Anda di halaman 1dari 8

MBANGUN PULIHING SESAMBETAN

GKJ TULUNG, 16 FEBRUARI 2020


PP: Pelados Pangandika, Lit: Liturgos, Im: Imam, Ps: Pasamuwan
KPKE: Kidung Pasamuwan Kristen Enggal
PAWARTOS PASAMUWAN
CECAWIS
[jumeneng]
Lit : Pasamuwan ingkang kinasih wonten ing Gusti Yesus Kristus. Ing enjang
punika kita nyatunggil ing saklebeting pangibadah. Kita badhe ananggapi
timbalan Katresnanipun Gusti. Pramila punika, sumangga kita lairaken
atur wangsulan kita lumantar repining kidung
KPKE 6: 1,3 “PAMUJI ING PANGIBADAH”
1.
Dhuh Allah Ma suci kula asung puji ing pangibadah puniki
agung kamulyanta ageng sih Paduka kang nitahken jagad raya
pinuji Hyang Widi kang siyang lan ratri ngreksa lan ngrimati.
3.
Dhuh Allah Mamirah sru adrenging manah kula sami nyadhong berkah,
nggih sabda kang suci sabdanipun Gusti, kang paring gesang sejati,
pinuji Roh Suci kang ngenggalken budi, nilar gesang lami.
VOTUM LAN SALAM IKI SLIDE NYA DIPISAH YA
PP : Sumangga pangibadah Minggu titi wanci punika, kita sengker kanthi sesarengan
ngakeni:
Sdy : TUKING PITULUNGAN KITA PUNIKA PINANGKANIPUN SAKING ALLAH
SANG RAMA INGKANG NITAHAKEN LANGIT KALIYAN BUMI.
PP : Mugi sih rahmat njeng Gusti lan sihing Sang Rama, wah patunggilaning Sang Roh Suci,
tumraha mring kawula, Amin.
Ps : SEMANTEN UGI WONTENA ING PANJENENGAN

PAMBUKA [lenggah]
Lit : Pasamuwan ingkang dipunkasihi dening Gusti, kita mangertos bilih
dhasaring gesang tiyang Kristen inggih punika gesang wonten ing
sakjroning katresnan. Nresnani Gusti kanthi gumolongin manah, nresnani
tiyang sanes kadosdene nresnani diri kita pribadi. Srana dhawuh saha
timbalan lumebet ing gesang kang kebak katresnan punika, Gusti
ngersakaken kita dados brayatipun Gusti ingkang saestu nengsemaken
sesami.

KPKE 304: 1,2 “BRAYAT KANG NENGSEMAKEN SESAMI”


1.
Brayat kang tinangsulan ing tresna tetales pitados mring Gusti
mesthi ayem tentrem lan raharja, atut rukun wah lestari,
silih asah lan asih silih asuh tan pamrih
temah adeging brayat puniki nengsemken mring sesami.
2.
Brayat kang tresnanira sayekti kados sihe Sang Kristus Gusti,
lung tinulung silih angladosi tan nguja karseng pribadi,
yen bebaya anrajang linawan sesarengan,
temah adeging brayat puniki nengsemken mring sesami.
ANGGER-ANGGERING KATRESNAN
PP : Sumonggo kita netepi dhawuh timbalan lumebet ing gesang Katresnanipun Gusti
lumantar ngraosaken pangandikanipun Gusti ing Mateus 22:36-40 36"Guru, angger-
angger ing salebeting Torèt punika ingkang ageng piyambak ingkang pundi?"
37Panjenengané ngandika marang wong iku, "Sira tresnaa marang Pangéran Allahira
kalawan gumolonging atinira, lan gumolonging nyawanira, sarta gumolonging budinira.
38Yaiku angger-angger kang gedhé lan luhur dhéwé.
39Déné angger-angger kang kapindho kang padha karo iku, yaiku: Sira tresnaa ing
sapepadhanira dikaya marang awakira dhéwé.
40Kabèh isining Torèt lan kitabé para nabi iku gumantung ing angger-angger loro
mau."
Lit : Kanthi migatosaken dhawuh timbalan katresnanipun Gusti, cetha bilih
Gusti ngersakaken sedaya tumindak kita kedah kadhasaraken katresnan
kanthi gumolonging kawontenan kita. Para sedherek kinasih, sakpunika
sumangga kita sidhem sak wetawis, kita naliti dhiri kita. Punapa katresnan
sampun dados dhasar ing gesang kita sakwetahipun?
Pasamuwan kasuwun lumebet ing pandhonga pribadi
KIRANG LANGKUNG 2 MENIT
Lit : Wonten ing Asma Dalem Gusti Yesus Kristus, kawula dedonga. Amin.
Lit : Bapak/ Ibu/ Para Sedherek, sumangga kita nyenyuwun mugi Gusti tansah
paring kekiyatan ing gesang kita lumantar kidung
KPKE 45: 1,2,3 “GUSTI ANGANTI SIRA”
1.
Gusti angantya sira wong dosa, arum ing wacana umareka,
nyuwuna luwar lan linipura, mareka, saosna ati nira,
Refr. lah mareka Gusti angantya ywa kapara adoh, umareka
Gusti anganti anti sira, ywa nyenyuwe, mareka mring Gusti.

