Anda di halaman 1dari 18

LPP Sinode Wulan Brayat 2014 65

BRAYAT
NGUPADI
GUSTI








PASAMUWAN MAKEMPAL

Pacawisan Ngibadah
Loncng kaungelaken kaping 1, donga konsistorium.
Loncng kaungelaken kaping 3, Pradata nyumet lilin lan
maosaken underaning Warta Grja.
Wekdal ening sawatawis lajeng pasamuwan kaaturan
jumeneng

Timbalan Ngibadah [pasamuwan jumeneng]
Prdt : Dinten punika Minggu 5 Oktober 2014 sesarengan kita
murwakani Wulan Brayat 2014 makaten ugi Dinten
Bujana Suci Sajagad. Kados ingkang sampun
kawartosaken ing Pawartos Pasamuwan rambah kalih
Minggu, sesarengan umatipun Gusti sajagad, sumangga
WULAN BRAYAT
Minggu I, 5 Oktober 2014
Katrangan:
Prdt : Pradata
Pmp : Pemimpin
Psw : Pasamuwan
AY : Adi Yuswa
Pmd : Pemudha
LR : Lar-lar
Lkt : Lktor
PNJ : Pemandu Nyanyian
Jemaat


LPP Sinode Wulan Brayat 2014 66

kita miwiti Wulan Brayat 2014 punika kanthi sesarengan
ndhrk kembul bujana ing salebeting Bujana Suci.

Kidung Pambuka

KPK 31: 1,3 PINUJIA ALLAH
Sesarengan : Pinujia tansah Allah Mamirah,
kang gung tresnanira mring salir titah,
LR : tyang dosa duraka sinung apura
Pmd : tinebus sing pati temah basuki,
Psw priya : luhurna, mulyakna
Psw wanita : Gusti Sang Pamarta,
AY : luhurna, mulyakna
PNJ : pangruwating dosa,
Sesarengan : pasrah maring Allah srana pracaya,
margining waluya tentrem raharja.
-interlude-
Psw wanita : Pinuji tan kendhat Allah Murbng rat,
Psw priya : kang nunggil wah ngreksa mring kagungannya,
AY : tyang bekti lan setya sinung nugraha,
LR + Pmd : gesang langgeng nyata nng kraton swarga,
Psw priya : luhurna, mulyakna
PNJ : Gusti Sang Pamarta,
Psw wanita : luhurna, mulyakna
PNJ : pangruwating dosa,
Sesarengan : pasrah maring Allah srana pracaya,
margining waluya tentrem raharja.

Votum lan Salam
Pmp : Pitulungan kita punika wonten ing asmanipun Gusti
Allah, ingkang nitahaken langit lan bumi
Psw : Ingkang tansah ngrimati titahipun.
Pmp : Sih-rahmat lan tentrem rahayu saking Allah Rama kita lan
Gusti Ysus Kristus, wonten ing para sadhrk (kita)
sadaya.
Psw : (aklamasi) Amin, Amin, Amin.

LPP Sinode Wulan Brayat 2014 67

Pambuka [pasamuwan lenggah]
Pmp : Kidung jiarah. Begja saben wong sing ngabekti marang
Allah, lan sing ngambah dalan pitedah. Kow bakal
mangan pametun pagawanmu, uripmu kebak
kabungahan lan mubra-mubru. Rabimu bakal kaya wit
anggur sing awoh ana ing njero omah. Lan anak-anakmu
lanang prasasat wit-wit zaitun nom, kang ngepung ing
mjamu. Kaya mangkono kena dipesthkak wong kang
ngabekti marang Allah enggon kaberkahan.
(Jabur Masmur 128:1-4 adhedhasar Kitab Suci cap-capan 1994)

Kidung Pamuji Sokur

KPK 304:1,2 BRAYAT KANG NENGSEMKEN SESAMI
PNJ : Brayat kang tinangsulan ing tresna
tetales pitados mring Gusti,
Psw priya : mesthi ayem tentrem lan raharja
Psw wanita : atut rukun wah lestari,
PNJ : silih asah lan asih
Sesarengan : silih asuh tan pamrih,
temah adeging brayat puniki
nengsemken mring sesami.
-interlude-
Adi Yuswa : Brayat kang tresnanira sayekti
kados sih Sang Kristus Gusti,
Lar : lung tinulung silih angladosi
tan nguja karsng pribadi,
Pmd : yn bebaya anrajang
linawan sesarengan,
Sesarengan : temah adeging brayat puniki
nengsemken mring sesami.


