Dlem. Awakipun piyambak badhé sinau babagan, “Raos
Bombong Dados Tiyang Katulik.” Ing gesanging Pasamuan
Suci Katulik, awakipun piyambak ngraosaken sampun dipun
teguhaken saha nampi kekiyatan kanggé nggegesang iman
kapitayan. Mila, mangga sami nyawisaken manah lan budi
supados pantes mirengaken saha necep Sabda Dalem.

Sembahyang Pambuka
P Suwawi sami munjuk.
Gusti Allah ingkang Mahaasih, kawula munjuk sembah
MARTOSAKEN KABAR KABINGAHAN ING SATENGAHING
49
LUNTURING KAPITAYAN SAHA JATI DHIRI

nuwun karana katresnan Dalem ingkang rumentah lubèr-


lubèr, langkung-langkung katresnan Dalem ingkang ru-
mentah ing Pasamuan Suci. Mugi wontena dhanganing
penggalih ngutus Hyang Roh Suci madhangi tuwin
nuntun manah kawula supados saged mirengaken Sabda
Dalem kanthi tumemen. Mugi karana dayaning Hyang
Roh Suci wau, kawula saged mekaraken Pasamuan Dalem
dados papan ingkang saé kanggé tuwuh suburipun iman
kapitayan. Lantaran Sri Yésus Kristus, Putra Dalem,
Pangéran kawula, ingkang kaliyan Gusti manunggil ing
Hyang Roh Suci, gesang tuwin mengku keprabon ing
salami-laminipun.
U Amin.

Nglelimbang Sabda Dalem


Maos Sabda Dalem
Pangarsaning pepanggihan saged nyuwun utawi milih sawetawis umat
ingkang rawuh kanggé maosaken Sabda Dalem ing ngandhap. Saben ayat
dipun waos gantosan, sora, saha las-lasan. Déné umat sanésipun mirengaken
kanthi saéstu utawi ingkang ngasto Awakipun piyambakb Suci saged maos
wonten ing batos.

PASAMUAN SUCI KANG SEPISANAN


(Lamp. 2:37-47)
37
Ngrungu iku mau, wong-wong padha kepranan ati-
né, lan celathu marang Pétrus lan para rasul liyané: “Aku
iki dikon kepriyé, para sedulur?” 38Déné Pétrus mangsuli
wong-wong mau: “Padha martobata, lan kowé siji-sijimu
kudu nyuwun baptis atas asma Dalem Sri Yésus Kristus
minangka pangapuraning dosamu, lan kowé bakal padha
nampa peparing Dalem Hyang Roh Suci. 39Awit prejanji
50 Wulan Kitab Suci Nasional 2020 - Dewasa Jawa

Dalem mau tumimbalé marang kowé, marang anak-anak-


mu lan marang kabèh kang isih padha adoh, kang bakal
ditimbali déning Allah Pangéranku.” 40Lan isih akèh ma-
nèh tembungé liya-liya (minangka) paseksèn lan pitutur, ce-
lathuné: “Golèka rahayu, methal saka bangsa kang duraka
iki”.
41
Wong sing nampa sesorahé, padha dibaptis dan ing dina
iku uga tambah jiwa kira-kira telung-èwu. 42Kabèh padha
mantep, mempeng anggoné ndhèrèk piwulangé para Rasul,
manunggal urip sarukun, tetep anggoné padha ndhèrèk bo-
jana lan nindakaké sembahyangan.
43
Wong-wong padha ngrasa éring, jer akèh tandha pa-
ngéram-éram kinarya déning para Rasul. 44Kabèh kang
ngandel padha sayuk rukun lan kabèh darbèké umum;
45
lumrah wong padha ngedoli darbèké lan olèh-olèhané
diedum warata, manut kabutuhané siji-sijiné. 46Saben dina
tunggal sabudi padha sowan menyang pedaleman, lan ngri-
yayakaké bojana ana ing omah genti-genti, kembul dhahar
kanthi bungah lan prasajaning ati, 47memuji Allah, padha
sinihan déning wong sabangsa. Lan saben dina Gusti ma-
ringi tambah marang cacahing wong, kang nemu rahayu.

