Anda di halaman 1dari 4

PENGETAN DINTEN KARTINI

Assalamu’alaikum w.w,
Bapak kepala sekolah ingkang dhahat kinurmatan, bapak ibu guru, lan karyawan ingkang
kinurmatan, lan kanca-kanca ingkang kula tresnani.

Sumonggo kita ngaturaken puji syukur dhumateng ngarsanipun Alloh SWT ingkang sampun
paring kenikmatan saha kesarasan dhumateng kita sedaya saengga wonten ing titii wanci
punika kula panjenengan sami saged makempal wonten papan punika kanthi wilujeng kalis
nir sambekala. Keparenga kula aturaken agunging panuwun kagem sedoyo ingkang sampun
kersa ngrawuhi pahargyan dinten Kartini punika.

Para rawuh ingkang kinurmatan, wonten ing tanggal 21 April punika inggih tanggal lahiripun
Raden Ajeng Kartini. Raden Ajeng Kartini punika salah sawijining kusuma bangsa ingkang
memperjuangaken emansipasi wanita saengga kanthi wekdal punika para wanita saged
nyambut damel sesarengan priyayi kakung. Pramila saben tanggal 21 April bangsa Indonesia
mengeti minangka dinten Kartini.
Pengetan punika ugi kangge atur panuwun dhumatheng Raden Ajeng Kartini, awit saking
perjuanganipun ngantos wekdhal punika para wanita saged nggadahi drajat ingkang sami
kaliyan priyayi kakung.
Dhumateng para mudha, sumangga sareng-sareng nyengkuyung mbangun negari ingkang
adil, makmur, lan rukun.
Punika ingkang saged kula aturaken, kathah kalepatanipun atur saha kirang trapsila anggen
kula matur, kula nyuwun agunging pangapunten.
Matur nuwun,
Wassalamu’alaikum w.w.
Perpisahan Wakil Kelas XII
Assalamualaikum Wr. Wb

Sugeng siyang, sugeng pepanggihan malih kalian kawula.

Bapak Kepala SMK Pangudi Luhur ingkang kinurmaran, Bapak ibu guru saha karyawan
karyawati ingkang kula hormati, Rencang rencang ingkang kula tresnani, Sepindah sumangga
kita ngturaken puja puji syukur ing ngarsanipun Gusti ingkang maha kuasa lan tansah paring
nikmat sarta hidayah saingga kita saged rawuh ing papan menika tanpa alangan menapa-
menapa.

Kula wakil sangking siswa kelas 12 ngaturaken sak agengipun maturnuwun dumateng
bapak ibu guru, amargi sampun mbulawantah lan maringi kita ngelmu ingkang manfaat
sehingga kita saged lulus kanti hasil ingkang sae.

Kula lan rencang rencang nyuwun pangapunten amargi kita mboten saget dumugi
marang sekolah maleh, kula lan rencang-rencang musti nglanjutaken sekolah ingkang luwih
inggil.

Kula lan rencang-rencang nyuwun donga pangestunipun bapak ibu guru saha karyawan
karyawati supados kula lan rencang-rencang lancar anggenipun makarya utawi nglanjutaken
sekolah ingkah luwih inggil saengga cita-cita kula lan rencang-rencang kula saged kawujud
nyata.

Kita ngertos ingkang gadah kathah lepat dateng bapak lan ibu guru sedaya, amargi niku
kula lan rencang-rencang nyuwun agungipun ngapunten sangking bapak ibu guru amargi
wonten ing tigang warsa ngangsu kawruh wonten pawiyatan mriki kula menawi gadhah
kwalepatan ingkang dipun sengaja lan mboten di sengaja. Mugi-mugi bapak-ibu guru kersa
ngapuntenaken sedaya kelepatan kula.

Cekap semanten ingkang saget kula aturaken menawi gadah lepat lan kurang kula
nyuwun ngapunten ingkang sanget.

Pitutur kula tutup kanthi waosan nuwun, nuwun, matursuwun...


Wassalamualaikum Wr. Wb
DINTEN KEMERDEKAAN

Assalamualaikum wr. wb.


Bapak kepala sekolah ingkang kinurmatan bapak, ibu dwijo ingkang satuhu luhuring
budi. Para kanca siswa siswi ingkang kula tresnani.
Sumangga langkung rumiying sami ngaturakensyukur dhumateng gusti maha kuasa
ingkang kepareg paring rahmat lan hidayahipun. Kita sedaya tasih saged kumpul manunggal
kanthi tentrem, waras,kebak, ing kebagyan salebetipun pahargya pangetan.
17 agustus tahun 1945 indonesia merdeka. Bapak, ibuk, mbah, canggah kita
merjuangken kemerdekaan tansah mati-matian. Nyawa dados taruhan wani mati kangge
Indonesia.
Usaha kangge ngalahipun para penjajah, ingkang ,beto senjata-senjata modern,. Namun
Indonesia mung mbeta bamboo runcing, lan aret, serta di iringi dungo marang Gusti Allah
SWT.
Namun sakniki anak-anak tansah angel melu upacara peringatan kemerdekaan
Indonesia. Alasanipun nggih panas,suwi, kesel lan thetek mbengek. Nopo podo mboten
ngilingi jaman semunu, panas, udan, di terak cuman kangge ngrebut merdeka sangkeng
tangan penjajah. Kita selagi masyarakat khususipun bocah-bocah lan cah nom-nom kudu
ngargani usaha para pahlawan sing ngelawan penjajah punika. Caranipun nderek upacara
kemerdekaan Indonesia tansah kesadaran awake dewe – dewe.
Sumanten saha atur kula. Bilih wonten salah, kula nyuwung pangapunten.

Wassalamualaikum wr. wb.


PENGETAN DINTEN PENDIDIKAN NASIONAL

Bapak Kepala sekolah ingkang kinurmatan.


Bapak, Ibu Guru ingkang satuhu luhuring budi.
Para kanca, siswa-siswi ingkang kula tresnani.

Sumangga langkung rumiyin sami ngaturaken syukur dhu-mateng Gusti Mahakwasa ingkang
kepareng paring rahmat lan hidayahipun. Kita sadaya taksih saged kempal manunggal kanthi
tentrem, bagas, waras, kebak ing kabagyan salebetipun pahargyan pengetan dinten Kartini
samang-ke punika.

Pangetan dinten pendidikan nasional sanget tumrap kula panjenengan sadaya. K.H
Dewantara,pindhanipun sekar ingkang tansah mbabar angambar ganda arum ing bangsa
Indonesia. Panjenenganipun punika pangarsa pendidikan wonten negara indonesia.
ing pengetan hari pendidikan punika sumgga kita sedaya tansah eling marang jasanipun
bapak pendidikan nasional yaiku bapak kh. deawantara, amargi jasa-jasa nipun kita sedaya
saged lumampah lan sekolah, mugi-mugi pendidikan wonten negara kita tansah maju,lan
saged tumindak beccik amargi pendidikan ingkang sae.

Sampun cetha ing panggesangipun bangsa kathah siswa-siswi ingkang saged kiprah kadi lan
pemerus bangsai. Ingkang makaten punika saestu saged damel mongkoging manah.
Kanti makaten punika sumangga kadang-kadang, sami saged nglajengaken gegayuhan tuwin
lelabetanipun Kh dewantara ingkang luhur punika.

Semanten saha makaten atur kula. Mugi sami kepareng maringi pangapunten tumrap sadaya
kekirangan lan kelepatan kula.

Anda mungkin juga menyukai