Pangaken Dosa
Pmp : Nglenggana bilih anggn kawula nglampahi gesang
punika, drng kuwagang nglarasaken gesang kawula

LPP Sinode Wulan Brayat 2014 68

kaliyan karsanipun Gusti, awit saking punika, kanthi
andhap asoring manah kawula sami ngakeni dosa-dosa
kawula.
Adi Yuswa : Kawula asring mballa, dadosa dhumateng Gusti, /
smah, / anak-anak, / punapa dn sesami kawula.
Lar+Pmd : Kawula asring nglawan dhateng Gusti, / tiyang
sepuh / lan sesami kawula.
Psw : Kawula asring damel dosa dhumateng Gusti, /
dhiri kawula pribadi / saha sesami ing sakiwa-
tengen kawula.
Pmp + Psw : Kanthi keduwung kawula ngakeni, / bilih kawula
drng tumemen mbangun-turut dhumateng
Paduka. / Gusti mugi melasi kawula.

Kidung Pratlan Panalangsaning Umat

KPK 48:1,2 NYUWUN SUCI SASTU
Sesarengan : Dhuh Pangluwar sejati myarsakna pasambat kula
Gusti mugi ngresiki manah kula sadaya,
Psw priya : Gusti mugi rah Paduka nuckken manah kawula,
Psw wanita : temah suci sastu wah sirna najising kalbu,
Psw priya : Suci sstu
Psw wanita : suci sstu,
Sesarengan : temah suci sastu wah sirna najis ing kalbu.
-interlude-
PNJ : Dhuh Pangluwar sejati paringa kiyat mring kula,
LR : setya ing lampah suci ngetut wingking Paduka,
Pmd : Gusti mugi rah Paduka nuckken manah kawula,
AY : temah suci sastu wah sirna najising kalbu,
Psw priya : Suci sstu
Psw wanita : suci sstu,
Sesarengan : temah suci sastu wah sirna najis ing kalbu.

Pawartos Sih-rahmat [pasamuwan jumeneng]
Pmp : Sami nampnana sih-rahmatipun Gusti: Manawa kita
padha ngakoni dosa kita, Panjenengan iku setya tuhu lan

LPP Sinode Wulan Brayat 2014 69

adil, temah bakal ngapura sakhing dosa kita sarta
ngresiki sakhing piala kita (1 Yokanan 1:9). Makaten sih-
rahmatipun Gusti.
Psw : Puji sokur konjuk Gusti.

Kidung Tanggapan [pasamuwan tetep jumeneng]

KPK 81:1-3 NDHEREK GUSTI
Sesarengan : Kula mesthi ndhrk Gusti
kang jumeneng Panutan
tetep setya dugng janji tan wigih karibedan,
dhuh nyawaku ja kwatir Gusti tan wah gingsir
tut wuria salaminya ing satindak Gusti.
-tanpa interlude/ karepkaken pada salajengipun-
Adi Yuswa : Kula mesthi ndhrk Gusti martosken Injil suci,
Lar + Pmd : datan ajrih ing sangsara wit Gusti nganthi kula,
Sesarengan : dhuh nyawaku ja kwatir Gusti tan wah gingsir
tut wuria salaminya ing satindak Gusti.
-interlude-
Pmp : Kula mesthi ndhrk Gusti
mbabarken sih piwlasnya,
PNJ : mring sagung titah ing bumi
dimn samya raharja,
Sesarengan : dhuh nyawaku ja kwatir Gusti tan wah gingsir
tut wuria salaminya ing satindak Gusti.


PALADOSAN PANGANDIKA

Donga piklse [pasamuwan lenggah]
Kapimpin dning Pemimpin

Pamaosing Kitab Suci
Waosan I

LPP Sinode Wulan Brayat 2014 70

Lkt : Waosan kapisan kapethik saking kitab Pangentasan
20:1-4, 7-9, 12-20 (sasampunipun maos) Makaten
pangandikanipun Gusti.
Psw : Puji sokur konjuk Gusti.

