Anda di halaman 1dari 59

KASUWUN KANTHI SANGET

HP DIPUN PEJAHI UTAWI


MODE ENING

MATURNUWUN
GKJ KARANGDOWO
TATA PANGIBADAH MINGGU
20 JUNI 2021

“AJA WEDI !.”

GKJ KARANGDOWO KLATEN


PECAWISAN PANGIBADAH
• Pandonga Pecawisan Pangibadah
• Pamaosing Pawartos Pasamuwan,
kalajengaken panyumeting lilin
(Liturgos 1)

GKJ KARANGDOWO
(Pasamuwan jumeneng)

KPJ 14: 1.
Kita Samya Tetunggilan

GKJ KARANGDOWO
(Para pelados ing
pangibadah lumebet ing
papan pangibadah)

GKJ KARANGDOWO
VOTUM
PS: Pangibadah punika
kalampahanipun wontening
asmanipun Gusti Allah ingkang
nitahaken langit lan bumi;
ingkang dados tuking pitulungan
kita.
U: 5 7 1 . ‖ 5 7 1 . ‖ 5 4 3 . ‖
A - min, A - min, A - min.

GKJ KARANGDOWO
SALAM
PS: Sih rahmat lan tentrem
rahayu saking Allah Rama,
Putra lan Sang Roh Suci
wontening panjenengan
(kita) sadaya.
U: Ugi nunggila ing
panjenengan!
GKJ KARANGDOWO
PAMUJI DHUMATENG GUSTI
(Liturgos 1, pasamuwan lenggah)

PL: “Gusti Allah iku dadi papan


pangayoman lan karosan
kita, nyata banget kang
mitulungi sajroning
karubedan. Mulane kita ora
bakal miris,

GKJ KARANGDOWO
PL: sanadyan bumi ngantia ngalih
panggona, tuwin gunung-
gunung padha gonjing ana ing
telenging segara; sanadyan
gumuruh sarta banyune
munthuk, sarta sanadyan
gunung padha horeg marga
saka molak-maliking alun.”
(Jabur/Mazmur 46:2-4).

GKJ KARANGDOWO
PL: Puji konjuk Gusti, minangka
umatipun kita kaparingan
papan pangayoman lan ugi
kaparingan karosan, supados
anggen kita nglampahi gesang
saged kanthi yakin.

GKJ KARANGDOWO
U :
(sesarengan ngidungaken
KPJ 21: 1 - 2.
PARA TITAH SADAYA SAMYA
NGREPEKNA

GKJ KARANGDOWO
PANGAKENING DOSA

Umat kasuwun sami ndedonga


nyuwun pangapuntening dosa
sacara pribadi.
(Liturgos 1 mungkasi kanthi
pandonga)

GKJ KARANGDOWO
SIH RAHMATING GUSTI

PS: Rahayu saben tiyang


ingkang kaapura panerak
tuwin dosa- dosanipun.
Samangké, gesanga selaras
kaliyan karsanipun Gusti
Allah.

U : Kawula samekta dhuh Gusti Allah.


GKJ KARANGDOWO
PS: “Manawa para wong
mursid sesambat marang
Pangeran Yehuwah, banjur
dipiyarsakake, sarta padha
diluwari saka ing sakehing
rerubede.

GKJ KARANGDOWO
PS: Pangeran Yehuwah ana ing
sacedhake para wong kang
rempu atine, sarta para wong
kang pepes budine padha
dipitulungi.”
Makaten pawartos sih-rahmat
saking Gusti Allah manut
Jabur/Mazmur 33:18-19.
U : Puji sokur konjuk Gusti
Allah.
GKJ KARANGDOWO
KPJ 94: 1 - 2.
SUMANGGA MAREKA

GKJ KARANGDOWO
PELADOSAN
PAMEDHARING SABDA

a. Pandonga Epiklese.

b. Waosan Injil :
Markus 4: 35 - 41.

GKJ KARANGDOWO
Gusti nyirep prahara
35. Ing dina iku bareng wis sore, Gusti
Yesus ngandika marang para
sakabate: “Ayo padha menyang
sabrang.”
36. Banjur padha ninggal wong akeh
mau lan mangkat ndherekake
Gusti Yesus kang wis nitih prau,
bebarengan karo prau-prau liyane.

GKJ KARANGDOWO
37. Tumuli ana prahara
gedhe, lan ombake
nyempyok-nyempyok
tumiba ing sajroning prau,
nganti praune meh kebak
banyu.

GKJ KARANGDOWO
38. Dene Gusti Yesus ana ing
buritan, lagi sare ngagem kajang
sirah. Banjur diwungu dening
para sakabat, unjuke: “Guru,
punapa Paduka boten nggalih,
bilih kawula sami badhe tiwas?”

GKJ KARANGDOWO
39. Panjenengane banjur wungu,
angine didukani, lan
ngandika marang sagara:
“Menenga lan dadia
anteng!” Angine nuli mendha
lan sagarane dadi anteng
maneh.

GKJ KARANGDOWO
40. Banjur ngandika marang
para sakabate: “Yagene
kowe padha wedi
mangkono? Yagene kowe
ora padha pracaya?”

GKJ KARANGDOWO
41. Wong-wong mau padha dadi
wedi banget lan padha
guneman: “Sapa ta
Panjenengane iku, dene
dalasan angin lan sagara kok
iya padha ngestokake
dhawuhe?”

GKJ KARANGDOWO
P: ”Rahayu sedaya tiyang
ingkang tansah mirengaken
pangandikanipun Gusti lan
nindakaken ing gesang
sapadintenan. Haleluya!”

GKJ KARANGDOWO
U: “Haleluya! Amin!”

