Anda di halaman 1dari 10

TATA PANGIBADAH PAMBUKANING PEPENKRIS 2022

“Katresnan punika Toleran”


GKJ Manahan Surakarta
Minggu, 4 September 2022, jam 08.30 WIB
Jl. MT. Haryono No 10 Manahan Surakarta 57139 Telp./Fax. 0271-717645

I. PACAWISAN
a. Wekdal ening/Pandonga Pribadi.
b. Bel 2x: Pandonga pacawisan pangibadah ing konsistori.
c. Pamaosing Pawartos Pasamuwan dening Prd1, saklajengipun
gesangaken lilin.
d. Wekdal ening.

II. TIMBALAN MANGIBADAH (Psw. Jumeneng)


Prd1: Para sadherek ingkang dipun tresnani Gusti, dinten punika
kita sesarengan murwakani Pekan Pendidikan Kristen
(Pepenkris) taun 2022. Pepenkris taun punika kanthi jejer,
”Nggegesang Toleransi Positif”. Selaras kaliyan jejer punika,
ing pangibadah dinten punika kita badhe ngraos-raosaken
piwulanging Kitab suci, bab: ”Katresnan punika Toleran”.
Sumangga kita nyengkuyung lumampahing Pepenkris,
supados pendidikan Kristen dados margining berkah tumrap
tiyang kathah. Para sadherek lan para lare, sumangga kita
nyawisaken manah kanthi lumebet ing wekdal ening. (Prd1
ngaturi wekdal pasamuwan kangge ndedonga sacara pribadi).

Para sadherek ingkang kinasih, Gusti nimbali kita supados


tansah memuji ngluhuraken lan nggunggung-nggunggung
Asmanipun Gusti:

Psw: (Ngidungaken) KPJ 34 : 1,3 “ULUKNA PAMUJI”


1. Ulukna pamuji kanthi trusing ati
he titah, mring Gusti Allah
kang setya lan maha mirah;
wit sira rinoban berkah
1
3. Aturna panggunggung dalasan pisungsung
mring Allah, he para umat;
kang setya paring sih-rahmat,
tan ngetang dosaning jagad.

(Imam, Pengkhotbah lan Pradhata lumebet ing papan pangibadah.


Imam masrahaken Kitab Suci dhateng Pengkhotbah lan ngaturaken
Salam Namaste, tandha paring mandat peladosan dhateng
Pengkhotbah)

III. VOTUM lan SALAM


P : Pitulungan kita punika pinangkanipun saking Gusti Allah
ingkang nitahaken langit lan bumi.
Psw: (Ngidungaken) KPJ 464a “Amin, Amin, Amin”
Amin, amin, amin.

P : Sih-rahmat lan tentrem rahayu saking Allah Sang Rama kita,


lan saking Gusti Yésus Kristus nunggil ing panjenengan
sedaya.
Psw: Ugi nunggil kaliyan panjenengan.

IV. PAMBUKA (Psw. Lenggah)


P : Tumrap Bangsa Indonesia, toleransi boten namung
pemanggih. Nanging punika mujudaken lampah gesang
nyata padintenan. Berkahing toleransi, ngantos dumugi
sapunika masyarakat Indonesia ingkang maneka-warni
kawontenanipun, saged gesang sesarengan kanthi prayogi.
Gereja lan sekolah Kristen mujudaken peranganing
masyarakat.
Kita kedah mujudaken toleransi positif. Inggih punika, kanthi
cara nampi, ngormati kawontenan ingkang beda, sarta
mbudidaya nampi kanthi kebak katresnan. Mugi-mugi tuladha
katresnanipun Gusti Yesus Kristus dados kekiyatan kita kangge
mujudaken toleransi positif.
2
Psw: (Ngidungaken) KPJ 59: 1,2 “PINUJI TANSAH ALLAH MAMIRAH”
1. Pinujia tansah Allah Mamirah,
kang gung tresnanira mring salir titah.
Tyang dosa duraka sinung apura
tinebus sing pati temah basuki.
Refr.: Luhurna, mulyakna
Gusti Sang Pamarta!
Luhurna, mulyakna
Pangruwating dosa.
Pasrah maring Allah
srana pracaya
margining waluya
tentrem raharja.