Masmur Tanggapan
Lkt : Sumangga kita tanggapi waosan kapisan kanthi maos
Jabur Masmur 19 kanthi sesautan.
[saged ugi dipun daras/ dipun repkaken dning lktor]

Waosan II
Lkt : Waosan kalih kapethik saking seratipun Rasul Paulus
dhateng pasamuwan Filipi bab 3 ayat 4-14 [Filipi 3:4-
14] (sasampunipun maos) Makaten pangandikanipun
Gusti.
Psw : Puji sokur konjuk Gusti.

Waosan Injil
Pmp : Samangk nampnana Injiling Ysus Kristus manut
paseksining Matus 21:33-46 (sasampunipun maos)
Makaten Injiling Ysus Kristus. Ingkang rahayu inggih
punika ingkang sami mirengaken pangandikanipun
Gusti lan dipun gatosaken. Halluya!
Psw : (aklamasi) Halluya, Halluya, Halluya, Amin.

Kotbah

Wekdal Ening

Pangaken Pitados [pasamuwan jumeneng]
Prdt : Sesarengan pasamuwanipun Gusti ing salumahing bumi,
ing sadhngah papan saha wekdal, kita pratlaken
Sahadat kita kanthi ngidung sesarengan.

KAWULA PITADOS
[Cakepan dning Uri Christian Sakti Labti

LPP Sinode Wulan Brayat 2014 71

manut Pangaken Pitados Rasuli,
Notasi saking KPK-BMGJ 143]

Sesarengan : Mung pitados dhateng Allah
ingkang Maha kawasa,
kang nitahken langit bumi
wah langgeng kasetyanya,
nggih pitados Ysus Kristus
Putra Allah Sang Rama,
kang wit rhing Sang Roh Suci
dadya tuhu Pamarta.
-tanpa interlude/ karepkaken pada salajengipun-
Sesarengan : Nggnnya karsa nandhang sisah
sangsara myang Golgota,
tedhak maring palimengan
mrih jalma samya rarja,
sda wit jemala laknat
*)

pinenthang lir durjana,
nging nggal wungunya mulya
unggul sing pati baka.
-tanpa interlude/ karepkaken pada salajengipun-
Sesarengan : Pangran ngratoni swarga
ing dhamparing Sang Rama,
mengku pangwasa slaminya
wit rh Rohing Pamarta,
samya nunggil pasamuwan
nggih pra suci umatnya,
sihnya sung apunten dosa
mrih langgeng gesangira.
*)
Jemala: gitik, gebug.

Pisungsung [pasamuwan lenggah]
Prdt : I Babad 29:14 mratlakaken: Amargi sinten ta kawula
punika saha punapa ta bangsa kawula punika, dn
kawula sami ngunjukaken pisungsung manasuka
kadosdn sapunika punika? Awit saking Paduka

LPP Sinode Wulan Brayat 2014 72

pinangkanipun samukawis sadaya saha inggih saking asta
Paduka piyambak pinangkanipun pisungsung ingkang
sami kawula unjukaken dhumateng Paduka punika.
Kidung Pisungsung

KPK 141:1-3 GESANG DADOS KIDUNG
Sesarengan : Gesang kula dados kidung
sumaos mring Pangran,
wit sihnya saklangkung agung
maringken kaslametan,
ing kabegjan wah sangsara
tansah memuji Gusti,
srana kamursidan nyata
krana anyar ing budi.
-interlude-
Sesarengan : Lamun kabotan ing susah
wah karoban ing bungah,
kula manteb ing pracaya
ngayom ing sih-rahmatnya,
sanadyan sengseming donya
nggodha wah milut ati,
kula mesthi tansah setya
mbangun-turut mring Gusti.
-interlude-
Sesarengan : Pocapan wah tingkah laku
mobah mosiking kalbu,
dadya kidung konjuk Allah
wit sih-rahmatnya tumrah,
sayogya sengkut makarya
kagem Kratoning Allah,
yku sokur trusing driya
konjuk mring Gusti tansah.


