Anda di halaman 1dari 5

TATA PANGIBADAH MINGGU 12 NOVEMBER 2023

PS: Pelados Sabda; PL: Pelados Liturgi; Im : Imam ; U : Umat

Induk Pagi, Karangnongko, Ngipak

PENCAWISAN :
 Bel Kapisan : Para pradhata sami ndedonga ing konsistori
 Bel Kapindho : Satunggaling pradhata medal, maos Pawartos Pasamuwan.
Nggesangaken lilin, lajeng ngatag pasamuwan kaaturan jumeneng lan ngidung KPJ
14 : 1.

Umat ngrepekaken KPJ 14:1 “Kula Samya Tetunggilan”

Kula samya tetunggilan, ngabekti mring Pangeran,


wit sinungan kacekapan wah bagas kasarasan
Kula tansah nggunggung Gusti lan ajrih asih yekti,
wit ing ayom ing sihira sestu tentrem raharja.

1. VOTUM lan SALAM


PS : Pasamuwan ingkang dipunkasihi Gusti Yesus Kristus, sumangga kita miwiti
pangibadah titi wanci punika, kita telakaken pengaken ingkang mekaten :
P+U : Gusti Allah Sang Rama, inggih Allah kawula ingkang nitahaken langit lan bumi
PS : Tentrem rahayu saking Allah Sang Rama, lan Gusti Yesus Sang Putra, wontena ing
kita sedaya. Amin
U: (ngidungaken) Amin, Amin, Amin

2. KIDUNG PAMUJI pasamuwan lenggah


Umat ngrepekaken KPJ 94 : 1,3 “Sumangga Mareka”

Sumangga mareka ngarsane Gusti kita,


anggunggung asmanya. Wit sihe kang sanyata
maringken Kang Putra, yeku marginira
birat dosa kita, wah gesang sembada.

Yehuwah Makwasa maringi kabingahan,


lan tentrem raharja dugeng jaman klanggengan.
samnya tansah panggah mituhu mring Allah,
minangka panuwun, wit gung berkahipun.

3. PANGAKEN DOSA
PL : Pasamuwan ingkang dipunkasihi Gusti Yesus Kristus, setunggal minggu sampun kita
pengkeraken, kadospundi anggen kita nindakaken dhawuhipun Gusti, linangkung
dhawuh bab angger-anggering katresnan? Kados suraos pangandikanipun Gusti :
“Sira tresnaa marang Pangeran Allahira kalawan gumolonging atinira, lan
gumolonging nyawanira, sarta gumolonging budinira. Sira tresnaa ing sapepadhanira
dikaya marang awakira dhewe. Lan Sira tresnaa ing sapepadhanira dikaya marang
awakira dhewe” (Matius 22 : 37,39).
Awit kita dereng saget nindakaken dhawuh katresnan punika kanthi sae lan prayogi,
sumangga, kita nelakaken pengaken kita, kanthi kidung panelangsa.

Umat ngrepekaken KPJ 86 : 1,2 “Mugi Sampun Anglangkungi”

Mugi sampun anglangkungi dhateng kula, dhuh Rama.


Tyang kathah Paduka wlasi, mugi mlasi mring kula
nggih kula nggih kula, mugi mlasi mring kula.

Sampun anglangkungi kula, dhuh Pamarta kang setya


Gusti nimbali tyang dosa, mugi nimbali kula;
nggih kula, nggih kula, mugi nimbali kula.

4. SIH RAHMAT pasamuwan jumeneng


PS: Pasamuwan ingkang dipunkasihi Gusti Yesus Kristus, pasamuwan kaaturan jumeneng,
sesarengan kita tampi Sih Rahmatipun Gusti Allah, ingkang kababar ing
pangandikanipun mekaten : Kang iku sumurupa, yen Pangeran Yehuwah, Gusti
Allahmu, iku kang jumeneng Allah, Gusti Allah kang setya-tuhu, kang netepi prasetya
lan sih-kadarmane tumrap kang padha tresna ing Panjenengane lan netepi dhawuh-
dhawuhe, nganti pirang-pirang ewu turunan,— . (Pangandharing Toret 7 : 9)

Makaten sih-rahmat saking Gusti.