2.
He wong dosa dhasar dalanira jembar bungah yen dilakonana
nging sira tan nduga kang rekasa yeku kang anjog mring nagri baka,
Refr. lah mareka Gusti angantya ywa kapara adoh, umareka
Gusti anganti anti sira, ywa nyenyuwe, mareka mring Gusti.
3.
Lah mbok umareka mring Gustimu, kang nimbali sira kanthi tresna
lah mareka enggal dyan merdika nyelaki Gusti nampi rahmatNya, Refr.
PAWARTOS SIH RAHMAT LAN PITEDAH GESANG ENGGAL [jumeneng]
PP : Tumrap kita ingkang tansah ngakeni dosa ing ngarsanipun Gusti, Gusti karsa
myarsakaken lan maringi sih rahmatipun dhumateng kita, lumantar sabdanipun
ingkang mekaten:
Seratipun Rasul Paulus dhateng pasamuwan Kristen ing kutha Roma
ROMA 10: 5-11
5Sabab Musa nyerat apa kang bener miturut angger-anggering Torèt, mangkéné, "Sapa
kang nglakoni angger-angger, iku bakal urip marga saka iku."
6Nanging apa kang bener awit saka pracaya, iku uniné mangkéné, "Aja ngunandika ing
sajroning atimu: Sapa ta kang bakal sumengka menyang swarga?" yaiku kanggo ngaturi
Kristus tumedhak,
7utawa, "Sapa ta kang bakal mudhun menyang teleng-palimenganing pati?" yaiku:
Kanggo nginggahaké Kristus saka ing antarané wong mati.
8Nanging kepriyé uniné? Mangkéné, "Pangandika iku cedhak karo kowé, ana ing
cangkemmu lan ana ing atimu." Yaiku pangandika bab pracaya, kang dakwartakaké.
9Sabab, menawa sarana cangkemmu kowé ngakoni yèn Yésus iku Gusti, lan atimu
ngandel menawa Allah wus mungokaké Panjenengané saka ing antarané wong mati,
kowé bakal kaslametaké.
10Sabab, sarana ati wong anggoné pracaya sarta kabeneraké, lan sarana cangkem wong
anggoné ngakoni pracayané, sarta kaslametaké.
11Awit Kitab Suci mratélakaké, mangkéné, "Sapa kang pracaya marang Panjenengané,
ora bakal kawirangan."
Lit : Pasamuwan kinasih, Sih Rahmatipun Gusti lumantar Pawartos Sih Rahmat
lan Pitedah Gesang Enggal sampun kita tampi. Pramila punika kanthi
sukarena sumangga kita ngengidung
KPKE 195: 1,2,3 “ISINING KITAB SUCI”
1.
Isinya kabar kabingahan winangsitken dening Pangeran
dadya srana suka piwulang margining kautaman
Refr. dimen tyang pitados tansah arumantos
mbangun turut Gusti nresnani sesami
2.
Tyang lepat kraos winelehna dening sabdaning Kang Ma’kwasa
tyang dosa gya samya mratobat nampenana sih rahmat. Refr.