Donga Pisungsung [pasamuwan jumeneng]

LPP Sinode Wulan Brayat 2014 73

(Donga kapimpin dning Pradata, underanipun ngaturaken
pangucap sokur awit berkahipun Gusti lan nyuwun berkah
anggnipun badh ndhrk ing pambujanan.)

Paladosan Sakramn Bujana [pasamuwan lenggah]
Pacawisan

(Menawi Bujana Suci kaladosaken kangg warganing
pasamuwan dadosa warga diwasa lan warga lar)

Katrangan
Pmp : Samangk kita nindakaken Bujana Suci sesarengan
kaliyan pasamuwanipun Gusti ing saindenging jagad.
Gusti Ysus piyambak ingkang netepaken dan nimbali kita
nindakaken Bujana Suci punika.
Wonten ing Bujana Suci punika para lar ugi katimbalan
dhrk kembul bujana. Gusti Ysus ngandika: Cikbn
bocah-bocah iku, aja kokalang-alangi anggon padha
sowan ing ngarsa-Ku, sabab wong-wong kang kaya
mangkono iku, kang nduweni Kratoning Swarga (Matus
19:14).
Wonten ing salebeting kita boten sampurna, kita pitados
bilih Gusti Allah badh nyuckaken sedaya dosa kita lan
nyampurnaaken pangertosan kita bab wewadining Bujana
Suci punika.

Ngeneraken Manah
Pmp : Sumangga kita ngeneraken manah dhumateng Gusti.
Psw : Kawula ngeneraken manah dhumateng Gusti.
Pmp : Sumangga kita tansah ngucap sokur dhumateng Gusti,
Allah kita.
Psw : Sampun samesthinipun kawula ngucap sokur
dhumateng Paduka.

Donga Sokur

LPP Sinode Wulan Brayat 2014 74

Kapimpin dning Pemimpin

Prefasi dan Sanctus Benedictus
Pmp: Dhuh Allah ingkang Maha Suci lan Maha Kuwaos, kawula
ngaturaken panuwun awit Paduka ingkang nuntun jagad
punika lan nresnani saben titah.
Wonten ing Bujana Suci punika Paduka sampun
nunggilaken kawula sedaya dados satunggal badan
wonten ing patunggilaning grja saha brayat saprelu
mulyakaken Asma Paduka sesarengan kaliyan malakat
ing Swarga sarta sadhngah para suci ing bumi ingkang
boten kendhat sami memuji:
(Pasamuwan Ngrepkaken KPK 14:1)

KPK 14:1 ALLAH MAHA SUCI
Suci, suci, suci, pinuji Hyang Suci,
Allah Maha mulya kang jumeneng Raja.
Suci, suci, suci pinundhi Hyang Widi,
titah sadaya bra muji samya.

Tetepan Bujana Suci
Pmp : Kita ngucap sokur dn Allah Rama ingkang Maha Suci
tansah nunggil kaliyan kita, lan Sang Kristus ngulemi kita
ndhrk kembul bujana ing paladosan Bujana Suci
punika.
Psm : KAWULA NYAWISAKEN MANAH KAWULA
Lar : SINAGEDNA KAWULA PITADOS
Pmp : Kita yakin bilih Roh Suci katumrahaken dhateng kita,
temahan kanthi pitados stu, kita ngraosaken rawuhipun
Sang Kristus ing ngriki.
Sang Kristus, ing dalu ndungkap Panjenenganipun
kaulungaken, mundhut roti, ngucap sokur, nyuwil-nyuwil
roti wau lan maringaken dhateng para sakabat sarta
ngandika, Ini badanku kang kaulungak marga saka
kow. Tampanana lan panganen iki minangka pangling-
ling marang Aku!

LPP Sinode Wulan Brayat 2014 75


Sasampunipun punika, Sang Kristus mundhut tuwung
unjukan, ngucap sokur saha maringaken tuwung wau
dhateng para sakabat sarta ngandika, Tuwung iki
prajanjian anyar kang kacap kalawan getih-Ku. Saben-
saben kow padha ngomb, iku gawnen pangling-ling
marang Aku!
Psw : Sdanipun Sang Kristus / badh kawula suwuraken! /
Wungunipun Sang Kristus / badh kawula pahargya! /
Rawuhipun Sang Kristus / badh kawula antu-antu!