U : Puji sokur konjuk Gusti

PS : Sumangga kita nanggepi Sih Rahmatipun Allah, kanthi kita ngaturaken salam dhateng
sakiwa tengen, ngajeng lan wingking kita, kanthi ngucapaken “tentrem rahayu”

Umat ngrepekaken KPJ 124 : 1,3 “Kula Sestu Ndherek Gusti”

Kula sèstu ndhèrèk Gusti kang jumeneng Panutan.


Tetep setya dugèng janji, tan wigih karibedan.
Reff: Dhuh nyawaku, ja kwatir; Gusti tan éwah gingsir.
Tut wuria salaminya ing satindaké Gusti.

Kula sèstu ndhèrèk Gusti mbabarken sih piwlasnya


mring sagung titah ing bumi, dimèn samya raharja. reff

5. DONGA SAFAAT pasamuwan lenggah

6. PALADOSAN SABDA pasamuwan lenggah


a. Pamaosing Sabda
PS: Waosan Sabda saking Mateus 25 : 1-13.
Kapungkasan : Makaten sabdanipun Gusti, ingkang rahayu inggih punika tiyang-tiyang
ingkang mirengaken Sabdanipun Gusti lan ugi dipun èstokaken ing gesang padintenanipun.
Haléluya.
U: (ngidungaken) Haléluya, Haléluya, Haléluya.

b. Kotbah “Setya lan Waspada”