3.
Tyang lesah sinung lipur nyata karana kwasaning sang sabda
wewatekan mindhak utama wah kekah ing pracaya.
Refr. dimen tyang pitados tansah arumantos
mbangun turut Gusti nresnani sesami
PANDONGA SYAFAAT [lenggah]
PISUNGSUNG [lenggah]
Im : Pasamuwan kagunganipun Gusti, pangatag atur pisungsung wonteng ing
pangibadah punika saking 1 Babad 16: 29-32
29 Pujinen Asmané kang mulya, saosana kurban ing Pedalemané. Atimu sucèkna
kagem Panjenengané samangsa sujud nyembah ing ngarsané.
30 Hé bumi saisiné kabèh, padha getera ing ngarsané Allah; jagad wis
disentosakaké, temah ora owah gingsir.
31 Hé langit lan bumi, padha surak-suraka klawan bungah! Padha wartakna marang
bangsa-bangsa yèn Allah iku Raja!
32 Hé segara, padha gemuruha lan kabèh sing urip ana ing njeromu. Hé ara-ara lan
kabèh sing tuwuh ing kono, tansah padha bungah-bungaha.
Im : Idering kantong pisungsung badhe kaladosaken dening pradataning
pasamuwan.
Peladosan pisungsung badhe kairing kekidungan saking
KPKE 187: 1- “PISUNGSUNG JIWA RAGA”
1.
Jiwa raga kawula konjuk mring Sang Pamarta
mugi dados lantaran kamulyaning Pangeran kamulyaning Pangeran
2.
Tangan suku kawula nindakken pakaryannya,
mrih sesami basuki nampeni sihing Gusti, nampeni sihing Gusti
3.
Dalah kedaling ilat nggih ngundhangken sih rahmat,
temah asmaning Gusti datan kendhat pinuji, datan kendhat pinuji
4.
Bandha lan kasugihan, wegdal wah kasagedan,
nggih gesang sawetahnya dadya pisungsung nyata, dadya pisungsung nyata.
PANDONGA PISUNGSUNG LAN PELADOSANING SABDA