2. Pinuji slaminya Allah Matresna,


kang ngegungken sabar mring tyang kang nasar,
nuntun mring pitobat srana sih rahmat,
mrih tyang mursid yekti sinung Roh Suci,
Refr.: Luhurna, mulyakna
Gusti Sang Pamarta!
Luhurna, mulyakna
Pangruwating dosa.
Pasrah maring Allah
srana pracaya
margining waluya
tentrem raharja.

V. PENGAKENING DOSA
P : Nalika Gusti nimbali kita supados ngetut wingking tindhakipun
Gusti, mnapa ingkang kita tindhakaken? Menapa kita sampun
dados pribadi ingkang gesang tumrap sesami kanthi mbangun
pasedherekan, karukunan, lan ngrimati ingkang ringkih? Mnapa
kita taksih dredah lan pasulayan, pados sinten ingkang paling
leres, pinunjul lan dipun ormati? Sumangga kita sowan
dhumateng Gusti ing salebeting pandonga? (P mimpin
pandonga pangakening dosa)

3
Psw: (Ngidungaken) KPJ 61: 1,2 “SAESTU KEDUWUNG”
1. Saestu keduwung kula, dene kirang setya.
Kadhawuhan kinen tresna dhateng Allah wah sesami,
nging tan ana bukti. Adhuh Gusti, nyuwun suci.

2. Saestu keduwung kula, de gesang mung nglaha.


Kelu pangwasaning dosa, mung nguja sengseming driya,
lampah tan prayogi. Adhuh Gusti, nyuwun suci.

VI. PAWARTOS SIH RAHMAT (Psw. Jumeneng)


P : Sumangga kita gesang ing saklebeting Sih Rahmatipun Gusti
kanthi ngenget-enget Sabdanipun Gusti ingkang sinerat ing
Wulang Bebasan 2: 6-8, “Awitdene Sang Yehuwah kang
paring kawicaksanan, saka ing lesane miyos kawruh lan
kapinteran. Panjenengane nyawisi pitulungan marang wong
kang jujur, -Panjenengane iku dadi tetamenge para wong
kang lakune tanpa cacad - kambi njagi lakuning kaadilan ,
lan ngreksa lakune para kagungane yaiku wong kang padha
setya.”
Makaten pawartos Sih Rahmat saking Gusti.
Psw: PUJI SOKUR KONJUK GUSTI.

(Pasamuwan sami ngaturaken salam Namaste dhateng sadhèrèk


patunggilan ing sakiwa tengenipun, kanthi ngucap “Tentrem
rahayu kagem panjenengan”)

Psw : (Ngidungaken) KPJ 370: 1,3 “TRESNA MRING SESAMI”


1. Tresna mring sesami kang trus ing manah,
wit salir sesami citreng Allah;
yeku wujudira tresna mring negari,
nglabuhi mring bangsa, mrih lestari.

4
3. Tresna mring sesami tumindak nyata;
mrih tresnaning Gusti tumrah wrata.
Hak asasi manungsa binabar yekti,
adil wah bebener denbelani.

VII. PELADOSANING SABDA (Psw. Lenggah)


a. Pandonga Epiklese
P : (Ngunjukaken Pandonga epiklese)

b. Pamaosing Kitab Suci


P : Sabdanipun Gusti ingkang kita tampi ing wekdal punika
kapendhet saking Kitab I Korinta 8: 1-13.
(Maos teks Kitab Suci, saksampunipun rampung,
mratelakaken...)
Mekaten Sabdanipun Gusti. Ingkang rahayu punika
tiyang-tiyang ingkang sami mirengaken Sabdanipun Gusti
lan ingkang sami ngéstokaken. Haléluya.
Psw: (Ngidungaken) KPJ 472 “HALELUYA! AMIN!”
Haleluya, Haleluya, Haleluya
Haleluya, Haleluya! Amin, amin, amin!

c. Khotbah “KATRESNAN PUNIKA TOLERAN”


d. Wekdal Ening

VIII. PISUNGSUNG PEPUJEN saking SMP Kristen 1 Surakarta


IX. PANGAKENING PITADOS (Psw. Jumeneng)
Prd2: Sesarengan kaliyan umatipun Gusti Allah ing sauruting
jaman, mangga kita ikraraken lan kita kukuhaken malih
punapa ingkang kita imani srana sesarengan ngucapaken
Pangaken Pitados Rasuli.
Psw : (Sesarengan ngucapaken Pangaken Pitados Rasuli)