Pasamuwan ingkang dipunkasihi Gusti Yesus Kristus, wonten tiyang ingkang
ngendikakaken bilih urip saiki sangsaya angel. Kathahipun perkawis lan momotan,
ndadosaken tiyang lajeng nglokro ing gesangipun. Dereng malih bab kemajenganing
teknologi ingkang sangsaya canggih, kadangkala ndadosaken perkawis. Purun mboten
purun, kita kedah ngetut kemajenganing jaman. Contonipun, jaman samangke punika
jamanipun android, sarwa sarwi HP, mboten mangertos punapa ingkang badhe kedadosan
ing mangsa ngajeng. Sangsaya kita ketinggalan, sangsaya kita lebet perkawis ingkang kita
adhepi. Dereng malih perkawis saking dhiri kita piyambak, contonipun bab ekonomi,
kasarasan/kesehatan, lan sanes-sanesipun. Ing sisi iman pitados, kita ugi sangsaya
kecepit. Ing negari kita, ing pundi kita kelebet kaum minoritas, asring ndadosaken
perkawis ugi. Katambah wontenipun juru panasaran (penyesat), ingkang ndadosaken kita
bingung. Nanging, punika kasunyataning gesang ingkang kita lampahi samangke.
Pasamuwan ingkang dipunkasihi Gusti Yesus Kristus, ing salebeting kawontenan ingkang
kados mekaten, kita tansah dipunkersakaken Gusti supados setya lan jumaga, ngenget
dinten rawuhipun Gusti Yesus ingkang kaping kalih, sangsaya celak. Kita dipunkersakaken
tansah ngetut wingking Gusti Yesus, punapa kemawon risiko lan tantanganipun. Pramila,
sumangga kita nyinau saking waosan Injil dinten punika, bab gangsal pawestri bodho, lan
gangsa pawestri pinter utawi wicaksana. Kanthi cetha waosan Injil dinten punika, kita
dipunkersakaken Gusti kadosdene pawestri pinter, ingkang tansah mbekta cadangan lisah.
Lan sakwanci pangantin rawuh, inggih punika Gusti Yesus Kristus, kita tansah setya, lan
kita tumut pista sesarengan Gusti Yesus wonten ing Kratoning Swarga.
Pasamuwan ingkang dipunkasihi Gusti Yesus Kristus, wonten kalih bab ingkang kita
budidaya sesarengan, ngantos Gusti Yesus rawuh. Sepisan, inggih punika setya. Sinau
saking waosan Injil punika, dadosa pawestri ingkang pinter punapa dene pawestri ingkang
bodho, sami-sami kanthi setya nyrantos rawuhipun Penganten Kakung. Kamangka wekdal
rawuhipun penganten kakung dereng cetha. Temtu, ingkang naminipun nyrantos punika
perkawis ingkang mboseni. Nanging kita nyinau tetep setya dhumateng Gusti Yesus
Kristus. Kita mboten mangertosi, kapan pangantin kakung punika badhe rawuh, nanging
ingkang mesthi kedadosan, Panjenenganipun mesthi badhe rawuh malih. Ing ngriki kita
kakersakaken tetep setya, nadyan kathah panggodha, momotan lan rintangan ingkang
wonten ing gesang kita. Wonten tiga tipe tiyang ingkang setya dhumateng Gusti. Tipe A,
inggih punika tiyang ingkang celak kaliyan Gusti, rikalanipun gesangipun mboten wonten
momotan lan perkawis. Lajeng tipe B, inggih punika tiyang celak kaliyan Gusti, rikalanipun
gesangipun wonten momotan lan perkawis. Lan tipe C, inggih punika tiyang ingkang celak
kaliyan Gusti, dadosa rikalanipun gesangipun kebak perkawis lan momotan, punapa dene
mboten nemahi perkawis lan momotan. Perkawising gesang lan kabungahaning gesang,
mboten ndadosaken kasetyanipun miyur saking Gusti Yesus. Temtunipun, kita mbudidaya
dados tiyang ingkang tipe C, ing salebeting sisah lan bungah, tetep kaliyan Gusti Yesus,
nyrantos rawuhipun. Ing kawontenan prihatos lan tentrem, kita tetep enget lan pitados
dhumateng Gusti Yesus. Contonipun, bab pasangan hidup, kita tetep setya kaliyan Gusti
Yesus. Bab padamelan, kita mboten ngribah iman pitados kita dhumateng Gusti Yesus. Bab
jabatan, kita tetep setya dhumateng Gusti Yesus. Dados, perkawis punapa kemawon, lan
kabungahan kados punapa kemawon, kita tetep pitados, lan setya dhumateng Gusti Yesus.
Pasamuwan ingkang dipunkasihi Gusti Yesus Kristus, ingkang kaping kalih. Kita sinau
saking pawestri ingkang pinter. Piyambakipun sami jumaga kanthi nggadhahi cadangan
lisah, ngantos diyanipun mboten pejah ketelasan lisah. Benten kaliyan pawestri ingkang
bodho. Miturut cariyos Injil punika, kita mboten dipunparengaken mbagi cadangan lisah,
awit cadangan lisah punika gadhahan kita ingkang kedah kita jagi, urusanipun pribadhi.
Lisah punika saget kita artosaken iman pitados kita. Tegesipun, iman pitados punika
urusan kita piyambak, mboten wonten gandheng cenengipun kaliyan tiyang sanes. Kanthi
tembung sanesipun, kita kedah nggadhahi iman pitados ingkang kiyat, wujuding kita
jumaga nyrantos rawuhipun rawuhipun Sang Penganten Kakung, inggih punika Gusti
Yesus. Kadospundi kita nggadhahi cadangan lisah punika? Temtunipun kanthi kegiatan
karohanen pribadi kita, ingkang tansah kita tindakaken. Contonipun, sowan ing pangibadah
saben minggu, panyuraos Kitab Suci utawi bibel, pandonga pribadhi, lan ugi panggegilut
(renungan) pribadhi kita. Punika pambudidaya kita tansah jumaga, supados cadangan lisah
kita tansah wonten. Kadosdene menawi kita nedha saben dinten kangge kabetahan
jasmani kita, mekaten ugi kabetahan rohani kita, ugi tansah kita paringi tedhan rohani,
sinarengan kita tansah rumakeng kaliyan Gusti lan nyuwun pitulunganipun Sang Roh Suci
supados kita tansah gesang ing karsanipun Gusti.
Pasamuwan ingkang dipunkasihi Gusti Yesus Kristus, sumangga kita tansah setya lan
jumaga, ngantos Gusti Yesus Sang Pangantin Kakung rawuh, nuntun kita tumuju dhateng
pistanipun Gusti. Punapa kemawon tantangan lan momotan gesang kita, sumangga,
tansaha setya lan jumaga. Gusti mberkahi. Amin

