Anda di halaman 1dari 1

PIDATO BAHASA JAWA TENTANG PERPISAHAN SEKOLAH

Assalamualaikum Wr. Wb

Bapak Kepala sekolah ingkang kinurmatan. Bapak, Ibu Guru ingkang satuhu luhuring
budi. Para kanca, siswa-siswi SMK Muhammadiyah Semin ingkang kula tresnani. Sumangga
langkung rumiyin sami ngaturaken syukur dhu-mateng Gusti Mahakwasa ingkang kepareng
paring rahmat lan hidayahipun. Kita sadaya taksih saged kempal manunggal kanthi tentrem,
bagas, waras, kebak ing kabagyan saenggo kita sedaya saget sesarengan kempal
dhateng adicara perpisahan siswa kelas XII punika. Saksampunipun Muji Syukur dateng
Allah SWT, soho nyuwunaken tambahan Rohmat Keselametan dateng Rosululloh SAW.

Kula siswa kelas XII ingkang mewakili rencang-rencang kelas XII ngaturaken matur
sembah nuwun kagem sedaya bapak ibu guru ingkang sampun mbulawantah kula sakanca
dangunipun tigang warsa dateng pawiyatan menika, matur suwun sanget kulo piambak kalian
wakilipun sedoyo rencang aturaken kagem bapak ibu guru.
Tigang warsa mboten keraos mpun dipun lampahi temtu kula kalian sedoyo rencang
nggegadahi imutan sae lan awon mugi lantaran sedanten emutan puniko wau kula soho
sedoyo rencang bakal nuwuhi raos kangen sanget dateng SMK Muhammadiyah Semin ngriki.
Mboten ketilar kulo selaku wakilipun kelas XII ngaturaken agunging samudro bapak ibu guru
sedoyo supados kerso ngapuntenaken sedoyo klenta klentu kulo lan rancang sami.

Kula inggih gadhah sekedik pesen kagem adek-adek kelas X kaliyan XI kususepun
kagem kulo piyambak supados sinau ingkang sregep. Kedah emut marang ajaran islam
perkawis manfaataken wekdal, wekdal puniko gentos ning mboten keraos mulo ampun
ngantos leno deneng ngisi wektu, ibadah kalian sinau salah sawijinipun kwajiban kulo kalian
adek adek sedoyo, utawin diartosaken usaha kalian do’a, tujuane setunggalkemawon inggih
puniko supados saget wujudaken cita-cita nipun ugi dados lare ingkang lanthip slamet
ndonyo akhirat amin.

Cekap semanten saking kula, manawi anggen kula sakanca kagungan sisip sembering.
Ingkang klenthu, kula nyuwun agunge panga puten dumateng sedaya kemawon. Kula
aturaken matur sembah suwun.

Wassalamualaikum Wr. Wb

Anda mungkin juga menyukai