Anda di halaman 1dari 59

Gereja Kristen Jawa

Mangertos Ngucap Sokur


Lukas 17:11-19

LITURGI II

9 Oktober 2016

GKJ KARANGDOWO
Gereja Kristen Jawa

• PANDONGA PACAWISAN PANGIBADAH ING


KONSISTORI
• PANYUMETING LILIN PANGIBADAH
• PAMAOSING POKOK-POKOK PAWARTOS
PASAMUWAN
• WEKDAL ENING PRIBADI KAGEM WARGANING
PASAMUWAN/UMAT

GKJ KARANGDOWO
Gereja Kristen Jawa

Pasamuwan jumeneng

GKJ KARANGDOWO
Gereja Kristen Jawa

Votum
Jk. : Pangibadah menika kita purwakani kanthi
pangaken bilih pitulungan kita menika
wonten ing Asmanipun Yéhuwah ingkang
nitahaken langit kaliyan bumi.
U : (ngrepèkaken) Amin, Amin, Amin.

GKJ KARANGDOWO
Gereja Kristen Jawa

Salam
Jk. : Sih-rahmat lan tentrem rahayu saking Allah
Rama kita tuwin Gusti Yésus Kristus
nunggila ing panjenengan (kita) sadaya.
U : Nunggila ing panjenengan ugi.

GKJ KARANGDOWO
Gereja Kristen Jawa

Litani Puji Sokur


Pasamuwan Lenggah

Jk. : Haléluya! Padha saosa puji sokur marang


Pangéran Yéhuwah, awit déné
Panjenengané iku saé!
Sih-susetyané iku langgeng ing salawasé.
U : Kawula badhé ngunjukaken panuwun
dhumateng sang Yéhuwah kalayan
gumolonging manah,

GKJ KARANGDOWO
Gereja Kristen Jawa

Litani Puji Sokur


Jk. : Padha saosa puji marang Pangéran
Yéhuwah, sabab Panjenengané iku becik!
Awit langgeng sih-kadarmané.
Bapa : Para wong kang ngabekti marang
Panjenengané iku padha diparingi
pangan, Prajanjiané dièngeti ing
salawasé.

GKJ KARANGDOWO
Gereja Kristen Jawa

Litani Puji Sokur


Jk. : Padha saosa puji sokur marang Gusti
Allah ing swarga,
Awit langgeng sih-kadarmané.
Ibu : Paduka ingkang nuwuhaken rumput
kanggé sato kéwan, saha tetuwuhan,
supados kapigunakaken déning
manungsa, temah ngedalaken tetedhan
saking ing salebeting siti,

GKJ KARANGDOWO
Gereja Kristen Jawa

Litani Puji Sokur


Ibu : punapa déné anggur ingkang
mbingahaken manahing manungsa,
ingkang damel rainipun manungsa
sumringah margi saking lisah, saha
tetedhan ingkang ngiyataken manahipun
tiyang.

GKJ KARANGDOWO
Gereja Kristen Jawa

Litani Puji Sokur


Jk. : Padha saosa puji sokur marang Sang
Yéhuwah kalawan clempung, kidungna
masmur kalawan slukat akawat sepuluh.
Kidungna kekidungan anyar; diprigel
panabuhmu kanthi swara kang ramé!
Anak : Paduka mugi karsaa mbingahaken
nyawanipun abdi Paduka,
amargi, dhuh Pangéran, nyawa kawula
sumengka dhumateng Paduka.
GKJ KARANGDOWO
Gereja Kristen Jawa

Litani Puji Sokur


U : Amargi Paduka punika saé, dhuh
Pangéran, saha remen ngapunten,
punapa malih sih-susetya Paduka punika
luber tumrap tiyang ingkang sesambat
dhumateng Paduka.