PELADOSANING SABDA
 Pamaosing Kitab Suci: Ulangan 30:15-20
PP : Mekaten Injilipun Gusti Yésus Kristus. Ingkang rahayu inggih punika ingkang
tansah mirengaken Sabdanipun Gusti saha ngèstokaken dhawuhipun.
Psw : Haleluya, Amin
 Wekdal Ening
PELADOSANING SAKRAMEN BAPTIS
MAS, MINTOL CARIIN GAMBAR ANAK KECIL DIBAPTIS YA, SLIDE E TAYANG
TERUS SAMPAI SLIDE BERIKUTNYA
Pasamuwan ingkang dipun kasihi dèning Gusti Yesus Kristus,
Kados ingkang sampun kawartosaken ing pawartosing pasamuwan sarta mboten wonten
panyaruwé ingkang sah, ingkang kaaturaken dhateng Pradataning Pasamuwan; ing
pangibadah menika badhé kaladosaken Sakramèn Baptis.
Sakramèn Baptis menika kadhasaran pangandikanipun Gusti Yesus Kristus.
“Mulané padha lungaa, sakèhing bangsa padha dadèkna muridKu, lan padha baptisen ing
asmané Sang Rama, Sang Putra lan Sang Roh Suci, apadéné padha wulangen bab apa kang
wis dak dhawuhaké marang kowé kabèh”
Matius 28: 19-20
Sakramèn Baptis menika tandha pakaryaning Allah anggènipun milujengaken, srana toya
ingkang dados unsur dhasaripun, minangka pangrimating kapitadosan. Minangka sarana
pangrimating kapitadosan, Sakramèn Baptis nedahaken:
1. Srana toya, Sakramèn Baptis nedahaken pangresikaning manungsa saking dosanipun
srana rahipun Sang Kristus.
2. Srana pangresikan wau, Sakramèn Baptis nedahaken bab pangapuntening dosa.
3. Srana pangapuntening dosa, Sakramèn Baptis nedahaken manungsa anggènipun
kaleresaken dèning Gusti Allah.
4. Srana tigang prekawis menika, Sakramèn Baptis nedahaken gesang-énggalipun
manungsa saking gesang lami ingkang dipun kuwaosi déning dosa. Gesang-énggal
ingkang dipun lampahi ing salebeting paguwaosipun Sang Roh Suci.
Srana mekaten, saben tiyang ingkang sampun nampèni pratandha baptis dados gegelitaning
sariranipun Sang Kristus, inggih menika Pasamuwan.
Anak-anakipun tiyang pitados wajib dipun baptis, awit anak-anak menika ugi kaparingan
papan ing prasetyaning kawilujengan sesarengan kaliyan tiyang sepuhipun. Kanthi mekaten
tiyang pitados wajib mbaptisaken anak-anakipun. Tiyang ingkang mbaptisaken anak, wajib
nggulawenthah anak, supados sasampunipun diwasa laré wau ngakenana kapitadosanipun.
Sadèrèngipun Sakramèn Baptis katindakaken sumangga kita ndedonga.
Dhuh Gusti, mugi Paduka kepareng ngagem Sakramen Baptis menika dados
sarana pangrimating kapitadosan kula sadaya, ngantos kawula sami yakin
bilih dosa-dosa kawula sedaya sampun dipun apunten, sarta kawula sami
dados para putranipun Paduka ingkang kedugi nglampahi gesang-enggal.
Amin.
Sedhèrèk ingkang badhé mbaptisaken laré kaaturan jumeneng, inggih menika sdr. Suryo
Hadi Seputro lan Venta Kurniawati Yulia.
Supados tetela bilih panjenengan pitados menawi putra panjenengan nampèni sih-rahmat
kawilujengan: menapadene panjenengan sagah nggulawenthah putra panjenengan, supados
samangsa sampun diwasa nelakaken pangakening pitadosipun, panjenengan kaaturan
mangsuli pitakénan-pitakénan menika:
1. Panjenengan menapa pitados bilih pakaryanipun Gusti Allah anggènipun paring
kawilujengan lantaran Gusti Yesus Kristus, ingkang dipun pratandhani srana Sakramèn
Baptis menika, ugi dipun paringaken dhateng putra (-putra) panjenengan ingkang badhe
kasuwunaken pratandha baptis?
2. Panjenengan menapa sagah nggulawenthah putra (-putra) ingkang panjenengan
suwunaken pratandha baptis, supados sasampunipun diwasa (sami) purun nelakaken
pitadosipun sarta nglampahi gesang-ènggal?
3. Panjenengan menapa sagah nampèni sawernining pamerdi adhedhasar Kitab Suci,
samangsa panjenengan nglirwakaken panggulawenthah dhateng putra (-putra) ingkang
panjenengan suwunaken pratandha baptis?
Kadospundi wangsulan panjenengan Sedherek Suryo Hadi Seputro lan Venta
Kurniawati Yulia (kawangsulan: “Inggih kanthi gumolonging manah”)
BAPTIS LARE
Precious Ezra Cakrawala Samodra kang kinasih
Kowe dak baptis ing asmane Sang Rama, Sang Putra lan Sang Roh Suci. Amin
PENDHITA NGLANTARAKEN BERKAH
Gusti Allah ingkang sampun nimbali panjenengan tuwin putra panjenengan
ing salebeting gesang enggal, keparenga nulungi panjenengan tuwin putra
panjenengan sageda nggayuh kawilujengan ingkang sampurna. Amin.
PENDHITA MASRAHAKEN DHATENG PASAMUWAN, INGKANG
KAPASRAHAKEN NGAJENGAKEN PASAMUWAN.
Pasamuwan ingkang dipun kasihi Gusti Yesus Kristus,
Menika laré ingkang sampun nampèni Sakramèn Baptis. Kula aturi nampeni laré menika
wonten ing patunggilanipun Gusti ing saprayoginipun tumrap para suci. Laré lan tiyang
sepuh ingkang baptisaken menika kabiyantua supados kapitadosanipun lare menika
dhateng Gusti Allah saged mekar, temah dados warga pasamuwan ingkang tanggel jawab
karana panuntunipun Sang Roh Suci.
PANDONGA SYUKUR SAKRAMEN BAPTIS
PISUNGSUNG SAKRAMEN BAPTIS
Im : Pasamuwan kagunganipun Gusti, dinten punika kita dados seksi kabingahan. Awit
lare Precious Ezra Cakrawala Samodra, ing dinten punika nyatunggil kalihan
brayat ageng pasamuwan kagunganipun Gusti ing GKJ Tulung. Pramila punika, awit
kabingahan peparingipun Gusti kita sami caos pisungsung. Caos pisungsung badhe
kairingan

KPKE 208: 1-3 “BAPTIS SUCI”


