Anda di halaman 1dari 4

TATA PANGIBADAH MINGGU I WULAN KEBANGSAAN

6 AGUSTUS 2023
TEMA : “ALLAH SANG RATU ADIL”
Peristiwa Liturgi : Minggu Biasa - Warna Liturgis : Hijau
GEREJA KRISTEN JAWA KIARACONDONG
PUKUL : 07.30
Pdt. Yohan Purwanto S.Th.
PECAWISAN PANGIBADAH : PAWARTA GEREJA, LILIN IBADAH (P-1)
1. (Pasamuwan Jumeneng) TIMBALAN PANGABEKTI. (P-1)
P-1 : Sumangga kita sami ngeningaken manah sauntawis ing ngarasanipun Gusti Allah
kanthi nyuwunaken lubering sih katresnanipun, supados kita dipun sagedaken
ngawontenaken Pangibadah Pambuka Wulan Kebangsaan: “Dhuh Allah, Paduka
punika Allah kawula, kawula punika ngupadosi Paduka!”
Psm. : Nyawa kawula ngorong dhumateng Paduka, kados siti ingkang garing lan gundhul
kasatan toya, kados makaten anggen kawula tumenga dhumateng Paduka wonten
ing pasucen,
P-1 : kalayan nyawang dhateng karosan lan kamulyan Paduka.
Psm. : amargi sih-kadarman Paduka langkung sae tinimbang gesang, lambe kawula
badhe memuji asma Paduka
P-1+ : Inggih makaten punika anggen kawula badhe ngluhuraken Paduka ing salaminipun
Psm. kawula gesang, ngulukaken tangan kawula margi saking asma Paduka.
P-1 : Pasamuwan kanthi jumeneng ngrepèkaken
KPJ 28 : 1 & 4 “SUCI, SUCI, SUCI”
1) Suci, suci, suci pinuji Hyang suci. Allah Mahamulya kang jumeneng Raja. suci,
suci, suci pinundhi Hyang Widi titah sadaya memuji samnya
4) Suci, suci, suci, nggih Gustining gusti, anglairken srira tumedhak mring donya,
nucèkken manungsa kang pitados yekti. Yogya pinuji langgeng slaminya
2. VOTUM LAN SALAM
PDT : Pitulungan kita wonten ing asmanipun Yehuwah Sang Rama, Sang Putra lan Sang
Roh Suci
Psm:

PDT : 3 / 6 6 7 1 6 / 1 1 2 3
Temtrem rahaja, Sing Gusti Kita
Psm: 3 / 6 . . 5 4 / 3
Salam sa - - lam
PDT :3 / 6 3 2 1 2 / 3 1 7 6
Tentrem Raharja Sing Gusti Kita
Psm:3 / 6 . . 1 7 / 6 . .
Salam - - sa - lam

1
3. (Psm. Lenggah) PAMBUKA
Pdt : sumangga kita ngginakaken wekdal kangge ngraosaken saha mengeti bab
kewontenan lan pasedherekan kita minangka sesami warga bangsa ingkang sami-
sami nembe ziarah napaki ayahan pangutusan kita minangka umatipun Gusti Juru
Wilujeng kita, kangge mujudaken katrenteman lan kawetahanipun titah.
4. KIDUNG PAMUJI : KPJ 14:1-2 KULA SAMYA TETUNGGILAN
1) Kula samya tetunggilan, ngabekti mring Pangeran,
wit sinungan kacekapan wah bagas kasarasan.
Reff : Kula tansah nggunggung Gusti lan ajrih asih yekti,
witing ayom ing sihira sestu tentrem raharja.
2) Kula rinoban ing begja rinten-dalu tan kendhat,
ing lelampahan prasaja dalah srana mukjijat.
Reff :
5. PANELANGSA DOSA
a. Petugas (Pdt.) : (Maosaken) Mateus 22:37-40
b. Donga Panelangsa Dosa (PF/Pdt.)
c. Kidung Panelangsa Dosa : KPJ 49:1,2 “GUSTI KANG MAHAWILASA”
1) Gusti Kang Mahawilasa, mugi paring aksama. Kula getun dé klepatan, nglawan
dhateng Pangéran; nglirwakken dhawuh Paduka, manut hardaning driya. Temah
tan ngraosken tentrem wah malih gesang langgeng.
2) Gusti Ingkang Mahatresna, mugi ngruwat kawula; temah kula dados suci miwah
nunggil lan Gusti. Manah kang peteng dengan dosa énggal sembuh lejara.
Pangajeng-ajeng binuka, ngener mring Allah Rama.
6. PAWARTOS SIH RAHMAT : Lukas 4:18-19
Pdt : “Rohe Pangeran ngayomi Ingsun awit Panjenengane wis njebadi Ingsun,
kadhawahan martakake kabar becik marang wong-wong miskin; lan
Panjenengane wis ngutus marang Ingsun martakake luware para wong kang
kinunjara, sarta pulihe pandelenge wong wuta, ngluwari wong-wong kang
katindhes, ngundhangake taun kang dadi keparenge Pangeran.” (Lukas 4:18-19)
Makaten pawartos sih Rahmat saking Gusti.
Psm : Puji sokur dhumateng Allah (Katerasan sami salaman kanthi ngocapaken: “Sih
rahmatipun Gusti wonten ing panjenengan!”)
7. (Pasamuwan Jumeneng) KIDUNG KASANGGEMAN
KPJ 106 : 1 - 2 “AMUNG KUMANDEL IKU”
1) Amung kumandel iku uwiting karosanku. Amung kumandel iku etuking kraharjanku
Reff : Aku datan kuwatir, Pangéran pepujanku
Allah dadi kraharjanku, uwiting karosanku
2) Amung pracaya iku kang mbungahken driyaku.
Amung pracaya iku panglipuring batinku
Reff :