Ngngeti Sang Kristus
Pmp : Ing dinten punika kita sami makempal ngnget-nget
pratlan sihipun Gusti Allah ingkang milujengaken donya
Psw : Puji sokur konjuk Gusti.
Pmp : Kita ndhrk kembul bujana, Roh Suci ingkang mitulungi
kita temahan kita katunggilaken wonten ing Sang Kristus
dados tunggil badan lan tunggil Roh minangka kurban
ingkang satuhu konjuk Gusti Allah.
Psw : Pinujia Sang Roh Suci.
Pmp : Lumantar Sang Kristus, sesarengan Sang Kristus, wonten
ing Sang Kristus, sadhngah pakurmatan saha kamulyan
konjuk Allah Sang Rama, wonten ing panunggilipun Sang
Roh Suci, samangk dumugi ing salaminipun.
Psw : Pinujia Sang Rama, / Sang Putra / lan Sang Roh Suci.

Donga Rama Kawula
Kaucapaken sesarengan

Tentrem Rahayu [pasamuwan jumeneng]
Pmp : Gusti sampun ngapunteni saha nunggilaken kita, awit
saking punika sumangga kita gesang ing salebeting
tentrem-rahayu lan samidn ngapunteni. Tentrem-
rahayunipun Gusti wontena ing panjenengan sadaya!
Psw : Wontena ing panjenengan ugi!

LPP Sinode Wulan Brayat 2014 76


(Pasamuwan sami tangkep asta/ salaman,
sasampunipun punika lenggah malih.)

Paladosan Roti
Pmp : (nyuwil-nyuwil roti) Roti ingkang kita cuwil-cuwil
punika, dados pratandha patunggilan kita kaliyan
sariranipun Sang Kristus. Sumangga panjenengan
tampni!

(Roti kaladosaken ngantos wradin,
kacepeng rumiyin, mangk dipun dhahar sesarengan.)

Pmp : Kanthi ngngeti lan pitados, bilih sariranipun Sang
Kristus sampun kinurbanaken dados kurban tebusan
ingkang sampurna ngluwari kita saking dosa, sumangga
kita tedha sesarengan roti punika!

(Roti kadhahar sesarengan.)

Paladosan Anggur
Pmp : (ngesokaken anggur ing tuwung) Tuwung punika, dados
pratandha patunggilan kita kaliyan rahipun Sang Kristus.

(Anggur kaladosaken ngantos wradin,
kacepeng rumiyin mangk dipun unjuk sesarengan.)

Pmp : Kanthi ngngeti lan pitados, bilih rahipun Sang Kristus
sampun kinurbanaken dados kurban tebusan ingkang
sampurna ngluwari kita saking dosa, sumangga kita omb
sesarengan anggur punika!

(Anggur kaunjuk sesarengan.)

Donga Sokur lan Syafaat

LPP Sinode Wulan Brayat 2014 77

Kapimpin dning Pemimpin.



(Menawi Bujana Suci kaladosaken namung kangg
warga diwasa)

Pratlan
Pmp : Samangk kita sesarengan badh kembul bujana ing
Sakramn Bujana punika awit Gusti Ysus piyambak
ingkang netepaken lan ngulemi kita ngnget-nget
katresnanipun lumantar pambujanan punika. Bujana
Suci punika kaladosaken kangg sadaya tiyang ingkang
sampun kabaptis saha ngakeni kapitadosanipun,
makaten ugi tumrap umatipun Gusti ingkang boten
kaperdi. Bok menawi wonten sadhrk-sadhrk saking
pasamuwan sans ingkang rawuh ing pangibadah
punika, menawi rena ing galih lan sumadiya ndhrk,
kula aturi sesarengan kaliyan kita ing ngriki kembul
bujana sesarengan.

Supados bujana punika stu dados berkah tumrap kita
sadaya, sumangga kita sami ndadar manah kita
piyambak-piyambak kanthi pitaknan-pitaknan
makaten: [1] Punapa kita sampun ngudi gesang
mbangun-bedhamn kaliyan Gusti Allah? [2] Punapa
kita sampun gesang tentrem-rahayu kaliyan sesami kita
dadosa smah, tiyang sepuh, anak, kadang-sadhrk,
mitra-pitepangan, tangga tepalih saha sinten kmawon
ingkang pepanggihan kaliyan kita ing gesang
padintenan?

