Anda di halaman 1dari 4

Latihan Soal SSG Bahasa Jawa Nama : ___________________________

Hari, Tanggal : Rabu, 31 Mei 2023 Kelas/ No. Absen : _______/_________


Kelas/ Semester : II/ 2 Tahun Pelajaran : 2022/2023

______________________________________________________________________________

Isenana nganggo wangsulan sing bener!


1. Kanggo mangsuli soal nomer 1-5, gatekna tembang Kodhok Ngorek ing ngisor iki!
Kodhok ngorek, kodhok ngorek, ngorek ing blumbangan.
Theot theblung, theot theblung, theot-theot theblung.
Bocah nakal-bocah nakal, njaluk dijamoni.
Jamu apa, jamu apa, temu lawak pait.
Bocah pinter, bocah pinter, besuk dadi dhokter.
Tumpakane-tumpakane kapal sing bisa miber.
Adhedhasar tembang kasebut, kodhoke ngorek ing _________________________
2. Adhedhasar tembang kasebut, swarane kodhok yaiku ________________________
3. Adhedhasar tembang kasebut, bocah yen nakal njaluk ___________________
4. Adhedhasar tembang kasebut, jamune bocah nakal yaiku _____________________
5. Adhedhasar tembang kasebut, bocah pinter besuk dadi ____________________
6. Kanggo mangsuli soal nomer 6-10, gatekna tembang Kupu Kuwi ing ngisor iki!
Kupu kuwi takincupe.
Mung abure ngewuhake.
Ngalor ngidul ngetan bali ngulon.
Mrana-mrene mung sakparan-paran.
Sapa bisa ngencupake.
Teka mencok cegreg.
Banjur mabur bleber
Adhedhasar tembang kasebut, kupu kuwi ___________________
7. Adhedhasar tembang kasebut, mung abure ngewuhake, ngalor ngidul ____________
bali ngulon.
8. Adhedhasar tembang kasebut, mung abure ngewuhake. Ngewuhake tegese
_____________________________
9. Adhedhasar tembang kasebut, mrana-mrene mung sakparan-paran. Sakparan-paran
tegese miber menyang __________________________________
10. Isine tembang kasebut yaiku aku kepengen ngincup kupu sing _________________
_________________________________________________
11. Wacanen pethikan teks buku hariane Beni ing ngisor iki!
Minggu, 2 Januari 2022
Liburan wingi, aku dolan menyang daleme simbah.
Simbah daleme ing Tulungagung.
Aku seneng banget ana daleme simbah.
Simbah kagungan kolam iwak cacahe sepuluh.
Manut pethikan teks buku harian kasebut, teks buku harian ditulis nalika tanggal
__________________________
12. Wacanen pacelathon ing ngisor iki!
Winda : ”Dhik, ayo resik-resik lan nata omah kareben tumata!”
Bagus : ”Iya, Mbak. Ayo, bebarengan nata omah mumpung dina Minggu!”
Winda : ”Aku nyaponi kamar, bale, lan pawon. Kowe nyapu latar lan nyirami
kembang ya. ”
Bagus : ”Iya, Mbak.”
Bagus kebagean nindakake __________________________________________
13. Putrane Pak Firman sing mbarep jenenge Udin. Tembung mbarep tegese anak sing
nomer ____________________
14. Handi _________ buku dongeng. Bapak maos koran.
15. Sadurunge budhal Bu Guru maringi pengarahan. Tembung liyane sing padha tegese
karo pengarahan yaiku _______________________
16. Sinta lan Edo wis mbeber klasa. Tembung liyane sing padha tegese karo mbeber
yaiku _______________________
17. Toni : Lho…., wis yah mene Agus kok durung teka.
Agus : Pangapurane Ton, tekaku telat, amarga dikongkon ngrewangi nyapu latar
karo ibu.
Toni : Iya Gus, ora dadi apa.
Manut pethikan pacelathon kasebut, sing teka luwih dhisik yaiku _______________
18. Pak guru ngetutake bocah-bocah menyang pantai. Tembung liyane sing padha tegese
karo ngetutake yaiku ____________________
19. Gatekna pacelathon ing ngisor iki!
Bu Dinar : ”Lha banjur … sing kudu njupuk rapotmu?”
Sita : ”Inggih Ibu, sinten malih?”
Tembung kanggo njangkepi pacelathon kasebut yaiku ________________
20. Ukara adhedhasar gambar ing ngisor yaiku _________________________________

