Anda di halaman 1dari 11

LPP Sinode Wulan Brayat 2014 104

BRAYAT:
GRJA INGKANG
ALIT WUJUDIPUN
SAHA
NDHATENGAKEN
PANGAJENG-
AJENG TUMRAP
JAGAD

PASAMUWAN MAKEMPAL
Wekdal ening
Pamaosing Warta Grja

Timbalan Ngibadah [pasamuwan jumeneng]
Prdt : Kawula ngunggung Paduka, dhuh Allah.
Psw : sadangunipun napasing gesang/ taksih ngisni wadag
kawula, / kawula badh tansah memuji Paduka.
Prdt : Paduka titahaken jagad saisinipun saha samukawis
sadaya.
Psw : Paduka kuwaos mulihaken tatu kawula / saha
mulihaken rengkaning jagad / ingkang sarwa campur
bawur.
Prdt : Paduka ingkang ngrubuhaken baluwartining gumunggung
saha sikep boten preduli.
WULAN BRAYAT
Minggu IV, 26 Oktober 2014
Katrangan:
Prdt : Pradata
Pmp : Pemimpin
Psw : Pasamuwan
Ltgs : Liturgos
Lkt : Lktor

Pangibadah punika
mbetahaken kertas kosong
lan bolpn, angkahipun kangg
nyerat tkadipun brayat


LPP Sinode Wulan Brayat 2014 105

Psw : Paduka nangsuli kawula kanthi raketing patunggilan
minangka brayat.
Prdt : Pambudi Paduka wiyaripun nglangkungi wiyaring
samudra.
Psw : Pinujia Paduka, / langgeng ing salaminipun.

Kidung Pambuka

KPK 31:1,2 PINUJIA ALLAH
Sesarengan : Pinujia tansah Allah Mamirah
kang gung tresnanira mring salir titah,
tyang dosa duraka sinung apura
tinebus sing pati temah basuki,
luhurna, mulyakna Gusti Sang Pamarta
luhurna, mulyakna Pangruwating dosa,
pasrah maring Allah srana pracaya
margining waluya tentrem raharja.
-interlude-
Psw priya : Pinuji slaminya Allah Matresna,
kang ngegungken sabar mring
tyang kang mblasar,
Psw wanita : nuntun mring pitobat srana sih-rahmat,
mrih tyang mursid yekti sinung Roh Suci,
Psw priya : luhurna mulyakna
Psw wanita : Gusti Sang Pamarta
luhurna mulyakna
Psw priya : Pangruwating dosa,
Sesarengan : pasrah maring Allah srana pracaya
margining waluya tentrem raharja.

Votum lan Salam
Pmp : Pangibadah punika katindakaken wonten ing asmanipun
Allah Sang Rama, Sang Putra lan Sang Roh Suci!
Psw : (aklamasi) Amin, Amin, Amin!
Pmp : Tentrem-rahayunipun Gusti Ysus Kristus nunggila ing
para sadhrk (kita) sadaya!

LPP Sinode Wulan Brayat 2014 106

Psw : Samangk dumugi salaminipun.

Pambuka [pasamuwan lenggah]
Ltgs : Winengku ing kathah padamelan pakaryan, punika
titikanipun tiyang gesang jaman samangk. Sadaya tiyang
sami mburu wekdal, kedah cepet. Sadaya prakawis karaos
wigati sanget lan kedah nyata. Punika sababipun
samangk kita dipun gangsaraken kaliyan piranti-piranti
ingkang sarwa anyar lan ngramaken. Sadaya prakawis
kasebat ndhatengaken pangaribawa gegelitaning brayat
jalaran kamajenganing jaman. Kawitanipun sadaya karaos
gangsar, damel remen. Nanging asring boten dipun
nglengganani sadaya piranti kasebat njalari pranganing
brayat nggatosaken karemenanipun piyambak. Samidn
nyupkaken bilih brayat punika patunggilan ingkang
kedahipun rinengga ing raketing kekadangan utawi saged
sinebat wujuding Grja ingkang alit.