GKJ KARANGDOWO
Gereja Kristen Jawa

KPK 6:1,2
Pamuji ing Pangibadah

GKJ KARANGDOWO
Gereja Kristen Jawa

Pengaken Dosa
Jk. : Jagad menika dipunkebaki déning tiyang-
tiyang srakah, déning tiyang ingkang kadugi
ngurbanaken sesame kanggé nggayuh
pepénginan pribadi. Jagad menika ugi
dipunkebaki déning tiyang ingkang mboten
purun nampi kawontenaning gesangipun,
mboten ngajèni dhateng menapa ingkang
dipungadhahi, tansah sesambat menawi
gesangipun kekirangan.
GKJ KARANGDOWO
Gereja Kristen Jawa

Pengaken Dosa
Jk. : Tansah nyuwun dipunparingi ingkang
matikel-tikel kathahipun.
U : Nalika kawula kekirangan, kawula sami
mangu-mangu, kirang pitados dhateng sih-
kasetyan Paduka dhateng kawula.
Ananging nalika kawula kaparingan
kacekapan kapara kalubéran, kawula
ngrumaosi menawi sadaya menika awit
saking pambudidaya kawula piyambak.
GKJ KARANGDOWO
Gereja Kristen Jawa

Pengaken Dosa
Jk. : Samangsa kawula mbetahaken menapa
kémawon, kawula ndedonga nyuwun berkah
dhateng Paduka. Ananging nalika berkah
peparing Paduka kawula tampi, kawula
nyupèkaken Paduka.
U : Malah ing satengahing brayat, kawula kesupèn
ngaturaken panuwun dhumateng Paduka.
Kesupèn ngaturaken panuwun awit anak-anak
peparing Paduka ingkang élok menika.

GKJ KARANGDOWO
Gereja Kristen Jawa

Pengaken Dosa
U : Kesupèn ngaturaken panuwun awit
saking pangrimat Paduka dhateng
kawula lumantar tiyang sepuh kawula,
ugi kesupèn ngaturaken panuwun awit
saking sadaya berkah peparing saking
Paduka.
Jk.+U : Paduka paring pangapunten dhuh Gusti,
awit saking wangkoting manah kawula.

GKJ KARANGDOWO
Gereja Kristen Jawa

KPK 54:1,3
Nyuwun Aksama

GKJ KARANGDOWO Masa Paskah 2016


KPK 54. NYUW UN AKSAM A
D o = G 4 k e tu k KPK 54
. . . . .
5 . 5 /4 5 3 . 2 | 1 . 6 . | 5 . 5 /4 5 4 . 3 |

. . . . . .
2 . . 0 | 5 . 5 /4 5 3 . 2 | 1 . 6 . | 4 . 6 5 1

. . . . . . . . .
2 . 3 | 1 . . 0 | 4 . 3 2 5 6 . 5 | 3 . 1 . | 2 .

. . . . . . . .
1 7 6 5 . 4 | 3 . . 0 | 3 . 4 5 3 2 . 1 | 4 .

. . . . .
6 1 . 6 | 5 . 1 2 . . 3 | 1 . . 0
KPK 54. NYUW UN AKSAM A
D o = G 4 k e tu k KPK 54
. . . . .
5 . 5 /4 5 3 . 2 | 1 . 6 . | 5 . 5 /4 5 4 . 3 |

. . . . . .
2 . . 0 | 5 . 5 /4 5 3 . 2 | 1 . 6 . | 4 . 6 5 1

. . . . . . . . .
2 . 3 | 1 . . 0 | 4 . 3 2 5 6 . 5 | 3 . 1 . | 2 .

. . . . . . . .
1 7 6 5 . 4 | 3 . . 0 | 3 . 4 5 3 2 . 1 | 4 .

. . . . .
6 1 . 6 | 5 . 1 2 . . 3 | 1 . . 0
Gereja Kristen Jawa

Pawartos sih Rahmat


Pasamuwan Jumeneng
Jk. : Kanggé saben tiyang pitados ingkang
tansah émut dhateng sih-kamirahanipun
Gusti Allah, saha sami purun sowan ing
ngarsanipun kanthi ngakeni dosa-
dosanipun, dipuncawisi peparing
pangapuraning dosa saking Gusti kados
pangandikanipun ingkang makaten:

GKJ KARANGDOWO
Gereja Kristen Jawa

Pawartos sih Rahmat


“Padha ngupayaa Pangéran Yéhuwah pupung isih karsa
disowani;
Padha sesambata marang Panjenengané pupung isih
ana ing celakan!
Wong duraka karebèn ninggal dalané,
Lan wong ala cikbèn ninggal pangrantamé; karebèn
mratobat marang Sang Yéhuwah, mesthi bakal
kaparingan sih-palimirma, sarta marang Gusti Allah kita,
sabab Panjenengané bakal nglubèraké pangaksamané.”
- Yésaya 55:6-7