Ing salebeting kawontenan boten sampurna, kita pitados
bilih Gusti Allah karsa nuckaken kita saking
sawarnining dosa kalepatan, nganyaraken gesang

LPP Sinode Wulan Brayat 2014 78

punapa dn ndayani kita anggn kita tinimbalan
neksni sihipun Sang Kristus lumantar gesang
padintenan saha ngeparengaken kita nampni bujana
suci ing wekdal samangk.


Ngeneraken Manah
Pmp : Sumangga kita ngeneraken manah dhumateng Gusti.
Psw : Kawula ngeneraken manah dhumateng Gusti.
Pmp : Sumangga kita tansah ngucap sokur dhumateng Gusti,
Allah kita.
Psw : Sampun samesthinipun kawula ngucap sokur
dhumateng Paduka.

Kidung Pamuji Sokur

KPK 14:1 ALLAH MAHA SUCI
Suci, suci, suci, pinuji Hyang Suci,
Allah Maha mulya kang jumeneng Raja.
Suci, suci, suci pinundhi Hyang Widi,
titah sadaya bra muji samya.

Donga Sokur
Kapimpin dning Pemimpin

Tetepan Bujana Suci
Pmp : Kita ngucap sokur dn Allah Rama ingkang Maha Suci
tansah nunggil kaliyan kita, lan Sang Kristus ngulemi kita
ndhrk kembul bujana ing paladosan Bujana Suci
punika. Kita yakin bilih Roh Suci katumrahaken dhateng
kita, temahan kanthi pitados stu, kita ngraosaken
rawuhipun Sang Kristus ing ngriki.

Sang Kristus, ing dalu ndungkap Panjenenganipun
kaulungaken, mundhut roti, ngucap sokur, nyuwil-nyuwil
roti wau lan maringaken dhateng para sakabat sarta

LPP Sinode Wulan Brayat 2014 79

ngandika, Iki badanku kang kaulungak marga saka
kow. Tampanana lan panganen, iki minangka pangling-
ling marang Aku!

Sasampunipun punika, Sang Kristus mundhut tuwung
unjukan, ngucap sokur saha maringaken tuwung wau
dhateng para sakabat sarta ngandika, Tuwung iki
prajanjian anyar kang kacap kalawan getih-Ku. Saben-
saben kow padha ngomb, iku gawnen pangling-ling
marang Aku!
Psw : Sdanipun Sang Kristus / badh kawula suwuraken! /
Wungunipun Sang Kristus / badh kawula pahargya! /
Rawuhipun Sang Kristus / badh kawula antu-antu!

Ngngeti Sang Kristus
Pmp : Ing dinten punika kita sami makempal ngnget-nget
pratlan sihipun Gusti Allah ingkang milujengaken donya:
wiwit wiyos lan sugengipun Sang Kristus Putra Ontang-
anting pantaranipun manungsa, pambatipsanipun Gusti,
bujana pungkasan sesarengan kaliyan para siswa punapa
dn sdanipun Ysus Kristus. Kita nyuwuraken
wungunipun Sang Kristus lan sumengkanipun ing swarga
nuju kamulyan sajati dn Panjenenganipun tansah
ndedonga kangg donya punika.

Kita ngantu-antu rawuhipun Sang Kristus ing
pungkasaning jaman njangkepi sadaya prasetyanipun
Gusti Allah. Kita minangka patunggilan ingkang tinangsul
dning lan wonten ing Sang Kristus ingkang
milujengaken, dn karahayonipun Gusti katumrahaken
kangg sadaya manungsa ing sadhngah papan.
Psw : Puji sokur konjuk Gusti.
Pmp : Kita ndhrk kembul bujana, Roh Suci ingkang mitulungi
kita temahan kita katunggilaken wonten ing Sang Kristus
dados tunggil badan lan tunggil Roh minangka kurban
ingkang satuhu konjuk Gusti Allah.