Asring kalampahan kawontenan brayat ingkang makaten
punika karaos kothong utawi garing. Gesanging brayat
boten wonten gregetipun malih kadya manggn ing
pasamunan. Asring kalampahan kawontenaning brayat
kadosdn baita ingkang katempuh ing prahara, kepara
badh krem. Sumangga kita sami wangsul nunggil
kaliyan Gusti. Panjenenganipun karsa rawuh lan nyidhem
praharaning gesang ingkang nempuh brayat. Sami
wangsula dhateng Gusti, ingkang dados underaning
gesang kita. Pangandikanipun Gusti mratlakaken:
Ananging Kratoning Allah lan kasampurnan, iku padha
upayanen dhisik, nuli samubarang iku mau kabh bakal
diparingak marang kow (Matus 6:33).

Kidung Pamuji

KPK 9:1,2 PAMUJI KONJUK ALLAH MAAGUNG
Sesarengan : Puji sokur lan panggunggung

LPP Sinode Wulan Brayat 2014 107

konjuk mring Hyang Maagung,
kang nitahken jagad raya
wah langgeng kasetyannya,
makluk wrata rinimatan
krana sihing Pangran,
jagad tentrem lan raharja
lamun manut pangrhnya
-interlude-
PNJ : Surya, candra lan pra lintang
samya nyunarken padhang,
Psw wanita : peksi ngoch mawurahan
Psw priya : wah sato kwan girang,
Pmp : tetuwuhan ngumbar sekar
PNJ : sarta asung woh-wohan,
Sesarengan : sadaya sami memuja mring Allah Kang Makwasa.

Pangaken Dosa
[Bapak, Ibu, Anak tunggil brayat ingkang ngrawuhi pangibadah
samidn ngakeni kalepatanipun saha samidn ndongakaken.
Nalika sami ndedonga, organis ngungelaken kekidungan lirih.
Menawi sampun kawawas cekap, Pemimpin nutup reroncning
donga pangaken kasebat.]

Kidung Pangakening Dosa

KPK 50:1-4 KULA KEDUWUNG
Sesarengan : Sastu keduwung kula dn kirang setya,
dhinawuhan kinn tresna
dhateng Allah wah sami,
nging tan ana bukti adhuh Gusti nyuwun suci.
-tanpa interlude/ karepkaken pada salajengipun-
Psw wanita : Sastu keduwung kula d gesang mung nglaha,
klu pangwasaning dosa
mung nguja sengseming driya,
lampah tan prayogi, adhuh Gusti nyuwun suci.
-interlude-

LPP Sinode Wulan Brayat 2014 108

Psw priya : Sastu keduwung kula d ndlarung ing dosa,
nadyan rinoban sih-rahmat
nging datan nggal mratobat,
mangkotaken ati, adhuh Gusti nyuwun suci.
-tanpa interlude/ karepkaken pada salajengipun-
Sesarengan : Sastu keduwung kula nglirwakken kwajiban,
mrih tuwuhing pasamuwan
miwah gesanging bebrayan,
tentreming dumadi, adhuh Gusti nyuwun suci.

Pawartos Sih-rahmat [pasamuwan jumeneng]
Pmp : Ayo, kita padha prakaran! - mangkono pangandikan
Sang Yhuwah - Sanadyan dosanira abang kaya gluga,
bakal dadi putih kaya salju; sanadyan rupan abang kaya
jarit sumba bakal padha dadi putih kaya wulu wedhus
gembl (Ysaya 1:18). Makaten sih-rahmatipun Gusti.
Psw : Puji sokur konjuk Allah.

(Pasamuwan sami tangkep asta
kinanthnan ngrepkaken Tentrem Rahayu.)

KPK 345 TENTREM RAHARJA
Sesarengan : Tentrem raharja sing Gusti kita,
tumrah mring kita
tentrem raharja sing Gusti kita,
tumrah mring kita.

Kidung Tanggapan

KPK 306:1,2 NENINGKAHAN KANG BINERKAHAN GUSTI
Sesarengan : Neningkahan kang kinekahken
lan binerkahan dning Gusti,
dados brayat kang sinengker
ing patunggilanipun Hyang Maha suci,
Psw priya : sembada ing prang rohani,
Psw wanita : nglawan iblis julig yekti