Necep Sabda
Menawi karaos saé saha mingunani tumrap ingkang rawuh, Sabda Dalem
saged dipun waos malih. Sadéréngipun dipun waos malih, pangarsaning
pepanggihan maosaken pitakènan-pitakènan ing ngandhap. Sasampunipun
punika, saraséhan kawiwitan. Menawi miturut wawasanipun pangarsaning
pepanggihan umat badhé dipun damel kelompok-kelompok, kasumanggaka-
ken.

1. Punapa ingkang dipun andharaken St. Pétrus nalika ti-


yang kathah sami nyuwun pirsa, “Aku iki dikon kepriyé,
para sedulur”? (ay. 38-39)
2. Kados pundi caranipun umat sepisanan anggénipun ge-
sang? (ay. 42)
MARTOSAKEN KABAR KABINGAHAN ING SATENGAHING
51
LUNTURING KAPITAYAN SAHA JATI DHIRI

3. Punapa ingkang kelampahan nalika Simon Pétrus nindak-


aken dhawuhipun Gusti Yésus ngapyukaken jalanipun?
4. Pranyata caranipun gesang sesarengan umat sepisanan
ing Yérusalèm sinihan déning tiyang sabangsa. Punapa
ingkang dipun paringaken déning Gusti Allah dhateng
umat? (ay. 47)

Neges Sabda
Pangarsaning pepanggihan caos sawetawis katrangan menggahing waosan
ingkang dipun lelimbang. Menawi dipun penggalih prelu saha migunani,
pangarsaning pepanggihan saged nambahi katrangan ingkang kapundhut
saking Gagasan Pendukung.

1. Tiyang-tiyang sowan St. Pétrus amargi kasengsem déning


pakaryaning Hyang Roh Suci ingkang kawedhar lumantar
astanipun para rasul saha sesorahipun St. Pétrus bab
pakaryan agung Gusti Allah ing pribadi Dalem Sang
Kristus. Raos kesengsem punika nuwuhaken krenteg ing
manahipun para tiyang wau. Mila, lajeng sami nyuwun
pirsa. St. Pétrus paring wangsulan, “Padha martobata....
goleka rahayu.” St. Pétrus ngajak supados martobat awit
mila tingkah langkahipun awon ngantos nyèdani Gusti
Yésus. Pakaryan panebusan Dalem namung saged dipun
tampi saha dipun raosaken menawi purun nyingkur
tumindak awon. St. Pétrus paring kalodhangan supados
para tiyang wau sami purun martobat.
2. Pasamuan Suci sepisanan sami sayuk rukun, nunggal
sabudi, saha mituhu dhateng pangandikanipun para
rasul. Para rasul memulang saha nenuntun tiyang ingkang
nembé kèmawon pitados dhateng Sang Kristus utawi
kasebat warganing Pasamuan ingkang énggal. Para rasul
mucalaken ingkang sinerat ing Kitab Suci, lajeng dipun
52 Wulan Kitab Suci Nasional 2020 - Dewasa Jawa

gandhèngaken kaliyan sugengipun Gusti Yésus Kristus.