GKJ KARANGDOWO
Gereja Kristen Jawa

Pawartos sih Rahmat


Jk. : Makaten pawartosing Sih Rahmat saking
Gusti.
U : Puji sokur konjuk Gusti!
(umat sami jawat asta kanthi ngucapaken
“tentrem rahayu”)

GKJ KARANGDOWO
Gereja Kristen Jawa

KPK 63:1,2
Berkahing Allah

GKJ KARANGDOWO Masa Paskah 2016


KPK 63 B ER K A H IN G A LLA H
D o = e 4 k e tu k

1 1 7 6 5 1 2 3 0

3 3 3 2 1 4 3 2 0

1 2 3 2 1 6 7 1 0

5 3 1 2 4 3 2 1 .
KPK 63 B ER K A H IN G A LLA H
D o = e 4 k e tu k

1 1 7 6 5 1 2 3 0

3 3 3 2 1 4 3 2 0

1 2 3 2 1 6 7 1 0

5 3 1 2 4 3 2 1 .
Gereja Kristen Jawa

Pandonga Syafaat saha Èpiklèse


Pasamuwan Lenggah

(Pasamuwan ngonjukaken pandonga syafaat,


saha peladosaning pangandika ingkang
kapimpin dening Pdt.)

GKJ KARANGDOWO
Gereja Kristen Jawa

Peladosaning Pangandika
Waosan Kapisan
Lkt. : 2 Para Raja 5:1-3,7-15c
1
Kacarita Senapati Naaman, panggedhening wadya-balane
ratu ing Aram, iku sawijining priyagung kang kajen banget ana
ing ngarsane gustine sarta banget anggone ditresnani, awit
marga saka priyagung iku Sang Yehuwah wus paring
kaunggulan marang wong Aram. Nanging priyagung kang
prawira ing perang iku nandhang gerah kusta.
2
Wong Aram tau metoni perang gegrombolan lan nggawa
tawanan bocah wadon siji saka ing nagara Israel. Iku dadi
abdine garwane Sang Senapati Naaman.
3
Abdi iku matur marang bendarane putri: “Manawi bendara
kula karsa manggihi nabi ingkang wonten ing Samaria punika,
nabi punika temtu damel birating gerahipun.”
GKJ KARANGDOWO
Gereja Kristen Jawa

Peladosaning Pangandika
7 Sawuse maos layang iku Sang Nata ing Israel banjur nyuwek-
nyuwek pangagemane kalawan ngandika: “Apa ingsun iki Gusti
Allah kang bisa mateni lan nguripake, dene wong iki kok
kongkonan marang ingsun supaya ingsun nyarasake wong
kang lara saraat? Satemene, padha gatekna lan wawasen,
wong iku rak mung golek dadakan marang ingsun.”
8 Bareng Nabi Elisa abdining Allah mireng, manawa Sang Nata

ing Israel nyuwek-nyuwek pangageme, banjur enggal-enggal


utusan wong sowan ing ngarsane Sang Prabu kadhawuhan
munjuk: “Sababipun punapa dene panjenengan dalem nyuwek-
nyuwek pangageman dalem? Priyagung wau kadhawuhana
manggihi kawula, supados uninga, bilih ing Israel wonten
nabinipun.”

GKJ KARANGDOWO
Gereja Kristen Jawa

Peladosaning Pangandika
9 Sang Senapati Naaman nuli rawuh ing daleme Nabi Elisa
dalah titihane kreta sajarane lan kendel ing sangareping
lawang.
10 Nabi Elisa tumuli utusan wong kadhawuhan matur

marang panjenengane: “Panjenengan dalem kaaturan


siram kaping pitu wonten ing benawi Yarden, temah sarira
dalem badhe pulih sarta panjenengan dalem badhe dados
resik.”
11 Nanging Sang Naaman banjur tindak kalawan duka,

pangandikane: “Dakkira dheweke apese metu lan ngadeg


nyebut asmane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe, nuli
ngusapake tangane ing lelaraku lan kalawan mangkono
lelaraku saraat banjur waras!
GKJ KARANGDOWO
Gereja Kristen Jawa