LPP Sinode Wulan Brayat 2014 109

tumemen ing pandonga,
Psw priya : wah nggegilut sabdanya,
Sesarengan : nggunggung sih-rahmat Rama,
Psw wanita : mersudi ing kamursidan
Psw priya : miwah gesang masamuwan,
Psw wanita : tan lali dados seksi
Psw priya : wah lelados sesami,
Sesarengan : mbabar sih-tresnaning Gusti.
-interlude-
Psw wanita : Neningkahan kang kinekahken
lan binerkahan dning Gusti,
Psw priya : brayatira sami sinengker
wit prasetyan tinandhan baptis suci,
Psw wanita : kanthi temen dnnya merdi
Psw priya : srana nuntun nuladhani,
Psw wanita : dimn sregep ngabekti,
Psw priya : ndedonga lan memuji,
Sesarengan : tansah setya dugng janji,
Psw priya : kanthi tegen nggulawenthah
Psw wanita : dimn dadya putrng Allah,
kinasihan ing Rama
Psw priya : tinresnan ing sesama,
Sesarengan : watek pradhah lembah manah.



PALADOSAN PANGANDIKA

Donga piklse [pasamuwan lenggah]
Kapimpin dning Pemimpin.

Pamaosing Kitab Suci
Waosan I
Lkt : Waosan kapisan kapethik saking Pangandharing Tort
34:1-12 (sasampunipun maos) Makaten pangandikani-
pun Gusti.

LPP Sinode Wulan Brayat 2014 110

Psw : Puji sokur konjuk Gusti.

Masmur Tanggapan
Lkt : Sumangga kita nanggapi waosan kapisan kanthi
sesarengan maos Jabur Masmur 90:1-6, 13-17 sesautan
(saged ugi dipun daras/ dipun repkaken).

Waosan II
Lkt : Waosan kalih kapethik saking seratipun Rasul Paulus
ingkang kapisan dhateng pasamuwan Tsalonika, bab 2
ayat 1-8 [1 Tesalonika 2:1-8]. (sasampunipun maos)
Makaten pangandikanipun Gusti.
Psw : Puji sokur konjuk Gusti.

Waosan Injil
Pmp: Waosan Injil kapethik saking Injiling Ysus Kristus
manut paseksining Matus 22:34-46 (sasampunipun
maos) Makaten Injiling Ysus Kristus, ingkang rahayu
inggih punika ingkang sami mirengaken
pangandikanipun Gusti lan dipun gatosaken. Halluya!
Psw : (aklamasi) Halluya, Halluya, Halluya!

Kotbah

Wekdal Ening

Pangaken Pitados [pasamuwan jumeneng]
Prdt : Sesarengan pasamuwanipun Gusti ing salumahing bumi,
ing sadhngah papan saha wekdal, kita pratlaken
Sahadat kita kanthi ngidung sesarengan.

KAWULA PITADOS
[Cakepan dning Uri Christian Sakti Labti
manut Pangaken Pitados Rasuli,
Notasi saking KPK-BMGJ 143]


LPP Sinode Wulan Brayat 2014 111

Sesarengan : Mung pitados dhateng Allah
ingkang Maha kawasa,
kang nitahken langit bumi
wah langgeng kasetyanya,
nggih pitados Ysus Kristus
Putra Allah Sang Rama,
kang wit rhing Sang Roh Suci
dadya tuhu Pamarta.
-tanpa interlude/ karepkaken pada salajengipun-
Sesarengan : Nggnnya karsa nandhang sisah
sangsara myang Golgota,
tedhak maring palimengan
mrih jalma samya rarja,
sda wit jemala laknat
*)

pinenthang lir durjana,
nging nggal wungunya mulya
unggul sing pati baka.
-tanpa interlude/ karepkaken pada salajengipun-
Sesarengan : Pangran ngratoni swarga
ing dhamparing Sang Rama,
mengku pangwasa slaminya
wit rh Rohing Pamarta,
samya nunggil pasamuwan
nggih pra suci umatnya,
sihnya sung apunten dosa
mrih langgeng gesangira.
*)
Jemala: gitik, gebug.

Donga Syafaat [pasamuwan lenggah]
Kapimpin dning Pemimpin.


PISUNGSUNG

Pangatag Pisungsung
Prdt : Padha ngunjukna panuwun ing sabarang kang tinemu,

LPP Sinode Wulan Brayat 2014 112

awit iku kang dikarsakak dning Gusti Allah ana ing Sang
Kristus Ysus tumrap kow (II Tsalonika 5:18).

