Anda di halaman 1dari 4

Tata Pangibadah Minggu Biasa XXXIII – 17 Nopember 2019

“Makarya Adhedhasar Katresnan”


Pepanthan Nologaten, jam 08.30 WIB

01. Liturgos : Pasamuwan ingkang kinasih ing patunggilanipun Gusti Yesus,


Pradhataning Pasamuwan ngaturaken sugeng enjang dhumateng warganing
pasamuwan tamu punapa dene pasamuwan GKJ Ambarrukma ing pangibadah punika
lan sumangga para warga pasamuwan saged sami jawat-asta dhumateng kiwa-
tengenipun. Sakderengipun pangibadah katindakaken, badhe kula kaaturaken
sawetawis pawartos pasamuwan dinten punika…………….. (pamaosing Pawartos
Pasamuwan).
Menawi wonten ingkang ngersakaken paladosan mirunggan, saged sesambetan
kalayan Pradhata punapa sesambetan dhateng kantor greja.
Sumangga kita memuji Gusti kanthi repening kidung “Pasamuwan Nyawiji”, kairing
dening Karawitan Kalvari Adi, pasamuwan kaaturan jumeneng…
1) Pasamuwan kang nyawiji, netepi sabdaning Gusti
Dadya paseksi sanyata, Yesus yeku Sang Pamarta
Sih-rahmating Allah tumrah, mring gung manungsa sumrambah
Saliring tyang kang pracaya, basuki gesangira.
2) Pindha badan mung sajuga, nging kathah peranganira
Pasamuwan kang manunggal, mbabarken gesang kang enggal
Sami dene mbiyantoni, wit sih sinihan sayekti
Tunggal ati tunggal Gusti, nengsemken mring sesami.

02. Votum lan Salam Karaharjan:


P : Pasamuwan kinasih sumangga pangibadah ing minggu punika kita sengker,
kanthi sesarengan mratelakaken pengaken makaten
Ps : Pitulungan kawula punika pinangkanipun saking Yehuwah ingkang
nitahaken langit lan bumi, ingkang tansah netepi prasetyanipun ngantos
ing salaminipun.
P : Sih Rahmat lan tentrem rahayu saking Gusti Yesus Kristus mugi tansah
rumentaha ing panjenengan sadaya.
Ps : Makaten ugi ing panjenengan.
Sadaya : . . 5 4 | . . 4 5 3 | . 3 4 3 1 7 |
A - min A - min A - min
03. Lektor : ngandharaken Introitus : Jabur 98 (pasamuwan lenggah - diiringi
organis memainkan instrumen musik lembut)
Lektor : Mekaten sabdanipun Gusti.
Pasamuwan : Puji sokur konjuk Gusti.

04. Liturgos : Pasamuwan kinasih, sumangga kita sami ngluhuraken asmanipun Gusti
kanthi repening kidung “Margi Rahayu”, kairing dening Karawitan Kalvari Adi
(1) Rahayu wong wedi asih, (2) Omahe wong kang pracaya,
Mring Yehuwah Allahe, Kanggonan kaluberan,
Kasengsem mring pepakone, Jujure atine tulus,
Turun ne wong kang jujur, Tumekeng kalanggengan,
Kanggepana ing tanah, Samangsa kapetengan,
Wis mesthi antuk berkah. Mesthi antuk pepadang.

05. P : Sumangga kita sami mulad sarira, niti priksa diri pribadi, kanthi mirengaken
sabda katresnan ingkang sinerat ing 1 Yokanan 4 : 16 - 21.
06. Imam : Pasamuwan kinasih, nglenggana ing karingkihan lan dosa kita, sumangga kita
sami cecawis nelakaken pamratobat, kanthi langkung rumiyin sami ngrepenaken
kidung “Dhamparsih”, kairing dening Karawitan Kalvari Adi

Refr:
Nggih dhampar ing Sih-Rahmat kang nengsemken tyas kula,
Ngriku nggen kulantuk gesang sinungan waluya.
(1) Wonten satunggal panggenan, sayogya dados klangenan,
Mring tyang dosa kang mratobat, yeku dhamparing sih-rahmat.....Refr:
(2) Ngriku Gusti dennya ngarih, manah kula yen asedhih,
Salir prihatin binirat, yeku dhamparing sih-rahmat.....Refr:
Im. : Sumangga kita nelangsani dosa kita kanthi pandonga.