Para tiyang wau sampun mangertos bab isinipun Kitab
Suci. Mila ingkang dipun wartosaken déning para rasul
inggih punika Sang Kristus ingkang dados kapenuhanipun
wewecan ing Kitab Suci. Kejawi punika, Pasamuan Suci
sepisanan ugi mbudidaya “tunggal sabudi padha sowan
menyang pedaleman, lan ngriyayakaké bojana ana ing
omah genti-genti”. “Ngriyayakaken bojana” punika saget
kanggé nggambaraken Bojana Ékaristi ing samangké.
Lajeng ingkang kasebat “sembahyang” inggih punika sem-
bahyang sesarengan ingkang dipun pimpin déning para
rasul. Manunggaling manah lan budinipun pasamuan
Suci sepisanan katingal ing caranipun ngginakaken
barang gegadhahanipun piyambak-piyambak. Pasamuan
Suci sepisanan nggadhahi semangat, “kabèh darbèké
umum; lumrah wong padha ngedoli darbèké lan olèh-
olèhané diedum warata, manut kabutuhané siji-sijiné.”
Namung semangat gesang kados mekaten punika boten
saged dipun anggep “sistem komunis”. Semangat ingkang
dipun gegesang ing umat sepisanan inggih punika bilih
barang kagunganipun pribadi dipun pasrahaken kanthi
rilaning penggalih mekaripun pasamuan. Tegesipun,
ingkang dipun pikiraken boten namung kacekapaning
kabetahan pribadi nanging ugi kabetahaning sesami.
Wonten lelampahing para rasul dipun andharaken bilih
para randa lan miskin dipun gatosaken saéstu.
3. Pasamuan suci ingkang gesangipun tresna-tinresnan pra-
nyata damel tiyang kathah remen lan urmat. Patuladhan-
ing gesang tresna-tinresnan nuwuhaken raos kepèngin
manunggal dados warganing pasamuan suci. Mila, cacah-
ipun warganing pasamuan sansaya mindhak-mindhak
MARTOSAKEN KABAR KABINGAHAN ING SATENGAHING
53
LUNTURING KAPITAYAN SAHA JATI DHIRI

kathah. Indhaking warga dipun raosaken déning umat


sepisanan minangka pakaryan agung déning Gusti Al-
lah, boten amargi mligi pambudidayaning umat. Gusti
makarya ing tengah-tengahing umat ingkang mawujud
kanthi indhaking umat. Mila, pranyata bilih gesang sa-
yuk rukun saha tresna tinresnan dados sarana martosaken
iman kapitayan awakipun piyambak dhateng Sang Kris-
tus. Mila boten cekap menawi martosaken Sang Kristus
namung ing lathi. Martosaken Sang Kristus kedahipun
dumugi ing pakaryan saha tindak tanduk ingkang saé ing
saben dintenipun

Ngemban Sabda
Pangarsaning pepanggihan ngaturaken bundhelaning panglimbang :

• Nampi sakramén Baptis mujudaken pratandha yekti pita-


dos dhateng Gusti Allah ing Sang Kristus. Awakipun pi-
yambak pitados dhateng Gusti Allah ingkang Mahatresna
lan ndhèrèk Sang Kristus ingkang ngratoni Kratoning
swarga. Kanthi baptis, awakipun piyambak manunggil
ing Pasamuan Suci Katulik, inggih panunggalaning ti-
yang-tiyang ingkang pitados dhateng Sang Kristus. Mila,
sampun samesthinipun, awakipun piyambak nggadhahi
raos bombong awit kepareng pitados dhateng Gusti Al-
lah ingkang Mahaasih lumantar pribadi Dalem Gusti
Yésus Kristus. Awakipun piyambak ugi bombong amar-
gi kepareng manunggil ing Pasamuan Katulik ingkang
suci, kados ingkang kaserat ing Sembahyangan Kawula
Pitados. Kapitadosan dhateng Sang Kristus saha jejeripun
awakipun piyambak minangka warganing Pasamuan Suci
punika dados jati dhirining gesang kita.
54 Wulan Kitab Suci Nasional 2020 - Dewasa Jawa

• Awakipun piyambak pitados dhateng Sang Kristus saha


dados warganing Pasamuan Suci. Kasunyatan punika
dados sumbering pakaryan saha gesang minangka pan-
dhèrèk Dalem Gusti. Awakipun piyambak saged sinau
dhateng gesanging umat sepisanan, inggih punika: 1),
taberi sinau menggahing piwulanging para rasul ingkang
kaserat ing Kitab Suci. 2), manunggil ing Pasamuan Suci
srana ngegesang semangat tresna-tinresnan. 3), sregep
sembahyang saha ndhèrèk bojana Ékaristi. 4), Nggatos-
aken sesami, lan boten namung ngunggulaken kebetaha-
nipun piyambak. 5) tansah mbudidaya gesang ingkang
kebak ing suka gambira. Suka gambira mujudaken tandha
bilih sampun ngraosaken pakaryan kawilujengan Dalem
Gusti saha atur panuwun krana kasaénan Dalem Gusti
ingkang sampun katampi.

