Anda di halaman 1dari 44

TATA PANGABEKTI

GKJ KARANGDOWO

“Sih Nugrahanipun Allah Ingkang Nggesangaken”


Minggu Pra Paskah IV, 14 Maret 2021 
PACAWISAN
• Pandonga Pecawisan
Pangibadah
• Pamaosing Pawartos
Pasamuwan kalajengaken
panyumeting lilin,
(Liturgos 1)
L1 : Gusti Allah rawuh ing papan punika,
lan nimbali kita sedaya
Gusti Allah rawuh ing papan punika, lan
maringaken nugrahanipun
Sumangga kita sami jumeneng mapag
nugrahanipun sarana atur pamuji
PKJ 15: 1,2
“Kula Tumenga Mring Gusti”
Arak-arakan para pelados
ibadah lumebet dhateng papan
pangibadah
VOTUM
PS: Pitulungan kita punika wonten ing
asmanipun Allah ingkang sampun
nitahaken langit lan bumi.

U: Amin, Amin, Amin.


5 7 1 . ‖ 5 7 1 . ‖ 5 4 3 . ‖
A - min, A - min, A - min.
SALAM
PS : Gusti nunggil panjenegan sedaya.

U : Nunggila ing panjenengan ugi.


L1 : Dinten punika kita sami badhé ngraos-
raosaken irah-irahan: “Sih-nugrahanipun Allah
Ingkang Nggesang-aken”
Lumantar pangibadah punika, kita sami kaajak
mangertosi lan ngresepi sih-nugrahanipun Allah
wonten ing Sang Kristus, ingkang ngasta gesang,
kawilujengan lan pemulihan tumrap kita para
tiyang dosa. Lumantar irah-irahan punika, kita ugi
sami kaajak sumadya dados lantaraning sih-
nugranipun Allah ingkang mbekta gesang punika
dhateng sesami kita.
KJ 68:1,2 “ALLAH MAASIH”
PANGAKENING DOSA
Umat kasuwun sami ndedonga nyuwun
pangapuntening dosa sacara pribadi.
(Liturgos 1 mungkasi
kanthi pandonga)
SIH RAHMATING GUSTI

PS: “Sabab, yèn marga saka paneraké wong siji, si pati


wus masésa marga saka wong siji iku, méndahané manèh
wong kang wus padha nampani kalubèraning sih rahmat
sarta ganjaran kabeneran, mesthi bakal urip lan masésa
marga déning wong siji, yéku Gusti Yésus Kristus”
(Rum 5: 17).
Makaten pawartos sih-rahmat saking Gusti Allah.

U: Puji sokur konjuk Gusti Allah.


Siapa bisa njajagi mring karsaning
Gusti?
Sira tan darbé kwasa ngulur
umurira,
mung tansah mbudidaya sinartan
pandonga
suméndhé mring Pangéran, murih
kaleksanan
LITURGI SABDA
PELADOSAN PAMEDHARING SABDA
Pandonga Epiklese
Pamaosing Injil
PS: Injil Yokanan 3: 14-21
Mekaten Injilipun Gusti Yésus Kristus, ingkang rahayu
inggih punika tiyang ingkang sami mirengaken
Sabdanipun Gusti, lan sami dipun tetepi ing gesang
padintenan. HOSIANA.
U: (mujèkaken HOSIANA)
Kotbah
“Sih Nugrahanipun Allah
ingkang Nggesangaken”
Wekdal Ening
Pandonga Syafaat
PANGAKEN
PITADOS RASULI
(Liturgos 2,
pasamuwan jumeneng)
PANGAKEN PITADOS IMAN RASULI
(Sesarengan)

1. Kawula pitados dhateng Allah Sang


Rama, ingkang Mahakawasa,
ingkang nitahaken langit kaliyan
bumi
2. Inggih pitados dhateng Yesus
Kristus ingkang Putra ontang-
anting, Gusti kawula.
3. Ingkang kabobotaken dening Roh
Suci, miyos saking prawan Maryam.
4. Ingkang nandhang sangsara nalika
jumenengipun Pontius Pilatus,
kasalib, nglampahi seda, lajeng
kasareaken, tumedhak dhateng ing
teleng palimengan.
5. Ing tigang dintenipun wungu malih
saking antawisipun tiyang pejah.
6. Lajeng sumengka dhateng ing
swarga, pinarak wonten ing
tengenipun Allah Sang Rama
Ingkang Mahakawasa.
7. Saking ngriku inggih badhe
rawuhipun ngadili tiyang
ingkang gesang kaliyan
ingkang pejah.
8. Kawula pitados dhateng Roh
Suci
9. Kawula pidados wontenipun
pasamuan Kristen satunggal
ingkang suci sarta wradin,
inggih patunggilanipun para
suci
10. Punapa dene
pangapuntenipun dosa
11. Tanginipun raga,
12. Sarta gesang langgeng
LITURGI PANGUCAPSOKUR
(Liturgos 3, pasamuwan lenggah)

“Amargi sinten ta kawula punika saha punapa ta bangsa


kawula punika, déné kawula sami saged ngunjukaken
pisungsung manasuka kadosdéné sapunika punika? Awit
saking Paduka pinangkanipun samukawis sedaya saha
inggih saking asta Paduka piyambak pinangkanipun
pisugsung ingkang sami kawula unjukaken dhumateng
Paduka punika. (1 Babad 29:14).”
Sesarengan kita ngaturaken pisungsung, kita ngidungaken
KPJ 165: 1
“Konjuk Mring Kang Mahaagung”
PEPUJEN
NAFIRI
“DADIA SEKSI”
Pandonga Pangucap Sokur,
kalajengaken Pandonga
Rama Kawula
Dhuh Rama kawula ingkang
wonten swarga
Asma Paduka mugi kasucekaken
Kraton Paduka mugi rawuh
Karsa Paduka mugi kalampahan
wonten ing bumi kadosdene
wonten ing swarga.
Kawula mugi kaparingan
rejeki kawula sacekapipun
ing dinten punika.
Saha Paduka mugi ngapunten
kalepatan kawula, kadosdene kawula
inggih ngapunten ing tetiyang
ingkang kalepatan
dhateng kawula
Punapa dene kawula mugi sampun
ngantos katandukaken dhateng
panggodho, nanging mugi sami
Paduka uwalaken saking piawon.
Awitdene Paduka ingkang kagungan
kraton saha wisesa tuwin kamulyan
salami-laminipun. Amin.
U: (Mujèkaken KPJ 444: 1 MARGI SIH PADUKA
Margi sih Paduka, dhuh Gusti
Pamarta,
tiyang dosa kaluwaran saking
paukuman.
Iba adinira, utusan Paduka,
kang ngundhangken wartos bingah,
sih rahmate Allah.
Dados Para Utusanipun
PS: Enerna mana panjenengan
dhumateng Gusti.
U : Kawula ngeneraken manah
kawula dhumateng Gusti
PS: Dadosa seksinipun Kristus.
U : Puji sokur kunjuk ing Allah.
PS: Pinujia Gusti.
U : Samanngke lan ing salami-
laminipun.
Lumantaring Berkah
PS: “Sih rahmatipun Gusti Yesus
Kristus, Sihipun Allah Sang
Rama, tuwin patunggilanipun
Sang Roh Suci, mugi nunggila ing
panjengan sedaya. Amin.
U : (mujèkaken HOSIANA 5x
AMIN 3x
Ho-si-a-na Ho-si-a-na Ho-si-a-na

Ho-si-a-na Ho-si-a-na

Anda mungkin juga menyukai