Peladosaning Pangandika
12 Apa kali Abana lan Parpar ing Damsyik ora luwih becik
katimbang karo sakehing kali ing Israel? Apa aku ora bisa
adus ing kana lan banjur dadi resik?” Panjenengane
tumuli cengkelak wangsul kalawan bentering panggalih.
13 Nanging para punggawane nuli padha nyedhaki lan

matur: “Bendara, saupami nabi punika matur, supados


Bendara nglampahi padamelan ingkang awrat, Bendara
rak inggih badhe nindakaken, ta? Punapa malih sapunika,
nabi punika namung matur: Kawula aturi siram, temtu
lajeng dados resik.”

GKJ KARANGDOWO
Gereja Kristen Jawa

Peladosaning Pangandika
14 Ing kono panjenengane tumuli mandhap lan slulup
kaping pitu ana ing bengawan Yarden netepi ature
abdining Allah mau, wasana sarirane banjur pulih maneh
kaya awake bocah cilik, sarta wus dadi resik.
15 Sang Senapati banjur tindak wangsul sapandhereke

kabeh menyang ing daleme abdining Allah. Bareng wus


rawuh ing kono nuli jumeneng ana ing ngarsane Nabi
Elisa sarta ngandika: “Sapunika kula sumerep, bilih ing
salumahing bumi punika boten wonten Gusti Allah kajawi
ing Israel. Milanipun panjenengan mugi karsaa nampeni
atur-aturipun ingkang abdi punika.”

GKJ KARANGDOWO
Gereja Kristen Jawa

Peladosaning Pangandika
Mazmur Tanggapan
Lkt. : Jabur 111:1-10
1
Haleluya! Pangeran Yehuwah arep dakcaosi pamuji sokur
kalawan gumolonging atiku, ana ing pakumpulane para wong
mursid lan ana ing pasamuwan.
2
Pakaryane Sang Yehuwah iku agung, patut dititi-priksa dening
sakehing wong kang kasengsem.
3
Pakaryane iku agung lan mulya, tuwin kaadilane tetep ing
salawas-lawase.
4
Kaelokane wus didadekake pangeling-eling; Pangeran
Yehuwah iku sih-mirma sarta welasan.
5
Para wong kang ngabekti marang Panjenengane iku padha
diparingi pangan, prajanjiane diengeti ing salawase.

GKJ KARANGDOWO
Gereja Kristen Jawa

Peladosaning Pangandika
6 Daya-kekiyataning pakaryane wus ditedahake marang
umate, padha diparingi tanah pusakane para bangsa.
7 Pakaryaning astane iku kabeneran lan kaadilan, sakehing

prentahe iku padha kena diugemi,


8 salawas-lawase lan ing sateruse kukuh, katindakake

kalawan bener lan jujur.


9 Umate pinaringan pangentasan, Gusti Allah dhawuh supaya

prajanjiane iku kanggo ing salawas-lawase, asmane iku suci


sarta nggegirisi.
10 Pangabekti marang Pangeran Yehuwah iku wiwitaning

kawicaksanan, sarupaning wong kang nglakoni iku padha


duwe budi padhang. Pangalembana marang Gusti Allah iku
langgeng ing salawase.
GKJ KARANGDOWO
Gereja Kristen Jawa

Peladosaning Pangandika
Waosan Kaping Kalih
Lkt. : 2 Timoteus 2:8-15
8
Elinga bab iki: Gusti Yesus Kristus, kang wus wungu saka ing
antarane wong mati, kang wus miyos dadi tedhake Sang Prabu
Dawud, yaiku kang dakundhangake ana ing Injilku.
9
Iya marga saka pangundhanging Injil iku aku banjur
nandhang sangsara, malah nganti dibanda kayadene durjana,
nanging pangandikaning Allah ora bisa kabanda.
10
Mulane aku nglakoni iku kabeh kalawan sabar kanggo para
pepilihane Gusti Allah, supaya iku iya padha oleh karahayon
ana ing Sang Kristus Yesus kalawan kamulyan kang langgeng.
11
Iki tetembungan kang bener: “Manawa kita ndherek
Panjenengane seda, iya ndherek Panjenengane gesang;

GKJ KARANGDOWO
Gereja Kristen Jawa

Peladosaning Pangandika
12 manawa kita nahanake iya bakal ndherek Panjenengane
ngereh; manawa kita nyelaki Panjenengane iya bakal diselaki
Panjenengane;
13 manawa kita ora setya, Panjenengane tetep setya, awit

Panjenengane ora bisa nyelaki sarirane piyambak.”


