Anda di halaman 1dari 4

TATA PANGABEKTI GKJ KARANGDOWO KLATEN

RAHAYU TIYANG INGKANG NYUMEREPI KAMULYANING ALLAH


Minggu Transfigurasi, 14 Februari 2021 (Putih)
PECAWISAN PANGIBADAH
1. Pandonga Pecawisan Pangibadah
2. Pamaosing Pawartos Pasamuwan kalajengaken panyumeting lilin (Liturgos 1)
pasamuwan jumeneng
14. KULA SAMYA TETUNGGILAN
 
1) Kula samya tetunggilan, ngabekti mring Pangèran
wit sinungan kacekapan wah bagaskasarasan
Reff:
Kula tansah nggunggung Gusti lan ajrih asih yekti,
wit ing ayoming sihira sèstu tentrem raharja

--- Arak-arakan para pelados ibadah lumebet dhateng papan pangibadah ---

2) Kula rimoban ing begja rinten-dalu tan kendhat,


ing lelampahan prasaja dalah surna mukjijat

LITURGI PAMBUKA
VOTUM LAN SALAM
a. Votum
PS : Pitulungan kita punika pinangkanipun saking Sang Yéhuwah ingkang
nitahaken langit, bumi, saganten tuwin saisinipun sadaya.
U :5 7 1 . ‖ 5 7 1 . ‖ 5 4 3 . ‖
A-min, A-min, A-min.
b. Salam
PS : Sih-rahmat lan tentrem rahayu saking Gusti Allah, Rama kita, tuwin saking
Gusti Yésus Kristus, wontena ing (kita) panjenengan sadaya.
U : Nunggila ing panjenengan ugi.

PAMUJI DHUMATENG GUSTI (Liturgos 1, pasamuwan lenggah)

KPJ 59. PINUJIA TANSAH ALLAH MAMIRAH

1. Pinujia tansah Mallah Mamirah,


kanggung tresnnira mring salir titah.
Tyang dosa duraka sinung apura,
tinebus sing pati temah basuki
Reff:

1
Luhurna, mulyakna Gusti Sang Pamarta!
Luhurna, mulyakna Pangruwat ing dosa.
Pasrah maring Allah srana pracaya
margining waluya tentrem raharja.

PANGAKENING DOSA
Umat kasuwun sami ndedonga nyuwun pangapuntening dosa sacara pribadi.
(Liturgos 1 mungkasi kanthi pandonga)
SIH RAHMATING GUSTI
PS : Sami nampenana sih nugrahanipun Allah ingkang sampun ngapunteni dosa
kita lumantar pangandika ing kitab 1 Korinta 1:30 “Nanging awit saka Panjenengane
kowe wus padha ana ing Sang Kristus kang marga saka Gusti Allah wus dadi kawasisan tumrap
kita. Panjenengane wus ngleresake, nucekake sarta nebus kita...”
Makaten pawartos sih-rahmat saking Gusti Allah.
U : Puji sokur konjuk Gusti Allah!
Kidung Sukarena/Pangucap Sokur
96. TYAS KITA DIMÉN SLAMANYA BUNGAH 
1. Tyas kita dimén slamanya bungah lan sukarena,
déné Sang Rama ing swarga nganggep putra mring kita.
Reff:
Mara tansah abebungah saben dina antuk trang,
Dalaning urip éndah apadhang, mara tansah dén girang
2. Hyang Agung kang njangkung kita,
angreksa sing panggoda
Sih-rahmatnya kang anglipur
paring kuwat-santosa
Reff:

LITURGI SABDA
PELADOSAN PAMEDHARING SABDA
a. Pandonga Epiklese
b. Waosan Injil Markus 9:2-9.
 Dipunpungkasi kanthi pangandika: ”Rahayu sedaya tiyang ingkang tansah
mirengaken pangandikanipun Gusti lan nindakaken ing gesang
sapadintenan. Haleluya!”
 Pasamuwan ngidungaken “Haléluya, Haléluya, Haléluya (KPJ 468)”