1.
Kawula samya bebingah memuji mring Allah,
kang ngluberken sih rahmatnya mring kula tyang dosa
wit panuntuning Roh Suci kula pitados mring Gusti
temahan manggih wilujeng sinung gesang langgeng.
2.
Kawula ngluhurken Gusti yeku Sang Pamarta,
kang maringken baptis suci mring pra kadang kula,
kinekahna ing pracaya manggul salib klayan setya,
tansah martosken Injilnya mrih sesami begja.
3.
Gusti maringken prasetyan mring pra lare ugi,
sinungan kawilujengan wah kamulyan swargi,
katandhan ing baptis suci kagulawenthah pinerdi,
nggih dadya putraning Allah kang numrahken berkah.
PANDONGA PANUTUP LAN RAMA KAWULA (IMAM)
Dhuh, Rama kawula ingkang wonten swarga. Asma Tuwan mugi kasucekna. Kraton
Tuwan mugi rawuha. Karsa Tuwan mugi kalampahana, kadosdene wonten ing swarga,
inggih mekatena ugi wonten ing bumi.
Mugi kawula sami Tuwan paringi rejeki kawula sacekapipun ing dinten punika. Saha
Tuwan mugi ngapunten sakathahipun kalepatan kawula, kadosdene kawula sami
ngapunten ing tetiyang ingkang kalepatan dhateng kawula. Punapa malih kawula mugi
sampun ngantos sami katandukaken dhateng panggodha, mugi sami Tuwan uwalaken
saking pangawak dursila. Awitdene Tuwan ingkang kagungan kraton, saha wisesa tuwin
kamulyan, langgeng salaminipun. Amin.
KIDUNG PANGUTUSAN [jumeneng]
Lit : Pasamuwan kagunganipun Gusti, ing pangibadah dinten punika kita
nyekseni saha nampeni agenging kabingahan ingkang pinangkanipun
saking Gusti Yesus Kristus. Mila punika, awit kabingahan ingkang
nuwuhaken karaharjan punika, sumonggo kita cawisaken dhiri kita,
nindakaken sedaya dhawuhipun Gusti, ingkang dados tuking kabingahan
ing gesang kita srana ngidung:
KPKE 172: 1,2,4 “TANSAH PADA BEBUNGAHAN”
1.
Tansah padha bebungaha krana kabegjan sanyata
de kita samya tyang dosa nging tinebus sing antaka
Refr. tansah bungah ing patunggilaning Gusti
tansah bungah wit sinung gesang sayekti.
2.
Tansah olah kabecikan leladi tan mawang mring tyang
yeku pratandhaning sokur mring sihing Allah Maluhur. Refr.
4.
Tansah padha bebungaha wit tentrem raharja nyata
Gustimu ngreksa slaminya sawutuhing gesangira. Refr.
PANGAKEN PITADOS [jumeneng]
Lit : Sesarengan sedaya pasamuwan ing saindenging papan lan abad, sumangga
kita paring paseksi babagan iman pitados kita, srana ngucapaken Pengaken
Pitados Rasuli.
1. Kawula pitados dhateng Allah Sang Rama ...

BERKAH
PP : Mugi Gusti, sumbering pangajeng-ajeng, ngebaki panjenengan kanthi kabungahan lan
tentrem rahayu ing salebeting iman pitados panjenengan, supados awit kekiyatanipun
Sang Roh Suci, panjenengan luber ing pangajeng-ajeng.
Lit : Bapak/ Ibu/ Para Sedherek, kaaturan lenggah. Panjenengan kaaturan
wekdal ngaturaken pandonga pribadi Pungkasaning Pangabekti.
KIRANG LANGKUNG 3 MENIT
Lit : Bapak/ Ibu/ Para Sedherek, pradataning pasamuwan ngaturaken panuwun
awit panjenengan sampun netepi dhawuh timbalanipun Gusti ing
saklebeting Pangibadah Minggu. Mekaten ugi, pradataning pasamuwan
ngaturaken panuwun awit peladosanipun:
Panuntun Pepujèn:

Juru Musik:
Juru Swara:
Juru Gambar Sorot:
Lit : Kanthi jumeneng sumangga kita repekaken kidung pungkasaning
pangabekti.
KPKE 343: 1,2 “PURNANING PANGABEKI”
1.
Pinujia nggih Allah Sang Rama wah Sang Putra lan Roh Suci
purna pangabekti aneng greja ngrasuk gesang saben ari
Refr. payo nindakna kang trusing ati sabdaning Gusti Sung gesang yekti
sinartan dening berkahing Gusti sung sih rahmat mring sesami.
2.
Pangabekti sestu pangibadah lamun Gusti kang den sembah
kraharjaning pepadha den udi jagad ramya tentrem yekti. Refr.
8
8

Anda mungkin juga menyukai