14 Wong-wong padha elingna lan pituturana ing bab iku

kabeh kalawan temenan ana ing ngarsaning Allah, supaya aja


padha mbulat-mbulet rembuge, amarga iku ora ana gunane
babar pisan, malah ngisruhake kang padha ngrungokake.
15 Udinen, supaya kowe pantes ana ing ngarsaning Allah

anggonmu dadi juru leladi kang ora usah isin, kang


ngundhangake pangandikaning kayekten iku kalawan tanpa
tedheng aling-aling.
GKJ KARANGDOWO
Gereja Kristen Jawa

Peladosaning Pangandika
Pamaosing Injil
Jk. : Waosan Injil kapethik saking Injiling Yésus Kristus manut
paseksining Lukas 17: 11-19
11
Kacarita nalika Gusti Yesus tindak menyang ing Yerusalem,
miyos ing sauruting tapel-watese tanah Samaria lan Galilea.
12
Bareng lumebet ing sawijining desa, ana wong lara
budhugen sapuluh sowan marang ing ngarsane, nanging
mung ngadeg kapara adoh,
13
sarta padha nguwuh seru, unjuke: “Dhuh, Gusti Yesus, Sang
Guru, kawula mugi sami Paduka welasi!”
14
Panjenengane nuli mirsani wong-wong mau lan ngandika:
“Kowe padha lungaa, awakmu tuduhna marang imam!”
Kocapa, sajrone padha lumaku iku, padha birat najise.

GKJ KARANGDOWO
Gereja Kristen Jawa

Peladosaning Pangandika
15 Ana siji kang bareng weruh yen wis waras, banjur
cengkelak bali kanthi ngluhurake Gusti Allah kalawan
suwara sora.
16 Nuli nyungkemi padane Gusti Yesus, ngunjukake

panuwun. Mangka iku wong Samaria.


17 Gusti Yesus banjur ngandika: “Apa ora wong sapuluh

kang birat najise? Lah kang sanga endi?


18 Apa panunggalane iku ora ana kang bali ngluhurake

Gusti Allah, kajaba mung wong manca iki?”


19 Banjur ngandika marang wong mau: “Ngadega, lungaa,

pangandelmu kang wus mitulungi kowe.”

GKJ KARANGDOWO
Gereja Kristen Jawa

Peladosaning Pangandika
Pamaosing Injil
Jk. : “Makaten Injiling Yésus Kristus, ingkang
rahayu inggih punika ingkang sami
mirengaken pangandikanipun Gusti lan
dipun gatosaken. Haléluya!”
U : (ngrepèkaken) Haléluya, Haléluya,
Haléluya!

GKJ KARANGDOWO
Gereja Kristen Jawa

Khotbah

Mangertos Ngucap Sokur

Wekdal Ening
GKJ KARANGDOWO
Gereja Kristen Jawa

KPK 194:1
Sabdeng Suci

GKJ KARANGDOWO Masa Paskah 2016


. .

. .