GKJ KARANGDOWO
Pamedharing Sabda

“AJA
WEDI”
GKJ KARANGDOWO
Wekdal Ening

GKJ KARANGDOWO
---- umat lenggah ----
 
Pandonga Safaat
PS:
(ngonjukaken pandonga safaat)

GKJ KARANGDOWO
PANGAKEN
PITADOS RASULI

(Liturgos 2,
pasamuwan jumeneng)

GKJ KARANGDOWO
PANGAKEN PITADOS IMAN RASULI
(Sesarengan)

1. Kawula pitados dhateng Allah Sang


Rama, ingkang Mahakawasa,
ingkang nitahaken langit kaliyan
bumi
2. Inggih pitados dhateng Yesus
Kristus ingkang Putra ontang-
anting, Gusti kawula.
3. Ingkang kabobotaken dening Roh
Suci, miyos saking prawan Maryam.
4. Ingkang nandhang sangsara nalika
jumenengipun Pontius Pilatus,
kasalib, nglampahi seda, lajeng
kasareaken, tumedhak dhateng ing
teleng palimengan.
5. Ing tigang dintenipun wungu malih
saking antawisipun tiyang pejah.
6. Lajeng sumengka dhateng ing
swarga, pinarak wonten ing
tengenipun Allah Sang Rama
Ingkang Mahakawasa.
7. Saking ngriku inggih badhe
rawuhipun ngadili tiyang
ingkang gesang kaliyan
ingkang pejah.
8. Kawula pitados dhateng Roh
Suci
9. Kawula pidados wontenipun
pasamuan Kristen satunggal
ingkang suci sarta wradin,
inggih patunggilanipun para
suci
10. Punapa dene
pangapuntenipun dosa
11. Tanginipun raga,
12. Sarta gesang langgeng
PANGUCAP SOKUR
( Liturgos 3, pasamuwan lenggah)

a. Ayat Pangatag
Sumangga kita ngaturaken
pisungsung minangka pratandhaning
caos sokur awit saking kasaénanipun
Gusti Allah wonten ing gesang kita.
Sabdanipun Gusti ingkang nalesi
anggèn kita nélakaken sokur kita
punika kita waos sesarengan saking
Jabur 100: 3 - 4, , makaten:
GKJ KARANGDOWO
“Padha sumurupa manawa Pangeran
Yehuwah iku Gusti Allah, Panjenengane
iku kang nitahake kita lan kita dadi
kagungane, umate lan pepanthan
wedhus ngenngenane.
Padha lumebua liwat ing gapurane
kalawan memuji asmane, lumebua ing
platarane kalawan kidung
pangalembana, ngaturna pamuji sokur
lan ngluhurna asmane.”
GKJ KARANGDOWO
•Ngempalaken Pisungsung
ngidungaken:

KPJ 165: 1.
KONJUK MRING KANG
MAAGUNG
GKJ KARANGDOWO
Pandonga Pangucap Sokur,
kalajengaken Pandonga
Rama Kawula

GKJ KARANGDOWO
Dhuh Rama kawula ingkang
wonten swarga
Asma Paduka mugi
kasucekaken
Kraton Paduka mugi rawuha

GKJ KARANGDOWO
Karsa Paduka mugi kalampahan
wonten ing bumi kadosdene
wonten ing swarga.
Kawula mugi kaparingan rejeki
kawula sacekapipun ing dinten
punika.

GKJ KARANGDOWO
Saha Paduka mugi ngapunten
kalepatan kawula, kadosdene
kawula inggih ngapunten ing
tetiyang ingkang kalepatan
dhateng kawula

GKJ KARANGDOWO
Punapa dene kawula mugi
sampun ngantos katandukaken
dhateng panggodho, nanging
mugi sami Paduka uwalaken
saking piawon.
Awitdene Paduka ingkang
kagungan kraton saha wisesa
tuwin kamulyan salami-
laminipun. Amin.
GKJ KARANGDOWO
LITURGI PANUTUP

PANGUTUSANING GUSTI
(pasamuwan jumeneng)

KPJ no. 335: 1.


ANA PRAU LAYAR

GKJ KARANGDOWO
PS :Enerna manah panjenengan
dhumateng Gusti Allah.
U : Kawula ngeneraken manah
dhumateng Gusti Allah!

PS : Mirengna suwantenipun Gusti


Allah lumantar Sabdanipun.
U : Kawula samekta
mirengaken!.

GKJ KARANGDOWO
PS :Panjenengan tindakaken
Sabdanipun Gusti Allah wonten
ing tengah-tengahing brayat,
pasamuwan lan masyarakat.
U : Kawula purun nindakaken
Sabdanipun Gusti Allah.

PS : Pinujia Gusti Allah kita.


U : Samangké dumugi ing
salami-laminipun.
GKJ KARANGDOWO
BERKAHIPUN GUSTI KABABAR
PS: Samangké, tampènana berkah
saking Gusti Allah: Pangeran
Yehuwah maringi berkah dhateng
panjenengan lan ngayomi
panjenengan; Pangeran Yehuwah
nyunaraken cahyaning
wadananipun dhateng panjenengan
lan maringi sih-rahmat;
GKJ KARANGDOWO
BERKAHIPUN GUSTI KABABAR
PS: Pangeran Yehuwah nungkulaken
wadananipun dhateng
panjenengan lan maringi tentrem
rahayu. Amin.“
U: (ngidungaken)
Haléluya (5x). Amin (3x).

GKJ KARANGDOWO
GKJ KARANGDOWO
Gereja Kristen Jawa
Gereja Kristen Jawa

GKJ KARANGDOWO
GKJKARANGDOWO
KARANGDOWO
GKJ

Anda mungkin juga menyukai