Anda di halaman 1dari 4

LITURGI IBADAH MINGGU 08 JANUARI 2023

GKJW Sidoarjo – Stola Putih


1. PAMBUKA
Petugas naik ke mimbar kecil dan menyampaikan warta lisan

2. TIMBALAN PANGIBADAH (Jemaat Berdiri)


Para sedherek ingkang kinasih, Majelis GKJW pasamuan Sidoarjo
ngaturaken sugeng enjing lan sugeng mangabekti. Pangibadah ing
wanci menika, Minggu 8 Januari 2023 dipun ladosaken mawi basa
jawi.

Sumangga kita nyawisaken manah lumebet ing pangabekti. Pasamuan


kaaturan jumeneng.
Pasamuan ingkang kinasih, pangibadah ing wanci menika katuntun
kanti tema “Merengkuh Semua Orang”.
Sumangga sami ngerpekaken Kidung Pujian saking:
KPJ. 347 : 1, 2 – “Papan Pangibadah”
1. Papan pangibadah saestu ngangeni
Kawula sami ngabekti, ngraosken nunggil lan Gusti,
Ngluhurken asmanya, mirengken sabdanya.
Reff:
Mareka, marek a kanthi manah tulus memuji,
Nampi berkahing Gusti, mrih saged mbabarken tresna
2. Papan pangibadah, papaning kang adi;
Mangga nggumolongken manah, nyuwun manteping pracaya,
Mrih wantun nekseni sih rahmating Gusti
Kembali ke Reff
3. VOTUM LAN SALAM
4. TEMA PANGIBADAH (Pasamuan kaaturan Pinarak)
Tema Liturgi : “Berkomitmen Terlibat Dalam Karya Kerajaan
Allah”
Tema Khotbah : “Merengkuh Semua Orang”
5. PAMUJI KPJ. 69: 1, 3 – “Allah Maha kwasa Jumeneng Pamarta”
1. Allah Maha kwasa jumeneng Pamarta,
sestu gung tresnanya,angruwat dosa.
Salir tyang pracaya lamun tansah setya
luwar sing antaka, mlebet mring swarga.
Reff:
Sung sembah puja konjuk Sang Rama,
kang paring nugraha tentrem raharja.
Sung sembah bekti konjuk mring Gusti,
Kang sampun nyawisi kamulyan swargi.
3. Gusti Maha agung kang paring pitulung,
Nglipur manah sisah mrih datan semplah.
Njangkung kagungannya, temah tansah begja,
Gesang mursid yekti dumugèng janji.
Kembali ke Reff.
6. PANGAKEN DOSA LAN PAWARTOS SIH RAHMAT
a. Pangaken Dosa
Roma 3: 23 - 24
3:23 Marga kabeh wong wis padha gawe dosa sarta koncataning
kamulyaning Allah,
3:24 lan padha kabenerake kanthi lelahana nawit sakasih-rahmate
lumantar panebuse Sang Kristus Yesus.
(Dedungo………………….Amin)
b. Pawartos Sih Rahmat (Pasamuan Jumeneng)
Kolose 1: 13-14
1:13 Panjenengane wus ngluwari kita saka panguwasaning
pepeteng, kaelih menyang kratone Sang Putra kang kinasih.
1:14 Ana ing Panjenengane anggon kita nduweni tetebusan, yaiku
pangapuraning dosa.

7. KIDUNG KASANGGEMAN
KPJ. 65 : 1, 3 - “Aku Tan Ngreti Mengkoné”
1. Aku tan ngreti mengkoné,
Mung saderma lumaku.
Dudu surya kang dakantu,
Jeriku bakal sirna.
Mengkoné aku tan kwatir,
Wit Gusti wus prasetya.
Lakuku kinanthi Yesus,
Mula tentrem uripku
Reff :
Bab akèh aku tan ngerti, Kang bakal dak alami,
Nging aku yakin sayekti, Tansah kinanthi Gusti.
2. Aku tan ngretimbésuké,
Bisa nandhang sangsara.
ngingkang paring panganglathik
lan ngayomi uripku.
Wektu rumpil pandumanku,
Bisa urubing latu,
Nging Gusti anèng sisihku,
Wah nebus sranarahé.
Kembali Ke Reff
8. PELADOSAN SABDA GUSTI (Pasamuan Kaaturan Pinarak)
a. Pandonga
b. Waosan Kitab Suci
c. Khotbah
d. Wekdal Hening (Instr KPJ 441 "Kita Sami Tinimbalan")
9. SAHADAT KALIH WELAS (Pasamuan Jumeneng)
10. PANDONGA SYAFAAT, DUNGO RAMA KAWULA (KK 143)
(Pasamuan Pinarak)
11. PISUNGSUNG
a. Pengantar Persembahan (Oleh Majelis yang bertugas)
Para sedherek, kita sami kaparingan wekdal kangge nyaosaken
pisungsung kagem kaluhuraning Asmanipun Gusti. Sumangga
kita kempalaken pisungsung kita punika kanthi kita landhesi
mawi suraosing pangandikanipun Gusti saking 2 Korintus 9: 7;
“Saben wong pawewehedi kaya kang dadi rilaning atine, aja
kanthi sedhih utawa marga kapeksa, awit Gusti Allah iku ngasihi
wong kang pawewehe kanthi suka-rila.”
Sumangga kita sami nyaosaken pisungsung kasarengana nggen
kita sami memuji Asmanipun Gusti, mawi KPJ. 171 : 1-4 –
“Mangga Saos Pisungsung”
b. KPJ. 171 : 1-4 – “Mangga Saos Pisungsung”
1. Mangga saos pisungsung mring Allah
Ma agung krana gunging sih rahmat
Kang luber tan kendhat
2. Misungsung kanthi loma cih naning
panuwun, de gesang tansah begja
wit Allah kang nuntun.
3. Bandha, arta pethingan kang katur
Mring Gusti, bludag ing kabingahan
Wit berkah tan sepi.
4. Saos pisung sung kathah cacahnya
Tan timbang, lan gung berkahing Allah
Tan kenging winilang.
c. Pandungo Pisungsung (Pasamuan Jumeneng)
12. PANGUTUSAN
13. KIDUNG PANGUTUSAN
KPJ. 434:1 – “Gusti Mugi Sampun Ngantos”
1. Gusti mugi sampun ngantos, nilar kawula;
Kula tansah ngraosaken berkah Paduka.
Reff:
Gusti, mugi nuntun kawula;
Kula tansah ngraosaken berkah Paduka.
14. BERKAT
15. KIDUNG PANUTUP
KPJ. 459:1 – “Pinujia Allah Sang Rama”
Pinujia Allah Sang Rama wah Sang Putra lan Roh Suci;
purna pangabekti anèng gréja, ngrasuk gesang sabenari.
Reff:
Payo nindakna kang trusing ati
Sabdaning Gusti sung gesang yekti,
Sinar tan déning berkahing Gusti,
Sung sih rahmat mring sesami.
16. PANUTUP

Anda mungkin juga menyukai