Anda di halaman 1dari 3

BMGJ 7 Puji Konjuk Allah

1. Puji konjuk Allah Rama puji konjuk Sang Putra


puji konjuk Sang Roh Suci Juru slamet sejati,
Haleluya, Haleluya Juru slamet sejati.

2. Pinuji Ratuning swarga Gustine pra manungsa,


nggih Ratuning pasamuwan Ratu sumbering
gesang,
Haleluya, Haleluya Ratu sumbering gesang.

3. Pinuji Allah Makwasa kang nitahken jagad rat,


wah milujengken manungsa krana gunging sih
rahmat,
Haleluya, Haleluya krana gunging sih rahmat.
BMGJ 29 Kamulyaning Gusti

1. Adhuh Gusti lamun kula nyipati lintang abyor ing


dalu kang sepi
wah gumlegering gludhug ing akasa ku la ngungun
gunging kamulyanta
Reff :
nyawa kula gya sumyak sung puja yekti Allah Maha
kwasa
nyawa kula gya sumyak sung puji yekti Allah Maha
kwasa.

2. Lamun nlasak tengahing wana wasa sato peksi


kekidungan ramya,
wonten ngare dalah ing ardi ugi, bra gumelar
sesawangan adi,

3. Yen siniram ilining samirana wah tinempuh


ombaking samodra,,
ngganda sekar kang arum miwah endah manah
ngungun wit gunging pra titah
BMGJ 216 Kanca Agiyaka

1. Kanca agiyaka muji Sang Pamarta kang nilar


kamulyan ing swarga
tedhak ing donya dados bayi papa
Reff :
payo sujud ngabekti, payo sujud ngabekti
sung pisungsung panggunggung mring Gusti.

2. Kanca den tampia rawuhing Pamarta jroning


manah srana pracaya,
mrih rukun tansah klayan Allah Rama.
Reff :
payo sujud ngabekti, payo sujud ngabekti
sung pisungsung panggunggung mring Gusti.

BMGJ 218 Yesus Kristus Rawuh

1. Haleluya Yesus Kristus ngrawuhi manungsa


padhanging kamulyanipun kawuryan neng donya

2. Haleluya rawuhipun wit sih piwlasipun


mring para umat sadarum amrih gesangipun.

Anda mungkin juga menyukai