X. PANDONGA SAFAAT (Psw. Lenggah)


5
Pokok Pandonga Safaat lan Donga Rama Kawula
 Para lare ingkang studi.
 Warga pasamuwan ingkang gerah.
 Pasamuwanipun Gusti ing pundia papan.
 Pekan Pendidikan Kristen 2022.
 Penanganan virus corona.
 Bangsa lan Negari Kesatuan Republik Indonesia.
(Dipun pungkasi Donga Rama Kawula)

XI. PISUNGSUNG
a. Pangatag
Prd3: Bapak, ibu tuwin para sadherek, kita kaparingan wekdal
ngaturaken pisungsung minangka atur panuwun sokur
awit saking berkah peparingipun Gusti. Pisungsung ugi
saged dipun kempalaken lumantar kantor gereja ing
wanci jam kerja, utawi dipun kintun ing nomer rekening
Bank BRI, lan ugi saged dipun kintun kanthi Kode QR.
Sabdanipun Gusti ingkang dados tetales anggen kita
ngaturaken pisungsung, kapendhet saking Kitab
1 Petrus 2: 5, “sarta kowe dhewe iya padha dikaya watu
urip, kang dianggo mbangun padaleman kasukman
minangka kaimaman kang suci, kang nyaosake pisungsung
kasukman kang katrimah ing Allah marga dening Gusti Yesus
Kristus.”

b. Kidung Pisungsung
Psw : (Ngidungaken) KPKA 185: 1-2 “PISUNGSUNG KONJUK
MRING ALLAH”
1. Konjuk mring Kang Maha agung kawula sung pisungsung,
cihnaning bingah ing manah wit berkahing Allah
sumengka wah sinengkera lan temen rineksa
dadya srana munpangati mrih kamulyaning Gusti.

2. Konjuk Allah kang Maluhur kawula saos sukur,

6
kebabaring raos urmat wit tansah rinimat,
dalah gesang kula mugi kagem dening Gusti,
dadya lantaraning berkah tumraha mring tyang kathah.

c. Pandonga Pisungsung (Psw. Jumeneng)


Prd3 : (Ngunjukaken pandonga pisungsung lan pungkasing
pangibadah)

XII. PANGUTUSAN
Psw : (Ngidungaken) KPKA 319: 1-2 “ENDAHE SADULURAN”
1. Endahe saduluran manut rehing Pangeran,
samidene ngajeni, wah mbiyantoni,
nadyan beda agama wah beda golongannya
tunggal rasa pambekan pri kamanungsan,
Refr.: Kluwung pindhanya endah ing warna,
nyawiji mbangun urip kang adya,
tentrem raharja.

2. Rukun ing pitepangan sumanak ing rembugan,


dhemen sung pangapura nyirik piala,
nging samya silih ngalah mbabarken tresna tansah,
nulat ing sihe Allah mring sagung titah,
Refr.: Kluwung pindhanya endah ing warna,
nyawiji mbangun urip kang adya,
tentrem raharja.

XIII. BERKAH
P : Enerna manah panjenengan dhumateng Gusti Sang
Katresnan.
Psw: Kawula sami ngeneraken manah kawula dhumateng Gusti!
P : Dadosa seksinipun Sang Kristus lumantar gesang ingkang
toleransi positif.
Psw: Puji sokur konjuk Gusti.
P : Pinujia Gusti, Allah ingkang nunggil kaliyan kita!
7
Psw: Samangké lan salami-laminipun.

P : Kita nampeni berkahipun Gusti: “Pangéran Yehuwah maringi


berkah dhateng Panjenengan (kita) lan ngayomi
Panjenengan (kita); Pangéran Yehuwah nyunaraken
cahyaning wadananipun dhateng Panjenengan (kita) lan
maringi sih-rahmat; Pangéran Yehuwah nungkulaken
wadananipun dhateng Panjenengan (kita) lan maringi
tentrem rahayu.”

XIV. KIDUNG PANUTUP


Psw : (Ngidungaken) KPKA 319: 3 “ENDAHE SADULURAN”
3. Rukun gawe santosa crah mung bubrah wohira,
ngestokna sabdeng Gusti tresna sesami,
nadyan panemu beda nging tan samya sulaya,
olah kawicaksanan tan nang-menangan,
Refr.: Kluwung pindhanya endah ing warna,
nyawiji mbangun urip kang adya,
tentrem raharja.

8
9
10

Anda mungkin juga menyukai