Anda di halaman 1dari 38

TATA PANGABEKTI

GKJ KARANGDOWO

“Wantun Pitados”
Minggu Pra Paskah II, 28 Februari 2021
(Ungu) 
PACAWISAN
• Pandonga Pecawisan Pangibadah
• Pamaosing Pawartos Pasamuwan
kalajengaken panyumeting lilin,
(Liturgos 1)
M1 : Para Sedhèrèk ingkang kinasihan
déning Gusti, sumangga kita sami sowan
wonten ngarsanipun Gusti kinanthènan
pitados bilih Panjenenganipun punika
pantes kita pepuji lan sembah. Sumangga
kita sesarengan memuji Gusti saking
KPJ 5: 1-2 “DHUH PANGÉRAN”
Arak-arakan para pelados ibadah
lumebet dhateng papan
pangibadah
VOTUM
PS: Pitulungan kita punika wonten ing
asmanipun Allah ingkang sampun
nitahaken langit lan bumi.
U: Amin, Amin, Amin.
5 7 1 . ‖ 5 7 1 . ‖ 5 4 3 . ‖
A - min, A - min, A - min.
VOTUM
PS: Sih rahmat lan tentrem rahayu saking
Allah Rama kita lan saking Gusti kita
Yésus Kristus mungi nunggila ing
panjenengan sedaya.

U : Nunggila ing panjenengan


ugi.
M2 : Wantun pitados, sanès prekawis ingkang
gampil, mliginipun nalika sedaya prekawis karaos
mokal saged kelampahan. Nanging sumangga kita
sami sinau wantun pitados kadosdéné Abraham:
nalikanipun Allah ngétang kapitadosanipun, nalika
kawartosan bilih keturunanipun badhé kados lintang
ing langit, ingkang sedayanipun punika karaos mokal
awit yuswanipun Abraham sampun sepuh.
PANGAKENING DOSA
Umat kasuwun sami ndedonga
nyuwun pangapuntening dosa
sacara pribadi.
(Liturgos 1 mungkasi kanthi
pandonga)
SIH RAHMATING GUSTI
PS: Tumrap saben tiyang ingkang temen-temen mratobat,
Gusti kepareng mratélakaken sih-nugrahanipun: “Pangéran
Yéhuwah punika ingkang dados panduman kawula, kawula
sampun prajanji badhé netepi pangandika Paduka. Klayan
sanget adreng saha gumolonging manah anggèn kawula
nyuwun sih-piwelas Paduka, mugi Paduka karsaa paring sih
palimirma dhumateng kawula laras kaliyan janji Paduka”.
(Mazmur 119:57-58).
Makaten pawartos sih-rahmat saking Gusti Allah.
U: Puji sokur konjuk Gusti Allah.
LITURGI SABDA
PELADOSAN PAMEDHARING
SABDA
Pandonga Epiklese
Waosan Kitab Suci
PS: Pamaosing Injil kapendhet saking Injil Markus 8:31-38
Mekaten Injilipun Gusti Yésus Kristus, ingkang rahayu inggih punika tiyang
ingkang sami mirengaken Sabdanipun Gusti, lan sami dipun tetepi ing
gesang padintenan. HOSIANA.
U: (mujèkaken HOSIANA)
Pamedharing Sabda
“WANTUN PITADOS”
Wekdal Ening
Pandonga Syafaat
PANGAKEN
PITADOS
RASULI
(Liturgos 2,
pasamuwan jumeneng)
PANGAKEN PITADOS IMAN RASULI
(Sesarengan)
1. Kawula pitados dhateng Allah Sang
Rama, ingkang Mahakawasa,
ingkang nitahaken langit kaliyan
bumi
2. Inggih pitados dhateng Yesus
Kristus ingkang Putra ontang-
anting, Gusti kawula.
3. Ingkang kabobotaken dening Roh
Suci, miyos saking prawan Maryam.
GKJ KARANGDOWO
4. Ingkang nandhang sangsara nalika
jumenengipun Pontius Pilatus,
kasalib, nglampahi seda, lajeng
kasareaken, tumedhak dhateng ing
teleng palimengan.
5. Ing tigang dintenipun wungu malih
saking antawisipun tiyang pejah.
6. Lajeng sumengka dhateng ing
swarga, pinarak wonten ing
tengenipun Allah Sang Rama
Ingkang Mahakawasa.
GKJ KARANGDOWO
7. Saking ngriku inggih badhe
rawuhipun ngadili tiyang ingkang
gesang kaliyan ingkang pejah.
8. Kawula pitados dhateng Roh Suci
9. Kawula pidados wontenipun
pasamuan Kristen satunggal
ingkang suci sarta wradin, inggih
patunggilanipun para suci

GKJ KARANGDOWO
10. Punapa dene
pangapuntenipun
dosa
11. Tanginipun raga,
12. Sarta gesang langgeng

GKJ KARANGDOWO
LITURGI PANGUCAP SOKUR
(Liturgos 3, pasamuwan lenggah)
Para Sedhèrèk ingkang dipun tresnani dalah binerkahan déning
Gusti, sumangga kita sami nélakaken pamuji sokur kita dhumateng
Gusti, awit saking sedaya sih-piwelas lan pangrimatipun dhumateng
kita, sarana atur pisungsung kanthi ngèngeti pangandika ing
Mazmur 136:26: “Padha saosa puji sokur marang Gusti Allah ing
swarga, awit langgeng sih-kadarmané.”
Sesarengan kita ngaturaken pisungsung, kita ngidungaken KPJ 186
KPJ 186. URIP KANG SAMESTHINE

Urip kang samesthiné, lamun tansah ngucap sokur,

Nèng ngarsané Sang Kristus, tan pantes ta-ka - bur.

Jroning susah lan bungah sadhéngah kaa - nan,

A-ku angidung memuji sokur, yé-ku karsaNya !


Pandonga Pangucap Sokur,
kalajengaken Pandonga Rama Kawula
wonten swarga
Asma Paduka mugi
kasucekaken
Kraton Paduka mugi rawuha
Karsa Paduka mugi
kalampahan wonten ing bumi
kadosdene wonten ing
swarga.
Kawula mugi kaparingan
Saha Paduka mugi ngapunten
kalepatan kawula, kadosdene
kawula inggih ngapunten ing
tetiyang ingkang kalepatan
dhateng kawula
Punapa dene kawula mugi
sampun ngantos katandukaken
dhateng panggodho, nanging
mugi sami Paduka uwalaken
saking piawon.
PS: “Pangéran Yéhuwah mugi
maringana berkah dhumateng
panjenengan, lan ugi ngayomi
panjenengan. Pangéran Yéhuwah
mugi nyunaraken cahyaning
wedananipun, dhateng
panjenengan, lan maringana sih
rahmat. Pangéran Yéhuwah mugi
karsaa nungkulaken wedananipun
dhumateng panjenengan, lan
maringana tentrem rahayu. Amin.
U : (mujèkaken HOSIANA 5x

Anda mungkin juga menyukai