LPP Sinode Wulan Brayat 2014 80

Psw : Pinujia Sang Roh Suci.
Pmp : Lumantar Sang Kristus, sesarengan Sang Kristus, wonten
ing Sang Kristus, sadhngah pakurmatan saha kamulyan
konjuk Allah Sang Rama, wonten ing panunggilipun Sang
Roh Suci, samangk dumugi ing salaminipun.
Psw : Pinujia Sang Rama, / Sang Putra / lan Sang Roh Suci.

Donga Rama Kawula
Kaucapaken sesarengan

Tentrem Rahayu [pasamuwan jumeneng]
Pmp : Gusti sampun ngapunteni saha nunggilaken kita, awit
saking punika sumangga kita gesang ing salebeting
tentrem-rahayu lan samidn ngapunteni. Tentrem-
rahayunipun Gusti wontena ing panjenengan sadaya!
Psw : Wontena ing panjenengan ugi!

(Pasamuwan sami tangkep asta/ salaman,
sasampunipun punika lenggah malih.)

Paladosan Roti
Pmp : (nyuwil-nyuwil roti) Roti ingkang kita cuwil-cuwil
punika, dados pratandha patunggilan kita kaliyan
sariranipun Sang Kristus. Sumangga panjenengan
tampni!

(Roti kaladosaken ngantos wradin,
kacepeng rumiyin mangk dipun dhahar sesarengan.)

Pmp : Kanthi ngngeti lan pitados, bilih sariranipun Sang
Kristus sampun kinurbanaken dados kurban tebusan
ingkang sampurna ngluwari kita saking dosa, sumangga
kita tedha sesarengan roti punika!

(Roti kadhahar sesarengan.)

LPP Sinode Wulan Brayat 2014 81


Paladosan Anggur
Pmp : (ngesokaken anggur ing tuwung) Tuwung punika, dados
pratandha patunggilan kita kaliyan rahipun Sang Kristus.

(Anggur kaladosaken ngantos wradin,
kacepeng rumiyin mangk dipun unjuk sesarengan.)

Pmp : Kanthi ngngeti lan pitados, bilih rahipun Sang Kristus
sampun kinurbanaken dados kurban tebusan ingkang
sampurna ngluwari kita saking dosa, sumangga kita omb
sesarengan anggur punika!

(Anggur kaunjuk sesarengan.)

Donga Sokur lan Syafaat
Kapimpin dning Pemimpin.



Kidung Pangutusan

KPK 171:1,2 UTUSANING GUSTI
Sesarengan : Ing jagad kang peteng krana dosa,
kathah tyang kang sulayah,
awrating panandhang mila nggresah,
samya semplah ing manah,
sumangga Gusti ngagem kawula,
mbabar tresna kang sanyata,
sumangga Gusti ngutus kula,
numrahken berkah dhateng tyang kathah.
-interlude-
Psw wanita : Angundhangken sih rahmating Gusti,
lelabet wah leladi,
Psw priya : margining tyang luwar sing sangsara,

LPP Sinode Wulan Brayat 2014 82

temah samya raharja,
Sesarengan : sumangga Gusti ngagem kawula,
mbabar tresna kang sanyata,
sumangga Gusti ngutus kula,
numrahken berkah dhateng tyang kathah.

Pangutusan
Pmp : Enerna manah panjenengan dhateng Gusti.
Psw : Kawula ngeneraken manah dhateng Gusti.
Pmp : Dadosa seksinipun Gusti.
Psw : Puji sokur konjuk Gusti.
Pmp : Pinujia Gusti.
Psw : Samangk dumugi salaminipun.
Pmp : Nampnana berkahipun Gusti: Gusti Allah etuking
pangajeng-ajeng, njangkepi panjenengan (kita) kanthi
suka bingah saha tentrem-rahayu wonten ing kapitadosan
panjenengan (kita), temahan awit kasektning Roh Suci
panjenengan (kita) lubr ing pangajeng-ajeng. Wonten
ing asmanipun Allah Sang Rama, Sang Putra tuwin Sang
Roh Suci. Amin.
Psw : (aklamasi) Halluya 5X, Amin, 3X


[DEN]
Kasan

Anda mungkin juga menyukai