.
Gereja Kristen Jawa

Pisungsung
Prdt. : Sumangga sesarengan kita sami caos
sokur awit saking sadaya berkahing kang
sampun kita tampi saking Gusti saha awit
saking sawernining Pangrimatipun, kanthi
ngaturaken pisungsung.
Pangandikanipun Gusti ing Pangandharing
Torèt 8:17-18 makaten:

GKJ KARANGDOWO
Gereja Kristen Jawa

Pisungsung
“Mulané kowé aja nganti padha duwé osiking
atimu: Pangwasaku lan karosanku kang njalariaku
olèh kasugihan iki. Nanging kowé élinga marang
Pangéran Yéhuwah, Gusti Allahmu, awit iya
Panjenengané iku kang maringi kakuwatan marang
kowé nganti kowé bisa olèh kasugihan, karsané
ngiyataké prasetyané kang wus didhawuhaké
marang para leluhurmu kalawan supaos, kaya
déné ing dina iki.
- Pangandharing Torèt 8:17-18
GKJ KARANGDOWO
Gereja Kristen Jawa

Pisungsung

KPK 185:1,2
Pisungsung Konjuk mring Allah

GKJ KARANGDOWO
Gereja Kristen Jawa

Pasamuwan kaaturan ngaturaken pisungsung,


Sasampunipun cekap kalanjutake mamuji padha kaping kalih
GKJ KARANGDOWO
Gereja Kristen Jawa

Pisungsung
Pasamuwan Jumeneng

Pandonga pisungsung lan pungkasaning


pangabekti

GKJ KARANGDOWO
Gereja Kristen Jawa

Pengaken Pitados
Prdt : Sesarengan kaliyan pasamuwanipun
Gusti ing salumahing bumi, ing
sadhéngah papan saha wekdal,
sumangga kita télakaken Pangaken
Pitados Rasuli ingkang makaten:…

GKJ KARANGDOWO
Gereja Kristen Jawa

Pengaken Pitados
1. Kawula pitados dhateng ALLAH SANG
RAMA, ingkang Mahakawasa, ingkang
nitahaken langit kaliyan bumi
2. Inggih pitados dhateng YESUS KRISTUS
ingkang Putra ontang-anting GUSTI kawula
3. Ingkang kabobotaken dening ROH SUCI,
miyos saking prawan Maryam

GKJ KARANGDOWO
Gereja Kristen Jawa

Pengaken Pitados
4. Ingkang nandhang sangsara nalika
jumenengipun Pontius Pilatus, kasalib,
nglampahi seda, lajeng kasarekaken,
tumedhak dhateng ing teleng palimengan
5. Ing tigang dintenipun wungu malih saking
antawisipun tiyang pejah
6. Lajeng sumengka dhateng ing swarga, pinarak
wonten ing tengenipun ALLAH SANG RAMA
ingkang Mahakawasa
GKJ KARANGDOWO
Gereja Kristen Jawa

Pengaken Pitados
7. Saking ngriku inggih badhe rawuhipun
ngadili tiyang ingkang gesang kaliyan
ingkang pejah
8. Kawula pitados dhateng ROH SUCI
9. Kawula pitados wontenipun pasamuwan
Kristen satunggal ingkang suci sarta wradin,
inggih patunggilanipun para suci

GKJ KARANGDOWO
Gereja Kristen Jawa

Pengaken Pitados
10. Punapa dene pangapuntening dosa
11. Tanginipun raga
12. Sarta gesang langgeng

GKJ KARANGDOWO
Gereja Kristen Jawa

Pangutusan
Jk. : Enerna manah panjenengan dhateng Gusti.
U : Kawula ngeneraken manah dhateng Gusti.
Jk. : Padha ngunjukna panuwun ing sabarang
prakara, awit iku kang dikarsakaké déning Allah
ana ing Kristus Yésus tumrap kowé.
U : Kawula ngucap sokur dhumateng Paduka dhuh
Gusti
Jk. : Pinujia Asmanipun Gusti
U : Samangké dumugi ing salaminipun.
GKJ KARANGDOWO
Gereja Kristen Jawa

Berkah
Jk. : Pangéran Yéhuwah mberkahi panjenengan (kita) lan
ngayomi panjengan (kita).
Pangéran Yéhuwah nyunaraken cahyaning
wadananipun dhateng panjenengan (kita) lan
maringi sih-rahmat.
Pangéran Yéhuwah nungkulaken wedananipun
dhateng panjenengan (kita) lan maringi tentrem-
rahayu.
Amin.
U : (ngrepèkaken) HALÉLUYA 5X, AMIN 3X.
GKJ KARANGDOWO
Gereja Kristen Jawa

SUGENG KONDUR
GUSTI MBERKAHI

GKJ KARANGDOWO

Anda mungkin juga menyukai