2
8. (Pasamuwan Lenggah) PALADOSAN PANGANDIKA
a) Pandonga dening Pdt.
b) Pamaosing Kitab Suci : Mateus 14:13-21
PDT. : Ingkang rahayu inggih menika ingkang mirengaken sabdanipun Gusti lan dipun
tindakaken. Haleluya!

Psm. :

c) Khotbah : “ALLAH SANG RATU ADIL”


d) Wekdal Ening

9. (Pasamuwan Jumeneng) PENGAKEN PITADOS RASULI (P-2)


P-2 : Pasamuwan ingkang kinasih, sumangga sami jumeneng. Sesarengan sedaya
umat saking lumampahing abad lan jaman, sumangga kula lan panjenengan
sami ngucapaken pangaken pitados Rasuli ingkang mekaten: Kawula pitados
dhateng Allah Sang Rama…dst

10.(Pasamuwan Lenggah) PANDONGA SYAFAAT

11. ATUR PISUNGSUNG (P-3)


a) Pangatag Pisungsung:
Pisungsung ing dinten sapunika, wujud pisungsung minggon, wulanan, manasuka,
pisungsung korban kangge pambangunan, lan Dana Abadi Pisungsung wau kita dhasari
ing panganikanipun Gusti. Jabur 50 : 23 / Mazmur 50 : 23 “ Sapa kang ngaturake
pamuji minangka kurban, iku ngluhurake Ingsun; sapa kang jujur lakune, karahayon
peparinge Gusti Allah bakal Suntedahake.”
b) Pisungsung Kaklempakaken kairingan :
KPJ 171 : 1 - 3 “MANGGA SAOS PISUNGSUNG”
1) Mangga saos pisungsung mring Allah Maagung krana gunging sihrahmat kang luber
tan kendhat
2) Misungsung kanthi loma cihnaning panuwun, De gesang tansah begja wit Allah
kang nuntun.
3) Bandha, arta pethingan kang katur mring Gusti, Bludaging kabingahan dengan
berkah tan sepi

3
c) Pandonga Atur Pisungsung, Panutup & KPJ 152 ”Pandonga Rama Kawula”

Rama kawula kang wonten swarga, ingkang asma kasucekna,


Kraton Paduka rawuh, karsa Paduka klampah ing bumi kadya aneng swarga.
Ing dinten sapunika sinunga cekap rejeki;
kula kaapuntena, kadya kula ugi ngapunteni tyang kalepatan;
sampun nandukken kula dhateng panggodha,
kalepasna kula saking piawon,
jer Gusti kang kagungan kraton lan wisesa
sarta kamulyannya ngantos slami-laminya.
Amin, amin

12.(Pasamuwan Jumeneng) KIDUNG PANGUTUSAN


KPJ 124 : 1-2 “KULA SESTU NDHEREK GUSTI”
1) Kula sèstu ndhèrèk Gusti kang jumeneng Panutan.
Tetep setya dugèng janji, tan wigih karibedan.
Reff : Dhuh nyawaku, ja kwatir; Gusti tan éwah gingsir.
Tut wuria salaminya ing satindaké Gusti.
2) Kula sèstu ndhèrèk Gusti martosken Injil suci.
Datan ajrih ing sangsara, wit Gusti nganthi kula.
Reff :

13. PANGUTUSAN LAN BERKAH


PDT. : Pangeran Yehuwah maringi berkah dhumateng panjenengan (kita) lan ngayomi
panjenengan (kita) sedaya, Pangeran Yehuwah nyunaraken cahyaning
wedananipun dhateng panjenengan (kita) sedaya lan maringi panjenengan
(kita) sedaya sih rahmat; Pangeran Yehuwah karsaa nungkulaken wedananipun
dhateng panjenengan (kita) sedaya lan maringi tentrem rahayu.
Psm. : AMIN

14. KIDUNG PUNGKASAN PAGABEKTI : KPJ 436 : 1- 2 “GUSTI NUNTUN LAMPAH KULA”
1) Gusti nuntun lampah kula, salangkung nggèn kula begja
Celak miwah tebih ugi, kula tansah dipun kanthi
Reff : Nggih Gusti kang nganthi kula, asta-Nya pyambak kang ngreksa
Mila kula manut Gusti, Juru wilujeng sejati.
2) Dadosa ing wanci siyang Punapa kesaput ratri,
Tyas peteng utawi padhang, kula tansah dipun kanthi
Reff :

======= Tuhan Yesus Memberkati =======


4

Anda mungkin juga menyukai