KPK 183:1- PISUNGSUNG MRING KANG MALUHUR
Sesarengan : Gusti Kang Maluhur kula saos sokur,
sung pisungsung klayan bingah
wit lubring berkah,
mugi dados marginira asma Paduka pinuja,
karsanta binabar nyata
kraton swarga rawuha,
Amin, Amin, Amin.
-interlude-
Sesarengan : Gusti Kang Maagung kula sung pisungsung
dados srananira grja leladi makarya,
mbabarken tresnaning Allah
sumrambah mring tiyang kathah,
temahan Gusti pinuji ing jagad lir ing swargi,
Amin, Amin, Amin.

Donga Pisungsung [pasamuwan jumeneng]
Kapimpin dning Pradata.


PANGUTUSAN
Pratlan Pangutusan
Pmp : Boten wonten prakawis ingkang mokal tumraping Allah.
Awit saking punika, sami sowana dhateng Gusti, nyuwun
kasagedan saking Panjenenganipun.
Psw : Gusti mugi mitulungi kawula!
Pmp : Para Sadhrk kula aturi sami gandhngan kaliyan
garwanipun piyambak-piyambak. Dinten punika, mangga
panjenengan pratlakaken tkad panjenengan dhateng
sisihan panjenengan.

Kaaturan wekdal sami mratlakaken tkadipun dhateng
sisihanipun piyambak-piyambak. Pasamuwan ingkang

LPP Sinode Wulan Brayat 2014 113

rawuh piyambak utawi sampun boten tinengganan sisihan,
saged mratlakaken tkadipun piyambak-piyambak.

Pmp : Boten wonten brayat ingkang boten nemahi prakawis
pergumulan. Awit saking punika, minangka pranganing
brayat, panjenengan kula aturi tetep gandhngan. Dinten
punika, samia mratlakna tkad panjenengan murih
lestantun saha wetahing katresnan tumrap brayat
panjenengan piyambak-piyambak.

Saben brayat mratlakaken tkad lajeng nyerat ing kertas
ingkang sampun kacawisaken. Kertas kasebat dipun simpen
ing Kitab Suci kangg matesi pamaosing Kitab Suci.

Kidung Pangutusan

KPK 300:1,2 KARAHAYONING TYANG GEGRIYA
Sesarengan : Arahayu sagunging tyang gegriya
ingkang tansah rumaket mring Gusti,
Psw wanita : mung Gusti dadya tuking basukinya
klayan bingah prntahnya pinundhi,
Psw priya : ska kapti anilingken sabdanya,
angabekti Allah klayan klas,
Sesarengan : rinten ndalu angluhurken asmanya
myang sumuyud kalayan trusing tyas.
-interlude-
Psw wanita : Arahayu sagunging tyang smahan,
Psw priya : ingkang nunggil tresnanya mring Gusti,
runtang runtung dnira sih-sinihan,
Psw wanita : klayan, saka-praya lan budi,
Psw priya : tansah migatosken sabdaning Allah,
Psw wanita : sarta memuji ngluhurken Gusti,
Sesarengan : mantep ing pitados kang trusing manah,
saha setya dumugi ing janji.

Berkah

LPP Sinode Wulan Brayat 2014 114

Pmp : Sami mengkera saking papan pangibadah punika kanthi
manah ingkang kebak pangucap sokur. Tansah nyuwuna
kakiyatan saking Gusti kangg nyantosakaken brayat
murih bagya-raharja. Sami dn mbag daya gesang lan
raketing pasedhrkan ing brayat panjenengan piyambak-
piyambak makaten ugi ing bebrayan agung; awit saking
punika nampnana berkahipun Gusti:
Mugi pangrimat ingkang pinangkanipun saking Gusti,
tansah karaosaken dning brayat panjenengan (kita)
sadaya. Mugi pitembungan ingkang ngener dhateng
kasanan tansah kawedal saking lsan panjenengan (kita)
sadaya. Mugi bludaging raos sokur kababar ing pratingkah
gesang padintenan panjenengan (kita) sadaya. Lan mugi
mangsa ngajeng panjenengan (kita) sadaya prayogi
linangkung awit sawab berkahing Gusti temahan tansah
kaantu-antu kababar wonten ing brayat panjenengan
(kita) sadaya. Amin!
Psw : (aklamasi) Halluya [5x] Amin [3x]!


[ASP]
Kasan

Anda mungkin juga menyukai