21. Wiwit esuk udane nggrejeh. Nggrejeh tegese _______________________________


22. Bondan disuntik lan diparingi resep. Resep iku __________________________
23. Apotek iku papan kanggo nebus _____________________
24. Yen wayah esuk, srengengene ______________________ ing sisih wetan.
25. Yen wayah ______________, srengengene angslup ing sisih kulon.
26. Raka ora sengaja ngrusak montor-montorane Adit . Ukara njaluk pangapurane yaiku
Adit, aku njaluk pangapura ya amarga ______________________________________
27. Jagone kluruk ing wayah ____________________________
28. Ranti tuku potelot cacahe papat. Papat basa kramane ________________
29. Tono duwe pitik cacahe sepuluh. Sepuluh basa kramane __________________
30. Adhedhasar tembang Gajah-gajah, kupinge gajah kaya __________________
31. Adhedhasar tembang Gajah-gajah, buntute gajah cilik tansah ___________________
32. Kanggo mangsuli soal nomer 32-35, gatekna tembang ing ngisor iki!
Menthog-menthog dakkandhani
Mung solahmu angisin-isini
Mbok ya aja ngetok ana kandhang wae
Enak-enak ngorok ora nyambut gawe
Menthog-menthog mung lakumu
Megal-megol gawe guyu
Adhedhasar tembang kasebut, menthog-menthog dakkandhani, mung solahmu
_______________________________________
33. Enak-enak ngorok ora nyambut gawe ing tembang kasebut tegese kewan kuwi
_______________________________
34. Ing tembang kasebut, lakune menthog ___________________________
35. Isine tembang kasebut yaiku manungsa kuwi aja sombong amarga ndhuweni
________________________ lan kaluwihan. Sing __________________ nyambut
gawe. Aja mung _________________ wae. Kanggo nyukupi kebutuhan urip.
36. Kucingku Telu, Pitik Tukung, lan Gajah-gajah diarani tembang _______________
37. Kanggo mangsuli soal nomer 37-39, gatekna tembang ing ngisor iki!
Yo prakanca dolanan ing njaba
Padhang bulan padhange kaya rina
Rembulane kang ngawe - awe
Ngelingake aja turu sore-sore
Adhedhasar tembang kasebut, yo prakanca _____________________ ing njaba.
38. Adhedhasar tembang kasebut, padhang bulan padhange kaya ____________
39. Tembang kasebut ngelingake supaya ______________________________________
40. Kanggo mangsuli soal nomer 40-42, gatekna tembang ing ngisor iki!
Gundhul-gundhul pacul cul, gembelengan
Nyunggi-nyunggi wakul kul, gembelengan
Wakul ngglimpang, segane dadi sakratan
Wakul ngglimpang, segane dadi sakratan
Tembung wakul ing tembang kasebut tegese ____________________________
41. Ing tembang kasebut, wakul ngglimpang, segane dadi ___________________
42. Tembung sakratan ing tembang kasebut tegese _________________________
43. Ukara adhedhasar gambar ing ngisor yaiku __________________________________

44. Amarga kekeselen adhiku ______________________, dene bulik sare ana kamar.
45. Karo kanca kudu rukun ora entuk _________________
46. ndadekake – iku – njaga – sehat – karesikan – bisa – urip
Tatanan sing bener yaiku ________________________________________________
___________________________________________
47. Buku harian yaiku buku cathetan kegiatan _______________
48. Gunane buku harian yaiku kanggo kenang-kenangan babagan prastawa sing wis tau
________________________
49. Paklik Bagus sampun sare rumiyin.
Yen didadekna basa ngoko yaiku _________________________________________
50. Bu Nanik tuku tas menyang toko.
Yen didadekna basa krama yaiku __________________________________________

Anda mungkin juga menyukai