Anda di halaman 1dari 8

TATA PANGABEKTI MINGGU PRA PASKAH IV

GKJ MERGANGSAN
Tanggal 10 Maret 2024
Bahasa Jawa
Tema : “ Tiyang Dosa Dados Tiyang Ingkang Ndongakaken ”
(P = Palados Sabda; Prd = Pradata; Psw = Pasamuwan)
A. PECAWISAN
 Sedasa (10) menit saderengipun Pangibadah kawiwitan, katindakaken
Pandonga Konsistorium : Palados Sabda, Pradata, Tim Musik lan Tim
Multimedia ndedonga ing konsistori.
 Pamaosing Warta Lisan, ………….. Lonceng 1 katabuh.
 Opening Ibadah, ………Lonceng 2 katabuh.
B. PANGIBADAH (Pasamuwan Jumeneng)
1. KIDUNG PAMBUKA : KPK 7 : 1, 2

(Pandhita lan Pradata lumebet ing papan pangibadah)


2] Pinuji Ratuning swarga Gustine pra manungsa,
nggih Ratuning pasamuwan Ratu sumbering gesang,
Haleluya, Haleluya Ratu sumbering gesang.

1
2. VOTUM LAN SALAM
P : Sumangga pangabekti punika sami kita sengker kanthi pangaken :
Sang Yehuwah ingkang nitahaken langit kaliyan bumi punika tuking
pitulungan kita. Sih rahmat lan tentrem rahayu saking Allah Rama kita
lan Gusti Yesus Kristus wonten ing panjenengan sadaya.
P+Psw :

3. PEMBERKATAN ANAK SEKOLAH MINGGU (Pasamuwan Lenggah)


4. KIDUNG PAMUJI : KPJ 78 : 1, 2

2
5. ANGGER-ANGGERING KATRESNAN & PANGAKENING DOSA
P : Angger-anggering katresnan (Matius 22 : 37-40) :
37Paring wangsulane Gusti Yesus: “Sira tresnaa marang Pangeran

Allahnira kalawan gumolonging atinira, lan gumolonging nyawanira,


sarta gumolonging budinira. 38Yaiku angger-angger kang gedhe lan
luhur dhewe. 39Dene angger-angger kang kapindho kang padha karo
iku, yaiku: Sira tresnaa ing sapepadhanira dikaya marang awaknira
dhewe. 40Kabeh isining Toret lan kitabe para nabi iku gumantung karo
angger-angger loro mau.
6. KIDUNG PANALANGSANING DOSA : KPJ 46 : 1, 3

7. PAWARTOS SIH RAHMAT LAN PITEDAH GESANG ENGGAL

3
8. KIDUNG KESANGGEMAN : KPJ 339 : 1, 2 (Pasamuwan Jumeneng)

9. PANDONGA SOKUR LAN SYAFAAT (Pasamuwan Lenggah)


10. PALADOSANING PANGANDIKA
a. WAOSAN KITAB SUCI
 Waosan Kapisan
Lektor : Waosan kapisan saking Wilangan 21 : 4 – 9 ..… Makaten
Sabdanipun Gusti.
Psw : Puji sokur konjuk Gusti Allah!

4
 Waosan Injil
P : Waosan Injil saking kitab Injilipun Gusti Yésus Kristus miturut :
Yokanan 3 : 14 – 21 ……Makaten Injilipun Gusti Yésus Kristus,
ingkang rahayu inggih punika tiyang-tiyang ingkang mirengaken
Sabdanipun Gusti lan ugi dipun èstokaken ing gesang
padintenanipun. Hosiana.
 Psw :

b. KHOTBAH
c. WEKDAL ENING
11. PANGAKEN PITADOS RASULI (Pasamuwan Jumeneng)
1) Kawula pitados dhateng Allah Sang Rama, ingkang Mahakawasa, ingkang
nitahkaken langit kaliyan bumi,
2) Inggih pitados dhateng Yesus Kristus ingkang putra ontang-anting, Gusti
kawula,
3) Ingkang kabobotaken dening Roh Suci, miyos saking prawan Maryam.
4) Ingkang nandhang sangsara nalika jumenengipun Pontius Pilatus, kasalib,
nglampahi seda, lajeng kasarekaken, tumedhak dhateng ing teleng
palimengan.
5) Ing tigang dintenipun wungu malih saking antawisipun tiyang pejah,
6) Lajeng sumengka dhateng ing swarga, pinarak wonten ing tengenipun
Allah Sang Rama Ingkang Mahakawasa.
7) Saking ngriku inggih badhe rawuhipun ngadili tiyang ingkang gesang
kaliyan ingkang pejah;
8) Kawula pitados dhateng Roh Suci;
9) Kawula pitados wontenipun pasamuwan Kristen satunggal ingkang suci
sarta wradin, inggih patunggilanipun para suci;
10) Punapa dene pangapuntening dosa;
11) Tanginipun raga;
12) Sarta gesang langgeng.

5
12. PISUNGSUNG SOKUR (Pasamuwan Lenggah)
 PANGATAG
Prd : Pasamuwan ingkang kinasih, kita kaparingan wekdal ngaturaken
pisungsung, minangka pratandhaning caos sokur awit saking
berkahipun Gusti. Pangandikanipun Gusti ingkang nalesi anggèn kita
caos pisungsung, kapethik saking Lelakoné Para Rasul 20 : 35
“Tumrap ing sadhéngah prakara aku wis awèh tuladha marang
kowé, yèn wong padha kawajiban nyambut gawé mangkono
kagawé mbiyantu wong-wong kang sèkèng sarta kudu éling
marang pangandikané Gusti Yésus sabab Panjenengané
piyambak wis ngandika: “Rahayu wong kang wèwèh, katimbang
karo nampani “
 Lumadosing pisungsung kairing KPJ 158 : 1, 2

(Lumadosing pisungsung kairing instrumentalia)

6
 PANDONGA PISUNGSUNG ~ DONGA RAMA KAWULA
Dhuh, Rama kawula ingkang wonten ing swarga, Asma Paduka mugi
kasucekaken, Kraton Paduka mugi rawuh, Karsa Paduka mugi kalampahan
wonten ing bumi kadosdene wonten ing swarga, Kawula mugi kaparingan
rejeki kawula ing sacekapipun ing dinten punika, Saha Paduka mugi ngapunten
kalepatan kawula, Kadosdene kawula inggih ngapunten ing tetiyang ingkang
kalepatan dhateng kawula, Punapa dene kawula mugi sampun ngantos
katandukaken dhateng ing panggodha, nanging mugi sami Paduka uwalaken
saking piawon, Awitdene Paduka ingkang kagungan kraton saha wisesa
tuwin kamulyan salami-laminipun. Amin.
13. KIDUNG PANGUTUSAN : KPJ 346 a : 1, 2 (Pasamuwan Jumeneng)

7
14. BERKAH
P : ”Pangéran Yéhuwah maringi berkah dhateng panjenengan, lan
ngayomi panjenengan. Pangéran Yéhuwah mugi nyunaraken
cahyaning wedananipun dhateng panjenengan lan maringana sih
rahmat. Pangéran Yéhuwah karsaa nungkulaken wedanananipun
dhateng panjenengan, lan maringana tentrem rahayu, Amin.
15. KIDUNG PANUTUP : KPK 343 : 1

-----------------------------------------------------

Anda mungkin juga menyukai