Purwakanthi guru sastra yaiku tetembungan sing nuggal sastra (aksara), kayata :
1. Wanita sugih wawasan wasis asung wewarah.
2. Katula-tula katali
3. Sluman, slumun, slamet
Purwakanthi guru basa yaiku tetembungan sing nunggal basa utawa tembung, kayata:
1. Kolik priya, priyagung anjani putra.
2. Witing klapa, kalapa kangmaksih mudha.
3. Kawi sekar, sekar pepundhen Sri Kresna.
Cathetan:
Tuladha purwakanthi kasebut sabenere pethilan saka wangsalan sing genepe mangkene:
1. Kolik priya, priyagung anjani putra, tuhu eman wong anom wedi kangelan.
Kolik priya arane tuhu, priyagung anjani putra iku Raden Anoman.
2. Witing klapa, kalapa kang maksih mudha, salugune mung mardi pikir raharja.
Witing klapa arane glugu; kalapa kang maksih mudha (klapa sing isih enom) arane cengkir.
3. Kawi sekar, sekar pepundhen Sri Kresna, lir puspita warnane kusumeng pura.
Basa kawine sekar yaiku puspita, sekar senjatane Sri Kresna yaiku Wijaya Kusuma.