c. Pamedharing Sabda “RAHAYU TIYANG INGKANG NYUMEREPI


KAMULYANING ALLAH”
d. Wekdal Ening (swasana ening, tanpa musik/kidung)
e. Pandonga Syafaat
2
PANGAKEN PITADOS RASULI (Liturgos 2, pasamuwan jumeneng)
Kawula pitados dhateng Allah Sang Rama, Ingkang Mahakawasa, Ingkang nitahaken langit
kaliyan bumi.
Inggih pitados dhateng Yesus Kristus Ingkang Putra ontang-anting, Gusti kawula
Ingkang kobobotaken dening Roh Suci, miyos saking prawan Maryam.
Ingkang nandhang sangsara nalika jumenengipun Pontius Pilatus, kasalib nglampahi seda,
lajeng kasarekaken, tumedhak dhateng ing teleng palimengan.
Ing tigang dintenipun wungu malih saking antawisipun tiyang pejah
Lajeng sumengka dhateng ing swarga, pinarak wonten ing tengenipun Allah Sang Rama
Ingkang Mahakawasa
Saking ngriku inggih badhe rawuhipun ngadili tiyang ingkang gesang kaliyan ingkang pejah
Kawula pitados dhateng Roh Suci
Kawula pitados wontenipun pasamuwan Kristen satunggal ingkang suci sarta wradin, inggih
patunggilanipun para suci
Punapa-dene pangapuntening dosa
Tanginipun raga
Sarta gesang langgeng
LITURGI PANGUCAP SOKUR
PANGUCAP SOKUR ( Liturgos 3, pasamuwan lenggah)
a. Ayat Pangatag
Sumangga kita nélakaken sokur kita dhumateng Gusti Allah kanthi ngèngeti
Sabdanipun Gusti ing Jabur/Mazmur 50:23 ingkang makaten suraosipun:
Sapa kang ngaturake pamuji minangka kurban, iku ngluhurake Ingsun; sapa kang
jujur lakune, karahayon peparinge Gusti Allah bakal Suntedahake.”
Sesarengan kita ngaturaken pisungsung, kita ngidungaken KPJ 171

b. Ngempalaken Pisungsung KPJ 165. KONJUK MRING KANG MAAGUNG


1. Konjuk mring Kang Maagung, kula saos pisungsung;
cihnaning bungah ing manah, wit berkahing Allah;
sumengka wah sineng-kera, lan temen rineksa,
dadya srana munpangati, mrih kamulyaning Gusti

c. Pandonga Pangucap Sokur, kalajengaken Pandonga Rama Kawula


Dhuh Rama kawula ingkang wonten swarga
Asma Paduka mugi kasucekaken
Kraton Paduka mugi rawuha
Karsa Paduka mugi kalampahan wonten ing bumi kadosdene wonten ing swarga.
Kawula mugi kaparingan rejeki kawula sacekapipun ing dinten punika.
Saha Paduka mugi ngapunten kalepatan kawula, kadosdene kawula inggih ngapunten ing
tetiyang ingkang kalepatan dhateng kawula
Punapa dene kawula mugi sampun ngantos katandukaken dhateng panggodho, nanging
mugi sami Paduka uwalaken saking piawon.

3
Awitdene Paduka ingkang kagungan kraton saha wisesa tuwin kamulyan salami-
laminipun. Amin.
LITURGI PANUTUP

PANGUTUSANING GUSTI (pasamuwan jumeneng)


PS : Sumangga kita tansah pitados bilih Gusti Allah tansah mitulungi, ngiyataken
kita martosaken Injilipun Gusti Yesus.

U : (Ngidungaken) KPJ 158. DITANSAH PADHA BEBUNGAH 


1. Ditansah padha bebungah-a
nampèni kabegjan swarga,
karana kita wong dosa
ingentas saking antaka
Reff:
Tansah bungah ing
patunggilané Gusti
tansah bungah,
wit sinung gesang sejati

BERKAHIPUN GUSTI KABABAR


PS : Mengkera kanthi tentrem rahayu. Panjenengan èstokna dhawuhipun Gusti,
tuwin gesanga kagem Panjenenganipun. Awit saking punika, sami
nampènana berkahipun Gusti Allah:
Pangéran Yéhuwah muga maringana berkah marang (kita) kowé, lan
ngayomana (kita) kowé;
Pangéran Yéhuwah muga nyunarna cahyaning wadanané marang (kita)
kowé, lan maringana sihrahmat;
Pangéran Yéhuwah muga karsaa nungkulaké wadanané marang (kita)
kowé, lan maringana tentrem rahayu (Wilangan 6:24-26).
U : (ngidungaken) Haleluya! (5x), Amin! (2x) (kpj 472)

Anda mungkin juga menyukai