Pangarsaning pepanggihan maosaken pitakènanipun lan caos kalodhangan


dhateng umat supados paring wangsulan (dipun watesi sawetawis umat)

1. Punapa wonten conto tindak tanduk ingkang saged


nggambaraken tiyang katulik ingkang alit manah dhateng
iman kapitayan tuwin jati dhirinipun
2. Bab punapa ingkang saged nuwuhaken raos bombong
dados warganing Pasamuan Suci?
3. Kados pundi caranipun ngetingalaken raos bombong
minangka warganing Pasamuan Suci?
Pangarsaning pepanggihan maosaken pitakènanipun lan caos kalodhangan
dhateng umat supados paring wangsulan ingkang sampun dipun larasaken
kaliyan pengalamaning gesang.

1. Punapa ingkang saged dipun tindakaken ing lingkungan


utawi komunitas kanggé mujudaken semangat saha cara
sugengipun pasamuan suci sepisanan?
MARTOSAKEN KABAR KABINGAHAN ING SATENGAHING
55
LUNTURING KAPITAYAN SAHA JATI DHIRI

Sembahyang Umat
Sasampunipun mirengaken Sabda Dalem, umat kasuwun paring tanggapan
srana nyawisaken sembahyangan. Sembahyangan saged awujud sembah
puji, puji sokur, panyuwunan, lan sanésipun. Menawi wekdal cecawis sem-
bahyangan sampun cekap, pangarsaning pepanggihan miwiti sembahyangan
umat. Sembahyangan saged dipun aturaken sacara spontan utawi dipun waos.
Menawi wekdalipun longgar, sadaya umat dipun caosi kalodhangan kanggé
ngunjukaken sembahyangan. Menawi sampun rampung, sembahyangan
umat katutup mawi sembahyang Rama Kawula

Panutup
Sembahyang Panutup
Pangarsaning pepanggihan nyawisaken manahipun umat kanggé ngunjuk-
aken sembahyangan panutup kanthi panyuwunan supados saged nindakaken
karsa Dalem kanthi saéstu.

P Suwawi sami munjuk.


Gusti Allah ingkang Mahaasih, kawula munjuk sembah
nuwun awit sampun kepareng mirengaken Sabda Dalem.
Mugi karsaa ngutus Hyang Roh Suci nuntun lampahing
gesang kawula langkung-langkung anggén kawula nu-
ladha sugengipun pasamuan suci sepisanan. Mugi krana
dayaning Hyang Roh Suci wau, kawula saged mbangun
pasedhèrèkan ingkang sejati, lelados, saha bantu binan-
tu dhateng sesami kawula, langkung-langkung ingkang
sanget mbetahaken pitulungan. Lantaran Sri Yésus
Kristus, Putra Dalem, Pangéran kawula, ingkang kali-
yan Gusti manunggil ing Hyang Roh Suci, gesang tuwin
mengku keprabon ing salami-laminipun.
U Amin.
56 Wulan Kitab Suci Nasional 2020 - Dewasa Jawa

Tandha Salib
P Konjuk ing Asma Dalem Hyang Rama saha Hyang Putra,
tuwin Hyang Roh Suci
U Amin

Lagu Penutup
Kidung Panutup saking Kidung Adi no. 355 utawi pangarsaning pepanggihan
nyawisaken kidung panutup ingkang selaras kaliyan kawontenan.

Anda mungkin juga menyukai