Anda di halaman 1dari 2

TUGAS BAHASA JAWA

NAMA : Abdu Faiq Mu’afiy

KELAS : X IPA 1

NO : 01

Pengertian Artikel
Artikel yaiku karangan nyata sing jangkep kanthi dawa tinamtu sing digawé kanggo
disebaraké lumantar ariwarti (koran), kalawarti (majalah), buletin, lan sapanunggalane.
Panulisan artikel ndarbèni ancas kanggo ngandharaké gagasan lan fakta sing bisa ngyakinaké,
nggulawentah, lan nyenengake sing maca. Panulis Artikel yaiku pawongan kang nindakaké
pakaryan ngarang sawijining tulisan, nggabungaké sawetara tembung dadi ukara kang wigati
lan kepénak diwaca, saéngga nggawé wong kang maca ngrasakaké lan mangertèni apa kang
sadurungé durung dimangèrteni.

  Struktur Artikel
  Artikel iku nduweni 4 struktur yaiku :

1.  Irah irahan : Irah irahan sajrone bahasa indonesia iku judul ,Irah irahan iku gawe
ngewakilake isi ing sajrone artikel.
2. Pambuka : Pambuka iku tugase gawe mbuka isi artikel. Yen pambuka ora menarik ,
wong kang maca males nerusake macane ing artikel iku mau.
3. Isi : Isi tugase njlentrehno opo kang kape dijelasno. Inti saka artikel iku mau.
4. Panutup : Panutup iku tugase kanggo nutup artikel.

Jenis artikel miturut isi :


1.    Narasi        : nyritakake kedadean kanthi cetha urutan waktune.
2.    Deskripsi    : nggambarake objek kanthi rinci lan detail saengga pembaca kaya isa
ndeleng, ngrungokake, lan ngrasakake dhewe.
3.    Eksposisi    : jlentrehake objek kanthi tujuwan menehi informasi.
4.    Argumentasi : ngungkapake ide, gagasan, utawa pendapat penulis kanthi ana bukti lan
faktane.
5.    Persuasi      : karangan kang tujuwane ngeyakinake lan ngajak pembaca supaya
nglakoni apa sing dikarepake penulis.

Jenis artikel miturut cara nyampekake lan tingkat kesulitan :


Artikel Praktis  petunjuk-petunjuk cara nggawe, mbenakake, lan ngoprasiake
sawijining alat. Artikel jenis iki luwih mentingake keterampilan tinimbang ngembangake
pengetahuan utawa analisis masalah. Tuladha: Cara Ngramut Wajah
Artikel Ringan  artikel iki ngandharake babagan masalah-masalah sing enteng.
Tegese yaiku ora mbutuhna pemahaman sing jeru. Artikel iki biasane ana ing rubrik-
rubrik majalah remaja utawa surat kabar. Jenis artikel sing kaya iki biasane ana ing
stasiun, kampus, utawa rumah sakit. Tuladha: Sukses ing Perguruan Tinggi, Kiat-Kiat
Urip Sehat
Artikel Halaman Opini  sejatine kabeh artikel iku opini, nanging artikel iki panggone
ana ing surat kabar utawa majalah ing panggonan mligi kanggo opini kayata tajuk
rencana, karikatur, pojok, kolom, lan surat pembaca. Artikel iki njlentrehake masalah
kanthi cara akademis saengga penulise kudu wong sing ahli ing bidange. Tuladha: Wong
Tua lan Guru Utama ing Pendidikan
Artikel Analisis Ahli  artikel iki luwih abaot tinimbang artikel opini. Artikel iki kudu
ditulis wong sing ndueni ilmu ing bidange. Artikel iki ditulis nganggo basa ilmiah.
Njlentrehake masalah kang lagi buming ing masyarakat. Artikel iki dimuat ing
panggonan kang mligi ing media cetak. Tuladha: Arah lan Tujuwan Pendidikan ing
Indonesia

Anda mungkin juga menyukai