c. Wekdal Ening

7. PALADOSAN PISUNGSUNG
a. Pangatag
Im : Pasamuwan ingkang dipunkasihi Gusti Yesus Kristus, kita kaaturan wekdal
ngaturaken pisungsung, ingkang kita dhasari kanthi pangandikanipun Gusti
wonten ing II Korinta 8 : 12, ingkang mekaten : “Awit manawa anggonmu weweh
iku kalawan eklas, pawewehmu iku mesthi bakal ditampani, manawa pawewehmu
iku awewaton apa kang kokduweni, ora awewaton apa kang ora kokduweni.”

Umat ngrepekaken KPJ 165 : 1- “Konjuk Mring Kang Mahaagung”


Konjuk mring Kang Mahaagung, kula saos pisungsung;
cihnaning bingahing manah, wit berkahing Allah;
sumengka wah sinengkera, lan temen rineksa,
dadya srana munpangati, mrih kamulyaning Gusti.

Konjuk Allah Kang Maluhur kawula saos sokur,


kebabaring raos urmat wit tansah rinimat,
dalah gesang kula mugi kagem déning Gusti,
dadya lantaraning berkah tumraha mring tyang kathah.

Konjuk ing ngarsaning Allah kawula sung panrimah,


tandha ajrih-asih kula wit gung sih-rahmatnya.
Mugi Gusti nggih karenan, temah binerkahan,
dadya margi Kratoning Allah binabar nèng bumi.

b. Pandonga pasamuwan jumeneng


Im : (ngunjukaken pandonga pisungsung lan pungkasaning pangibadah)

8. KIDUNG PANGUTUSAN pasamuwan jumeneng


Umat ngrepekaken KPJ 346a : 1,3 “Ndedonga lan Makarya”

Ndedonga lan makarya kanthi trusing driya,


mbabarken sihing Gusti mring sagung sesami,
murih tentrem raharja sumrambah sadonya.
Asmanya Kang Mamulya pinuji slaminya.

Ndedonga lan makarya di tansah waspada.


Yen tinempuh panggodha tan gumiwang tiba,
manggul salibing Gusti, manut ing prentahnya;
tansah setya ngabekti lan manteb pracaya.

9. PANGAKEN PITADOS RASULI

10. PANGUTUSAN lan BERKAH


PS : Para sedherek ingkang dipunkasihi Gusti Yesus Kristus, sumangga kita tansah setya
lan waspada, ing sauruting lampah gesang kita. Sumangga, kita enerakan manah
dhumateng Gusti
U : kawula ngeneraken manah dhumateng Gusti
PS : pitadosa dhumateng Gusti Yesus
U : kawula tansah pitados dhumateng Gusti Yesus Kristus
PS : Pinujia Asmanipun Gusti Yesus Kristus
U : Sakmangke dumugi salaminipun
PS : Kita tampi berkahipun : Sihipun Gusti Allah nyagetaken kita tansah setya lan
waspada, murih tentrem rahayu ingkang tansah wonten ing gesang kita. Wonten ing
asmanipun Allah Sang Rama, Sang Putra, tuwin Sang Roh Suci. Amin

U: (ngidungaken) Amin, amin, amin

11. KIDUNG PANUTUP


Umat ngrepekaken KPJ 459 : 1 “Pinujia Allah Sang Rama”

Pinujia Allah Sang Rama, wah Sang Putra lan Roh Suci;
purna pangabekti anèng gréja, ngrasuk gesang saben ari.
Payo nindakna kang trusing ati, sabdaning Gusti sung gesang yekti,
sinartan déning berkah ing Gusti, sung sih rahmat mring sesami.

Anda mungkin juga menyukai