07. P : Pawartos Sih Rahmat : Rum 3 : 23 - 26


08. P : Pangatag-atag Gesang Anyar : Kolose 3 : 12 - 17
09. Liturgos : Pasamuwan kinasih, sumangga kita sami jumeneng nanggapi pawartos sih
rahmat lan pangatag-atag gesang anyar, minangka kasanggeman kanthi repening
kidung “Sedya Asih”, kairing dening Karawitan Kalvari Adi (Pasamuwan kaaturan
jumeneng)
(1) Kinanthi sekar pangidung, kidung katur Hyang Mha Suci,
Dhawuh tresna rong prakara, tresna marang Allah yekti,
Tresna asih mring sesama, sedya asih den antepi.
(2) Kidung ingkang tuhu tulus, sungkem Gusti siang ratri,
Nuhoni dhawuh Sang Rama, datan bimbang jroning ati,
Sedya asih kidungannya, den lestari siang ratri.
10. P : Pandonga Atur Panuwun lan Syafaat (Pasamuwan lenggah)
11. Imam: Pasamuwan ingkang kinasih, ing wekdal pangibadah punika, kita badhe
ngaturaken pisungsung, arupi pisungsung minggu, wulanan, lan pisungsung
mirunggan. Pisungsung mawi Kantong I saha II katujokaken kagem pasamuwan,
lan Kantong III (Kuning) katujokaken kagem panyengkuyung pengadaan rumah
pendeta emeritus. Kempaling pisungsung punika kinanthen tetales sabda ingkang
sinerat Lelakone Para Rasul 20 : 35.
Imam: Sumangga kempaling pisungsung kairing repening kidung “Caos
Pisungsung”, kairing dening Karawitan Kalvari Adi
1) Caosa pisungsung mring Hyang Ma Agung 2) Tangan suku kula tansah makarya
Krana gunging sih rahmat datan kendhat Mrih sesami nampi berkahing Gusti
Bandha arta lan pethingan Nampeni berkahing Gusti
Gesang tansah binerkahan. Ngantos dumugeng wekasan.
3) Bandha kasugihan wah kasagedan
Gesang sawetahnya pisungsung nyata
Pisungsung nyata dadosa
Mrih kamulyaning Pangeran.

Imam: Pandonga Pisungsung (Pasamuwan jumeneng).

12. Sabdeng Allah winedhar : 2 TESALONIKA 3 : 6 - 13


P : Rahayu saben tiyang ingkang mirengaken sabdaning Pangeran lan nindakaken
ing gesangipun. Haleluya
Ps : . . 7 1 7 5 7 1 . . 7 1 7 5 7 1
Ha-le - lu - ya A-min Ha-le - lu - ya A-min
. . 7 1 3 4 5 4 . . 3 5 4 3 4 3
Ha-le - lu - ya A-min Ha-le - lu - ya A-min
Tema : “Makarya Adhedhasar Katresnan”
Tujuan : Jemaat diajak untuk bekerja dengan cinta apapun jenis pekerjaannya
untuk menghayati karya penyelamatan Allah yang didasari cinta
kasih setia serta mengajak jemaat untuk menghargai hasil karya dan
pekerjaan orang lain.
P : Paladosan Kotbah.
13. P : Wekdal Ening lan Pandonga Panutup

14. Liturgos : Pasamuwan kinasih, sumangga kita pungkasi pangibadah kita kanthi
repening kidung “Isining Kitab Suci”, kairing dening Karawitan Kalvari Adi,
pasamuwan kaaturan jumeneng…
(1) Isinya kabar kabingahan Refr: Dimen tyang pitados
Winangsitken dening Pangeran Tansaha rumantos
Dadya srana suka piwulang Mbangun turut Gusti
Margining kautaman Nresnani sesami

(2) Tyang lepat kraos winelehna


Dening sabdaning kang Ma Kwasa
Tyang dosa gya samya mratobat
Nampenana sih rahmad…Refr:

15. Liturgos : Pasamuwan kinasih sumangga kita sami sesarengan nelakaken


Pangakening Iman Rasuli

16. P : Ngrentahaken Berkah


17. Liturgos : Kidung Panutup kanthi repening kidung “Purnaning Pangabekti”,
kairing dening Karawitan Kalvari Adi
(1) Pinujia nggih Allah Sang Rama (2) Pangabekti sestu pangibadah
Wah Sang Putra lan Roh Suci Lamun Gusti kang den sembah
Purna pangabekti aneng greja Kraharjaning pepadha den udi
Ngrasuk gesang saben ari Jagad ramya tentrem yekti
Payo nindakna kang trusing ati Payo nindakna kang trusing ati
Sabdaning Gusti sung gesang yekti Sabdaning Gusti sung gesang yekti
Sinartan dening berkahing Gusti Sinartan dening berkahing Gusti
Sung sih rahmat mring sesami. Sung sih rahmat mring sesami.

KETERANGAN DALAM LITURGI/TATA IBADAH:


 Liturgos : petugas dari anggota Majelis Gereja
 Imam : petugas dari anggota Majelis Gereja
 Lektor : petugas dari salah satu Jemaat
 P : Pengkotbah/Pendeta.
 J / Ps. : Jemaat / Pasamuwan.
 Warna Liturgis : Hijau – Stola Hijau Lambang/Logo Perahu + Pelangi.

Anda mungkin juga menyukai